114.
Sasampunipun kula wangsul, dugi griya pikiran kula kraos boten
sekeca. Sanaosa ing wau sampun pitados bilih anggen kula sampun ngapusi Rama
Kyai Daka lan Lurah Danara boten badhe kadenangan menawi tiyang kalih niku
boten kepanggih kalihan Raden Gunendra. Lan mitutut petanganing nalar kula,
Raden Gunendra boten badhe wantun dhateng Kepuh Agal jalaran ajrih kalihan
Bapa. Sawatawis Ki Danara utawi Kyai Daka boten badhe wantun dhateng Patalan
jalaran ajrih kalihan Raden Gunendra. Dados kalodhangan panggihipun Kyai Daka
lan Lurah Danara kalihan Raden Gunendra saged kawastanan langka. Ewa samanten,
bawaning tiyang dora, ndadosaken manah boten tentrem. Pituturing Biyung wiwit
kula taksih alit rumiyin tansah dumeling ing pamirenging manah kula :
“Thole, saala-alane manungsa kuwi
manungsa sing dhemen ngapusi marang sapepadhaning manungsa. Kuwi dosane gedhe
banget, lan mbesuk nek wis mati bakal diobong neng telenging neraka sing paling
panas genine, wong-wong sing tau diapusi bakal teka lan padha ngebyuki awake
nganggo areng-areng neraka. Mula Biyung meling, aja pisan-pisan kowe nindakne
laku dora, ngapusi sapepadhaning wong”.
Emut pituturing Biyung ingkang makaten
menika, dumadakan githok kula mengkorog. Raos ajrih nggremeti manah kula. Nanging boten dangu, lajeng wonten
suwantening batin ingkang ngedhem-edhem raos ajrih kala wau :
“Aja banget-banget anggonmu kuwatir
bakal diobong neng neraka Pradapa, sing dikersakne Biyung kae ora kaya sing wis
mbok tindakne, merga anggonmu ngapusi Kyai Daka lan Lurah Danara kuwi kanthi
tujuwan sing becik, kanggo kaslametane wong sa Kepuh Agal. Dadi umukmu marang
wong loro kae, umuk sing tinuntun marang bebener, nggonmu mbudidaya murih Kepuh
Agal ora dadi geger merga lekase Kyai Daka sing arep mbalela, kuwi gedhe
ganjarane. Luwih gedhe tinimbang gedhene siksa merga ngapusi. Dadi genine
neraka mbesuk bakal bisa disirep merga ganjaran saka lelabuhanmu nylametake Kepuh
Agal”.
“Gampang temen nggonmu arep nampa
ganjaran” dumadakan saking manah sisih tengen wonten suwanten malih “jenenge
labuh marang Desa utawa marang negara kuwi kuwajibanmu, minangka tebusan saka
nggonmu nglakoni urip sing wis mangan ngombe saka wulu wetune Kepuh Agal, dadi
aran lancang nek kowe wani ngarep-arep ganjaran, luwih-luwih ganjarane banjur
mbok jagakne kanggo ngimbangi tumindak dosamu sing banget gedhene. Arepa kaya
apa, Kyai Daka kae ya tau aweh tuntunan kabecikan marang kowe, malah saiki mbok
wales kanthi cara meden-medeni kalawan tembungmu sing ngayawara. Jenenge wong
ngapusi kuwi mbuh kapan wektune suwe-suwe mesthi bakal konangan. Lan yen wis
konangan lan wong-wong padha weruh nek kowe kuwi jebul menungsa sing dhemen
nindakne laku dora lan cidra, bakal nguwohake ora ana maneh sing gelem percaya
marang apa sing mbok kandhakne. Kowe bakal kewirangan selawas-lawase, ora mung
kowe dhewe sing bakal nandhang wirang, Biyung sing wis ana alam tentrem kana
wae bakal muwun merga wis duwe putra sing dhemen apus-apus. Bapa sing
penggalihe suci, uga bakal isin merga wis peputra menungsa sing dhemen gawe
crita sing ngayawara kaya kowe kuwi”.
Inggih awit wontenipun perang batin
ingkang kados makaten menika, anjalari manah lan pikiran kula sansaya kraos
boten sekeca. Wonten raos getun, dene kala wau kalihan entheng kula ngapusi
Kyai Daka. Wonten raos kedhuwung lan ajrih manawi ngantos anggen kula nglampahi
dora ing wicara menika ngantos kadenangan. Kula namung saged linggih
dheleg-dheleg, ing joganing pendhapa, kados tiyang kecalan nalar. Ngantos boten
sumerep wayah, ngertos-ngertos wanci dalu sampun dumugi. Rewang dalem kalurahan
ingkang nggadhahi kuwajiban nyawisaken dilah sampun wiwit nyumeti dilahipun lan
mapanaken ing papan-papan ingkang samesthinipun, kalebet mapanaken dilah kangge
madhangi pendhapa.
“Kawula nuwun, Kula ingkang sowan Raden”
dumadakan kula dipun kagetaken dening suwantenipun tiyang ingkang minggah
pendhapa lan alok kula nuwun dhateng kula.
Jebul ingkang nembe dugi menika tiyang sekawan, ingkang ngajeng
piyambak Ki Pawana, Bebau Jangglengan lajeng Ki Pahang, Bebau ing
Grojoganngubal, kairingaken Paman Tanggon lan Paman Pahing. Nanging kenging
menapa anggenipun alok dhateng kula benten kalihan padatan?. Kula ngertos
menawi ingkang wicanten “kula nuwun” wau Ki Pawana, ingkang padatan menawi nyebut
nami kula mawi sebutan Gus utawi Adhi, nanging menika wau anggenipun ngundang
nami kula mawi sebutan Raden tanpa nyebut nami kula. Malah kula langkung kaget
malih, sareng kula boten tumunten wangsulan tiyang sekawan menika lajeng
ndheprok ing jogan lan mlampah kanthi ndhodhok nyaketi kula, tanganipun sami
asikep sembah kalbu.
“Pangabekti kula mugi katur ing ngarsa Jengandika Raden” Ki Pawana
kados nyembah sarwi ngaturaken bekti dhateng kula. nDadosaken kula bingung.
“Menika wonten menapa ta Kakang Bebau?” kula lajeng pitaken kalihan
suwanten gumun “kula menika Pradapa, kok ndika tumindak kados makaten menika
mengku kersa menapa?”.
“Sampun ta Raden, kula tiyang sekawan menika sampun mangertos
sedaya, sinten estunipun Raden Mas Sarkara ingkang sampun ngagem asma singlon
Ki Sarkara lan sinten Gus Pradapa ingkang jebul Raden Pradapa ingkang langkung
pinitados dening Gusti Kula Panembahan Senapati ing Mataram” Ki Bebau Jangglengan
lajeng wicanten mangsuli pitaken kula.
“Mangke rumiyin Kakang Pawana” kula lajeng wicanten malih, awit
kula dereng mudheng kalihan ingkang dipun ucapaken Bebau Jangglengan makaten menika”
Sinten ingkang sampun cariyos dhateng Kakang Pawana, bab prakawis ingkang nyata
ngayawara menika?”.
“Nyuwun pangapunten Raden” Ki Pawana lajeng wangsulan “estunipun Ki
Tanggon lan Ki Pahing ingkang dipun kanthi Ki Bebau Grojoganngubal watawis
wanci lingsir surya wau sampun dumugi ing griya kula, lan kula sampun tata-tata
bidhal mriki sowan dhateng Raden Pradapa, nanging kedadak Ki Bebau Sidomulya dumadakan
dugi ing Jangglengan”.
“Ki Danara dhateng Jangglengan Kakang?” kula kapeksa nyaru wuwus
awit kepireng aneh Ki Danara purun murugi papanipun Ki Pawana.
“Inggih Raden” wangsulanipun Ki Pawana “waunipun kula sujana, kula
kinten Ki Danara badhe tumindak ingkang boten sae jumbuh kalihan wartos ingkang
kula tampi saderengipun saking Ki Pahang, mula kula inggih sampun siyaga
kalihan Tumbak Kyai Jimat peparingipun Bapa. Nanging Jebul kula kecelik Raden”.
“Kecelik kados pundi Kakang?” kula taken malih.
“Duginipun Ki Danara boten badhe damel sulaya, nanging ingkang sepisan
nedhi pangapura kangge piyambakipun lan kangge Kyai Daka, awit saking
anggenipun sampun tumindak kados ungeling warta ingkang kabekta dening Ki
Pahang kala wingi menika” wangsulanipun Ki Pawana cetha.
“Dados wartos ingkang dipun beta Ki Pahang ingkang criyosipun
saking Paman Tanggon lan Paman Pahing menika leres?” kula api-api tambuh.
“Leres Raden” Ki Pawana gurawalan anggenipun wangsulan “nanging
Kyai Daka lan Ki Danara sampun ngrumaosi ing lepatipun saderengipun nindakaken
kekajenganipun kala wau, inggih jalaran Kyai Daka sampun nampi wisik saking
Hyang Agung bilih lekasipun ingkang badhe mbalela menika lepat, malah lajeng
Kyai Daka ugi nampi wisik ingkang miyak sesinglonipun Raden Mas Sarkara ugi
ingkang putra pun Raden Pradapa”.
“Sesinglon menapa malih menika Kakang?” kula pitaken kalihan
salebeting manah mesem, jebul pawitan cariyos kula ingkang ngayawaea Kyai Daka
saged damel cariyos langkung ngayawara sanes malih.
“Cariyos ingkang dipun bekta Ki Danara, Kyai Daka kaparingan
ngertos bilih estunipun Ki Kepuh Agal menika taksih putra angkatipun Kanjeng
Sultan Pajang awit kageret saking Pangeran Bantani, nanging nuwun sewu Ki
Danara anggenipun mastani asmanipun Pangeran Bantani klentu dados Raden Sentani”
wangsulanipun Ki Pawana kalihan mesem.
“Pangeran Bantani, sinten malih menika Kakang?” kula pitaken malih.
“Kula ngertos pamundhut jengandika menika namung cangkriman Raden”
wangsulanipun Ki Pawana kalihan esem langkung wiyar malih “nanging murih adilipun,
cangkriman jengandika badhe kula batang. Kula nate kacariyosan dening tiyang
sepuh kula bilih Gusti Sultan Pajang menika kagungan putra ingkang wiwit timur
boten kraos mapan ing kraton, nanging milih sugeng ing pratapanipun Waliyullah
ing laladan jawi wetan, kados kawula limrah. Asmanipun Raden Bantani ugi
Pangeran Bantani. Awit Gusti Pangeran Bantani boten kersa dados priyagung lan
milih dados kawula limrah, mila boten kathah kawula ingkang sumerep sinten
Pangeran Bantani menika”.
Kula lajeng nggagas, ketingalipun wonten seling suruping wartos
antawisipun Ki Danara lan Ki Pawana menika. Ki Pawana nginten menawi ingkang
dening Ki Danara sinebat Raden Sentani, inggih tiyang sepuhipun angkat Raden
Gunendra, menika Raden Bantani ingkang criyosipun putranipun Kanjeng Sultan
Pajang. Nanging kula dereng suka wangsulan ing bab menika.
“Dene cariyos salajengipun”
Ki Pawana nutugaken anggenipun wicanten, “Kyai Daka nampi wangsit bilih Raden
Mas Sarkara menika estunipun sedherek angkat saking Pangeran Bantani, awit
dados sedherekipun, mila Raden Mas Sarkara lajeng katetepaken ugi dados putra
angkatipun tiyang sepuhipun Raden Bantani ingkang miturut Ki Danara asmanipun
ingkang leres Raden Sentani menika. Kajawi menika, wangsit ingkang dipun tampi Kyai
Daka ugi nyebataken bilih jengandika Raden Pradapa menika ugi kadhaken minangka
putra angkatipun Pangeran Bantani. Lan ingkang ndara dasihi, dalu Kyai Daka
nampi wangsit, ing enjingipun jengandika Raden tedhak dhateng griyanipun Kyai
Dakam temah Kyai Daka sumerep tandha-tandha ingkang wonten ing salira
jengandika bilih tuhu jengandika Raden menika putra angkatipun Raden Bantani,
pramila Kyai Daka lajeng ngaturaken sungkem dhateng jengandika Raden. Menika
cariyos ingkang kula pireng piyambak saking Ki Danara”.
Jebul seling-surup antawisipun Ki Pawana lan Ki Danara sansaya
tebih. Awit menawi leres wonten putra Pajang ingkang asma Pangeran Bantani kados
cariyosipun Ki Pawana ingkang katampi saking tuyang sepuhipun menika, estu
boten badhe gathuk kalihan Raden Sentani ingkang cariyosipun tiyang sepuh
angkatipun Raden Gunendra lan nedya badhe amupu kula minangka putra angkatipun
menika. Inggih awit saking menika, kisruhing manah kula lajeng wewah malih.
Nanging kula taksih kepengin mireng langkung kathah malih cariyos ingkang dipun
beta Ki Pawana inggih Bebau Jangglengan menika.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar