122.
Dalu menika Bapa ketingal saged sare
kanthi pules, babar pisan boten kepireng anggenipun ngeses menapa malih sambat.
Ingkang makaten menika ndadosaken kula lan para Bebau ingkang nenggani sami
kraos ayem. Malah kula kober kengkenan Paman Genter murih suka pasegahan
dhateng para Bebau kangge kanca jejagongan lan wungon ing sanggaripun Bapa
menika. Lan Para Bebau inggih kanthi sekeca sami ngrahabi unjukan wedang jahe
kalihan Uwi Senggani ingkang dipun godhog. Nalika wanci ngancik sapratiganing
dalu ingkang kantun, Bapa wungu nanging boten ngendika menapa-menapa, malah
lajeng sesuci mawi lebu suci, lajeng nindakaken lampah panembah dhateng Gusti
sanaosa inggih kalihan sasmita kemawon. Lan nalika bang-bang wetan sampun
ngetingal, Bapa wungu malih lan kados wau nindakaken sesuci lan lampah
panembah. Para Bebau inggih lajeng sami pamitan badhe wangsul ing griyanipun
piyambak-piyambak.
Ing siyangipun para rewang ing dalem
kalurahan, katimbalan dening Bapa murih marak ing papanipun sarean. Dhumateng
para rewang menika, Bapa mundhut pangaksami menawi sadangunipun para Rewang
menika suka pambiyantu dhateng Bapa lan kulawarga dalem Kalurahan, Bapa dereng
saged paring pituwas ingkang jumbuh kalihan lelabetanipun para rewang kala wau.
Bapa ugi dhawuh nedha nrima lan ndedonga dhumateng Gusti, mugi-mugi
pagesanganipun para rewang lan kulawarga sarta turun-turunipun kaparingan
karahayon, kabegjan lan kamulyan dening Gusti Ingkang Maha Mirah. Sedaya rewang
ingkang mireng dhawuh pangandikanipun Bapa makaten menika sami boten kiyat
ngampet raosing manahipun piyambak-piyambak, sedaya sami trenyuh manahipun lajeng
sami nangis sanaosa boten ngedalaken suwanten kajawi namung sesenggrukan.
Dening Bapa para rewang ugi kaparingan pitutur murih pinter lila lamun kelangan
ora gegetun, nrima yen kataman sak serik sameng dumadi legawa pasrah dhateng
purbaning Kawasa.
“Aku lan ndika kabeh kuwi satemene ora
beda” makaten antawising pitutur saking Bapa dhumateng para rewang dalem
kalurahan “nanging padha. Tegese, aku lan ndika kuwi ing ngarsaning Gusti padha
olehe bodho, padha olehe mlarat, padha olehe asor, padha olehe mung dadi
kawulane Allah. Awit satemen-temene kapinteran, kasugihan, kalungguhan lan
sapiturute kuwi kabeh kagungane Allah awake dhewe lan titah liyane mung sadrema
kapanggonan utawa katitipan murih digunakne kanggo sangu nglakoni urip ing alam
padhang iki supaya bisa nindakne kabeh kuwajibaning titah marang Gustine. Lan
ing mbesuke, kabeh titipan kuwi bakal dilandrat kaya apa anggone titah nanjakne
titipan mau, yen becik anggone nanjakne mangka bakal thukul ganjaran sing agung
dene yen olehe nanjakne mung nggugu kersa priyangga kang tinuntun dening hawa
nafsu sing ucul saka kekeran, mangka ya bakal ana pidanane. Mula sepisan maneh
aku njaluk pangapura saka ndika kabeh, awit aku nglenggana nggonku ngecakne
titipan sing tak tampa mligine kang tumanduk marang ndika kabeh, isih akeh
luput lan kurange, ya muga-muga wae pangapura saka ndika mengko bisa nyuda
pidana saka Gusti Kang Maha Asih. Sabanjure, ndika kabeh kudu taksah eling yen
jejering titah kuwi meh kaya sarah kang ana ing segara, lakune mung manut
marang ilining banyu. Nalika Gusti ngersakne manungsa lahir, mangka iya ora ana
sing bisa mambengi supaya ora sida lahir, samono uga nalika Gusti ngersakne
manungsa mati lan bali marang mula-mulane, mangka digedhongana dikuncenana tan
wurunga manungsa bakal mati. Ora ana titah sing ngaweruhi kapan tumibane
pesthi, embuh aku dhisik embuh ndika dhisik, anggone kapundhut bali. Mula
becike ayo aku lan ndika padha prasetya ing jeroning atine dhewe-dhewe, gelema
sing kapundhut keri ndongakne sing kapundhut luwih dhisik, murih bisa lepas
lakune, padhang dalane katampa sowane lan kapapanake ing papan kang jumbuh karo
lelabuhan sing dicakne nalika uripe”.
Sedaya ingkang sami mireng pututuring Bapa,
kalebet kula, lajeng sami nginggihi sinartan luh ingkang terus kumucur saking
mripat.
Trus ginelak ujaring tiyang ndongeng, ing
wanci dalunipun Ki Pawit lan para Bebau ingkang kala dalu kadhawuhan dening
Bapa murih dugi ing sanggar, sedaya sampun sami dugi. Kados ingkang kaaturaken
Ki Pawana, dugi dalu menika Ki Danara dereng dugi saking anggenipun kesah,
dados inggih boten tumut ngadhep ing ngarsanipun Bapa. Kados kala wingi, kula
inggih lajeng ngatag Paman Genter murih suka pasegahan dhateng para ingkang
sami dugi kados pasegahan kala wingi.
“Kakang Pawit lan kadang Bebau kabeh”
mawi suwanten ingkang alon nanging cetha Bapa wiwit ngendika “ora krasa jebul
wis suwe anggone awake dhewe bebarengan labuh kanggo Desa Kepuh Agal iki”.
“Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan
Ki Pawit, sawatawis para Bebau taksih sami mendel “upami boten sok sumerep
putu-putu kula ingkang sampun sami gemrayah makaten, kula inggih boten kraos
menawi sampun dangu anggen kula ndherek ngayom ing Dhusun Kepuh Agal menika”.
“Sing bener kuwi ora Kakang Pawit sing
ngayom ing Kepuh Agal, nanging Kakang Pawit kuwi salah siji saka cikal bakal
saka Desa Kepuh Agal iki, Genah nalika awake dhewe saka sangkan sing beda
banjur kepethuk ing papan iki, gapyuk dadi sedulur kanthi janji sajroning ati
bakal sabaya pati bebarengan yasa Desa sing maune isih wujud alas kaya ngana
kae. Dening sing nggelar lakon, aku kapasrahan nglurahi ndika sakanca sing
saiki akeh sing wis padha kapundhut dening Kang Gawe Urip lan ndika kajibah
anyengkuyung apa kang dadi kuwajibanku. Dadi saupama ora ana ndika lan
kanca-kanca, nglengkara aku bisa dadi Lurah ing Desa iki” Bapa gentos paring
wangsulan, ngleresaken jejeripun Ki
Pawit ing Kepuh Agal ingkang boten namung tiyang ngayom, lajeng kasaambet
ngendika bab sanes “nanging anggonku nekakne ndika lan para Bebau iki ora arep
tak jak ngrembug lelakon sing wis kawuri kuwi”.
“Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit
“sumangga kadhawuhna, kula badhe mirengaken saha sasaged-saged badhe nglampahi
menapa ingkang dados dhawuh jengandika”.
“Iya Kakang” Bapa lajeng paring dhawuh
malih “ndika sing ana kene rak wis padha weruh nek lungaku nalika samana
jalaran nindakne jejibahan sing kudu tak rampungne, jejibahan winadi sing mung
bisa tak lakoni dhewe. Nanging kanyatane durung kongsi rampung nggonku nindakne
jejibahan winadi kuwi, kedadak aku dadi lara kaya mangkene iki…..”.
“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit nigas rembag
“mugi-mugi Gusti enggal paring waluya dhateng Ki Lurah lan saged ngrampungaken
jejibahan winados menika”.
“Ora mangkono Kakang” Bapa paring
wangsulan “aku wis ora kuwawa ngrampungne jejibahan winadi kuwi, tenagaku wis
entek lan wektuku ya wis ora ana maneh kanggo kuwi. Nanging isih ana cara
kanggo ngrampungake jejibahan winadi kuwi. Mula anggonku nekakne ndika lan para
Bebau iki mau, ora liya arep tak jak andum gawe murih kabeh jejibahanku
minangka Lurah Kepuh Agal bisa ketandangan kanthi sabecik-becike”.
“Menawi makaten kula namung saged
ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Ki Lurah” aturipun Ki Pawit ingkang
lajeng noleh dhateng Bebau sekawan ingkang lenggahipun mlempak sing
sakeringipun Ki Pawit, kalihan wicanten “ndika kabeh rak ya padha karo sing tak
aturne iki mau ta Ki Bebau kabeh?”.
“Inggih Ki Pawit” Bebau Sambirobyong,
Grojoganngubal lan Bebau Sidadadi sami wangsulan sesarengan. Sawatawis Ki Bebau
Jangglengan namung manthuk tanpa nyuwanten.
“Sampun Ki Lurah” Ki Pawit lajeng matur
dhateng Bapa “samangke kaparenga jengandika paring dhawuh menapa ingkang kedah
kula lampahi?”.
“Iki ngene Ki Pawit” Bapa lajeng
ngendika malih “gandheng kahananku saiki isih kaya ngene, embuh apa sing bakal
dumadi sawise aku lara iki, lire bisa bali waras apa bali marang sing Kagungan
Urip, aku ora ngerti, mung wae sing arep tak kandhakne mengko, tak jaluk padha
ditindakne. Kang kapisan perkara jejibahan sing mung aku dhewe sing weruh
wujude, dina iki tak pasrahake marang anakku lanang Pradapa. Pradapa wis tak
jarwani apa sing kudu ditindakake. Tak jaluk ora ana sing cuwa lan gela awit
jejibahan iki tak wenehake marang anakku dhewe, jalaran pancen mung Pradapa
sing nduweni sarat bisa nglakoni jejibahan iki”.
“Inggih Ki Lurah” Ko Pawit atur
wangsulan “kula pitados sampun satrepipun menawi jejibahan winados menika
manawi kapasrahaken dhateng Gus Pradapa. Lan kula ugi pitados sanget, bilih Gus
Pradapa tamtu boten badhe anguciwani”.
“Inggih Ki Lurah, kula nggadhahi
pamanggih ingkang sami kalihan pamanggihipun Bapa menika kala wau” Ki Pawana,
Bebau Jangglengan ugi ngaturaken pamanggihipun.
“Samanten ugi kula Ki Lurah” Bebau
Sambirobyong, Bebau Sidadadi lan Bebau Grojoganngubal ndherek matur sesarengan.
“Aku banget nedha nrima marang ndika
kabeh awit wis percaya marang anakku Pradapa kanggo nindakane jejibahan iki,
mula dhawuhku marang Pradapa kasep-kasepe patang puluh dina sawise dina iki,
kowe kudu wis budhal nindakne jejibahan iki” Ngendikanipun Bapa ingkang lajeng
paring dhawuh dhateng kula.
“Inggih Bapa” kula wangsulan cekak.
“Sabanjure kang kaping pindho” Bapa
paring dhawuh malih “gegayutan karo jejibahanku minangka Lurah Kepuh Agal sing
ora ngemu wewadi. nDika kabeh kudu ngerti yen Sarkara iki menungsa lumrah, sing
sawayah-wayah bisa mati. Nanging yen jenenge Lurah Kepuh Agal nganti kapan wae
ora bakal bisa mati. Matine Lurah Kepuh Agal bareng karo ilange Desa Kepuh Agal
dhewe. Kan sadurunge Lurah Kepuh Agal budhal lunga nindakne jejibahan winadi
nalika samana, Lurah Kepuh Agal wis napak astani layang sing isine parentah
marang Ki Pawana supaya nindakne jejibahan Lurah lan ngesuhi para Bebau sa Desa
Kepuh Agal, Layang parentah kuwi ora winatesan wektune nganti suk kapan. Dadi
embuh apa sing bakal kedadeyan tetepa Ki Pawana nindakne jejibahan kuwi kanthi
sabecik-becike, lan sawayah-wayah Sarkara tumekeng janjine bali marang Gustine,
Ki Pawana wenang nganggo sebutan Ki Kepuh Agal Kapindho ya iku Lurah Kepuh Agal
sawise Ki Sarkara”.
“Mangke rumiyin Ki Lurah……” meh sareng
Ki Pawit lan Ki Pawana ngangkat tanganipun badhe nyelani dhawuhipun Bapa.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar