116.
Kula
inggih lajeng mapan linggih sila ing sisihipun Bapa. Namung sakeplasan Bapa
ketingal nglirik dhateng kula, lajeng tumungkul malih. Kula boten wantun
wicanten menapa-menapa, nanging panyawang kula lajeng tumuju dhateng pawestri
ingkang sakalangkung ayu menika, prabanipun mencorong. Pakulitanipun jene,
dedeg piyadegipun samadya, rikma ketingal mamak nyekar bakung, netranipun
lindri-lindri amantesi, grana ngrungih, lathinipun abrit manda-manda.
Kinten-kinten yuswanipun inggih sabarakan menawi kalihan kula. Lan nalika
sumerep menawi kula maspadakaken, piyambakipun lajeng mesem, ndadosaken jantung
menika meh gogrog raosipun.
“Apa
sliramu durung ngerti sapa satemene aku iki, Pradapa?” dumadakan tiyang estri
menika taken dhateng kula. Kula mila inggih gumun, wiwit wau tiyang ayu menika
tansah njangkar dhateng kula lan ngginakaken basa ngoko kemawon. Pramila badhe
wangsulan kula dados bingung, badhe tumut mawi basa ngoko kuwatos menawi
klentu, badhe mawi basa krama kok ketingalipun inggih kirang pas, awit nitik
umur-umuranipun tiyang menika taksih langkung sepuh kula. Kula lajeng mendel
boten wangsulan.
“Apa
sliramu Bingung Ngger?” sepisan malih tiyang ayu menika pitaken, samangke malah
ngangge nyebut “angger” dhateng kula “apa piwulange swawargi Biyungmu marang sliramu
jaman semana wis mbok lalekne, yen tata krama kuwi ngedohne marang panyendhu,
sarta andhap asor kuwi ngajeni marang awake dhewe?”.
Dipun
takeni mawi ukara kados makaten menika, ndadosaken kula lajeng mutusaken badhe mawi basa krama.
“Nyuwun
pangapunten dhuh Sang Pindha Ratih” kula wangsulan lajeng pitaken, nglenggana
bilih kula mila dereng tepang kalihan piyambakipun “jengandika menika sinten?”.
“Sumurupa
Pradapa” tiyang estri ingkang tuhu sulistuya menika mangsuli pitaken kula
kalihan mesem ingkang sakalangkung
manisipun “aku iki eyangmu dhewe!”.
“Eyang?”
kula mlengak awit gumun mireng wangsulan ingkang makaten menika. Mosok lare
estri ingkang umur-umuranipun sak rayi kula ngaken bilih piyambakipun eyang
kula.
“Bener
Eyang utawa simbahmu, Pradapa” tiyang estri menika wangsulan kalihan gumujeng
lirih “jalaran wong tuwamu, ya Ki Lurah Kepuh Agal sing saiki linggih ing
sisihmu kuwi, anak angkatku. Dudu putra angkate Sawargi Kanjeng Sultan Pajang
kaya pangirane Bebau Jangglengan sing kumeruh sawise krungu crita sing sumbere
saka Kyai Daka lan uga dudu sedulur angkate Raden Sentani muride Seluman
Nagaburik sing saiki masanggrah ing Patalan kaya pangirane Bebau Sidamulya”.
Mireng
katrangan ingkang makaten kala wau, ndadosaken kringet kula ambrol. Kula rumaos
sampun dipun welehaken, awit saking pokal kula ingkang sampun ngapusi Kyai
Daka, sampun ndadosaken tiyang-tiyang sami sasar ing panginten. Nanging kula
lajeng dados mangertos sinten sejatosipun pawestri menika. Awit saking menika
kula lajeng nyembah sarta ngapurancang ing ngarsanipun Pawestri Ayu ingkang
jebul ingkang winastan Nyai Pandhanwangi utawi Nyai Pandhansari, kados ingkang
rumiyin asring dipun cariyosaken Bapa dhumateng kula.
“Keng
wayah nyadhong duka, Eyang” kalihan ngapurancang kula matur “inggih awit saking
cublukipun Pradapa ngantos wuta boten sumerep dhateng Eyang Pandhanwangi. Boten
langkung pangabekti kula mugi kunjuk”.
“Iya
iya putuku wong bagus” Nyai Pandhanwangi mesem ketingal rena penggalihipun “pangabektimu
wis tak tampa lan pandongaku marang Gusti, muga-muga sliramu tansah kaparingan
karahayon lahir batin wiwit ing donya nganti tumekeng delahan”.
Nyai
Pandhanwangi lajeng gentos paring pangandika dhumateng Bapa ingkang wiwit wau
namung lenggah tumungkul :
“Ki
Lurah, aku njaluk pangapura, dene aku wis nyandhet nggon ndika arep menyang
Kutha Gedhe Mataram. Nanging ndika aja kuwatir, lamun anggon ndika nggelak
lakune Si Gombak kaya padatan, manut petunganku, sadurunge suruping surya sesuk
ndika wis bisa kepethuk karo Raden Tumenggung Tesengkusuma lan bengine bisa
diirit marak ing ngarsane Kyai Juru Martani ya Patih Mandaraka”.
“Jengandika
boten lepat Nyai” kepireng Bapa atur wangsulan kalihan panggah ngapurancang “malah
kula ingkang gadhah panginten menawi kula nglampahi kalepatan, temah Nyai
Pandhansari kepareng nimbali kula. Nanging nyuwun pangapunten, ketang cubluking
dhiri kula temah dereng mangertos wujuding kalepatan menika, awit saking menika
kaparenga Nyai paring mangertos murih kula boten kedlarung-dlarung anggen kula
tumindak boten leres”.
“nDika
ora tumindak luput Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika malih panggah kalihan
polatan ingkang sumringah “mung wae, wektu iki ndika lagi katempuhan unine
bebasan Anak Polah Bapa Kepradah lan aja kaget yen mengkone ndika bakal
kecipratan bebendu. Kang mangkono kuwi luwih becik tinimbang piwalesing dosa
ndika sing kurang nggone asung tuntunan marang anak kuwi ndika tampa sawise
ninggalne donya iki”.
Bapa
boten tumunten atur wangsulan, namung kula ingkang lajeng ngraosaken keduwung
ingkang sansaya nunjem ing pulung ati. Kula sampun saged mangertosi menapa
ingkang dipun kersakaken dening Nyai Pandhanwangi menika. Inggih awit saking
tumindak kula ingkang boten leres temah Bapa ingkang boten mangertos
menapa-menapa bab anggen kula sampun ngapusi Kyai Daka, kedah kacipratan pidana
saking Gusti Ingkang Maha Adil. Sanadyan pawadanipun Bapa kirang anggenipun
nuntun kula murih boten remen ngapusi tiyang sanes, awit mila kanyatanipun
ingkang asring paring pitutur murih kula boten remen ngapusi menika Biyung.
“Inggih
Nyai” Bapa lajeng atur wangsulan “sadaya ingkang badhe tumanduk ing jiwa raga
kula ing alam donya menika badhe kula tampi kanthi rila lan legawa linandhesan
pasrah dhateng Adiling Suksma. Namung ambok bilih dede pepenginan ingkang
nistha, kula kepengin mangertos menapa ingkang dipun lampahi dening anak kula
pun Pradapa?”.
“Aja
kaduk ati bela panampa Kaki” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “awit tumrap wong
sing kulina nerjang pepacuhe Gusti sing ditindakne putuku Pradapa iki dianggep
dudu dosa kang gedhe. Lan anggone nganti Putuku Pradapa nglakoni tumindak sing
nerjang wewarahe Gusti iki ya saka anggone kepengin tentreme Kepuh Agal,
nanging gandheng sing ditindakne Pradapa iki mau ora liwat dalan sing bener, dadi
ya panggah luput lan dosa”.
“Inggih
Nyai” Bapa matur malih “badhea kados menapa, kula boten badhe paring srengen
dhateng anak kula, inggih awit sedaya sampun kelajeng. Sasampunipun kula
ngertos menapa ingkang katindakaken Pradapa menawi boten sampun damel
kapitunaning tiyang kathah ingkang boten saged katebus, kula namung badhe
paring weling murih Pradapa boten amangsuli tumindakipun kala wau”.
“Iya
Kaki” Nyai Pandhanwangi lajeng ngendika malih “Putuku wis nindakne laku ngapusi
utawa micara dora marang wong sing gaweyane meh saben dina ngapusi wong liya.
Mung bedane, yen Pradapa olehe wis ngapusi wong mau merga Pradapa kepengin
nylametake Kepuh Agal sing wis meh ana kedadeyan perang kadang. Nanging nek
wong sing diapusi Pradapa kuwi saben-saben apus-apus ya merga kepengin golek
bathi saka anggone ngapusi kuwi”.
“Pradapa
ngapusi Nyai?” Bapa ketingal radi kejot “lajeng sinten ingkang sampun dipun
apusi Pradapa menika? Lan sampun wonten kedadosan menapa ing Kepuh Agal
sadangunipun kula tilar menika Nyai?”.
“Bener
Putuku Pradapa wis dora marang Kyai Daka sing nedya mbalela lan gawe rusuh ing
Kepuh Agal, sedina sawuse ndika budhal menyang Mataram” Nyai Pandhanwangi
paring wangsulan lajeng kasambet nyariyosaken lelampahan ing Kepuh Agal sasampunipun
Bapa bidhal dhateng Mataram. Wiwit anggenipun Kyai Daka lan Lurah Danara
ngempalaken siswa-siswanipun, dipun ajak mbalela lan ngemohi Ki Pawana dados
sesulihing Bapa. Nyai Pandhansari ugi nyariyosaken anggenipun Ki Pawana wadul
dhumateng kula ingkang dipun kancani Ki Pahang. Kalajengaken nyariyosaken anggen
kula sampun ngajrih-ajrihi Kyai Daka mawi cariyos ngayawara bilih kula menika
sampun dados sedherek angkatipun Raden Gunendra, lan sampun kaparingan aji
Swaramaruta, boten kliwatan dora kula ingkang nyariyosaken saening sambetipun Raden
Gunendra kalihan Bapa saha saenipun sesambetan antawisipun Bapa kalihan tiyang
sepuhipun angkat Raden Gunendra ing Patalan, malah kelajengipun umuk ngantos
kula cariyos bilih jengkaripun Bapa menika badhe nindakaken kuwajiban saking
Raden Sentani ing Patalan. Ngantos Nyai Pandhanwangi ugi nyariyosaken doranipun
Kyai Daka dhateng Ki Danara, menawi Kyai Daka sampun nampi wangsit saking Dewa
ingkang wosipun inggih saking sedaya dora kula dhateng Kyai Daka menika. Sedaya
kacariyosaken dening Nyai Pandhanwangi dhateng Bapa, setunggal kemawon boten
wonten ingkang kacicir.
Bapa
ketingal cingak semu gumun mangertos anggen kula sampun dora dhateng Kyai Daka
makaten menika. Nanging dereng ngendika menapa-menapa.
“Saiki
mesthine putuku Pradapa durung ngerti ya gene Raden Gunendra nesu-nesu marang
Ki Danara nalika Lurahing para siswane Kyai Daka kuwi teka ing kasatriyane
Gunendra” Nyai Pandhanwangi ngendika malih, menika katujokaken dhateng kula.
“Mila
leres Eyang” wangsulan kula “waunipun kula namung nginten menawi anggenipun
duka Raden Gunendra menika awit taksih gela jalaran kawirangan ing Pendhapa
Kalurahan menika, nanging kok inggih ngantos kesangeten, ndudut curiga menapa”.
“Kuwi
ngono kena diarani kapinujon, utawa andelalah saka kersane Gusti Allah” Nyai
Pandhanwangi ngendika kalihan mesem “nalika Danara teka ing kasatriyane Raden
Gunendra sing ana ing ngarep kasatriyan kuwi selire Raden Gunendra sing jenenge
Kaminten, rupane ora sepiraa nanging nduweni suwara sing mencutake, sawijining
waranggana kondhang ing tlatah kono. Dening Danara Nyai Kaminten dikira mung
rewang lumrah, mula sikepe Danara ya kena diarani degsura ngendelake dumeh
dheweke siswane Kyai Daka. Kang mangkono mau, ndadekne Nyai Kaminten ora
seneng, mula nalika Danara sansaya gumendung arep nekad nggone kepengin pethuk
karo Raden Gunendra, dening Nyai Kaminten banjur diwadulake marang Raden
Gunendra sing durung wungu saka anggone sare, kanthi wadulan ana manungsa sing
arep sembranan marang dheweke. Mula sakala Raden Gunendra duka yayah sinipi,
saupama Danara ora tumuli mlayu mesthi sida klakon dilangga kerise Raden
Gunendra tenan. Kamangka tenane tekane Danara kuwi arep madulake lamun Ki Kepuh
Agal wis aweh kapitayan marang Ki Pawana, sauntara Danara ora oleh panggonan
apa-apa”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar