120.
Lan
taksih kathah malih anggenipun Bapa paring piwucal menggah ingkang dados sarat
tumraping tiyang ingkang badhe suwita dhateng Ratu. Lahir baton sedaya
dhawuhipun Bapa kula sagahi, boten kesupen kula ugi tansah nyuwun donga lan
pangestu dhateng Bapa mugi anggen kula badhe suwita dhateng Mataram menika
mangke saged damel kasaenan tumrap nagari ingkang badhe kula suwitani, saha
tinampi minangka sarananing panembah kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung.
“Sokur
yen kowe isih eling Pradapa” ngendikanipun Bapa salajengipun “tata gelar dadi
abdining Ratu kuwi masrahake jiwa lan ragane marang sing dikawulani, nanging
satemene kuwi mung sarana ngawula marang Gusti Kang Murbeng Urip, jalaran mapan
Ratu iku kapiji dening Hyang Agung marentahaken kukum adil ing lumahing bumi,
mula Gusti Panembahan ing Kutha Gedhe Mataram kae ngagem sebutan Kalipatullah,
tegese mung wewakiling Allah kang kadhawuhan mangarsani manungsa murih memayu
hayuning jagad saisine”.
“Inggih
Bapa” kula namung wangsulan cekak.
“Sabanjure,
sawuse iket pratandha saka Mataram kuwi mbok tampa, saiki gawenen sabukan,
tutupana nganggo klambi sing mbok enggo kaya kang wis tak tindakne mau. Prelune
ora saben wong bisa weruh yen kowe nggawa pratandha saka Mataram. Sabab yen
nganti konangan wong liya yen kowe nggadhuh iket gadhung kuwi, bisa ndadekne
ora becike tumrap sing weruh lan tumrap awakmu dhewe” Bapa nglajengaken
anggenipun paring dhawuh.
“Inggih
Bapa” wangsulan kula kalihan nglampahi menapa ingkang dipun dhawuhaken Bapa,
iket kula candhak lajeng kula ubetaken ing bangkekan kados dene sabuk. Nanging
saderengipun kula tutupi mawi rasukan, Bapa lajeng paring dhawuh malih :
“Saiki,
Keris Kyai Pantek iki, slempitna ing lempengmu sing wis mbok sabuki nganggo
iket kuwi mau”.
Keris
Kyai Pantek lajeng kula pendhet, dhawuhipun Bapa kula cakaken.
“Wiwit
dina iki” Bapa nglajengaken paring dhawuh “kaslametane Kyai Pantek wis dadi
tanggung jawabmu. Aja kongsi ucul banjur dikuwasani sapa wae kajaba awakmu.
Kaya weling sing wis wola-wali tak kandhakne, yen nganti kowe rumangsa ora bisa
maneh ngreksa Kyai Pantek, mangka kundurna pusaka kuwi marang ingkang kagungan
kanthi sarana larungen ing telenging Sendhang Ngiyom”.
“Nuwun
sewu Bapa” kula sumela atur “kula nate mireng bilih Dhuwung Kyai Pantek menika
sipat kandeling Dhusun Kepuh Agal, menawi kula siyos bidhal ngabdi dhateng
Mataram menapa Dhuwung menika kedah kula kunduraken dhateng Bapa malih?”.
“Ora!”
Bapa paring wangsulan “Keris kuwi pancen minangka Sipat Kandel kanggo aku
sasuwene aku ngesuhi Desa Kepuh Agal iki, supaya wong sing arep
ngregon-ngregoni lakuku nindakne kuwajiban minangaka lurah bisa tak atasi
nganggo Keris kuwi. Saiki aku wis ora mbutuhake apa-apa maneh, jalaran jejibahanku
marang Kepuh Agal, sing tak emban iki wis
meh purna, mung kari siji ya iku mbudidaya murih Kyai Pantek aja nganti tumiba
lan dikuwasani dening tangane wong sing ora bener, awit bisa gawe bubrahe Desa
lan Kawula ing Kepuh Agal kene”.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” raosing manah kula boten sekeca nalika kula mireng Bapa
ngendikakaken bilih jejibahanipun dhateng Kepuh Agal sampun badhe purna, kula
lajeng nyuwun pirsa menapa ingkang dipun kersakaken Bapa kalihan tembung menika
“kula rumaos dereng mangertos kalihan kersanipun Bapa menika”.
“He
he he” Bapa gumujeng alon, lajeng ngendika “saiki rungokna, arep tak wangsuli
pitakonmu sing mau durung tak wangsuli mau, ya iku ana lelakon apa dene aku
bali ora nunggang Si Gombak malah awakku dadi kaya mangkene iki, mlaku wae dadi
rekasa, ambegan ya ora longgar ngene iki”.
“Inggih
Bapa”
“Tenane,
aku bisa tekan omah maneh iki wae wis mujudne sawijining kanugrahan sing tanpa
upama gedhene, lan aku banget ngunjukne rasa tarima kasih marang Allah. Jalaran
kanthi lelantaran salah sawijining kawulaNe, aku isih diparingi kalodhangan
bisa ketemu karo kowe lan aweh weling kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep”.
“Inggih
Bapa”
“Dene
cethane lakon kaya mangkene :
Nalika
budhal bali saka Mataramm atiku krasa seneng sing tanpa upama, awit anakku
lanang bakal katarima suwita ing Dalem Kepatihan. Mula anggonku nggelak lakune
Si Gombak ya rada tak sengka, awit aku daya-daya selak kepengin nekakne warta
gembira iki marang anakku lanang ya kowe kuwi Pradapa.
Nanging
jebul ana dalan ana alangan, ya kuwi sawise olehku ninggalne Kutha Gedhe oleh
telung dina. Ing sawijining alas, adoh sawetane Kadipaten Pajang, sing aku ora
ngerti jenenge alas apa, ya kuwi manggone ana sukuning Gunung Lawu sisih lor,
sing ing kono akeh jurange sing jero lan mbebayani tumrap sing padha liwat
kono. Dumadakan aku dicegat dening wong pirang-pirang sing ngadhang ana
tengahing dalan. Mesthi wae, aku banjur mandheg, mudhun saka gigiring Si
Gombak.
“Nuwun
sewu Kisanak, kaparengna kula badhe ndherek langkung” karo nuntun Si Gombak aku
nembung njaluk palilah arep liwat.
“Mengko
dhisik Kisanak” salah siji saka wong sing ngadhang laku kuwi wangsulan karo
takon “ndika iki sapa? wong saka ngendi? arep menyang ngendi? Teka wani-wani
ngambah laladan sing dadi wewengkonku he?”.
“Nyuwun
pangapunten Kisanak, nami kula Sarkara tebih saking Dhusun Kepuh Agal, menika
kula badhe wangsul, inggih nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi laladan
menika wewengkon ndika. Nanging kula boten gadhah sedya awon, namung kepengin
badhe ndherek nglangkungi papan menika kemawon”.
“Kepuh
Agal?” Wong mau semaur karo rada nggetak “Kepuh Agal kuwi ngendi? Lagi iki aku
krungu jeneng desa Kepuh Agal!”.
“Mila
menika Dhusun enggal Ki Sanak” aku wangsulan karo nyabarake ati, ora ana gunane
sulaya rembug karo wong liya ing tengah dalan ngene iki “saking mriki watawis
lampahan kalih dinten kalih dalu”.
“He
he he …..Adoh nek ngono?” wong mau ngguyu sajak ngece “ya wis ndika mbalik wae
golek dalan liya, aja liwat wewengkonku kene, wewengkonku iki ora kena diliwati
sapa wae!”.
“Menawi
makaten kula kedah mbalik Kisanak?” aku takon karo suwara tak gawe sareh “menawi
kapareng mbok inggih kula dipun tedahi margi sanes ingkang saged kula langkungi”.
“nDika
arep liwat ngendi wae aku ora arep menging, waton ora ngliwati sing dadi panguwasaku.
Ngerti?” tak takoni apik-apikan ngono
kuwi wong mau malah semaur karo nggetak, mripati wiwit mlilik. Aku ya wiwit
nggagas nek wong-wong kuwi mesthi bangsane brandhal sing dhemen nyegat wong
liwat banjur direbut bandha duweke.
“Matur
nuwun Kisanak” sanajanta mangkono aku api-api mbodhoni, murih wong-wong kuwi
ora sansaya nesu marang aku. Neng ati ya wis tak niyati, nek pancen kabeh barang
sing tak gawa iki dijaluk, ya arep tak ulungake tinimbang aku dipilara dening
wong sing cacahe watara ana sepuluh luwih kuwi “wewengkon ingkang dados
panguwaos ndika dumugi pundi inggih? Kula kepengin boten nglangkungi ingkang
dados wewengkon ndika?”.
“Kowe
takon watese laladan sing dadi wewengkonku?” wong mau ora mendha olehe nesu,
malah olehe nggetak sansaya banter “saka kene mangidul tekan Kidule Gunung
Lawu, mengalor tekan sak lore segara lor, ngerti?!?”.
Aki
banjur nginger sirahe Si Gombak, arep tak jak mbalik, karo guneman marang wong
kuwi :
“Nggih
sampun, kula wangsul mawon” karo muni ngono kuwi, Si Gombak tak tuntun ngadoh
saka wong-wong kuwi. Aku nedya mbalik mengulon.
Nanging
sadurunge aku munggah menyang gigire si Gombak, dumadakan ana barang abot lan
atos nibani sirahku ing sisih mburi banjur disusul maneh sing nibani geger lan
bahuku sisih kering. Sabanjure aku wis ora weruh apa-apa maneh. Mung lamat-lamat
aku isih krungu suwarane wong pirang-pirang pating brengok, ora cetha apa sing
diucapne.
Nalika
aku bali eling, aku mambu gandane bobokan jamu. Aku gumlethak ana pasuketan ing
ngendi aku ora ngerti.
“Aja
kuwatir Kisanak, ndika wis adoh saka panggonane para Brandhal sing ngaku
andhahane Nyai Klenthing Mungil mau” ana suwara alus sing ngandhani aku. Jebul
sing nyuwara kuwi kaki-kaki tuwa sing ora duwe rambut babar pisan, nanging brengos
lan jenggote dawa banget nganti meh tekan dhadha. Aku mung meneng merga arep guneman rasane
durung bisa.
“Jaran
lan kabeh barang sing ndika gawa, digawa dening para Brandhal mau” Kaki-kaki
tuwa kuwi guneman maneh “mung kali sruwal karo klambi lan iket sing ndika agem
ing mustaka lan ndika sabukne neng lempeng iki wae sing kari”.
“Matur
nuwun Kyai……” aku ngaturake panuwun marang Kaki-kaki sing wis nulungi aku kuwi.
“Padha-padha
Kisanak” wangsulane Kaki-kaki kuwi sabanjure “eman, tatu sing ndika sandhang
merga racun ing gadane Brandhal-brandhal kae mau, aku ora kuwawa nambani.Aku
mung bisa ngrendhet lakune racun sing ngarah marang jejantung ndika wae, kuwi
wae ya ora suwe. Kira-kira ya mung pitung dina. Mula becike ndika enggal bisa
tumekan omah. Tak surung nganggo ajiku Tirtaraga, muga-muga sajroning wektu
telung dina ndika bisa tekan omah lan bisa oleh pitulungan kanggo ngilangi
racun sing ana raga ndika saiki iki”.
Ora
ngenteni tak wangsuli Kaki-kaki tuwa kuwi banjur sedhakep. Awakku krasa dadi
entheng. Entheng banget lan kaya ana kekuwatan sing meksa, aku tangi banjur
ngadeg, lan ora eling apa-apa maneh, kaya-kaya aku ngambah ing alam liya aku
jumangkah sing ora manut marang pakoning pikirku.
Ngerti-ngerti
aku wis tekan plataran omah banjur mbok tulungi munggah mlebu omah iki mau”
Bapa mungkasi anggonipun cariyos.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar