118.
Inggih
awit pikantuk pitedah saha pitutur saking Nyai Pandhanwangi lumantar pasupenan
menika, ndadosaken kula kepengin sanget saged ndandosi sesambetan kula kalihan
Gusti Ingkang Maha Agung. Kuwajiban sembahyang ingkang sedinten kaping gangsal
ing gangsal wekdal ingkang benten, ingkang sampun dangu kula tilar wangsul kula
lampahi malih. Kula inggih nulad lekasing Bapa ingkang saben sapratiganing dalu
nindakaken sembahyang lan lampah sujud, inggih menika linggih ijen kendel lan
mendel, anyuwungaken nalar lan manah saking sedaya prakawis lan namung
ngemut-emut dhateng Gusti Ingkang Maha Suci, angraketaken jiwa lan raga dhateng
Dzat Ingkang Maha Tan Kena Kinaya Apa. Manembah lan Sujud dhateng Gusti, inggih
menika sarana ngudi murih bagusing ati, temah saged mujudaken Kalbu Mukmin
Baitullah, ingkang tegesipun manah tansah sae, ati tansah bagus, boten ngingah
raos gething dhateng sok sintena kemawon, boten rumaos langkung sae tinimbang
tiyang sanes. Kanthi lampah ingkang makaten kala wau jebul manah kula kraos
langkung tentrem lan ayem lan raos kepengin saged sansaya kathah lelabuh
dhateng dhusun saha dhateng sesamining gesang tansah wewah-wewah.
Boten
kraos sampun selapan dinten langkung, anggenipun Bapa nilaraken Kepuh Agal lan
sadangunipun menika, sedaya jejibahanipun Bapa katindakaken dening Ki Bebau
Jangglengan kanthi sae. Para warga Kepuh Agal sami remen manahipun, kathah
reraosan ing wande-wande menawi Ki Pawana saestu saged nulad lampahipun Bapa.
Tiyang-tiyang ugi mastani Ki Pawana menika tiyang ingkang wicaksana, sanaosa
ingkang dipun tindakaken jejibahaning Lurah, nanging piyambakipun boten purun
dipun sebat Ki Lurah utawi Wewakiling Lurah, nanging panggah nedhi kaundang
mawi sebatan Ki Jangglengan utawi Ki Bebau Jangglengan.
Sesambetan
antawisipun Ki Pawana kalihan Ki Lurah Danara lumampah sae. Ki Pawana boten
mbenten-mbentenaken Ki Lurah Danara kalihan Bebau sanesipun, pangrengkuhipun Ki
Pawana dhateng kawula ing Dhukuh Sidamulya inggih sami kalihan anggenipun
ngrengkuh kawula ing Dhukuh sanesipun. Kados-kados Ki Pawana sampun nyupekaken
bilih Ki Danara nate badhe mbalela.
Kula
piyambak wiwit ngapusi Kyai Daka ngantos dugi sapriki inggih dereng nate tumut
gladhen kanuragan malih. Jalaran kula langkung remen mipili lan njingglengi
piwucal-piwucal kina ingkang ingkang sinerat ing lontar wonten gothakanipun
Bapa. Rumaos kula, mangertosi piwucal-piwucal kuna menika langkung kathah
pedahipun menawi katandhing kalihan sinau ulah kanuragan ing sanggaipun Kyai
Daka. Jebul sadangunipun kula boten tumut gladhen menika, ing Sanggar wonten
ewah-ewahan ingkang damel kathah para calon siswa lan ugi siswa ingkang
aras-arasen malih tumut gladhen. Kabar menika kula tampi saking Paman Tanggon
ingkang ing salah satunggaling sonten dugi ing Dalem Kalurahan madosi kula.
“Iki mau saka
omah apa saka ngendi Paman Tanggon? Kok njanur gunung mara menyang Dalem
Kalurahan kene?” kula miwiti rembagan sasampunipun Paman Tanggon linggih ing
caket kula, inggih ing dhingklik ingkang wonten ing sakiwanipun pendhapa.
“Saking
griya mawon kok Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “sak jane ajeng teng Sanggar,
wong niki wau anceran gladhene calon siswa, nanging kula aras-arasen dipun
gladhi tiyang-tiyang enggal ingkang boten ngremenaken manah, tembung satembung
sarwa kasar, ngabah-abahi tiyang sasekecanipun piyambak malah sok remen mara
tangan menapa……”.
“Mengko
dhisik ta?” kula nigas tembungipun Paman Tanggon “padatan sing aweh gladhen
kuwi rak ya siswa-siswa sing wis pinilih ta? Kok ndika mau kandha wong-wong
anyar, sapa wong-wong anyar kuwi he ?”.
“Murugaken
Gus Dapa sak niki boten nate tindak sanggar, dados dereng pirsa menawi
Sanggaripun Kyai Daka kedugen tiyang-tiyang enggal, kathah wonten menawi kalih
dasa mawon. Criyose Ki Lurah Danara, tiyang-tiyang niku siswa-siswanipun Kyai
Daka ing papan sanes. Nanging ketingalipun tiyang-tiyang wau dede golonganipun
tiyang sae, ketitik saking solah bawa lan wicantenipun kok kados brama corah……”.
“He
aja seneng ndakwa sing ora-ora marang wong liya lho Paman” kula tigas malih
wicantenipun Paman tanggon “bramacorah piye karep ndika?”.
“Kula
niki ngertos Gus” Paman Tanggon suka wangsulan “namung kula dereng gadhah
bukti, Ki Lurah Danara nika estunipun Lurahe para Maling, Kecu, Brandhal lan
Begal. Mula Ki Lurah Danara nika wiwit siyen sok asring kesah nilar Sidamulya,
tigang dinten sok malah ngantos sapeken nembe wangsul lan sauger wangsul mesthi
mbeta raja brana lan barang-barang pengaji ingkang kathah. Niku mesthi asile
tumindak culika kalih tiyang-tiyang sing dados andhahane sing sak niki
didamelne griya ing pekarangan wingkingipun Sanggar nika”.
“Kuwi
mung pangira ndika sing durung karuwan benere Paman” kula nyobi suka pitutur
dhateng Paman Tanggon “ora becik dikandhakne marang sapa wae, mundhak marahi
ora becik kedadeyane”.
“Inggih
Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “kula nggih empun dikandhani ngoten niku kalih
Ki Jangglengan lan Ki Grojoganngubal, mula kula nggih lajeng boten ngrembag bab
menika kalih sinten mawon, kajawi kalih ndika niki wau”.
“Ooo
Dadi Ki Pawana lan Ko Pahang wis padha pirsa ing babagan iki?” kula lajeng
taken dhateng Pamab Tanggon.
“Sampun
Gus” wangsulanipun Paman Tanggon “tiyang kalih niku angsale ngandhani kula
nggih sami kalih sing ndika dhawuhne niku wau”.
“Ya
wis yen ngono, pangira ndika kuwi mau becik nek dibuwang wae sing adoh”.
“Inggih
nanging niki kula ajenge matur dhateng ndika Gus” Paman Tanggon wicanten malih,
suwantenipun kepireng radi abot.
“Arep
kandha bab apa Paman? Mbok enggal dikandhakne kene!” wangsulan kula kalih
mesem.
“Amargi
boten krasan digladhi tiyang-tiyang enggal niku, sak niki kanca-kanca saking
Dhukuh Grojoganngubal, Sambirobyong, Sidadadi, Jangglengan lan sing saking Sidamulya
nggih enten, ajeng kendel anggenipun tumut gladhen kanuragan ing Sanggaripun
Kyai Daka” Paman Tanggon ngandaraken ingkang dipun kajengaken.
“Lho…lho…
ndika kuwi kathik kaya bocah cilik kabeh?” kula wangsulan ngiras suka pitutur “pancen
jenenge dedalane guna lawan sekti kuwi kudu andhap asor, supaya bisa katekan
sing digayuh kudu sabar lan tlaten, ora kena gampang mutung kaya ngono kuwi,
nek ndika sakanca wedi rekasa ya tangeh bisane ndika bisa nguwasani nglemu kanuragan,
lan ndika kudu ngerti sansaya abot anggone gladhen sansaya akeh asile anggon
ndika oleh ngelmu kanuragan…..”.
“Sakedhap
ta Gus” Paman Tanggon munggel anggen kula guneman “mpun kesesa nyrengeni kula
rumiyin, atur kula niki dereng rampung”.
“He
he he aku ora srengen Paman” wangsulan kula kalih mesem “ya wis saiki ndika
tutugne”.
“Naa
rak ngoten” Paman Tanggon ketingal tumut mesem “kula sakanca niku boten ajeng
leren anggone sinau ulah kanuragan, nanging ajeng pados cara sanes. Merga
menawi kula sakanca nekad panggah tumut gladhen ing sanggare Kyai Daka, dereng
ngantos siyos saged nggadhahi ngelmu kanuragan kinten-kinten sampun sami cacat
malah kinten-kinten enten ingkang sampun kelajeng pejah, amargi saking
cendhalanipun para ingkang nggladhi”.
“Lha
sing ndika arani golek cara liya kuwi kepriye Paman?” kula nyelani taken.
“Lha
niku ingkang ajeng kula aturaken Gus Dapa” Paman Tanggon wangsulan kalih
setengah gumujeng.
“Iya,
apa kuwi?”
“Estunipun
ing Kepuh Agal mriki niku wonten ingkang nggadhahi ngelmi kanuragan boten kawon
kalihan Kyai Daka, tiyangipun sabar, tata kramanipun jangkep, boten dhemen
ngremehaken tiyang sanes lan saupami dados panuntuning para sinoman Kepuh Agal
ing reh kanuragan sakalangkung saenipun, lha tiyang menika ingkang ingkang
badhe kula lan kanca-kanca dadosaken panuntuning para Sinoman ing reh kanuragan”
Paman Tanggon suka wangsulan.
“Sapa
kuwi? Lan apa gelem aweh tuntunan marang ndika sakanca lan sinoman ing Kepuh
Agal kene?” kula dereng ngertos sinten ingkang dipun kajengaken Paman Tanggon
menika.
“Ki
Panulad, rayinipun Ki Pawana, putranipun Ki Pawit ingkang alit piyambak, Gus” wangsulanipun
Paman Tanggon salajengipun “sedaya tiyang sampun ngertos, sepinten
katiyasanipun Ki Panulad, ndika mesthi taksih kemutan nalika wonten Maesa Benthung
Berik ing lepen paguyangan, sedaya tiyang sami ajrih nyaket, nanging nyatanipun
kanthi gampil Ki Panulad saged misah maesa jaler ingkang berik rebutan babon nika.
Lan malih, nalika ing Baon sakidulipun Sambirobyong wonten sawer ageng ingkang
saben dinten mangsa ingah-ingahanipun tiyang Sambirobyong ingkang saba ing
mriku, ingkang wantun lan saged nyepeng sawer sanca kuning nika nggih Ki
Panulad. Kajawi menika Ki Panulad menika ugi wasis ing babagan ulah jemparing, mbandhil lan sanesipun. Kula
kinten Ki Panulad menika langkung inggil ngelmi kanuraganipun tinimbang Ki Lurah
Danara lan menawi ingkang nuntun gladhen ulah kanuragan sinoman-sinoman ing
Kepuh Agal menika mangke Ki Panulad, ing tembenipun sinoman-sinoman menika
badhe dados betenging Kepuh Agal ingkang kiyat nanging panggah nggadhahi
kasusilan”.
“Pancen
bener, Kakang Panulad kae nduweni kadigdayan kaya sing ndika kandhakne kuwi, nanging
apa Kakang Panulad kae gelem aweh tuntunan kanuragan marang para Sinoman Kepuh
Agal kene?”.
“Kula
sampun matur dhateng Ki Panulad lan Ki Panulad kengkenan supados kula matur
dhateng Ki Jangglengan ing prakawis menika, nanging Ki Jangglengan criyos
menawi piyambakipun pekewed kalihan Kyai Daka menapa dene Lurah Danara” Paman
Tanggon suka wangsulan.
“Dadi
panggah ta ndika sakanca ora bisa sinau kanuragan marang Kakang Panulad?”.
“Nanging
Ki Pawana ugi criyos, piyambakipun namung pekewed kemawon kalihan Kyai Daka lan
Lurah Danara, liripun inggih boten ajrih. Pramila lajeng ngengken kula supados
nyuwun pitedah dhateng Gus Dapa. Menawi Gus Dapa nyarujuki para sinoman ingkang
wegah sinau ulah kanuragan dhateng sanggaripun Kyai Daka gentos dipun tuntun
dening Ki Panulad, mangka Ki Panulad inggih boten kawratan paring tuntunan
dhateng kula sakanca tuwin Ki Pawana inggih badhe nyengkuyung lekasipun para
sinoman menika. Sak niki pripun Gus Dapa anggenipun badhe paring wangsulan
dhateng kula ingkang mangkenipun kula lajengaken dhateng Ki Panulad saha Ki
Jangglengan”.
Sareng
Paman Tanggon wicanten kados makaten menika, kula lajeng nggagas radi panjang,
pramila kula lajeng suka wangsulan :
“Aku
njaluk wektu tak enggone mikir ya Paman? Lan aku uga bakal nemoni Kakang Pawana
apa dene Kakang Panulad kanggo ngrembug perkara iki. Sajrone wektu kurang saka
pitung dina, aku arep mangsuli pitakon ndika iki, mesthi wae lumantar Kakang
Bebau Jangglengan”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar