Total Tayangan Halaman

Senin, 18 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7.


 

115.

        Kajawi saking menika, kula boten nginten makaten kedadosanipun. Awit kula cariyos dora dhateng Kyai Daka lan Ki Danara, Dening Kyai Daka lan Ki cariyos ingkang ngayawara saking kula menika malah lajeng dipun ewahi sakedhik lan dipun wewahi malih, kados upaminipun salebeting cariyos ngayawara ingkang kula aturaken dhateng Rama Kyai Daka babar pisan boten nyebat sesambetan antawisipun Bapa kalihan Raden Sentani, nanging dening Kyai Daka ingkang lajeng kadhawuhaken dhateng Ki Danara wasana kacariyosaken dhateng Ki Pawana, Bapa Ki Sarkara menika sedherek angkatipun Raden Santani. Langkung dados boten kanten-kantenan malih sareng Ki Pawana ingkang estunipun tiyang lugu lan jujur, lepat ing panampi kawewahan rumaos langkung mangertos tinimbang Ki Danara, nginten manawi Raden Sentani ingkang kacariyosaken Ki Danara dhateng piyambakipun menika Pangeran Bantani ingkang miturut cariyos ingkang dipun pireng saking Ki Pawit, taksih Putra Dalem Sawargi Kanjeng Sultan Pajang. Lan kanthi mireng cariyos saking Ki Pawana menika kula gadhah dudutan menawi Ki Lurah Danara boten nyebataken pasanggrahan Patalan dhateng Ki Pawana.  Kamangka Ki Pawit lan Ki Pawana sampun asring kaparingan ngertos dening Bapa, bilih dumugi titi kalenggahan menika Pasanggrahan Patalan taksih dados klilipipun Sampean Dalem Panembahan Senapati ing Mataram.

        Wonten raos ayem sakedhik ing manah kula, saupami ing benjangipun anggen kula sampun cariyos ngayawara dhateng Kyai Daka menika kadenangan, tartamtu Kyai Daka boten badhe mara-marakaken anggen kula sampun micara dora. Awit anggenipun cariyos Kyai Daka dhateng Ku Danara ingkang dipun lajengaken dhateng Ki Pawana ingkang kapireng Ki Pahang, Ki Pahing lan Ki Tanggon menika boten nyebataken bilih tuking cariyos menika saking kula. Nanging dipun dhaken bilih menika wangsiting Dewa ingkang katampi dening Kyai Daka.

        “Samangke kula sakalangkung tatag anggen kula ngayahi jejibahan minangka suhing Para Bebau ing Kepuh Agal menika Raden” sareng sampun sawatawis sami mendel, Ki Pawana lajeng wicanten malih “awit waunipun kula taksih nguwatosaken dhateng Ki Danara miwah Gurunipun inggih menika Kyai Daka, ingkang sadangunipun menika kula wastani namung lelamisan anggenipun ngabdi dhateng Kepuh Agal. Samangke sampun pikantuk pepajar saking Hyang Agung kanthi wangsit ingkang dipun tampi lan kacariyosaken dhateng kula menika”.

        “Mangke rumiyin Kakang Pawana” kula lajeng suka wangsulan “boten ateges kula nggorohaken cariyos ingkang ndika tampi saking Ki Lurah Danara menika, lan sepisan malih sampun kawastanan kula boten pitados menawi Rama Kyai Daka sampun pikantuk wangsiting Gusti. Nanging kula nyuwun dhateng ndika lan Ki Pahang sarta Paman Pahing menapa dene Paman Tanggon, menawi nyata ndika kabeh niki setya dhateng Kepuh Agal lan tresna dhateng Bapa, sampun ngantos nyuda prayitnaning batin.  Kula aturi emut bilih pejahipun kumbang ingkang nggadhahi kasekten lan mandi entupipun menika namung jalaran jaringing klamat ingkang kapasang dening Kala Mangga ingkang ina. Ugi mugi kaemutana ugi, pejahing laron-laron awit anyaketi diyan teplok inggih kabekta kirang sabaripun laron-laron kala wau nengga wanci siang, temah kapusan sunaring diyan dipun kinten cahyaning surya ing wanci siang”.

        Kula tingali Ki Pahang lan Ki Pawana manthuk-manthuk lan Paman Tanggon menapa dene Paman Pahing ketingal sami mlenggong. Ki Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal ketingalipun sanaos sakedhik saged nyandhak kalihan wangsulan kula, benten kalihan Paman Tanggon lan Paman Pahing ingkang kekalihipun ketingal cetha anggenipun dereng mangertos kalihan kajeng kula kalihan tembung wangsulan menika.

        “Ngaturaken genging panuwun Raden” Ki Pawana lajeng wicanten “sakedhik kula sampun saged mangertos ingkang Raden kersakaken, namung murih boten ngantos tumpang suh anggen kula nglampahi pitedah jengandika menika, kaparenga Raden paring pepajar ingkang langkung cetha malih”.  

“Makaten inggih Kakang” kula lajeng suka pitutur, pitutur menika kula pendhet saking salah satunggaling ungelipun lontar ingkang kula waos ing Gothakaning Bapa “mengsah ingkang julig menika tansah mbudidaya saged ngawonaken mengsahipun mawi sewu cara. Salah satunggaling cara inggih menika mawi lampah nglena mengsahipun nalikanipun mengsah kala wau boten maspapaosaken piyambakipun. Lha murih mengsahipun klena, kathah-kathah sami  mawi caranipun trenggiling ingkang api-api mati. Kula boten ngawisi Kakang Pawana pitados kalihan kojahing Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka, nanging sepisan malih sampun ngantos wonten kedadosan kados perkutut ingkang kapaeka awit puluting bendha ing pikatan”.

“Inggih Raden, ngaturaken genging panuwun” Ki Pawana wangsulan kalihan praupan ingkang bingar, sawatawis Ki Pahang ketingal mesem radi wiyar “sedaya dhawuhipun Raden badhe kula emut-emut”.

“Saiki mangkene Kakang Pawana lan Paman Pahang apa dene Paman Pahing lan Paman Tanggon” kula lajeng wicanten malih “wiwit dina iki aku arep nganggo basa ngoko marang ndika kabeh, awit katone ndika kabeh katon rikuh marang aku nalika aku panggah nganggo basa krama”.

“Boten rikah malih Raden, nanging kula sedaya sami ajrih kenging walat, jalaran boten satrepipun menawi jengandika Raden mawi basa krama nalikanipun ngendika kalihan kula” wangsulanipun Ki Pawana kalihan gumujeng alon lan sedaya ingkang wonten mriku inggih lajeng sami gumujeng “sakalangkung remening manah kula sedaya menawi Raden kersa angoko lan anjangkar dhateng kula sedaya”.

“Nanging aku uga duwe panjalukan marang ndika kabeh” kula nutugaken wicanten “ndika kudu bisa mujudi kang dadi panjalukku iki mengko”.

“Raden ngersakaken menapa, kula sedaya saestu kanthi remening manah badhe mbudidaya mujudaken menapa ingkang jengandika kersakaken” wangsulanipun Ki Pawana dhadhag.

“Aku lan Bapa padha ayomana aja nganti bisa dititik dening wong-wong sing ora seneng lan nedya gawe cilakaku apa dene Bapa” kula nutugaken wicanten “dene carane, sikep ndika aja owah karo padatan, lire padha cakna sikep kaya sadurunge ndika jagongan karo Ki Danara mau awan. Aja pisan-pisan ndika ngundang aku mawa sebutan sing neka-neka, yen maune ndika nyebut aku kathi sebutan Adhi utawa Gus, aja padha ndika ganti nganggo sebutan Raden. Samono uga sawanci-wanci Bapa rawuh, aja diowahi anggone ngaturi sebutan marang panjenengane. Cekake ndika kabeh kudu bali nduweni sikep marang aku lan Bapa kaya sadurunge tekane Ki Lurah Danara menyang Jangglengan mau awan”.

“Nanging menika rak inggih saged dipun wastani degsura ta Raden? Menawi kula kenging walat kadospundi?” Ki Pahang ingkang wiwit wau mendel kemawon, dumadakan pitaken langkung rumiyin.

“Paman Pahang kudu bisa mbedakne endi sing diarani degsura lan endi sing dudu” wangsulan kula kados tiyang srengen nanging mawi swanten sabar “ndika kena diarani degsura kuwi yen nedya ngremehake wong sung kudune ndika ajeni, nanging yen ndika nuruti panjaluke wong sing njaluk pangayoman marang ndika, kuwi ora jeneng ndika nindakne laku degsura sanajan upamane kanggo ngayomi wong mau kudu ndika singidne ing ngisoring palungguhan ndika. Ngerti Paman?”.

“Inggih Gus, kula ngertos” wangsulanipun Ki Pahang kalihan manthuk-manthuk.

“Kapeksa kula ingkang ngewahi Gus” Ki Pawana gentos ingkang wicanten kalihan mesem “kula boten badhe wani malih ngaturi jengandika mawi sebatan Adhi, kula boten metang menika kalebet degsura menapa boten, ingkang baken kula ajrih ngaturi jengandika Gus Pradapa mawi pangundang Adhi”.

“Iya Kakang, aku ngerti kuwi” wangsulan kula ugi kalihan mesem.

Sareng sampun sawatawis dalu, tiyang sekawan menika lajeng pamitan badhe wangsul. Kula inggih lajeng mlebet dhateng griya wingking. Kraos pegel ing badan, kula kepengin enggal-enggal mapan tilem. Nanging nalika kula badhe ngeremaken mripat, kraos angel sanget. Raos kuwatos ing salebeting manah awit anggen kula wicanten dora dhateng Rama Kyai Daka ingkang pranyata dados ngambra-ambra boten kantenan makaten kala wau, ndadosaken manah kula boten jenjem. Awit saking menika lajeng ing angen-angen wiwit pados cara ingkang badhe kula cakaken benjing menawi anggen kula ngapusi Rama Kyai Daka menika ngantos kadenangan.

Nanging ngantos kepirenging suwanten rijalullah, panggah dereng pikantuk wangsulan pitakening manah cara menapa ingkang kedah kula lampahi. Dumadakan, kula mambet wonten ganda arum mangambar ngebaki senthong papan patileman kula. Boten kraos wulu-wulu wiwit mrinding, githok dados mengkorog, jantung kraos dheg-dhegan. Awit ganda arum menika benten kalihan gandaning sekar ingkang wonten ing pekaranganing dalem kalurahan menika, nanging aruming sekar Pandhan ingkang limrahipun tuwuhipun ing satepining lepen. Langkung kraos miris malih salebeting manah sareng dumadakan diyan senthir ing ajug-ajug pejah katiyup ing angin dalu.

“Pradapa aja kaya bocah cilik sing gampang wedi marang apa-apa sing ora cetha” dumadakan kepireng suwanten alus lan sekeca dipun mirengaken ing kuping, suwantenipun tiyang estri “ana perkara sethithik sing kudu tak rembug karo sliramu wengi iki”.

“Sapa kowe he? Lan perkara apa sing arep mbok kandhakne marang aku?” kanthi suwanten radi kedher kula wantun-wantunaken taken dhateng ingkang nyuwanten dhateng kula menika.

“Aja degsura sliramu Pradapa!”  suwanten kala wau wangsulan, samangke kapireng kados suwantenipun tiyang ingkang srengen, nanging panggah kapireng sekeca dipun mirengaken “aja takon neka-neka, ayo  tak enteni sliramu ana Sanggar papan kanggo manembahe wong tuwamu”.

Kados gudel kineluhan, kula tangi saking anggen kula ngglethak, lajeng grayah-grayah medal saking senthong badhe dhateng sanggar ingkang padatan kaagem Bapa kangge nindakaken panembah dhateng Gusti sedinten kaping gangsal lan kawewahan meh saben dalu Bapa katrem ing papan menika.

Sasampunipun kula dugi ing sanggaripun Bapa, kula radi kaget, awit Bapa sampun wonten mriku, ketingal lenggah amarikelu mandhep priyantun estri ingkang sakalangkung sulistiya warninipun, ingkang lenggahipun watawis kaot gangsal jangkah saking papanipun Bapa lenggah.

“Kene Pradapa!” Pawestri ingkang sulistya menika wicanten kebak wibawa lan kula taksih apal kalihan suwanten menika, inggih suwanten ingkang kala wau wicanten ing senthong patileman kula “linggiha ing sisihe Ki Sarkara wong tuwamu sing sejati kuwi”.

 

Ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...