Total Tayangan Halaman

Jumat, 15 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (112)

112.

        Mireng wangsulan kula ingkang setengah dora kados makaten menika, Rama Kyai Daka ketingal menawi ngungun. Kinten-kinten boten boten nginten menawi kula badhe atur wangsulan ingkang makaten kala wau. mBok bilih kemawon, Kyai Daka sampun langkung rumiyin sujana dhateng Bapa, menawi Bapa badhe nampik kersanipun Raden Gunendra sarta boten badhe paring inah kula katurunan aji jaya kawijayan saking Raden Gunedra, kados anggenipun Bapa boten ngeparengaken Kyai Daka nyuwun ngampil Kyai Pantek kangge sarat kula nampi aji Bledheg saleksa nalika samanten.

        “Dadi Ki Kepuh Agal wis ngeparengake Kyai Pantek diampil dening Raden Gunendra anakmas?” Rama Kyai Daka mundhut pirsa malih “Ya ora maido nek sing ngersakne Raden Gunendra, Ki Kepuh Agal mesthi ora bisa nampik, beda nek sing nembung kuwi mung wong sing drajate mung kaya aku iki”.

        “Nyuwun pangapunten Rama” kula atur wangsulan “ingkang kula ngertosi, sadangunipun wawan pangandikan antawisipun Bapa kalihan Raden Gunendra babar pisan boten nyenggol Kyai Pantek babar pisan. Ingkang kula ngertosi, malah ingkang dipun ngendikakaken kedadosan jaman Bapa taksih mapan ing Pajang lan Raden Gunendra taksih alit, dados inggih lajeng kados tiyang kangen-kangenan anggenipun sami ngendikan tansah sambung lan damel renaning penggalihing kekalihipun”.

        “Dadi antarane Ki Lurah karo Raden Gunendra kuwi wis tau tepung utawa wis tau srawung ngono apa piye?” Kyai Daka ketingal sansanya ngungun mireng atur wangsulan kula makaten menika.

        “Cariyosipun Raden Gunendra asring dipun criyosi dening Ibunipun, nenggih Nyi Menggung Dibyaningrat, bilih Nyi Menggung saderengipun kapundhut garwa dening Gusti Tumenggung, nate kagungan mitra raket ingkang nami Sarkara, ingkang griyanipun sacaketing sendhang. Nyi Menggung ngendikanipun Raden Gunendra asring suka pangalembana dhateng mitra raketipun kala wau, eman nalika Ki Sarkara nilaraken Pajang, Nyai Menggung boten pirsa. Mila sareng Raden Gunendra kepanggih Ki Sarkara, inggih Bapa ingkang samangke dados Lurah ing Kepuh Agal mriki, Raden Gunendra sakalangkung rena ing penggalih” kula lajeng damel cariyos ingkang sansaya ngayawara “eman dereng ngantos tutug anggenipun kangen-kangenan, kedadak Raden Gunendra kemutan menawi wonten jejibahan ingkang dereng dipun rampungaken, lajeng daya-daya pamit badhe kundur dhateng Patalan malih”.

        Rama Kyai Daka lajeng manggut-manggut, sajak boten nyana menawi badhe wonten cariyos ingkang benten kalihan pangintenipun. Kula piyambak inggih ngungun, ngungun kalihan awak kula piyambak, dene dumadakan kanthi sekeca matur dora dhateng Rama Kyai Daka lan kula inggih boten mangertos dumadakan kemawon kados wonten ingkang nuntuni lidhah lan labe kula kangge matur dora dhateng Rama Kyai Daka lan babar pisan boten nggagas wewalating micara dora dhateng Kyai Daka menika. Ingkang cetha, wiwit sepisanan kula rumaos sampun dipun gorohi dening Kyai Daka, ingkang ngendika bilih anggenipun boten nglayat sedanipun Biyung jalaran saliranipun nembe boten sakeca. Ambok bilih awit kagelan jalaran dipun gorohi menika, ingkang ndadosaken kula wantun males kanthi ngaturaken cariyos ingkang nyatanipun ngayawara menika.

        “Nanging kok Anakmas banjur nyidrani janjine marang Danara?” sareng sampun radi dangu mendel kalihan manggut-manggut, dumadakan Rama Kyai Daka ndangu kula babagan janji kula kalihan Ki Lurah Danara, janji ingkang pundi kula piyambak inggih dereng mangertos.

        “Nyuwun pangapunten Rama” kula atur wangsulan kalihan nyuwun pirsa “ingkang dipun kersakaken Rama janji menapa?".

        “Mosok anakmas wis supe?” Rama Kyai Daka mesem nanging kraos kecut “gajege Raden Gunendra nate  paring dhawuh marang anakmas Pradapa, ngenani pepenginane Danara dadi pangarepe para Bebau ing Kepuh Agal, banjur Raden Gunendra ngersakne murih ora ndadekne Danara tumindak sakarepe dhewe sawuse klakon dadi pengarepe para Bebau, banjur kepareng arep nurunake aji jaya kawijayan marang anakmas Pradapa kareben bisa ngendhaleni Danara. Lan wektu iku sanajan anakmas Pradapa ora ngendika apa-apa, nanging katon wis nyarujuki apa sing dadi kersane Raden Gunendra. Nanging ya gene wingi awan malah sing ditetepne dadi pangarsane para Bebau, Pawana, bebau Jangglengan anake Pawit wong tuwa sing dhemen nyebar ngelmu pangawuran kuwi?. Sauntara Danara mung bakal dadi andhahane wong licik anake Pawit kae?. Tak aturi pirsa ya anakmas, Ketang tresnaku marang Kepuh Agal kang tembene bakal dadi Desa Gedhe, sawise aku krungu yen sing didadekne sesulihe Ki Lurah kuwi Pawana, ora gantalan wektu tak biwarakne marang para siswa Paguron kene yen aku ora sudi kebawah keprentah dening anake Pawit wong umuk sing reka-reka adeg Paguron Kebatinan kuwi. Lan Danara uga mbiwarakne marang siswa lan calon siswa, sing sapa wani ora nyengkuyung marang lekasku iki mangka bakal nampa pidana sing abot saka paguron……”.

        “Dados leres kabar ingkang sampun mratah dugi pundi-pundi menika Rama?” kula wangsulan “awit nalika kula bidhal mlampah mriki niki wau, kula mireng tiyang reraosan bilih Rama Kyai sampun marentahaken dhateng sedaya para siswa lan calon siswa murih mbalela dhateng Dhusun Kepuh Agal?”.

        “Tak dhadha lan tak akoni, Iya!” wangsulanipun Rama Kyai Daka “nanging lekasku kang mangkene iki, ora niyat arep wani marang Ki Lurah Kepuh Agal sing saiki lagi nindakne jejibahan wigati lan winadi, malah kepara arep mulyakne asmane Ki Lurah sing saiki meh wae kelem merga ndhahar ature wong bodho sing keminter temah amiji Pawana murih dadi suhing para Bebau ing kepuh Agal kene, tekadku sadurunge Ki Lurah kundur ing Kepuh Agal, Desa kene arep tak resiki liwug dhisik saka wong-wong bodho sing keminter kuwi. Dadi Desa Kepuh ora bakal ana maneh sing memalangi kanggo dadi desa sing gedhe lan kasuwur”.

        Kanthi pangandikanipun ingkang makaten menika cetha menawi Kyai Daka mila badhe migunakaken kalodhangan mumpung Bapa boten wonten ing Kepuh Agal, lajeng badhe mbalela. Menika cetha menawi mbebayani dhateng katentremaning Kepuh Agal. Lan menawi boten tumuli dipun endheg, boten sande badhe nuwuhaken perang sami kadang. Gandheng wiwit wau kula sampun wicanten dora, mila kula inggih badhe nutugaken anggen kula badhe dora, namung kemawon, niyat dora kula ingkang kantun menika mawi tujuwan murih Kepuh Agal boten siyos geger awit pakartinipun Kyai Daka.

        “Nuwun sewu Rama” kula lajeng wiwit ngecakaken anggen kula badhe dora “kula boten badhe nglepataken lekasipun Rama ingkang dhawuhipun Rama badhe njunjung asmanipun Bapa lan kangge kamulyanipun Dhusun Kepuh Agal menika. Lan kula pitados, menawi namung sak Ki Pawana lan Para Bebau, sesepuh tuwin Sapukawat ing Kepuh Agal mriki kemawon, kenging kawastanan boten badhe nggandra sepira, menawi aben ajeng kalihan Rama Kyai, Ki Lurah Danara lan para siswa sedaya. Nanging boten ateges kula ngremehaken kadigdayanipun Rama Kyai, Ki Lurah Danara lan para siswa sedaya, menawi ngantos Bapa boten narimahaken kawicaksananipun sampun jengandika cidrani tanpa langkung rumiyin suka sumerep dhateng Bapa. Ambok bilih Rama ugi badhe boten ajrih dhateng kekiyataning Bapa langkung-langkung namung sak kula, nanging menapa Rama sampun siyaga menawi wonten dukanipun Raden Gunendra miwah ingkang Ramanipun ing Patalan?”.

        “Mengko dhisik Anakmas” Rama Kyai Daka ketingal radi kejot kalihan ucap kula ingkang pungkasanm inggih menika ingkang nyebut asmanipun Raden Gunendra saha Patalan “coba anakmas Pradapa cethakne, ya gene Raden Gunendra lan Ramane bakal duka marang aku?”

        “Mesthi kemawon Raden Gunendra saha ingkang Ramanipun badhe duka, Rama” kula wangsulan kalihan mesem ngece “mugi kauningan, sanaosa kula dereng kabiwarakaken dados Putranipun Raden Sentani ing Patalan, nanging Raden Gunendra sampun ngakeni bilih kula menika sedherekipun angkat kaprenah anem saking Raden Gunendra. Malah kepara Raden Gunendra paring dhawuh dhumateng kula murih anggen kula ngaturi panjenenganipun mawi sebatan Kangmas, awit panjenenganipun Raden Gunendra menawi nimbali kula mawi sebatan Adhimas Pradapa. Kaping kalihipun anggenipun Bapa ngrojongi panyuwunanipun para Bebau lan kula kiyati murih Ki Pawana saged katetepaken dados sesulihing Bapa, menika estunipun inggih dhawuh saking Raden Sentani lumantar Kangmas Gunendra. Dene kangge Lurah Danara estunipun wonten jejibahan sanes ingkang langkung wigatos katimbang dados sesepuhing para Bebau, menika menawi Ki Danara kersa, awit ingkang nata menika dede Bapa nanging Kangmas Gunendra kanthi pitedah saking Raden Sentani ing Patalan. Awit saking menika, mangga jengandika Rama badhe tumindak menapa, kula boten badhe wantun memalangi, nanging menawi wonten menapa-menapanipun kula boten badhe cawe-cawe………”.

        Rama Kyai Daka ketingal kejot midhanget atur kula, ketitik pasuryanipun pucet dadakan. Nanging dereng ngantos ngendika menapa-menapa, kasaru dumuginipun Lurah Danara ingkang ketingal kusung-kusung slaganipun……

        “Nyuwun pangapunten Bapa Guru” dereng ngantos dipun dangu Lurah Danara ingkang ndheprok ing ngarsanipun Kyai Daka matur “ngaturaken katiwasan, Raden Gunendra boten kepareng nampi sowan kula”.

        “Sabar sethithik apa kowe ora bisa ta Danara?” Rama Kyai Daka ndangu kalihan suwanten sereng “arep guneman kuwi ditata dhisik, aja waton bisa mangap ngono kuwi…..”.

        “Inggig Bapa Guru” Ki Danara atur wangsulan, suwantenipun cetha menawi dipun sareh-sarehaken “kanthi mbandhangaken kapal kula tanpa kendel babar pisan, byar rahina kala wau kula sampun dumugi Gindhalasewu ing Kasatriyanipun Raden Gunendra. Nanging dening abdinipun Raden Gunendra kula boten kaparengaken mlebet ing Kasatriyan, kula radi runtik manah kula, abdi dalem kasatriyan ingkang kula anggep murang tata, jalaran sampun kula cethakaken bilih kula menika Lurah Danara siswanipun Rama Kyai Daka, mbekta warta ingkang sakalangkung wigatos, nanging panggah boten kaparengaken marak ing ngarsanipun Raden Gunendra. Abdi murang tata kala wau lajeng kula getak lan kula abah-abahi mawi basa ingkang radi kasar temah mlajar mlebet dhateng dalem kasatriyan. Boten watawis dangu, Raden Gunendra miyos, kalihan ngliga wangkinganipun, kula katundhung kesah mawi basa ingkang keliwat kasar, menawi boten tumunten nilaraken kasatriyan kula badhe dipun pejahi. Kula ajrih lajeng wangsul, kapal ingkang kula bandhangaken katelasan napas temah pejah ing margi watawis seket jangkah saking mriki…..”.

        “He he he” kula sengaja gumujeng alon lajeng ngunandika ingkang estunipun inggih dora “matur nuwun Kangmas, samenika kula ngertos aji Swaramaruta peparingipun Kangmas nyata boten ngayawara……”.

        “Mangke rumiyin Anakmas, eh Raden Pradapa” dumadakan kanthi suwanten kamisosolen Rama Kyai Daka ngendika dhateng kula “jlentrejipun menika kados pundi ta? Mugi kaparenga kula nyuwun kajarwanan”.

 

 

Ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...