110.
Sanaosa
sampun mbudidaya mbingar-mbingaraken polatanipun, suprandene saking soroting
mripatipun sampun nedahaken bilih Bebau Jangglengan menapa dene Bebau
Grojoganngubal menika sami anggenipun nembe wonten prakawis ingkang ngreridhu
manahipun. Pramila kula inggih lajeng nedahaken polatan ingkang limrah, liripun
kados padatan menawi nuju kepanggih kanca utawi sanak sedherek ingkang
kaleresan sanja ing dalemipun Bapa menika.
“Kok
njanur gunung, kadhingaren antawisipun Ki Pawana lan Ki Pahang saged sarimbit
sareng-sareng dugi mriki?” wicanten kula sasampunipun bage binage sawatawis “niki
wau kapinujon langkung margi mriki lajeng mampir? Menapa mila saking griya Ki
Bau?”.
“Inggih
Adhi” ingkang wangsulan Ki Jangglengan rumiyin “mila sowan kula mriki wau
inggih awit saking griya, cethanipun kula ngajak Ki Pahang sowan Adhi Pradapa,
jalaran wonten pawartos ingkang wigati ingkang Ki Pahang langkung ngertos
prakawis pawartos menika”.
“Walah
kula kok lajeng dheg-dhegan ta Kakang?” kula wangsulan kalihan mesem, jalaran
samangke praupanipun tiyang kalih menika sampun ewah, ewah dados kados tiyang
nembe bingung “gek pawartos menika pawartos babagan menapa? Menawi babagan ruwet
rentenging tata reh parentahing Dhusun, kula kinten Kakang Pawana minangka
sesulihing Bapa langkung pana kangge ngrampungaken prakawisipun, menawi babagan
sanes liripun ingkang magepokan kalihan kula pun Pradapa salah satunggaling
kawula ing Kepuh Agal, harak mesthinipun Kakang Pawana ingkang nimbali kula
murih sowan, lajeng kapurba lan kawasesa murih saenipun, boten Kakang Pawana
ingkang keraya-raya dugi mriki? Atur kula ingkang makaten menika boten kok kula
boten remen karawuhan ndika kekalih, nanging namung dhapur murih boten ngundang
kamerenipun warga sanes, ingkang mbok menawi kemawon lajeng tuwuh raos sujana
dhateng kula menapa dene Kakang Pawana, sujana dhateng kula dumeh kula putranipun
Ki Kepuh Agal, sujana dhateng Kakang Pawana sampun tumindak emban cindhe emban
siladan”.
“He
he he” Ki Jangglengan gumujeng alon saderengipun suka wangsulan dhumateng kula “jane
ngoten, kula miki rak ajeng nagih dhateng ndika ta Dhi? Mula kula sowan mriki,
lha wong nagih kok ngundang sing ditagih? Niku mengke rak boten sae? Enggih nek
sing ditagih gelem mara? Nek boten purun? Kula rak dados ora sida nagih ta?”.
“Kakang
Pawana badhe nagih kula?” kula radi kaget jalaran rumaos kula, kula boten nate
gadhah petang kalihan Bebau Jangglengan menika “nagih babagan menapa? Menawi kula
gadhah sambutan, lajeng kula nate nyambut menapa? mbok menawi kemawon kula
sampun supe Kakang, nggih nyuwun pangapunten menawi kula sing lali”.
“Ingkang
kula tagih niku boten ing babagan utang silih kok Dhi?” Ki Jangglengan mesem “nanging
prakawis kasagahan. nDika rak sampun sagah boten badhe negakne kula ta Gus?.
Lha kesagahan niku sak niki kula tagih. Dinten menika kula radi kewetan kedah
tumindak menapa, awit wontenipun kabar ingkang dipun beta dening Ki Pahang. Lha
murih cethanipun ndika kula aturi ndangu Ki Pahang”.
“Oalah,
ngoten ta Kakang?” kula tumut mesem, lajeng gentos taken dhateng Ki Pahang “gek
pawartos sing sanjange wigati niku kabar menapa ta Ki Grojoganngubal?” .
“Criyose
radi panjang Gus” wangsulanipun Ki Pahang “kabar ingkang kula criyosaken
dhateng Ki Jangglengan niku, waune sing mbeta rak adhi kula Pahing, lha Pahing
dipun criyosi Si Tanggon…….”
“Walah
kabar kok sambung sinambung kados tali layangan mawon lho Ki?” pitaken kula
kalihan ngampet guyu “gek niku kabar pripun? Leres kenging dipitados menapa
boten?”.
“Lha
niku sing ndadekne kula ewuh oya ing pambudi” Ki Pahang suka wangsulan “liripun
nek ajeng percaya kabar niku ulet-uletan kados benang ruwet, nanging menawi
boten pitados kula ajrih menawi pawartos menika leres lan saged mbebayani
tumrap Dhusun Kepuh Agal”.
“Lha
pawartosipun piyambak menika menapa Ki Pahang?”
“Tanggon
menika rak tumut gladhen ing sanggaripun Kyai Daka ta Gus?”
“Inggih
leres Ki, Paman Tanggon mila sregep tumut gladhen ulah kanuragan ing
sanggaripun Rama Kyai Daka, nanging sangertos kula dereng kawisuda dados siswa
dados inggih sami kalihan kula, jejeripun nembe calon siswa” wangsulan kula
ngleresaken wicantenipun Ki Pahang.
“Nalika
Tanggon ngepasi dugi dhateng Sanggar, Tanggon sumerep lan mireng menawi Kyai
Daka lan Ki Lurah Danara sami rerembagan kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun
dados siswanipun Kyai Daka. Tanggon piyambak boten kenging tumut wicanten
amargi dereng dados siswa nembe dados andhahanipun Ki Lurah Danara, nanging
dipun keparengaken tumut mirengaken ing wingking, kempal kalihan para calon
siswa sanesipun” Ki Bebau ing Grojoganngubal wiwit cariyos “pramila Tanggon
inggih mangertos ingkang dados rembag”.
“Lha
ingkang dipun rembag babagan menapa Ki Bau?” kula selak boten sabar kepengin
mangertos kabar wetah ingkang dipun bekta Ki Pahang menika.
“Cekakipun
Kyai Daka wekdal menika nembe duka ageng lan badhe males raos sakiting
manahipun ingkang ndadosaken duka kala wau” Ki Pahang suka wangsulan.
“Duka?
Duka prakawis menapa lan sinten ingkang sampun kumawantun damel dukanipun Rama
Kyai Daka menika Ki Bau?” kula pitaken malih.
“Lha
menika ingkang boten kepanggih nalar Gus”
“Boten
kepanggih nalar pripun Ki Bau?”
“Menawi
nitik ingkang dados jalaran, mesthinipun tuking duka menika dhateng Ki Kepuh
Agal” Ki Pahang suka wangsulan lan
nglajengaken anggenipun cariyos “awit Kyai Daka rumaos dipun remehaken lan
rumaos babar pisan boten dianggep minangka sesepuhing Kepuh Agal kanthi boten
dipun rawuhaken ing parepatan ing pendhapa kala wingi sabibaring pamethaking
layonipun Nyai Lurah…….”.
“Mangke
rumiyin Ki Bebau” kula kapeksa nyela rembag, awit radi muntab manah kula
jalaran Bapa dipun anggep lepat “Rama Kyai Daka boten rawuh ing rembagan kala
wingi niku, sing lepat Bapa nama Rama Kyai Daka?. Awit cetha anggenipun Bapa
nabuh kenthongan kalurahan suwantenipun gumontang ngebeki saindenging Kepuh
Agal, ketitik sedaya Bebau lan kathah Sapukawat lan Sesepuhing Dhusun gumrudug
sami ndugeni dhawuh timbalan saking Bapa lumantar suwanten kenthongan menika.
Menawi Rama Kyai Daka boten rawuh awit boten mireng suwantenipun Kenthongan,
mesthinipun boten lajeng nglepataken Bapa……”.
“Sekedhap
ta Gus, sampun duka rumiyin lan sampun ndukani kula, kula niki namung criyos
boten tumut nglepataken Ki Lurah” Ki Pahang nigas wicanten kula.
Ki
Pawana mesem, kula lajeng tumut mesem, lajeng wicanten malih :
“Inggih
sampun, mangga dilajeng anggenipun criyos, kula niki boten nesu lan boten
nesoni ndika, namung radi kaget, merga Bapa kaanggep lepat”.
“Estunipun
criyose si Tanggon” Ki Pahang nglajengaken anggenipun cariyos “sampun wonten
salah satunggaling siswa ingkang ugi dados sapukawating Dhusun matur dhateng
Kyai Daka, bilih sedaya ingkang ndugeni parepatan ing pendhapa kala wingi
menika inggih awit mireng suwantenipun Kenthongan ingkang anyulihi dhawuh
timbalan saking dalem Kalurahan. Nanging Kyai Daka mboten saged nampi aturipun
siswa menika, malah lajeng duka dugi pundi-pundi, Kyai Daka boten trimah menawi
dipun samekaken kalihan sesepuh sanesipun klebet Ki Pawit, Ki Pamuji lan
sanes-sanesipun. Menika jan lucu sanget, amargi Kyai Daka menika miturut kula, menawi
katandhing kalihan Ki Pawit cetha menawi mapan ing ngandhapipun tebih, nanging
Kyai Daka rumaos nggadhahi drajat langkung inggil kalihan Ki Pawit. Lan ingkang
langkung lucu malih Gus, Ki Lurah Danara niku lho kok saged-sagede tumut
ndukani siswa ingkang dados Sapukawat menika kala wau. Kamangka sedaya tiyang
rak inggih sami sumerep lan mireng menawi Ki Lurah Danara inggih tumut dugi lan
tumut wicanten ngedalaken pamanggihipun ing parepatan kala wingi niku”.
“Lajeng
criyosipun Rama Kyai Daka badhe males raos sakit manahipun? Menika kados pundi
Ki criyosipun ?” kula nyelani pitaken.
“Lha
niku, gandheng Kyai Daka rumaos boten dipun jak rembagan, piyambakipun rumaos
nggadhahi wewenang nampik menapa ingkang dipun tetepaken Ki Kepuh Agal ing parepatan
kala wingi menika, mliginipun boten badhe purun ngakeni Ki Pawana ninangka Suhing
para Bebau ing Kepuh Agal menika lan Kyai Daka ugi rumaos nggadhahi wenang
marentahaken sedaya siswa lan calon siswanipun kangge ngemohi Ki Pawana
minangka sesulihipun Ki Kepuh Agal sadangunipun Ki Lurah tindak nindakaken
jejibahan winadi menika. Inggih taksih wonten setunggal malih, Ki Danara ugi
tumut ngincim dhateng para siswa lan calon siswanipun Kyai Daka, menawi ngantos
wantun mbangkang prentahipun Kyai Daka menika badhe kapatrapan pidana jumbuh
kalihan paugeraning paguronipun”.
“Lajeng
Kakang Pawana minangka sesulihing Bapa minangka Lurah ing Kepuh Agal kadospundi
manggihi kedadosan ingkang makaten menika?” kula lajeng gentos pitaken dhateng
Ki Bebau Jangglengan.
Ki
Pawana unjal ambegan landhung lajeng wicanten suwantenipun kepireng las-lasan :
“Inggih
Adhi, kula sampun nggadhahi rantaman ingkang badhe kula aturaken Adhi Pradapa,
mangke menawi wonten ingkang kirang pas, kula suwun Adhi Pradapa keparenga ngleresaken.
Sepisan, kula badhe madosi lan ndangu dhateng Ki Pahing lan Ki Tanggon langkung
rumiyin. Menawi mila kabar ingkang dipun cariyosaken Ki Grojoganngubal menika
saestu, nembe kula badhe jumangkah. Kaping kalih, kula boten badhe maelu
lekasipun Kyai Daka, jalaran wewahan jejibahan ingkang kasampiraken dhateng
kula menika dhawuh saking Ki Kepuh Agal, dede saking Kyai Daka. Kula boten
dipun akeni minangka sesulihipun Ki Lurah Kepuh Agal dening Kyai Daka inggih
boten menapa-menapa, awit antawisipun
Pawana ingkang sampun kaparingan wewahan jejibahan dening Ki Lurah kalihan Kyai
Daka menika mila boten wonten sambetipun ing reh tata perantahing Dhusun.
Benten malih menawi kalihan Ki Bebau Sidamulya, piyambakipun menika Bebau kedah
nurut dhateng parentahing paugeran minangka Bebau, menawi ngantos piyambakipun
wantun nerjang paugeran lan nyidrani sesanggeman minangka Bebau, mangka kula
wajib angemutaken. Manawi ngantos kula emutaken kanthi alus boten kenging, kula
inggih badhe ngemutaken mawi kekiyataning kanuragan. Sanaosa Ki Danara menika
Lurahing para siswanipun Kyai Daka, kula inggih boten badhe sulap, malah
saupami Kyai Daka tumut cawe-cawe mbebela siswanipun, kula inggih boten badhe
ajrih”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar