111.
Suwanten
wangsulanipun Ki Bebau Jangglengan kepireng tatag lan nedahaken kuwantunanipun
menika mila boten aneh, jalaran sedaya ugi sampun sumerep menawi sambet srawung
antawisipun kulawarganipun Ki Pawit lan Rama Kyai Daka menika ketingal sae
menika namung ing tata gelar kemawon. Ing salebeting manahing kekalihipun
sami-sami ngendhem raos boten remen malah kepara gething amburu sengit. Namung
kemawon sadangunipun menika, mila kulawarganipun Ki Pawit boten ngetingalaken
raos boten remenipun dhateng Kyai Daka sapaguronipun, kanthi ngeblak. Malah
kepara asring menawi mireng tiyang ingkang reraosan bab awonipun Kyai Daka
menapa dene Ki Lurah Danara, kados Ki Pawana menika langkung remen ngalih boten
remen tumut mirengaken. Benten kalihan Ki Lurah Danara lan Rama Kyai Daka
ingkang asring ngraosi Ki Pawit mawi pasemon ingkang ngremehaken lan damel
gegujengan, kados upaminipun mastani Ki Pawit ingkang ugi nampi siswa ingkang
kepengin sinau ing ulah kebatosan, mawi sebatan Paguron Kebatosan Pangawuran.
Estunipun
Ki Pawit ugi nate matur dhateng Bapa bilih Rama Kyai Daka lan Ki Lurah Danara
menika kasetyanipun dhateng Kepuh Agal pantes dipun sujanani, awit asring
kepireng wadulan saking para sinoman ingkang ugi tumut gladhen ulah kanuragan
ing sanggaripun Kyai Daka, bilih Kyai Daka lan Ki Danara menika asring reraosan
bilih jumenengipun Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram menika murang tata,
nyebal saking pepakeming Tanah Jawi. Nanging dening Bapa kapurih ngenengaken
kemawon sauger anggenipun reraosan makaten kala wau boten ing ngarsanipun Bapa
utawi para Bebau lan sesepuhing Kepuh Agal. Mireng wangsulanipun Bapa ingkang
makaten menika Ki Pawit inggih lajeng mendel. Awit Ki Pawit ketingalipun saged
nampi pawadan ingkang dipun dhawuhaken Bapa bilih njagi karukunan antawisipun
warga Kepuh Agal menika sakalangkung wigatos, bab anggenipun Kyai Daka dereng
purun ngakeni bilih Mataram menika samangke ingkang kapiji mranata reh
parentahing Tanah Jawi, mangke saged dipun dandosi alon-alon.
“Kados
pundi Adhi rantaman kula manawi cariyos ingkang dipun bekta Ki Grojoganngubal
kala wau leres?” sareng sampun sawatawis kula boten wicanten menapa-menapa, Ki
Pawana lajeng pitaken dhateng kula “miturut pamawasipun Gus Dapa sampun leres
menapa kedah wonten ingkang dipun ewahi?”.
“Nyuwun
pangapunten Kakang” ngatos-atos kula suka wangsulan “kula namung nguwatosaken
katentremanipun Kepuh Agal, menawi ngantos wonten pasulayan antawisipun Kakang
Pawana kalihan Ki Danara, menapa malih ngantos dumados kerengan adu kaprawiran,
boten sande kawula lan warga ingkang badhe dados kurban. Menapa sakintenipun
boten wonten cara sanes ingkang langkung prayogi Kakang?”.
“Lha
menika ingkang kula ajeng-ajeng Gus” Bebau Jangglengan suka wangsulan kalihan
mesem “sepisan malih kula kedah ngrumaosi bilih nalar kula sok kasep anggenipun
mlampah, lajeng kalancangan dening raos, temah boten mikir kados ingkang
jengandika dhawuhaken menika kala wau. Waunipun kula nggagas, manawi kabar
ingkang dibeta Ki Grojoganngubal menika nyata leres, kula badhe manggihi Kyai
Daka, badhe kula cethakaken bilih lekasipun ingkang makaten kala wau sami
kalihan wani dhateng Ki Kepuh Agal lan nantang dhateng sanggya warga Dhusun
ingkang sampun pitados dhateng Ki Kepuh Agal wiwit jaman Kyai Daka dereng dumugi
ing papan menika. Nanging kula kemutan watak kula lan watakipun Kyai Daka
menika meh sami, tan wurunga manawi kula sampun aben ajeng kalihan Kyai Daka
lan ngrembag prakawos menika mesthi lajeng tuwuh sulayaning rembag lan dados
kerengan. Lajeng kula nggagas rantaman angka kalih, ingkang sampun kula
aturaken dhateng Adhi Pradapa kala wau. Nanging jebul inggih dereng pas,
samangke kula nyuwun tulung saenipun kula kedah kados pundi Adhi?”.
“Makaten
Kakang Pawana inggih?” kula mesem mireng pitakenipun Ki Bebau Jangglengan
makaten menika, lajeng nyobi suka wangsulan “sedaya menika rak dereng cetha ta?
Liripun makaten, Ki Pawana dereng ndangu Paman Pahing lan Paman Tanggon bab
pawartos menika. Kula kinten langkung prayogi menawi Kakang Bebau ndangu Paman
Tanggon lan Paman Pahing lakung rumiyin, kajawi saking menika kaparenga Ki
Pawana paring palilah dhateng kula, kula badhe sowan dhateng Rama Kyai Daka,
ambok bilih kanthi makaten saged damel pajaring kawontenan”.
“Inggih,
inggih Gus, mangke wangsul saking mriki, kula padosane Ki Tanggon kalihan Ki
Pahing” Ki Pawana wangsulan kalihan polatan ingkang bingar, lajeng kasambet
pitaken dhateng Ki Bebau Grojoganngubal “Ki Pahing menawi wayah samenten rak
nggih teng griya ta Ki Pahang?”.
“Anu
Ki, Pahing kalihan Tanggon enjing wau bidhal kurung dhateng wana ler bengawan,
yasa gaplek gadhung” wangsulanipun Ki Bebau Grojoganngubal “mengke kula tak
kongkonan nusul, kajenge wangsul lan manggihi ndika”.
“Kula
kinten langkung prayogi menawi anggenipun Paman Tanggon lan Paman Pahing sowan
Ki Jangglengan, ndika terne pisan Ki Bau” kula udhu pamanggih.
“Inggih
Gus” Ki Pahang wangsulan cekak.
“Ngeten
mawon” Ki Pawana wicanten malih “benjing dalu kemawon, Ki Tanggon kalihan Ki
Pahing saha Ki Grojoganngubal kula kanthinipun sowan Adhi Pradapa ing dalem
Kalurahan mriki, supados Ki Tanggon cariyos kedadosan ingkang dipun sumerepi. Kados
pundi manawi makaten Adhi?”.
“Kula
kinten menika inggih prayogi Kakang” wangsulan kula “nanging mirunggan kemawon,
sampun ngantos damel titiyang ingkang sumerep lajeng nggadhahi panginten
ingkang boten-boten”.
Sareng
sampun cekap, Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng pamitan wangsul. Murih boten
nuwuhaken pitakenanipun tiyang-tiyang ingkang sumerep, Ki Pawana kalihan Ki
Pahang anggenipun mandhap saking pendhapa boten sareng lan wangsulipun medal
margi ingkang benten.
Kula
lajeng dhateng gothakan malih, badhe mangsuli anggen kula njingglengi
serat-serat kina ingkang dereng rampung anggen kula maos. Nanging jebul pikiran
kula boten saged munjer dhateng ingkang kula jingglengi. Pawartos ingkang dipun
bekta Bebau Grojoganngubal ingkang nyariyosaken dukanipun Rama Kyai Daka lan
anggenipun badhe mbalela kanthi ngajak sedaya siswa lan calon siswanipun menika
tansah ngranuhi manah kula. Rontal-rontal ingkang kula wedalaken lajeng kula
lebetaken malih, kula kepengin ngleremaken nalar langkung rumiyin. Pranyata
boten saged lerem, malah sansaya ngambra-ambra dumugi pundi-pundi. Nguwatosaken
menawi ngantos Kepuh Agal dados geger. Awit sanaosa kala wau kula sampun
mbudidaya murih Bebau Jangglengan saged meper runtiking manahipun kangge njagi
katentremaning Kepuh Agal lan Ki Pawana ugi sampun nglenggana lan nurut pamrayogi
kula, nanging kula nguwatosaken menawi
Ki Danara ingkang dhemen pamer kadigdayan lan rumaos tiyang Sa-Kepuh Agal boten
wonten ingkang saged nandhingi, lajeng damel dhadhakan perkawis kanthi ndugeni
Ki Pawana. Lan menawi menika kalampahan, pasulayan antawisipun Ki Danara lan Ki
Pawana tamtu boten saged dipun selaki malih. Salebeting manah, kula
ngajeng-ajeng enggala dumugi wanci enjing, kula badhe dhateng Sanggar manggihi
Kyai Daka. Murih ingkang kula kuwatosaken boten siyos kalampahan.
Saestu
enjingipun, nalika sunaring srengenge mangsa ketiga sampun gematel nalika
ngengingi kulit, kula tumuli njangkahaken suku tumuju sanggar. Kalihan mlampah,
angen-angen kula nata ukara ingkang mangke badhe kula aturaken ing ngajengipun
Rama Kyai Daka, sampun ngantos ukara ingkang badhe kula aturaken mangke malah
mewahi dukanipun Kyai Daka.
“Anakmas
Pradapa ta iki?” nalika kula dumugi regol pakaranganipun Kyai Daka, jebul Kyau
Daka nembe wonten mriku ingkang lajeng sapa aruh dhateng kula kados padatan
menawi kula mriku “ayo bablas menyang Pendhapa wae, dina iki gladhen kanuragan
leren, awit Danara ana pakaryan dhukuh sing kudu dirampungake dhisik”.
Mantun
ngendikan makaten menika Kyai Daka ugi lajeng tindak tumuju pendhapa dalemipun.
Boten kantun kula inggih lajeng ndherek tut wuri ing wingkingipun.
“Aku
ndherek bela sungkawa awit sedane Nyai Lurah, Anakmas” sasampunipun kula mapan
linggih Rama Kyai Daka langkung rumiyin ngendika, nelakaken raos bela
sangkawanipun dhateng kula “ya sing gedhe pangapurane anak mas Pradapa, awit
aku ora bisa teka lan ndherekne tindake Nyai Lurah menyang papan paleremane
kang pungkasan. Awit wingi kuwi mbarengi karo kahanan kasarasanku rada ora
becik. Awakku krasa nggreges, merga ana rasa rada ora kepenak, Raden Gunendra
sawuse tedhak marang dalem Kalurahan kundure ora mampir kene, kamangka maune
dhawuh nek arep mampir. Embuh ana sebab apa aku ora ngerti, kok jebule ora sida
mampir”.
“Inggih
Rama” kula atur wangsulan kanthi alus, ajrih menawi ndadosaken cuwaning
penggalihipun Rama Kyai Daka, mila kula lajeng matur dora sembada “mugi-mugi
Rama Kyai tumunten waluya kados wingi uni, mila sasampunipun wawan pangandikan
kalihan Bapa ing pendhapa, ingkang kraos gumyak awit Bapa kalihan Raden
Gunendra jebul sami-sami saking Pajang, lajeng Raden Gunendra ngersakaken
kundur. Lan anggenipun kundur inggih daya-daya awit nembe kemutan bilih
panjenenganipun kedah ngrampungaken jejibahan saking ingkang ramanipun ing
Patalan”.
“Oo
dadi olehe ora mampir mrene kuwi merga Raden Gunendra mburu wektu, arep
ngrampungake jejibahan saka Ramane kuwi” Rama Kyai Daka ngendikan alon kados
katujukaken dhateng saliranipun piyambak.
“mBok
bilih mila makaten Rama”
“Banjur
sawise klakon wawan pangandikan karo Ki Kepuh Agal magepokan karo anggone Raden
Gunendra arep paring kanugrahan marang Anakmas Pradapa, kepriye tanggapane Ki
Kepuh Agal ?” Rama Kyai Daka lajeng mundhut pirsa.
“Bapa
sakalangkung karenan penggalihipun Rama” wangsulan kula dora malih “lajeng
matur dhateng Raden Gunendra, nyuwun inah kangge nata jiwa kula langkung
rimiyin murih sawanci-wanci kaparingan Aji Jaya Kawijayan boten kaget, mangke
sasampunipun pitung dasa dinten kapetang kalihan dinten anggenipun Bapa matur
menika, kula badhe kasowanaken ing dalem kasatriyanipun Raden Gunendra ing
Patalan. Nanging Raden Gunendra malah paring dhawuh, rumaos kirang susila
menawi Raden Gunendra pirsa menawi Bapa keraya-raya nyowanaken kula, mila Raden
Gunendra ngendika bilih ing wanci ingkang sampun kasarujukan, panjenenganipun
badhe rawuh malih dhateng Kepuh Agal saprelu mapag kula lan kakanthi dhateng Patalan”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar