117.
Rampung
paring katrangan bab anggenipun Raden Gunendra duka dhateng Ki Lurah Danara,
Nyai Pandhanwangi lajeng paring pangandika malih dhumateng kula.
“Saiki
mbalik marang sliramu Putuku” .
“Inggih
Eyang” kula atur wangsulan kalihan nata manah, awit kula nginten Nyai Pandhanwangi
badhe ngrembag dosa kula ingkang sampun ngapusi Kyai Daka.
“Miturut
petungku, nggonmu ngapusi Kyai Daka iki ora bakal konangan” Nyai Pandhanwangi
nutugaken anggenipun paring dhawuh “dadi sliramu ora bakal nandhang wirang lan
ora bakal diwadani wong akeh nek sliramu kuwi tukang apus-apus sing gunemane
ora pantes dipercaya. Nanging, sliramu
aja seneng luwih dhisik. Jalaran kegawa saka nggonmu tumindak dora, mengkone
sliramu bakal nampa coba sing abot, muga-muga sliramu kuwat nglakoni kanthi
becik. Awit yen kongsi sliramu ora lulus ngadhepi cobane Gusti mengko, sliramu
bakal nemu mati nistha. Kosok baline yen sliramu kuwat lan bisa lulus, mangka
apa sing saiki lagi digenahake Wong Tuwamu menyang Mataram, bakal nguwohake
kamulyaning uripmu ing tembe mburine”.
“Ngaturaken
genging panuwun awit peparingipun wartos gaib menika Eyang” kula atur wangsulan
malih “pangestu saking Eyang Putri tansah kula suwun mugi-mugi kula saged nulad
lampahipun Bapa, badhe nampi sedaya ingkang tumanduk ing badan kula kanthi sabar
saha narima peparinging Gusti”.
“Lan
sliramu kudu tansah eling” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun paring
pitutur “yen tumindak dora utawa ngapusi sapa wae kuwi gedhe dosane, mula
kajaba kudu ditobati sarana nyuwun pangapura marang Gusti uga kudu sinartan
janji sajeroning ati ora arep mbaleni dora maneh. Jalaran nganggo pawadan apa
wae, jenenge ngapusi liyan kuwi panggah ora dikeparengake dening Gusti”.
“Inggih
Eyang”
“Sabanjure
marang Ki Lurah lan putuku Pradapa, tak baleni sepisan maneh pawelingku aja
nganti padha dilalekne!” Nyai Pandhanwangi ngendika malih samangke kajawi
kangge kula ugi kagem Bapa “ya iku aja pegat ing pangati-ati marang Kyai Daka
lan kabeh andhahane”.
“Inggih
Nyai” Bapa atur wangsulan “dhawuh jengandika boten badhe kula supekaken”.
“Iki
ana warta adhedhasar pangira-ira wohing petung sing tak waca saka sasmitaning
jagad, dadi aja banjur dikira aku ndhisiki karsaning Gusti, mung mbok menawa
ana benere. Ya iku warta sing magepokan lakune Kyai Daka ing Bumi Kepuh Agal
kene” Nyai Pandhanwangi ngendika malih .
Mireng
naminipun Kyai Daka dipun sebat ingkang wonten sambetipun kalihan Kepuh Agal,
kula lajeng sansaya migatosaken dhateng dhawuh pangandikanipun Nyai
Pandhanwangi menika. Kula lirik, ketingalipun Bapa ugi sami kalihan kula.
“Satemene
Kyai Daka kuwi menungsa sing ora pati cetha adeg-adege” Nyai Pandhanwangi
nglajengaken anggenipun ngendika “jaman biyen pancen tau meguru marang
sawijining Ajar sing peparap Ajar Wiyoga, sing digoleki Daka dudu ngelmu sing
bisa nuntun marang katentremaning uripe. Nanging Daka mung kepengin dadi
menungsa sing sekti mandra guna, sing bisa ngasorake wong liyane. Mung emane
pepenginane Daka ora sumbut karo kuwanene nindakne laku kanggo nempuh murih
kasembadan sedyane. Cethane, biyen sing dipengini bisa dadi wong digdaya sing
ora ana sing bisa ngalahake, nanging Daka kuwi ora tau gelem nindakne laku
prihatin. Dheweke kepengin pinter nanging wegah sinau, kepengin sugih nanging
wegah makarya, kepengin sekti nanging wegah tirakat. Merga dheweke duwe pangira
yen olehe sekti gurune kuwi ora merga olehe sregep nindakne laku prihatin,
nanging merga duwe pusaka sing wujude Keris Laringmanyura. Awit Daka tau krungu
dedongengan sing sapa wonge bisa nguwasani Keris Laringmanyura bakal bisa dadi
wong sing sekti mandraguna, bisa pinter tanpa meguru lan bisa madeg dadi
pandhita sing sinuyudan para siswane. Mula Daka banjur melik kepengin nguwasani
Keris agemane Ajar Wiyoga sing dadi gurune kuwi. Ajar Wiyoga dipaeka dening
Daka kanthi nyampurake racun ing dhaharane, wekasan Ajar Wiyoga seda. Keris
Kyai Laringmanyura klakon bisa dikuwasani. Daka banjur nggenteni kalenggahane
Ajar Wiyoga lan nganggo sebutan Kyai. Para siswa sing maune dadi siswane Ajar
Wiyoga banjur dadi muride Kyai Daka klebu sing jeneng Danara kae”.
“Lajeng
cariyosipun kok Kyai Daka saged sumusul kula tumut mbabad wana Kepuh Agak
rumiyin kados pundi Nyai?” Bapa sumela atur nyuwun pirsa.
“Kuwi
critane ngene” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “sawise madeg Kyai, Kyai Daka
banjur sansaya nemen nggone seneng golek lan nglumpukne jimat kemat sing
dipercaya bisa ndadekne luwih sekti lan luwih wibawa. Saben krungu ana papan
sing angker diparani ditepeni lan digoleki jimat utawa pusakane. Andilalah kaya
diuja dening jagad kae, Kyai Daka bisa oleh jimat pirang-pirang ana sing wujud
Akik, Keris, lan sapanunggalane lan sethithik akeh pancen kala-kala jimat kemat
mau ana buktine yen duwe kekuwatan. Nganti sawijining dina Kyai Daka krungu
kabar yen ing alas Patalan akeh para priyagung sing dumadi saka Trahing Raja
Majapahit sing padha masanggrah ana kono. Mula Kyai Daka banjur ngajak
siswa-siswane nyuwita marang para priyagung Trah Majapahit sing masanggrah ing
Alas Patalan. Olehe nyuwita kuwi mung dhapur kanggo pawadan wae, tujuwan sing
sabenere Kyai Daka kepengin golek jimat sing ana alas Patalan kono, sokur-sokur
nek bisa nyolong jimate para Priyagung sing masanggrah ana kono.
Nanging
jebul ora gampang mlebu Alas Patalan nyaketi papan masanggrahe wong-wong sing
jarene isih Trah Majapahit kuwi. Kyai Daka mung bisa tekan alas sanjabane
Pasanggrahan Patalan, sing diarani Padhepokan Kendhalasewu lan sing dadi
Pangarsane Padhepokan kuwi Ki Kendhalasewu sing isih gurune salah sijine
Tumenggung ing Kasultanan Pajang. Ing kono Kyai Daka lan para muride ditampa
dening Ki Kendhalasewu lan dikandhani yen Kyai Daka samuride temen-temen arep
suwita marang Calon Narendra Tanah Jawa sing saiki mapan ana Alas Patalan, Kyai
Daka sakancane dikongkon leren lan ngenteni ing papan kono, nganti sawatara
wektu. Merga percaya yen ing papan kono bakal bisa nyolong jimat lan pusaka
pirang-pirang, Kyai Daka ya banjur manut lan mapan ing Padhepokan Kendhalasewu
kono.
Sawuse
Kyai Daka lan murid-muride mapan ing Padhepokan Kendhalasewu watara telung
wulan, ana utusan saka Pasanggrahan Patalan teka ing Padhepokan Kendhalasewu.
Kyai Daka lan murid-muride ditampa pasuwitane manawa Kyai Daka bisa ngaturake
salah sijining Keris piyandele Kangjeng Sultan Pajang sing jeneng Kyai Pantek.
Dene Kyai Pantek nalika iku manggon ing Alas sing arep dibabad dadi Padesan
sing jeneng Kepuh Agal. Kyai Daka iya banjur nyaguhi, nanging olehe saguh kuwi
ya mung tekan lambe wae. Lire Kyai Daka iya arep budhal nggoleki Kyai Pantek,
nanging yen wis ketemu ora bakal diaturake menyang Pasanggrahan Patalan,
nanging arep dipek dhewe, merga Kyai Daka duwe kapitayan yen Kyai Pantek kuwi
sawijining pusaka sing gedhe banget katiyasane. Malah ing angen-angene Kyai
Daka ana gambaran, yen dheweke bisa nguwasani Kyai Pantek, mangka bakal duwe
kasekten lan kadigdayan sarta kawibawan tan prabeda karo Kanjeng Sultan ing
Pajang. Mula Kyai Daka lan para muride padha teka, nemoni ndika lan nembung
arep melu babad kae”.
“Inggih
Nyai” Bapa nyela rembag malih “mila boten aneh menawi dugi sapriki Kyai Daka
menika tansah mbudidaya murih saged ngrebat Kyai Pantek saking tangan kula,
mawi pawadan neka-neka. Nanging rahayunipun Gusti taksih angayomi kula temah
Kyai Pantek boten saged dipun rebat dening Kyai Daka”.
“Lha
iki mengko, mbuh kapan wektune niyat anggone arep nguwasani Kyai Pantek kuwi
arep dibaleni maneh” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “senadyan wektu iki,
atine Kyai Daka ketuwuhan rasa miris merga krungu critane putuku Pradapa sing
ngayawara kae, nanging bawane wong julig, Kyai Daka isih meksa ngulir nalare
golek dalan kanggo mujudne sing dadi pepenginane. Mula welingku marang sliramu
ngger Pradapa, kukuhana Kyai Pantek kaya sing tau didhawuhne Bapamu biyen lamun
ana kedadeyan Kyai Daka sakancane nedya ngrebut Kyai Pantek saka tanganmu. Ya
mbarengi wektu kuwi mbok menawa dadi sranane sliramu nampa pacoban gedhe saka
Gusti Kang Maha Mulya sing dadi lelantaran munggahe drajatmu, nanging yen
kongsi sliramu ora lulus saka pacoban gedhe kuwi sliramu bakal nemoni mati
nistha siniya siya”.
Kula
radi nggragap mireng weling ingkang pungkasan saking Nyai Pandhanwangi menika,
jalaran weling menika katujokaken dhateng kula, boten dhateng Bapa. Kamangka
wekdal menika Kyai Pantek taksih dados tanggel jawabipun Bapa minangka sipat
kandel saking Dhusun Kepuh Agal menika. Nanging kenging menapa malah kula
ingkang dipun weling murih ngekahi Kyai pantek menawi ngantos badhe dipun rebut
dening Kyai Daka?.
“Wis
ora prelu sliramu kakehan gagasan” kados pirsa ingkang nembe kula angen-angen,
Nyai Pandhanwangi paring dhawuh malih “sing baku eling-elingen welinge pun
Eyang iki. Lan yen wis teka tumibane mangsa kala, tindakna klawan
sabecik-becike. Aja lali nyaketa marang Kang Maha Agung, nyuwuna pangayoman lan
kaslametan saka Panjenengane. Wektuku kanggo tetemon karo sliramu lan wong
tuwamu wis entek, saiki kari donga dinonga, muga-muga kabeh tansah kaparingan
rahayu”.
Anyarengi
telasing pangandikanipun Nyai Pandhanwangi dumadakan diyan senthir ingkang
wonten ing sanggaripun Bapa menika pejah katiyup ing angin. Kawontenan dados peteng
dhet-dhet, langkung peteng tinimbang nalika diyan ing senthong kula pejah
anyarengi rawuhipun Nyai Pandhanwangi kala wau. Dumadakan hawanipun santun
dados asrep ingkang boten kantenan, ngantos ndadosaken badan kula cethathuken.
Jarik bebet kula, kula uculi badhe kula damel kemul. Nanging dumadakan diyan
ingkang nembe kemawon pejah gesang malih, temah kula saged ningali kawontenan
ing sakupeng kula. Kula sampun wonten senthong patileman kula piyambak, kanthi
kawontenan taksih ngglethak. Jebul sedaya ingkang nembe kedadosan menika wau
namung ngimpi. Inggih namung ing pasupenan lan kula pitados bilih menika dede
pasupenan ingkang sabaenipun.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar