Total Tayangan Halaman

Minggu, 24 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (121)


121.

        Lan sasampunipun menika, Bapa ketingal sansaya ringkih lajeng mapan sare wonten ing pasujudan. Kula nggagas, menawi kala wau Bapa ngendika, dening ingkang paring pitulungan dipun criyosi taksih wonten wekdal kangge ngusadani gerahipun ingkang jalaran kenging racun ingkang wonten ing gadanipun begal menika, watawis sekawan dinten. Nanging dhateng pundi anggen kula badhe pados usada kala wau? Rumiyin Bapa nate paring dhawuh mbudidaya menika kuwajibaning titah, dene kasil lan botenipun menika wewenanging Gusti Allah. Inggih awit saking menika tumunten tuwuh sedya ing manah kula badhe ngupadi jampi kangge ngusadani Bapa. Duka dhateng pundi mangke anggen kula badhe madosi.

        “Pradapa…..” kalihan sarean Bapa nimbali kula.

        “Inggih Bapa?” kula atur wangsulan.

        “Sajroning wektu telung dina iki aku aja mbok tinggal adoh-adoh” ngendikanipun Bapa kalihan suwanten ingkang alon lan pedhot-pedhot kabekta saking napas ingkang katingal sesak “aku ngerti nek kowe arep metu saka omah saprelu nggolekne tamba aku, nanging kuwi wis ora ana gunane. Pesthine uripku katone ya mung tekan semene, dadi ya ora kacek adoh karo Biyungmu. Mula tak jaluk kowe sing rila lan legawa, jalaran pati lan urip kuwi kagungane Allah, awake dhewe teka ing donya iki asale saka Allah lan yen wis wancine kudu bali marang Allah. Ora liwat sapungkurku aja nganti kowe ninggalne panembahmu marang Gusti, aja seneng kowe gawe seriking sapepadhane wong, nggedhekna watak dhemen tetulung lan aja pisan-pisan kowe mbedak-mbedakne wong. Kabeh kuwi titahing Gusti sing kudu mbok aji-aji, yen kowe dhemen ngremehake titahing Gusti padha wae kowe dhemen ngremehake marang Allah. Sejatining satriya kuwi ora bakal kanggonan rasa gething ing atine, sanadyan marang mungsuh pisan ora bakal gething, awit temene sing ala kuwi dudu manungsane nanging hawa nepsu sing ucul saka kekeraning ati”.

        “Inggih Bapa, dhawuhipun Bapa badhe tansah kula damel paugeraning gesang kula” kula atur wangsulan, gandheng kula rumaos boten wantala ningali kawontenanipun Bapa ingkang sansaya ringkih, kula lajeng matur “samangke Bapa ngaso kemawon rumiyin…..”.

        “Iya, aku pancen arep leren” Bapa taksih ngendika malih “nanging aku ngenteni wektu ilange mega abang ing sisih kulon dhisik, yen wis aku arep sesuci mawa lebu kang suci jalaran aku wis ora kuwat tangi. Yen wis nindakne sembahyang, aku banjur arep leren kowe dhewe ya lerena”.

        Saestu, sasampunipun nindakaken panembah ing wanci dalu, Bapa lajeng sare. Sanaosa ketingal sansaya pucet pasuryanipun, nanging ambeganipun kapireng sampun radi aring, kados limrahipun tiyang ingkang nembe tilem. Manah kula inggih kraos radi ayem. Lan wiwit wekdal menika, Bapa boten ngendika menapa-menapa malih, ewa samanten saben wancinipun manembah mesthi lajeng mbikak netranipun, sesuci mawi lebu ingkang tumempel ing papan sarenipun lajeng sembahyang, sasampunipun sembahyang inggih lajeng sare malih.

        Kalih dinten sasampunipun Bapa rawuh kanthi kawontenan gerah ingkang kados makaten menika, ing wanci ngasar inggil Ki Pawana madosi kula ing Dalem kalurahan. Ki Bebau Jangglengan dereng mangertos menawi Bapa sampun rawuh. Sareng kula criyosi manawi Bapa sampun rawuh lan nandhang gerah ingkang santer, lan kula takeni menggah ingkang dados sedyanipun madosi kula menika. Ki Pawaba lajeng wangsulan :

        “Inggih Gus, estunipun kula badhe matur bab anggenipun Tanggon lan rencang-rencangipun kepengin gladhen ulah kanuragan ing sajawining sanggaripun Kyai Daka kados ingkang sampun dipun aturaken dhateng Gus Pradapa watawis sapeken kapengker. Nanging gandheng samangke Ki Lurah sampun rawuh lan nembe gerah, prayogi rembag babagan menika dipun sumenekaken rumiyin, benjing kemawon menawi Ki Lurah sampun dhangan saged dipun rembag malih kanthi langkung mirunggan”.

        “Iya Kakang Pawana” wangsulan kula nayogyani “bares wae, dina iki atiku lagi peteng, pamikirku kuwur, dadi saupama ndika ajak rembugan babagan kang wigati ya ora bisa”.

        Boten dangu Ki Pawana ugi lajeng pamitan wangsul. Dalunipun, Ki Bebau Jangglengan menika dugi malih nanging boten piyambakan, sedaya Bebau kajawi Bebau ing Sidamulya sami dipun ajak.

        “Nyuwun pangapunten Gus” wicantenipun Ki Bebau Jangglengan sareng kula panggihi ing pendhapa “sareng kanca-kanca Bebau kula kabari bilih Ki Lurah sampun kundur nanging nembe gerah, sedaya sami nyuwun palilah badhe ndherek tugur anenggani gerahipun Ki Kepuh Agal”.

        “Iya, iya Ki Bau, aku banget nedha nrima marang ndika kabeh sing arep ngancani aku melekan nunggoni Bapa sing lagi gerah” wangsulan kula ingkang lajeng kula sambung mawi pitaken “gajege iki wis pepak, mung Ki Lurah Danara sing ora katon?”.

        “Inggih Gus” ingkang wangsulan Bebau Sambirobyong, Ki Sambi “wau siyang nalika kula dhateng Sidamulya, Lurah Danara nembe boten wonten griya, lajeng pas kula badhe bidhal mriki wau kober kula ampiri malih, nanging inggih dereng wangsul. Criyosipun Nyai Bau Sidamulya, Ki Lurah Danara nembe kekesahan radi tebih kalihan para siswanipun Kyai Daka ingkang manggen ing griya sawingkinging Sanggar , mbok menawi tigang dinten utawi sapeken nembe wangsul”.

        “Ooo, ngono? Ya wis tak kira nek ana pasarujukan arep nilap Ki Lurah Danara” wangsulan kula kalih mesem. Kula lajeng kengetan wicantenipun Paman Tanggon ingkang nelakaken sujananipun dhateng siswa-siswanipun Kyai Daka ingkang enggal lan dipun damelaken griya ing sawingkingipun sanggar. Siswa-siswa ingkang nggadhahi watak kirang sae, remen wicanten kasar lan saru saha nggadhahi solah bawa ingkang tebih saking tata krami.

        “Boten kok Gus” ingkang wangsulan gentos Ki Pawana, Bebau Jangglengan “badhea kados menapa Ki Danara menika tetep karengkuh dening sedaya Bebau minangka mitra kangge leladi dhateng Kepuh Agal menika”.

        Bebau sekawan kala wau lajeng kula ajak mlebet dhateng sanggar, papanipun Bapa sare. Kula lan Bebau sekawan kala wau sampun mbudidaya murih boten ngedalaken suwanten anggenipun mlebet ing salebeting Sanggar, nanging jebul Bapa nuju boten sare. Dados inggih pirsa menawi para Bebau sami dugi mriku.

        “Pradapa, sapa sing wis aweh kabar marang para Bebau iki mau?” Bapa ndangu kula mawi suwanten alon nanging boten pedhot-pedhot, awit napasipun sampun boten menggeh-menggeh malih.

        “Kala wau siyang Ki Jangglengan mriki Bapa” atur wangsulan kula blaka “lajeng kula warah menawi Bapa sampun kundur, namung kemawon samangke nembe gerah”.

        “Pangabekti kula katur, Ki Lurah” Bebau Jangglengan nyambung atur kula kalihan ngaturaken bekti “nyuwun pangapunten, kula boten mangertos menawi Ki Lurah sampun kundur lan jebul gerah”.

        “Iya, Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa kalihan mesem pait “wis rong dina aku tekan omah, marahi ya raga wis tuwa, katone aku iki kekeselen, embuh piye, kok banjur dadi kaya ngene?. Piye sasuwene tak tinggal iki?  Mesthine kabeh wis bisa ndika cukupi ta?”.

        “Inggih awit pangestunipun Ki Lurah saha saking panyengkuyungipun para kadang Bebau sedaya, para sapukawat lan sesepuh Kepuh Agal, tuwin awit pambiyantunipun Gus Pradapa, jejibahan ingkang kaparingaken dhateng kula saged kula lampahi kanthi sae, Ki Lurah”  atur wangsulanipun Ki Pawana.

        “Sokur ta yen ngono Ki Bau” Bapa ngendika malih “malah gaweyan sing tak tandangi sing isih nisa sethithik, ya kapan-kapan kareben dirampungne Pradapa. Ki Bau isih eling karo unine layang sing wis tak tapak astani perkara jejibahan sing saiki ndika ayahi kuwi?”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawana.

        “Layang kae ora ana wates kanggone, kamangka saiki aku lagi lara kaya ngene iki, lan sawise lara apa aku bali waras apa banjur nusul Nyai Lurah rak ora ana sing ngerti ta?. Mula kuwajiban ndika ya kaya sing kamot ing layang kae, Ki Bau Jangglengan” .

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Pawana “kula pitados Ki Lurah boten dangu malih tamtu sampun waluya jati kados nalika Ki Lurah badhe jengkar nilar Kepuh Agal ngayahi jejibahan winadi nalika samanten”.

        “Matur nuwun Ki Bau” Bapa ngendika malih “kabeh wong lara mesthi kepengin lan mbudidaya murih bisa waras maneh, nanging Krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pesthi, pambudidayaning titah winatesan tekdiring Gusti Allah. Mula mbok menawa isih dikeparengake dening Sing Maha Wenang, aku kepengin rembugan sethithik karo Ki Pawit lan Para Bebau ing Kepuh Agal kabeh. Mula aku njaluk tulung marang ndika Ki Jangglengan, sesuk bengi sawise mega abang ing sisih kulon ilang Ki Pawit aturana tindak mrene lan Para Bebau kabeh uga tak jaluk padha teka”.

        “Inggih Ki Lurah ngestokaken dhawuh” wangsulanipun Ki Pawana ingkang lajeng kasambet “menika sedaya kadang Bebau ugi sampun mireng piyambak dhawuhipun Ki Kepuh Agal, namung Ki Danara ingkang dereng mireng. Miturut kabar ingkang kula tampi, dinten menika Ki Bebau ing Sidamulya nembe kekesahan radi tebih, ambok bilih ngantos tigang dinten menapa sepeken nembe wangsul. Awit saking menika, menawi Ki Danara benjing boten saged ndherek sowan mriki, mugi Ki Lurah kepareng paring pangaksami”.

        “Iya Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Bapa “saupama Danara ora bisa teka kene, embuh wonge lunga durung bali, embuh merga lagi aras-arasen, ya ora apa-apa, bares wae aku ora pati mbutuhake Danara nanging aku banget mbutuhake pambiyantu saka Ki Pawit lan ndika kabeh Bebau Kepuh Agal sing saiki ana kene iki, mula sepisan maneh aku njaluk sesuk padha mrenea”.

        “Inggih Ki Lurah, sendika ngestokaken dhawuh” Bebau Sidadadi, Sambirobyong, Grojoganngubal lan Bebau Jangglengan sareng-sareng atur wangsulan.

        “Saiki aku arep leren, ndika kabeh nek arep ngancani Pradapa ana kene, aja mung padha meneng-menengan, ndika aja samar lan aja padha rikuh pakewuh, lerenku ora bakal keganggu merga suwara ndika kabeh. Yen ana perkara sing kudu dirembug, padha rembugen wae sepisan maneh aku ora bakal keganggu dening suwara rembugan ndika”.

        Bapa lajeng kendel, netranipun dipun tutup lajeng sare malih. Suwanten napasipun cetha nedahaken menawi Bapa mila estu sampun sare.

 

Ana candhake
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...