Total Tayangan Halaman

Sabtu, 23 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (119)


 

119.

        Menawi kula gagas-gagas, mila leres ingkang dipun criyosaken Paman Tanggon kala wau. Ing Kepuh Agal kedah wonten papan kangge gladhen ulah kanuragan salintunipun ing Sanggaripun Kyai Daka. Menawi nitik lelampahan ingkang sampun-sampun, kawewahan dhawuh pituturipun Eyang Pandhanwangi ing pasupenan nalika samanten, menawi para sinoman sinaunipun  ulah kanuragan namung dhateng Kyai Daka lan Lurah Danara saged ambebayani tumrap Kepuh Agal. Nanging kula ugi nggadhahi panginten menawi ngantos wonten Paguron enggal, tamtu Kyai Daka menapa dene Lurah Danara boten badhe remen, boten badhe lila lan menawi ningali padatanipun tiyang kalih menika, saged ugi ingkang yasa lan tumut ing Paguron enggal badhe dipun mengsahi mawi kekiyataning kanuragan, lan saupami ingkang pungkasan menika kedadosan, sami kemawon madegipun paguron enggal menika kalihan damel ajanging pasulayan ing Kepuh Agal. Ngantos tigang dinten kula dereng saged mutusaken, krenah saking Paman Tanggon menika sae dipun turuti menapa botenipun. Kula ugi taksih nggadhahi panganggep sanaosa Ki Panulad menika nggadhahi kalangkungan ing babagan kanuragan, nanging menawi ngantos dipun mengsahi dening Kyai Daka lan Lurah Danara botedn badhe kiyat, awit badhea kados menapa kawontenanipun Ki Panulad kalah cacah menawi katandhing kalihan Kyai Daka.  

        Nuju nedheng-nedhengipun kula nggagas prakawis kasebat, ing wanci ngajengaken seraping surya, Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal rawuh saking anggenipun tindak saking Mataram. Nanging kawontenanipun Bapa sakalangkung nrenyuhaken. Bapa ketingal sayah sanget, agemanipun kumel lan boten ngasta menapa-menapa. Malah Si Gombak titihanipun ugi boten ketingal, Bapa rawuh kalihan tindak ndharat kanthi kawontenan ngrekaos anggenipun njangkahaken suku. Sumerep kawontenanipun Bapa ingkang makaten kalawau, kula daya-daya mandhap ing plataran Bapa kula tuntun setengah kula tetah murih anggenipun tindak boten ngrekaos, lajeng kula beta dhateng senthong papanipun Bapa lan Biyung sare.

        “Tulung aku jupukna Kendhi, aku ngelak banget” dhawuh pangandikanipun Bapa sasampunipun mapan lenggah ing ambenipun. Gage-gage kula medal, mendhetaken unjukan kagem Bapa. Andilalah mBok Jayem kala wau nyawisaken wedang godhogan ron sere, samangke taksih manget-manget.

        “Mangga Bapa, menika wedang sere ingkang tasih anget” atur kula kalih ngulungaken cangkir saking bathok klapa ingkang sampun kula sukani wedang sere.

        “Sadaya pangalembana kunjuk Paduka Gusti” sasampunipun necep lan nyruput wedang sere, Bapa ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti, lajeng ngendika dhateng kula “matur nuwun Ngger, krasa seger rasane awakku sawise ngombe wedang sere anget iki.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula matur nyuwun pirsa kanthi raos was-was “menapa ingkang sampun kedadosan? Kenging menapa Bapa tindak ndharat kemawon? Si Gombak dhateng pundi?”.

        “Dawa banget critane Pradapa” dhawuh wangsulanipun Bapa sareh, sanaosa suwantenipun alon, nanging boten ngetingalaken menawi Bapa taksih ngampet raos boten sekeca ing penggalihipun “sajake iki wis wayahe suruping surya, aku kepengin sesuci lan nindakne panembah marang Gusti luwih dhisik. Aku tuntunen menyang padasan sumur, tak sesuci luwih dhisik, yen padasane kothong tulung isenana dhisik”.

        “Inggih Bapa, padasanipun taksih kebak” atur wangsulan kula kalih ngadeg badhe ngrencangi tindak Bapa “kala wau sampun kula isi lan nembe kalong sakedhik kula damel sesuci”.

        “Kowe ya sesuci Pradapa?” Bapa mundhut pirsa kalihan pasuryan ketingal ngungun, kula kinten Bapa mila dereng pirsa menawi samangke kula sampun purun nindakaken sembahyang malih sasampunipun dangu boten nglampahi.

        “Inggih Bapa” atur wangsulan kula kalihan mesem “awit pandonga saha pangestunipun Bapa, sajengkaripun Bapa dhateng Mataram kala samanten, kula pikantuk pitedahipun Gusti temah saged wangsul ngambah margi ingkang Bapa wucalaken”.

        “Matur nuwun Gusti…..” Bapa ngendika kalihan ndhangak mirsani nginggil, ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti, lajeng ngendika malih dhateng kula “prasasat karoban segara madu senenging atiku krungu tembungmu sing keri dhewe iki mau Pradapa, bebasan sanadyan durung mati kaya-kaya wis anguk-anguk lawanging suwarga, dene anakku sing banget tak kresnani iki wis eling marang piwulanging Gusti temah bali weruh yen drajate kuwi kawula kang kudu manembah marang Gustine”.

        Sasampunipun sesuci Bapa ngersakaken dhateng sanggar papan panembahipun, kalihan mesem panjenenganipun ngendika malih :

        “Aku kepengin leren ana kene wae, yen ana wong sing kepengin martakne olehku bali saka nindakne kuwajiban winadi iki, supaya mrene”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan cekak.

        Sasampunipun kula lan Bapa nindakaken panembah wanci serap surya, Bapa taksih ketungkul nenuwun dhumateng Gusti, menapa ingkang dipun ngendikaken kula boten mangertos awit mawi suwanten ingkang ketingalipun namung saged dipun mirengaken Bapa piyambak. Kula lajeng medal saking sanggar, madosi Rewang ingkang kajibah nyawisaken dhahar dalu, badhe kula kengken murih anggenipun lelados dhahar dhateng Bapa kabekta dhateng sanggar kemawon.

        Jebul sasampunipun dhahar cumawis, Bapa namung mundhut sakedhik sanget lan paring dhawuh dhateng kula supados ndherek nedha sesarengan kalihan Bapa.

        “Sumurupa Pradapa” kalihan nyangga layah ingkang isi dhaharipun Bapa ngendika dhateng kula “tak etung-etung wis suwe banget aku kaparingan wektu dening Gusti kanggo ngrasakne enake panganan lan kuwi arang banget aku ngrumangsani, saiki wancine aku ora bisa weruh rasane panganan kang enak lan mirasa, yen aku nganti ngresula kuwi padha wae aku iki titah sing wuta marang kabecikan. Mula telungane kowe sing isih bisa ngrasakne enaking panganan, nggedhekna rasa panarima lan tarima kasih marang Gusti. Dene cara kanggo nelakake rasa tarima kasih mau ora mung cukup ana pangucaping lambe lan ilat wae. Nanging kudu dicakne klawan laku sing nyata”.

        “Inggih Bapa” kula namung saged atur wangsulan cekak, raosing manah kula kirang sekeca mireng dhawuh pangandikanipun Bapa ingkang makaten kala wau, boten sekeca ingkang kirang cetha.

        “Laku sing nyata kuwi kudu ngelingi yen awake dhewe tinitahake ing ngalam padhang iki ora dhewe, nanging isih akeh titah liyane sing padha-padha tinitahake kaya awake dhewe, nanging mbok menawa durung bisa ngrasakne urip kaya awake dhewe sing wiwit biyen ora tau kasatan banyu ngombe lan ora tau adoh karo pangan. Mula dhawuhna marang para rewang dalem kalurahan sesuk supaya ngedum pasadiyan pangan kang ana ing dalem kalurahan marang wong-wong Kepuh Agal sing lagi kasatan bebakalaning pangan” Bapa nutugaken anggenipun paring dhawuh.

        “Lajeng ingkang kangge awakipun piyambak tuwin kulawarga dalem Kalurahan ngengeh sapinten Bapa?” kula nyela atur, awit mila kula ngertos menawi wos lan sapanunggalanipun ingkang wonten ing dalem kalurahan mila kathah cekap menawi kangge jatah tigang wulan. Kajawi saking menika, ing lumbung ugi taksih kathah tumpukan pantun garing lan sawanci-wanci saged dipun tutu murih dados wos.

        “Ngengeha sawatara wae, gajege ora nganti sepasar maneh, Gaga tandurane dhewe kae wis wayahe panen” Bapa paring wangsulan.

        “Inggih Bapa”.

        “Saiki rungokna dhawuhku marang kowe, aja kongsi tumpang suh nggonmu nindakne mengko. Yen wis, lagi bakal tak kandhakne ya gene aku dadi kaya mangkene iki” Bapa paring dhawuh malih.

        “Inggih Bapa, kula badhe mirengaken dhawuhipun Bapa, suwawi enggal kadhawuhaken”.

        “Saiki uga, jupuken Keris Kyai Pantek sing tak singidake tumumpang blandar omah Pawon sisih kulon kae, banjur gawanen mrene” Bapa ngendikaken dhawuhipunm sinarengan nyelehaken Layah ingkang kagem ajang ing klasa. Kula tingali dhaharanipun boten kalong babar pisan. Kula inggih lajeng nyampuni anggen kula nedha.

        Kula babar pisan boten nginten manawi Dhuwung Kyai Pantek ingkang ing plangkanipun boten wonten jebul dipun singidaken Bapa ing Blandar griya pawon. Waunipun kula kinten menawi dening Bapa kaasta tindak dhateng Mataram. Kula lajeng dhateng griya pawon, mendhet andha kangge mendhet Dhuwung Kyai Pantek. Saderengipun, kula prentah dhateng rewang murih ngunduri dhaharan saking papan panembah.

        “Menika Bapa” sasampunipun Dhuwung kula pendhet lajeng kula aturaken ing ngarsanipun Bapa.

        “Kowe mesthi takon sajroning ati” Bapa ngendika malih “ya gene Kyai Pantek tak seleh ing papan sing ora samesthine?. Sumurupa Pradapa, kowe kudune eling sadurunge aku budhal kae aku kandha marang kowe yen blandar pawon sisih kulon wis wayahe ngganti, ngono kae satemene sasmita marang kowe yen ing kono Kyai Pantek tak selehake. Kuwi kanggo njagani yen nganti aku ora bisa bali maneh sawuse lunga budhal menyang Mataram. Gandheng saiki wis bisa bali, mangka sasmita kuwi wis rampung. Anane Keris kuwi tak selehne kono, awit aku kuwatir yen nganti ana wong sing melik kepengin nguwasani keris kuwi banjur nyolong menyang plangkane. Maune Keris piyandel Kepuh Agal kuwi pancen arep tak gawa, nanging aku uga nguwatirake yen nganti aku entuk alangan ing dalan, mangka keris kuwi mesthi banjur ilang. Lan saupama sida tak gawa, kira-kira aku malah wis dadi bathang sing tanpa kuburan, wong jebule sabaliku saka Mataram aku oleh alangan sing ndadekne aku kaya mangkene iki”.

        “Ing Margi Bapa pikantuk aral menapa ?” kula nyela atur, nyuwun pirsa.

        “Mengko dhisik, dahwuhku marang kowe durung rampung, rungokna dhisik!” dhawuh wangsulanipun Bapa.

        “Inggih Bapa, nyuwun pangapunten”.

        Bapa lajeng nguculi iket warni cemeng mawi bathikan warni pethak ingkang kala wau kaagem sabukan.

        “Iket iki titipan saka Rekyana Patih Mandaraka kanggo kowe, kasep-kasepe sajroning telung purnama, kowe kudu bisa marak ing ngarsane Rekyana Patih Mandaraka ing Kutha Gedhe Mataram lumantar Raden Tumenggung Tesengkusuma, sing saiki wis mundhak pangkat dadi Raden Mas Tumenggung kanthi nggawa iket kuwi” Bapa paring dhawuh kalihan maringaken iket ingkang nembe kemawon dipun lepas saking lempengipun, lajeng ngendika malih “mbok menawa kanthi ngaturake iket kuwi bisa dadi srana nggonmu bakal ketampa ngabdi lan ngawula marang Narendra Mataram”.

        “Inggih Bapa, ngaturaken genging panuwun” atur wangsulan kula kalih nampani iket kala wau.

        “Nanging kowe kudu ngerti” Bapa paring dhawuh malih “wong ngawula ing ratu kuwi ora gampang, malah kena diarani luwih pakewuh, ora kena minggrang-minggring, nek iya ya iya nek ora, luwung ora sah ngabdi, kudu manteb, sarta kudu setya tuhu marang Gusti sing dikawulani, ora kena pisan-pisan wani mbadal marang dhawuh”.

 

Ana candhake
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...