113.
Ingkang
ketingal kaget kaworan gumun gentos Ki Danara, kinten-kinten tuwuh pitakenan
ing manahipun, awit Rama Kyai Daka benten kalihan padatan sikepipun dhateng
kula, malah samangke migunakaken basa krama kalihan kula. Kula api-api boten
nggagas dhateng Ki Danara ingkang nyawang kula kanthi praupan kebak tandha
pitakenan. Malah lajeng kalihan mesem kula lajeng atur wangsulan dhateng Kyai
Daka :
“Mila
estunipun kula namung nyobi kemawon kok Rama”
“Nyobi
menapa Raden?” Kyai Daka medhot rembag kula, ketingal menawi boten sabar
ngentosi kula nutugaken ginem. Kula lirik Ki Danara sansaya sanget anggenipun
mlengakaken praupan, ketang ngungunipun, awit Kyai Daka kajawi ngangge basa
krama ingkang alus inggih nyebat kula mawi sebatan Raden.
“Nalika
Kakangmas badhe kundur taksih kober paring Aji Swaramaruta dhateng kula
ingkang pirantinipun awujud kalpika
pameling, dhawuhipun Kakangmas sawanci-wanci kula kepengin wicanten kalihan
panjenenganipun, kula saged wicanten dhateng kalpika kala wau, mangke suwanten
kula badhe kapireng dening Kakangmas nadyan Kakangmas boten kantenan papanipun”
kula wangsulan kanthi dora malih “nalika kula bidhal mriki lan ing margi kula
mireng menawi Rama Kyai saha Ki Lurah Danara sampun kagungan kersa badhe
mbalela dhateng Ki Pawana lan Kepuh Agal, kula lajeng wadul dhateng Kakangmas
kanthi wicanten dhateng kalpika peparingipun kala wau. Dados inggih boten mokal
saha boten aneh menawi Kakangmas nunten duka dhateng Ki Lurah Danara”.
Ki
Danara lan Kyai Daka ketingal lajeng legeg, dheleg-dheleg. Kula boten mangertos
menapa ingkang dipun gagas. Namung panginten kula, dheleg-dhelegipun tiyang
kalih menika jalaran nggetuni anggenipun kelajeng badhe mbalela. Namung
bentenipun Ki Danara ingkang boten mireng anggen kula sampun cariyos dhateng
Kyai Daka, ketingal dereng mudheng kalihan ewah-ewahaning sikepipun Kyai Daka dhateng
kula, saha boten mudheng sinten ingkang kula kajengaken kalihan sebutan
Kakangmas kala wau.
“Nuwun
sewu Bapa Guru” dumadakan Ki Danara nyobi matur dhateng Kyai Daka “yektosipun
niki wau wonten kedadosan menapa ta? Dugi rumaos kula sedaya kok lajeng ewah
kados makaten menika? Lajeng kados pundi kalihan dukanipun Raden Gunendra kala
wau?”
“Danara?”
Rama Kyai Daka wangsulan kalihan suwanten alon nanging sereng “upama kowe
dipidana dening Raden Gunendra kaya sing wis mbok kandhakne mau, aku sarujuk
banget. Merga kowe wis ngajak aku ngglandhang carang saka pucuk, merga saka
anggonmu keminter lan kemeruh, kowe arep gawe cilakaku lan cilakane wong sak
Kepuh Agal kene. Katujune iki mau Raden Pradapa kepareng tedhak ing pendhapa
kene, ya muga-muga wae pangkasamane Raden Pradapa marang aku luwih gedhe
tinimbang dosa sing tak tindakne sing merga saka pambujukmu sing bodho nanging
keminter kuwi mau”.
“Nyuwun
pangapunten Bapa Guru” Ki Danara nyobi matur malih “kula babar pisan boten ngglandhang
carang saking pucuk kados pandakwa jengandika menika, nanging kula menika
namung ngaturaken kedadosan ingkang sanyatanipun, Gus Pradapa lan para bebau
sarta Ki Lurah Kepuh Agal, sampun kenging guna dhesthi saking Pawana temah sami
nyengkuyung yoganipun Si Pawit tiyang goroh menika dados suhing para Bebau……..”.
“Danara
?!?” Kyai Daka nggetak dhateng Ki Danara, kalihan netra ingkang murup.
Ki
Lurah Danara sansaya ketingal gumun nampi panggetak saking Kyai Daka ingkang kados
makaten menika, sanaosa boten semaur nanging mripatipun Ki Danara nedahaken
raos gumuning manahipun dene sampun digetak kados lare alit dening Gurunipun
makaten menika. Lan purun boten purun Ki Danara inggih ajrih dhateng Kyai Daka.
“Saiki
aku luwih percaya marang pituture wong kuna biyen, rowang kang bodho kuwi luwih
mbebayani tinimbang mungsuh sing julig. Lan minterne wong bodho kuwi luwih
angel nalika wong bodho kuwi sugih gunem sing yekti ora ana gunane kaya kowe
kuwi, mula nek kowe isih kepengin dawa umurmu, becik kowe sinau mikir luwih
dhisik sadurunge guneman” Kyai Daka nutugaken anggenipun srengen dhateng Ki
Danara, Ki Danara inggih lajeng ndhingkluk, boten wantun kumecap malih.
Kawontenan
lajeng sidhem nanging ketawis angker. Awit dereng wonten ingkang wicanten
malih. Kula piyambak ugi sengaja boten guneman menapa-menapa, awit kula ngertos
menawi Kyai Daka sampun pitados kalihan wicanten kula ingkang dora. Miturut
petanganing manah kula, anggen kula dora menika boten badhe kawiyak menawi
boten kamangertosan dening Raden Gunendra, lan kula sampun pitados bilih Raden
Gunendra boten badhe wantun malih dugi dhateng Kepuh Agal mriki sasampunipun
nandhang wirang awit dipun welehaken dening Bapa.
“Nuwun
sewu Raden” sareng sampun sawatawis kawontenan kraos tintrim, Kyai Daka lajeng
wicanten malih “sareng kula mireng sedaya dhawuh jengandika Raden, kula nembe
kraos jebul ngibarat tiyang kekesahan kula sampun kesasar ing margi inggih awit
bodhonipun tiyang ingkang kula pitados dados cucuking lampah. Lan kula ugi
ngertos, awit kesasaring lampah menika saged nganjogaken lampah kula ing
talining gantungan pidana pejah. Nanging bares kemawon Raden, sanadyan sampun
sepuh, kula mila dereng kepengin pejah langkung-langkung pejah nistha minangka
nara pidana. Samangke kaparenga Raden Pradapa paring pitulungan dhateng kula,
menapa ingkang kedah kula lampahi murih kula saged wangsul medal saking margi
ingkang sasar menika”.
Kula
dados langkung saged mangertosi wewatakanipun Rama Kyai Daka kanthi tembungipun
dhateng kula ingkang makaren menika. Kyai Daka estu dhemen maiben dhateng
tiyang salintuning piyambakipun, sedaya bodho kalebet Lurah Danara ingkang
sampun dipun dakwa nuntun Kyai Daka ngambah margi ingkang jebulipun margi
ingkang nasaraken. Babar pisan Kyai Daka boten ngrumaosi bilih piyambakipun ugi
kenging kawastanan bodho dene gampil anggega aturipun Lurah Danara. Nanging
salebeting manah kula ugi mesem, jalaran menawi Kyai Daka lan Ki Danara menika
boten bodho, tartamtu anggen kula sampun micara dora menika gampil kadenangan.
“Sedaya
sampun cetha Rama” wekasan kula atur wangsulan “lan sedaya wangsul dhateng Rama
Kyai badhe nglajengaken lampah menapa badhe mundur lajeng wangsul dhateng margi
ingkang sakawit. Nanging mugi kauningan Rama, nglajengaken lampah utawi wangsul
nurut margi ingkang sekawit menika boten lelahanan, liripun lekas kekalihipun
wonten pidananipun saking ingkang jengandika dhereki. Awit badhea kados menapa,
jengandika Rama Kyai miwah Ki Lurah Danara nyata sampun kenging kawastanan
lepat”.
“Inggih
Raden” Kyai Daka ketingal susah sanget manahipun “kula saged mangertos kalihan
menapa ingkang jengandika dhawuhaken menika, lan kula nyuwun tulung dhateng
Raden Pradapa mugi katuntuna kula lan para siswa lan calon siswa ing paguron
kula menika wangsul malih ing margi ingkang saleresipun, prakawis pidana
ingkang kedah kula tampi, badhe kula tampi kanthi rilaning manah jalaran nyata
menawi kula sampun tumindak dosa”.
“Sokur
menawi makaten Rama” kula lajeng wangsulan kalihan damel racikan dora ingkang
enggal malih “mila ujaring para kina nyebataken, sauger taksih wujud manungsa
mangka boten badhe sepen kalihan kalih prakawis ingkang wujudipun lali lan
luput. Namung kemawon para kina ugi paring piwucal sabeja-bejane wong lali yen
gelem bali eling lan sabeja-bejane wong luput yen gelem bali marang dalan kang
bener. Lan kula sumerep sarta nembe kemawon mireng piyambak bilih Rama Kyai
taksih kalebet tiyang ingkang beja kala wau”.
“Inggih,
ngaturaken genging panuwun Raden” Rama Kyai Daka wicanten kalihan astanipun
kanan kering katampukaken ing ngajeng dhadha asikep sembah kalbu dhateng kula.
“Sepisan
malih kula matur Rama” kula nglajengaken anggen kula wicanten ngayawara dhateng
Kyai Daka “nyata jengandika Rama sakulawangsa dinten menika nampi kanugrahan
ingkang agung”.
“Kanugrahan
Raden? Kanugrahan menapa?” Rama Kyai Daka wicanten kalihan pasuryan ingkang
sakalangkung bingar.
“Nembe
kemawon lumantar sasmita Aji Swaramaruta, kula nampi dhawuh saking Kakangmas
bilih kula sampun nampi dhawuh saking Raden Sentani murih angaturi Kanjeng Rama
dhumateng panjenenganipun, kaping kalih kula kaparingan purba wasesa
sacekapipun kangge ngrampungaken prakawis ing Kepuh Agal menika kanthi lampah
kawicaksanan. Menawi wonten ingkang boten pitados kalihan dhawuh ingkang
lumantar sasmitaning aji swaramaruta menika, kula kaparengaken nedahaken namung
kemawon menawi wonten walatipun tumrap ingkang kepengin sumerep, menika dede
tanggel jawab kula” kula wangsulan kalihan ukara ingang nyata-nyata ngayawara “inggih
kanthi wontenipun dhawuh murih kula ngrampungaken prakawis ing Kepuh Agal
menika, kula saged nganggep prakawis menika rampung tanpa mawi wonten ingkang
kedah dipun lepataken, jalaran sedaya menika inggih awit saking kleru tampi
kemawon lan Ki Lurah Danara ing benjingipun panggah saged kapasrahan jejibahan
ingkang langkung wigatos tinimbang namung dados pangarsaning para Bebau.
Nanging kula ugi wenang damel cara ingkang sanes kangge ngrampungaken prakawis
ingkang nembe kemawon tuwuh ing Kepuh Agal menika”.
“Inggih
Raden, kula pitados dhateng sedaya ingkang jengandika dhawuhaken lan babar
pisan boten gadhah niyat badhe mbuktekaken dhawuh jengandika kala wau” Rama
Kyai Daka suka wangsulan “panyuwun kula dhateng Raden Pradapa, mugi prakawis
ingkang tuwuh ing Kepuh Agal inggih awit saking kirang lantipipun Danara
menika, sageda kaanggep rampung tanpa wonten ingkang sanget-sanget anggenipun
nglepataken. Dene menapa ingkang dados sarat masrutipun, kula sagah mujudaken”.
“Inggih
Rama” wangsulan kula kalihan mesem “manawi makaten, benjing menapa mangke dalu
prayogi menawi Rama tumunten ambiwarakaken dhateng sanggya para siswa lan calon
siswa bilih dhawuh ingkang kala wingi sampun kasuwak kagantos dhawuh enggal ingkang
wujudipun wangsul anyengkuyung sedaya kawicaksananing Dhusun Kepuh Agal ingkang
nuju dhateng kamulyaning sanggya para warga lan kawula Kepuh Agal”.
“Inggih
Raden, sedaya dhawuh jengandika badhe tumunten kula lampahi kanthi
sasae-saenipun, lan kula ngaturaken genging panuwun awit kawicaksananipun Raden
ingkang taksih asih dhateng kula temah kula boten kapatrapam pidana
menapa-menapa, prasetyaning manah kula dhumateng jengandika Raden, ngantos
kukuding jagad kula, kula boten badhe amangsuli lampah cidra dhateng jengandika
Raden miwah ingkang Rama ing Patalan” Rama Kyai Daka ngucapaken sumpahipun
dhateng kula ”Prakawis Ki Pawana ingkang ambok bilih sampun mireng lekas kula
ingkang lepat kala wau, sarta mbok bilih ugi sampun tata-tata kangge paring
pidana dhateng kula lan Danara, sadaya kula pasrahaken dhateng Raden Pradapa
murih saenipun”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar