Total Tayangan Halaman

Rabu, 08 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (048)


 

48.

Ki Lurah tumuli mundhut pirsa marang Lopara apa dene Puranta, kepiye panemune wong loro kuwi yen Ki Lurah arep nganggo cara kang kapisan saka panemune Bebau Tengah mau. Ya iku pusaka loro arep dipirsani bareng endi sing pamore luwih murup mangka kuwi sing bakal diakoni minangka Pusaka Kyai Pantek sing satuhu.

“Kula namung ndherek Ki Lurah” sing luwih dhisik wangsulan Puranta “awit kula pitados bilih Dhuwung ingkang kula beta menika nyata Dhuwung Kyai Pantek ingkang Sejati, ingkang miturut wartos ingkang dumugi kula estunipun Dhuwung menika kagunganipun Kanjeng Ratu Setyawati, Ratuning Lelembat ing Kraton Katentreman lajeng dipun ampil dening Kanjeng Sinuwun ing Pajang dangunipun setunggal atus warsa lan dening Kanjeng Sinuwun, Dhuwung menika kaampilaken dhateng Bapa Raden Riyasa inggih Ki Tambak Kapisan minangka Sipat Kandel ngangge ngayahi jejibahan Lurah ing Tambak mriki”.

“Makaten ugi kula inggih sarujuk kalih pamanggihipun Ki Bebau tengah kala wau Ki Lurah” Lopara genti atur wangsulan “jalaran kula pitados lan sampun wawan rembag kalihan alusipun Kyai Pantek ingkang badan wadhagipun kula pulung saking senthong dalemipun Gus Puranta kala wau. Namung kemawon saderengipun Ki Lurah mutusaken pundi Kyai Pantek ingkang satuhu, kula nggadhahi panyuwunan Ki Lurah”.

“Ki Lopara ngersakaken menapa?” Ki Lurah mundhut pirsa.

“Ingkang sepisan, kula nyuwun mangke sinten ingkang ngaturaken Dhuwung Kyai Pantek ingkang pranyata dede Kyai Pantek ingkang saestu, mugi kaparingana pidana ingkang awrat, awit sampun wicara dora dhateng Ki Lurah lan ngapusi meh sedaya kawula ing Tambak mriki” Lopara ngaturake panyuwune kang kapisan.

“Pidana sing murwat menika wujudipun kados pundi Ki Lopara?” Ki Lurah mundhut pirsa maneh.

“Tiyang menika kedah kadhawuhan mrangkakaken Dhuwungipun ingkang jebul namung tiron dhateng dhadhanipun piyambak” wangsulane Lopara “panyuwunan ingkang angka kalih, bangkenipun tiyang ingkang wicantenipun dora menika mangke mugi kajejuwing dados sekawan lajeng dipun pendhem ing kiblat sekawaning Kalurahan Tambak”.

“Menika pamundhut ingkang kula kinten kesangeten Ki Lopara” Ki Lurah paring wangsulan.

“Kula kinten sampun adil Ki Lurah” wangsulane Lopara “menawi Kyai Pantek ingkang satuhu jebul ingkang dipun asta Gus Puranta, kula badhe lila legawa pejah suduk jiwa mawi Kyai Pantek ingkang kula aturaken dhateng Ki Lurah kala wau. Kosok wangsulipun, Gus Puranta ugi kedah wantun nglampahi kados makaten kala wau, menawi pranyata Dhuwung ingkang kula panggih ing senthong dalemipun kala wau nyata saestu Kyai Pantek ingkang satuhu. Kajawi menawi sak niki Gus Puranta kersa ngakeni bilih Pusaka ingkang dipun asta menika dede Kyai Pantek ingkang satuhu, menawi makaten kula sumanggakaken dhateng Ki Lurah, kepareng paring pangaksami dhateng ingkang rayi, inggih sumangga, menapa ndhawahaken pidana dhateng Gus Puranta inggih sumangga”.

“Nuwun sewu Ki Lurah” sadurunge Ki Lurah paring wangsulan marang Lopara, Puranta gage anggone matur marang Ki Lurah “kula nyarujuki atur panyuwunipun Kyai Lopara. Lan murih adilipun malih, mugi Dhuwung ingkang kala wau anggenipun nyaosi Ki Lopara mugi kaparingna malih. Mangke ing ngarsa jengandika miwah ing sangajengipun Para Bebau, Pamong, Jagabaya lan Sapukawating Kalurahan Tambak badhe katingal, sasampunipun kula lan Ki Lopara ngunus curiga ingkang kadhaku minangka Kyai Pantek menika, pundi ingkang satuhu lan pundi ingkang namung dhapur tiron”.

Ki Lurah wis ora bisa endha kajaba nuruti apa sing dadi panjaluke Lopara apa dene Puranta mangkono kuwi mau. Mula Ki Lurah tumuli mbalekne Keris sing diasta marang Lopara kaya sing dikarepake dening Puranta mau. Sawise Lopara nampani kerise, Ki Lurah tumuli paring dhawuh kanthi suwara sora marang kabeh wong sing ana plataran omahe Puranta kuwi :

“Para Sedulurku, ndika kabeh wis padha krungu apa wohing rerembugan antarane aku karo Kyai Lopara lan kadangku Dhimas Puranta. Ing kene mengko muga-muga tumuli bisa kinaweruhan endi Pusaka Piyandel Kalurahan Tambak sing sabenere, aku ora wani njagakne marang asile panyawangku dhewe, mula tak jaluk kabeh sedulur sing ana kene padha melua angulati lan aniti kathi tliti, saka pusaka loro sing ana tangane Puranta lan sing ana astane Kyai Lopara kuwi endi sing aseli, padha kandhakna ing papan kene iki”.

“Inggih sendika Ki Lurah” wong-wong sak latar padha wangsulan bareng.

“Samangke mangga Kyai, ndika kula aturi ngunus Kyai Pantek ingkang ndika asta” Ki Lurah banjur paring dhawuh marang Lopara “mangke sasampunipun ndika angunus curiga, kersanipun Dhimas Puranta ugi nedahaken pusaka ingkang dipun beta”.

“Matur nuwun Ki Lurah” wangsulane Lopara karo mesem “kula ngrumaosi menawi sampun sepuh, prayogi ngawon rumiyin kalihan ingkang taksih timur. Mugi kadhawuhna dhumateng Gus Puranta ngunus curiganipun langkung rumiyin, kula pitados sanaosa ingkang dipun asta Gus Puranta menika namung pusaka tiron, nanging ugi nggadhahi pamor ingkang sakalangkung mencorong. Mangke menawi sampun ketingal mabyoring pamoripun Dhuwung ingkang dipun asta Gus Puranta, tartamtu badhe surem sasampunipun Kyai Pantek kula unus saking wrangkanipun”.

“Dhimas Puranta, sliramu wis krungu dhewe apa sing dingendikakne Kyai Lopara iki mau ta?” Ki Lurah banjur ndangu marang Puranta “apa Dhimas Puranta gelem nuduhne Kyai Pantek ing ngarepku lan ngarepe kabeh sing ana plataran omahmu iki?”.

“Nyuwun pangestu Ki Lurah, Kyai Pantek badhe kula unus saking wrangkanipun” wangsulane Puranta tatag, banjur genti guneman marang wong sing ana latar kuwi kabeh “Para sedherek, estunipun bares kemawon, salamining gesang, kula dereng nate sumerep wilahing Dhuwung Kyai Pantek ingkang samangke wonten tangan kula menika, jalaran kula ngertos menawi menika dede dhuwung ingkang sabaenipun, nanging dhuwung Piyandel Kalurahan ingkang kedah kaaji-aji, kula kinten ndika sedaya sami kalihan kula. Inggih awit saking menika, wekdal menika wekdal ingkang sae tumrap kula lan andika sami, temah kanthi palilahipun Ki Lurah kula lan andika sami saged sareng-sareng nyumerepi kados menapa wujudipun Pusaka Piyandel Kalurahan Tambak menika menawi boten katutupan busana ingkang wujud warangka. Mangga Ki Lurah kapirsanana menapa leres menika wujudipun Kyai Pantek”.

Bubar muni ngono kuwi, Puranta tumuli kanthi ngati-ati ndudut Keris sing ana tangane saka warangkane. Ana kedadeyan sing nganeh-anehi, sadurunge Keris klakon diunus, dumadakan langit sing maune padhang malih dadi peteng ketutupan mendhung ireng sing kandel kaya yen arep udan deres ngana kae. Ora ana angin sing liwat, ora ana suwara sing keprungu. Wong-wong sing ana plataran kuwi kabeh dadi dheg-dhegan dhewe, kabeh padha ngampet anggone ambegan. Nanging anehe, bareng Keris wis lepas saka warangkane lan diathungne mendhuwur dening Puranta, dumadakan mendhung peteng padha sakala musna, kahanan bali dadi padhang. Lan katon Keris sing ana tangane Puranta kuwi ngetokne cahya putih padhang sing ora mbalerengi tumrap sing padha ngulati.

Sabekti sakancane sing mau melu ngampet ambegan, bareng ngaweruhi wujude Kyai Pantek sing ngedab-edabi kuwi, sakala keplok rame karo lambene ndremimil, ngucapake kidung rahayu marang Puranta. Lekase Sabekti sing kaya mangkono mau tumuli diterokne dening wong akeh sing luwih percaya marang Puranta katimbang marang Kyai Lopara. Suwara keplok lan kidung rahayu kuwi lagi sirep sawuse Ki Lurah ngangkat astane lan genti paring dhawuh marang Lopara :

“Dhimas Puranta sampun ngetingalaken pusaka ingkang dipun asta, samangke mugi Kyai Lopara tumuli anedahaken kados menapa wujudipun pusaka ingkang dipun asta”.

“Ngestokaken dhawuh Ki Lurah” wangsulane Lopara lan sadurunge ngunus kerise luwih dhisik Lopara guneman sing ditujokne marang Puranta “aja kaget ati ndika ya Gus yen kapeksa cahyaning Keris ndika bakal surem merga kasoran perbawa karo Keris Kyai Pantek sing arep tak dudut saka wrangkane iki”.

Puranta ora wangsulan mung mripate wae, ora kedhep nggone ngulati tangan tengene Lopara sing nggoceki ukirane keris sing digawa.

Sepisan maneh ana kaelokan kang dumadi ing plataran omahe Puranta kuwi. Nalika Lopara arep ndudut keris saka wrangkane, keris sing didudut ora gelem katut,  kelet kenceng kajepit dening warangkane. Nganti suwe Lopara ora bisa ngunus keris kuwi. Atine Lopara dadi kemropok, krasa panas, temah kringete dleweran saka ragane meh sajagung-jagung gedhene, nanging panggah wae Keris ora bisa diunus saka wrangkane. Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot sing weruh gurune kangelan anggone arep ndudut keris saka wrangakne kuwi uga melu bingung, kekarone banjur padha nyedhaki papane Gurune.

Puludan sing wis nyedhaki Sabekti, bareng weruh Lopara ora bisa ngunus kerise, banjur surak-surak karo keplok-keplok kaya bocah cilik sing kasenengen merga weruh dolanan sing lucu. Wong-wong liyane kepancing weruh tingkahe Puludan sing lucu kuwi, ora ana sing nesu nanging malah banjur melu-melu surak-surak, nyuraki Lopara sing lagi panas atine. Aku dhewe sing satemene karo nonton kahanan kang wis dumadi kuwi isih nyambi lirak-lirik nggoleki Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing mesthine wis tekan kene merga aku weruh glibed wewayangane Jim Ganjur, uga banjur melu ngguyu weruh solahe wong-wong sing padha nerokne solahe Puludan sing lucu kuwi.

“Keparat” dumadakan keprungu pisuhe Lopara, sing banjur guneman marang keris sing ana tangane “aja gawe wirangku kowe Keris, ing kene kowe arep tak mulyakne, mula aja males gawe wirangku kowe. Ayo ketokna saliramu dimen wong-wong padha weruh baguse pasuryanmu”.

Ana kaelokan maneh, bareng Lopara guneman kaya mangkono kuwi, dumadakan Keris bisa didudut saka wrangka….. nanging jebul sing ana gegemane Lopara dudu ukiran jangkep sakerise, sing katon malah Lopara lagi nggoceki buntut ula bandhotan sing lagi mekrok gulune, lat melet-melet ilate. Ki Lurah sing pirsa kahanan kang kaya mangkono mau dadi kaget. Wong liyane uga padha melu kaget, kalebu Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot uga Lopara dhewe.

“Gusti Maha Agung………” dumadakan Bebau Sela mbengok banter nyebut asmane Gusti, banjur disusul bengok sabanjure sing isine puji rahayu marang Puranta.

“Gus Puranta Jaya…..Gus Puranta Jaya….” Wong-wong liyane padha pating brengok nyebut jenenge Puranta.

Bebau Kidul, Jagabaya Bontot, lan para Sapukawat andhahane Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul padha pucet, katon yen padha kaweden nyumurupi kahanan sing babar pisan ora dinyana sadurunge kuwi. Sansaya pucet bareng suwarane wong-wong sing nyebut jenenge Puranta sinartan puji rahayu kuwi sansaya rame. Nanging kahanan ngono kuwi ora suwe, dumadakan kanthi rosa sinartan kekuwatan hawa murnine sing sinurung aji Paser Angin, Lopara nyawatake Ula bandhotan ing tangane kuwi marang Ki Lurah.

Ki Lurah sing ora ngira yen ana bebaya nekani, sakala mbengok saking kagete. Nanging rahayune tinimbang ula sing disawatake Lopara, isih cepet obahe Puranta. Mung kari sakecu dawane sadurunge ula tumiba ing ragane Ki Lurah, wilahing keris Kyai Pantek sing ana tangane Puranta wis kuwawa ngendheg lakune ula sing disawatne kuwi. Ula bandhotan kuwi pedhot dadi loro, sirahe sing ceblok neng lemah arep obah, nanging kegawa saka ampuhe Keris Kyai Pantek, ndadekne ula kuwi mati padha sakala. Sepisan maneh keprungu surak ambata rubuh saka Puludan lan Sabekti sarta kanca-kancane. Tanpa ngenteni prentah, Sabekti lan Puludan sarta kanca-kancane banjur ngebyuk bareng marang Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, padha arep dirangket.

 

Ana candhake

 

 

Selasa, 07 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (047)


 

47.

Para Bebau, Jagabaya, Pamong lan Sapukawating Kalurahan sing uga padha kaget merga tekane Puranta ing papan kono, sapandurat padha lali karo olehe wis padha siyaga gegaman dhewe-dhewe. Wong-wong sing padha ora percaya marang Lopara, ora ana sing aba banjur padha surak mawurahan, nelakne rasa senenge merga padha weruh Puranta sing wis bali kanthi kahanan sing ora kurang sawiji apa.

“Gus Puranta…..Gus Puranta……” jenenge Puranta disebut ambal-ambalan dening wong-wong kuwi kanthi suwara sing nuduhne yen atine lagi padha gambira merga tekane Puranta.

Wong-wong sing luwih percaya yen Puranta ora kaya sing dikondhangne dening Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot yen wis nyolong Kyai Pantek kuwi banjur padha ngangseg kepengin nyedhaki papane Puranta. Wong-wong kuwi katone padha nguwatirake keslametane Puranta, yen nganti sawayah-wayah dilimpe dening wong-wonge Lopara supaya cilaka. Mula wong-wong kuwi banjur padha mageri Puranta kanthi gegaman sing wis siyaga lan wis diliga saka warangakane.

Wong-wonge Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot uga ora meneng, banjur padha nyiagakne dhiri sawayah-wayah kaprentah kanggo tumandang ora bakal nguciwani. Jroning atine wong-wong kuwi sansaya cetha anggone mbedakne endi kanca sing dianggep setya lan bakal melu mulya lan endi mungsuh sing kudu dibrastha.

“Pangabekti kula mugi katur ing ngarsa jengandika Ki Lurah?” kaya ora ngreken apa sing dumadi ing sakiwa tengene, Puranta ngaturake bekti marang Ki Lurah karo praupan sing nuduhake gembiraning ati.

“Iya…iya… wis tak tampa“ Ki Lurah rada glagepan mangsuli atur pangabektine Puranta “nanging apa bener sing guneman iki adhiku Puranta sing pamit lunga lan ora niyat bali yen ora bisa nemokne Kyai Pantek sing wingenane ilang saka plangkan kae?”.

“Kula Puranta Ki Lurah, mokal ta menawi jengandika pangling kalihan kula, tiyang dereng dangu anggen kula kesah” wangsulane Puranta karo mesem “mila kula sampun wangsul, jalaran pikantuk berkah saha pangestu jengandika Ki Lurah, Kyai Pantek ingkang dipun dhustha dening salah satunggaling lelembat bangsa Jim lan kasingidaken ing satunggaling guwa ing pinggiring Lepen Sumberlanang, saged dipun pendhet malih dening utusanipun ingkang saleresipun kagungan Dhuwung Kyai Pantek, nuntek kaparingaken kula. Pramila Dhuwung menika tumunten badhe kula aturaken jengandika Ki Lurah mugi kenginga kaagem minangka Sipat Kandel kangge ngayahi jejibahan minangka Lurah ing Tambak menika”.

Wong-wong sing padha krungu tembung sing diucapne Puranta kuwi padha inget-ngetan karo kancane dhewe-dhewe. Lopara, Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot katon nek mencereng karo nggathukne alise, wangune lagi nggagas mengku karep apa Puranta bisa kandha kaya mangkono mau? Wong wis cetha yen Keris Kyai Pantek lagi wae dipasrahne dening Lopara marang Ki Lurah lan saiki isih digegem ing astane.

“Piye?” Ki Lurah katon rada kaget krungu ature Puranta ngono kuwi mau, ora krasa Ki Lurah banjur ngulati Keris sing mau dipasrahne dening Lopara marang panjenengane “aku dadi sansaya bingung krungu kandhamu sing ngayawara kuwi Puranta. Kowe kandha yen wis nemokne Kyai Pantek? Kamangka lagi wae Kyai pantek ditemokne dening Kyai Lopara ing senthonging omahmu, banjur diulungne marang aku, iki wujude”.

Ki Lurah banjur nuduhne Keris sing ana astane marang Puranta. Banjur nutugne olehe ngendika :

“Kowe aja waton bisa guneman sing ora ana buktine Puranta!”.

“Nyuwun pangapunten ki Lurah” Puranta wangsulan sajak tatag tanpa ana rasa tidha-tidha, banjur nglolos Keris sing disengkelitne ing lempenge lan nutugne olehe wangsulan “kula wantun matur makaten menika cetha menawi wonten bukti lan nyatanipun. Menika Kyai Pantek ingkang satuhu wonten tangan kula, saha mugi Ki Lurah uninga, bilih Dhuwung ingkang jengandika asta menika dede Kyai Pantek ingkang satuhu, niku Dhuwung Tiron damelanipun Jim Ganjur ingkang nyolong Kyai Pantek ingkang sejati”.

Ki Lurah sansaya katon bingung krungu wangsulane Puranta ngono kuwi. Luwih bingung maneh bareng wong-wong sing ana kono padha alok pating cruwet ngandhakne yen luwih percaya marang apa sing diucapne Puranta.

“Aja gawe kisruh Gus!” dumadakan Lopara nyuwara banter semu nggetak marang Puranta “aja mbok tutug-tutugne nggonmu ngapusi Ki Lurah. nDika ngarani nek Keris sing diasta Ki Lurah kuwi mung tiron? Apa buktine? Apa ndika kandha mangkono kuwi murih Ki Lurah mbuwang Keris sing tak temokne neng senthonge omah ndika kuwi? Banjur ndika ijoli karo keris sing ndika gawa kuwi? Aja adol udhet marang bakul welut Gus Puranta!”.

“Kuwalik Ki Lopara!” dumadakan Bebau Sela sing olehe ngadeg cedhak karo Puranta genti nyuwara sing banter, mangsuli kandhane Lopara “sing ngapusi Ki Lurah lan wong-wong Tambak kuwi ndika, dudu Gus Puranta!”.

“Eh, Bebau Sela” Lopara semaur sengol karo mripat sing murup “ndika kuwi ngerti apa he?. Apa buktine nek aku wis ngapusi Ki Lurah lan wong Tambak kene he?. nDika kuwi Bebau nek guneman aja mung waton bisa mangap wae!”.

“Ha…ha…ha…” Bebau Sela ngguyu banter banjur wangsulan “wong sak mene mbane iki ora ana sing budheg Ki Lopara. Wis pindho aku lan wong sing ana latar iki diapusi melek-melekan. Sepisan sing ngapusi kuwi Ki Bau Kidul banjur ndika baleni maneh kanthi atur ing ngarsane Ki Lurah, jarene Gus Puranta wis mati dibadhog macan sing mBaureksa alas kidul kono lan ora bakal bisa kundur menyang Tambak kene, buktine? Iki Gus Puranta wis rawuh karo ngasta Kyai Pantek sing sejati, dudu Kyai Pantek tiron gaweyane dhedhemit sesembahan ndika kuwi!”.

“Setan kowe Bebau Sela!” Bebau Kidul nrambul rembug karo misuh-misuh “wani degsura ing ngarsane Guruku padha wae karo wis ngilani dhadhane Waruju!”.

“Nek rumangsa dikilani dhadhamu kowe arep apa Bebau Kidul?” dudu Bebau Sela sing aweh wangsulan marang Bebau Kidul, nanging Sabekti sing wiwit mau wis nggeget untu ngempet nesu “nek kowe arep nesu, nesua! tandhingmu aku, eman tenagane Ki Bebau Sela nek mung arep kanggo ngladeni setan rai manungsa kaya dhapurmu kuwi!”.

“Iblis laknat, setan alas kowe Sabekti!” Bebau Kidul nggetak, karo arep mara nyedhaki Sabekti.

“Cukup!!!” dumadakan Ki Lurah mbengok banter, ndadekne wong-wong padha kaget. Bebau Kidul uga banjur mandheg, ora sida marani Sabekti.

“Wis padha gedhe tuwa teka ora ana sing duwe duga” Ki Lurah nutugne olehe guneman karo ulat sing nuduhne gelaning penggalihe “ana Lurahe lagi judheg nalare nggagas kisruhing kahanan, ora urun panemu murih padhange malah padha bedhigasan pamer kasudiran dhewe-dhewe!”.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Sela gage anggone nyuwun pangapura marang Ki Lurah banjur ndhingklukne sirahe tumungkul ngingeti lemah.

“Kula ugi nyuwun pangaksami Ki Lurah” Sabekti nerokne ucap lan sikepe Bebau Sela.

Ki Lurah ora aweh wangsulan malah banjur nakoni Lopara :

“Menika kados pundi Ki Lopara? Ing mriki dumadakan wonten Dhuwung Kyai Pantek cacah kalih, setunggal ing tangan kula menika lan ingkang setunggal malih dipun beta dening Dhimas Puranta. Menika ingkang leres lan tuhu-tuhu Kyai Pantek ingkang pundi?”.

“Keparenga matur Ki Lurah” Lopara guneman sareh marang Ki Lurah “jengandika kala wau sampun mirsani kanthi titi wujuding Dhuwung Kyai Pantek ingkang kula aturaken, lan jengandika sampun uninga bilih ingkang kula aturaken menika tuhu Kyai Pantek saestu, pusaka Piyandel Kalurahan Tambak. Kula kinten jengandika badhe langkung wicaksana, boten badhe kengguh kanthi wontenipun tiyang ingkang ngaken menawi mbeta Dhuwung Kyai Pantek malih”.

Kahanan malih tintrim, Ki Lurah ora enggal nanggapi ature Lopara sing panggah ngukuhi yen Kyai Pantek sing satuhu kuwi iya Kyai Pantek sing dijupuk saka senthong omahe Puranta. Sajake Ki Lurah bisa nampa apa sing dikandhakne Lopara, nanging uga ora gampang anggone arep nampik marang apa sing dikandhakne Puranta. Puranta dhewe katon durung arep guneman apa-apa, sajake isih ngenteni apa sing arep dikandhakne Ki Lurah sawuse nampa ature Lopara. Kahanan sansaya mundhak tintrim.

“Nuwun sewu Ki Lurah” dumadakan Bebau Tengah sing wiwit mau ora obah lan ora guneman apa-apa guneman matur marang Ki Lurah.

“Iya, piye Ki Bau Tengah?” Ki Lurah aweh wangsulan lan nakoni apa karepe Bebau Tengah.

“Lepat nyuwun pangapunten” Bebau tengah wiwit ngaturake panemune “mila ewet kedadosan ing dinten menika, boten kanyana-nyana ing mriki wonten Dhuwung Kyai Pantek cacah kalih. Miturut pamanggih kula, kangge mbentenaken pundi ingkang satuhu lan pundi ingkang tiron menika saged kapirsanan sesarengan, Kyai Pantek satuhu tartamtu langkung ketingal murup pamoripun katimbang ingkang tiron. Menawi boten makaten, kula pitados bilih Dhuwung Pusaka menika nggadhahi watak ingkang boten benten kalihan manungsa, liripun boten badhe rila menawi wonten dhuwung sanes ingkang dipun aken kados dene piyambakipun, menawi dhuwung kalih menika kasandhingaken salah satunggal tartamtu badhe boten narimahaken menawi piyambakipun dipun kembari. Samangke menawi kaparengaken udhu pamanggih, kula mrayogekaken Ki Lurah migunakaken salah satunggal saking atur kula menika. Inggih manawi atur kula kirang mranani penggalih jengandika Ki Lurah, kula nyuwun pangaksami”.

Ki Lurah sajak sarujuk karo panemu sing diaturne Bebau Tengah ngono kuwi mau. Ki Lurah wangune uga duweni panemu yen pamor sing ana Kyai Pantek sing satuhu bakal luwih katon merbawani tinimbang Kyai Pantek sing mung tiron. Nanging kanggo nuduhake yen ora mung nggugu salah sijining panemu, Ki Lurah banjur nakoni wong-wong sing ana kono kabeh :

“Kepriye para sedulurku kabeh? Aku bisa nampa apa sing dadi panemune Ki Bau Tengah iki, nanging mbok menawa ana sedulur liyane sing duwe panemu sing kira-kira luwih becik lan luwih gampang dicakne, tak jaluk aja ana sing duwe rasa ewuh utawa pekewuh luwih-luwih wedi ngandhakake panemune ing kene saiki. Aku ora seneng yen saiki padha meneng, nanging bareng wis rampung lagi padha gumreneng!”.

Ora ana wong sing guneman apa-apa, mratandhani wis padha sarujuk karo apa sing diaturne Bebau Tengah mau.

“Ora ana sing arep udhu panemu maneh?” sepisan maneh Ki Lurah nanting marang wong-wong kuwi kabeh “yen ngono wis padha sarujuk menawa aku bakal ngecakne apa sing dadi eguh lan rerigene Ki Bebau Tengah iki?”

“Inggih……..” wong sak latar matur bareng.

“Nuwun sewu Ki Lurah” dumadakan Bebau Kidul nyela matur.

“Iya ndika duwe panemu liyane Paman Bau?” Ki Lurah takon.

“Boten Ki Lurah” wangsulane Bebau Kidul “namung badhe matur sakedhik, ing salebeting kawontenan ingkang kados makaten menika prayogi menawi Ki Lurah tansah ngreksa kaprayitnaning batin, sampun gampil pitados dhumateng atur manis nanging jebul namung lamis, inggih menika aturipun titiyang ingkang namung badhe murih bebathen kangge dhiri pribadi boten migatosaken kawilujengan saha karaharjaning Kalurahan Tambak”.

Ki Lurah ora enggal aweh wangsulan, bathuke katon dijengkerutne kanggo bisa ngerteni ature Bebau Kidul ngono kuwi.

“Kula sarujuk kalih aturipun Ki Bau Kidul Ki Lurah” sadurunge Ki Lurah aweh wangsulan, Bebau Sela uga nyela rembug “ing kawontenan makaten mila boten mokal kathah Garangan kekemul lebu ing pauwuhan kangge ngapusi ayam ingkang ceceker ing mriku, awit saking menika sampun ngantos ki Lurah gampil pitados dhateng aturipun sok sintena kemawon, kalebet dhateng kula, dhateng Ki Bau Kidul lan para bebau sarta Pamong lan Jagabaya tuwin para Sapukawating Kalurahan sanesipun. Langkung prayogi menawi Ki Lurah langkung pitados dhateng Maha Wicaksananing Gusti ingkang murbeng rat, jumbuh kalihan kapitayan jengandika Ki Lurah”.

Ki Lurah mesem amba,  Bebau Sela sing mbenerake ature Bebau Kidul nanging satemene duwe karep sing beda kuwi bisa ditampa kanthi nalar sing luwih cetha.

 

Ana candhake

 

 

 

 

Senin, 06 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (046)


46.

Lopara wis metu saka jero omah karo nggawa Keris Kyai Pantek sing dipundhi ana dhuwur sirahe. Kringete Lopara katon ndleweran nelesi sakujuring awake. Bareng wis tekan emper, Lopara mandheg ora tumuli masrahne keris kuwi marang Ki Lurah kaya sing dikandhakne mau. Nanging leren dhsisik karo ngingeti wong-wong sing padha ngenteni ana plataran. Ora suwe banjur aweh sasmita marang Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot supaya nyedhak. Sawise muride loro kuwi nyedhak Lopara banjur kongkonan kanthi suawara sing alon sing mung bisa dirungokne dening wong sakloron kuwi wae. Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot padha manthuk-manthuk, banjur mbalikne awak bali menyang tlundhagane emper sisih ngisor dhewe.

“Para sedulurku kabeh” Bebau Kidul nyuwara sora marang wong-wong sing ana plataran “pranyata apa sing didhawuhne Guru Kyai Lopara bener, lan dina iki Guru Kyai Lopara wis kasil mulung Kyai Pantek  sing disingidne dening malinge ana senthong omahe Gus Puranta. Sadurunge Keris Piyandel Kalurahan iki diaturake marang Panjenengane Ki Lurah, Aku minangka Pangareping Para Bebau lan Sesulihe Ki Lurah ndhawuhake marang ndika kabeh. Ora ana siji-sijia Para Bebau, Para Jagabaya, Para Pamong lan Para Sapukawating Kalurahan sing tak keparengake ninggalne papan iki sadurunge Ki Lurah kundur menyang Dalem Kalurahan. Sing sapa wonge kumawani lunga tanpa pamit, mangka bakal nampa pidana sing abot. Ngerti?”.

“Nggiiiiiiiiiiiiih……….!” Keprungu wangsulan bareng saka wong-wong sing ana plataran omahe Puranta kuwi, suwarane ngumandhang prasasat arep ngoregne papan sakiwa tengene.

“Sabanjure” Bebau Kidul nyambung anggone guneman “aku ngerti nek ndika kabeh mesthi padha arep takon nanging ora wani, mula tinimbang ndika ana sing gremang-gremeng ngrasani, arep tak blakani ya gene tak penging ninggalake papan iki? nDika padha tak wenehi weruh, yektine Guruku Ya Kyai Lopara wis nampa sasmita saka Keris Kyai Pantek, sapa satemene sing wis wani njupuk lan ndhelikne Kyai Pantek ing Senthonging omah iki. Satemene sing wis njupuk Kyai Pantek saka plangkane wis rada sauntara lunga ninggalne Kalurahan kene lan mbok menawa wis ora bakal bisa bali mrene maneh, jalaran miturut kabar sing tak tampa wong kuwi wis ilang dadi mangsane Macan Putih sing mbaureksa alas sakidule Kalurahan Tambak iki, nanging  wong-wong sing wis ngujuk-ujuki wong sing wis lunga saka Kalurahan Tambak kuwi, nganti dina iki isih padha durung ngerti lan isih ngarep-arep wong sing lunga kuwi tumuli bali maneh sarta nutugne nggone nedya ngendhih kalenggahane Ki Lurah, lan dina iki uga mengko wong-wong kuwi bakal dirangket lan dilebokne pakunjaran lan bakal diadili kanthi saadil-adile dening Ki Lurah. Sapa wong-wong kuwi? Aku ora wenang ngandhakne saiki, nanging mengko Guru Kyai Lopara sing bakal nisihi Ki Lurah ndhawuhake sapa wong-wong sing kudu mlebu ing pakunjaran kuwi. Yen nganti ana saka ndika kabeh sing ninggalake papan kene sadurunge oleh palilah saka Ki Lurah, mangka cetha nek kuwi panunggalane wong-wong sing duwe sedya njongkeng kawibawan Kalurahan Tambak, mula para Sapukawating Kalurahan tak jaluk aja ngenteni dhawuh maneh, nek ana sing wani lunga tanpa palilah gage padha rangketen, sokur yen bisa dirangket kanthi urip, nanging yen nganti bangga ndika kabeh tak lilani ngrampungi wong kaya ngono kuwi mau”.

“Inggih, inggih…..” pating cruwet padha saur manuk anggone para Sapukawating Kalurahan sing dadi wong-wong sing dipercaya Jagabaya Bontot, aweh wangsulan. Tumuli wong-wong kuwi minggir kaya-kaya ngepung plataran omahe Puranta, dadi ora bakal ana sing ora konangan yen nganti ana salah siji saka wong-wong sing ana plataran kuwi nganti lunga.

Bebau Kidul banjur bali munggah menyang emperan ngadhep marang Gurune . Ki Lopara mesem karo manthuk-manthuk sajak wis marem atine merga Bebau Kidul wis ngecakne pituduhe kanthi becik jumbuh karo sing dadi karepe. Lopara uga banjur nyedhaki Ki Lurah, banjur ngulungake Keris sing digawa kuwi karo guneman :

“Menika Ki Lurah, Kyai Pantek sampun saged kula pulung lan samangke kula aturaken dhumateng Jengandika Ki Lurah. Mugi kapirsanana langkung rumiyin, menapa saliranipun Kyai Pantek wonten ingkang nandhang kanin menapa taksih wetah kados saderengipun kadhusta duratmaka?”.

“Sanget anggen kula ngaturaken panuwun Kyai” wangsulane Ki Lurah karo nampani keris sing diulungne Lopara kuwi, tumuli diunus, diulat-ulati wiwit saka ukiran, kembang kacang, nganti tekan pucuking keris. Banjur bali dilebokne menyang wrangkane maneh, karo guneman marang Lopara :

“Sampun kula titi kanthi tliti Kyai, kawontenanipun Kyai Pantek taksih wetah boten kirang setunggal menapa”.

“Inggih Ki Lurah” wangsulane Lopara “mila Kyai Pantek menika tuhu pusaka dibya yasanipun empu  jaman kina temah nggadhahi daya lan pangaribawa ingkang sakalangkung luhur, boten badhe wonten lamaking titah ingkang badhe kuwawa damel risaking Pusaka Kyai Pantek, malah kepara titiyang ingkang boten suci manahipun lajeng nyaket Kyai Pantek mangka badhe kedhawahan walat ingkang saged damel cilakanipun. Nalika badhe kula pendhet kala wau, Kyai Pantek sampun paring sasmita dhateng kula sinten saleresipun ingkang sampun kumawantun mendhet panjenenganipun Kyai Pantek saking plangkan dalem Kalurahan Tambak saha para-para ingkang sampun ngojok-ojoki awit kasurung raos kepengin njongkeng kawibawan Kalurahan Tambak”.

“Sinten mawon menika Kyai?” Ki Lurah mundhut pirsa karo pasuryan sajak gumun “menawi sampun cetha sinten ingkang tumindak makaten kala wau, ateges sampun wantun kalihan Pakem Paugeraning Kalurahan Tambak, kangge ngreksa jejeging adil, kula badhe ndhawahaken pidana dhateng titiyang menika”.

Lopara ora enggal atur wangsulan, sajake lagi nata ukara kanggo guneman. Dumadakan saka sisih mburi wong-wong sing ana plataran, padha ngangseg maju malah padha miyak wong-wong sing ngadeg kanthi anteng, mlaku mengarep sajak kepengin luwih cedhak karo papane Ki Lurah lan wong-wong sing ana emper omahe Puranta kuwi. Aku mesem, Puranta ya mesem, jebul wong-wong kuwi Sabekti karo kanca-kancane sing wis padha nggoceki gaganging pedhange senadyan durung diunus saka wrangkane.

“Manut sasmita ingkang kula tampi” Lopara atur wangsulan, sawus olehe meneng wis rada sauntara “ingkang sampun mendhet Kyai Pantek menika tiyangipun sampun boten wonten Kalurahan Tambak mriki lan boten badhe wangsul mriki malih.Jalaran sampun ngundhuh wohing pakarti temah sampun pejah kabadhog dening Sima Pethak ingkang ambaureksa wana sakiduling Kalurahan Tambak menika. Kula namung dipun paringi ngertos sinten titiyang ingkang ngujuk-ujuki dhateng paraga ingkang sampun kesah kala wau.  Para tiyang candhala ingkang nggadhahi budi culika ingkang ngrojongi tumindakipun paraga ingkang sampun kesah kala wau samangke ugi taksih wonten ing plataran ngajeng menika Ki Lurah”.

“Sinten menika Kyai ?” Pasuryane Ki Lurah wiwit katon mbrabak abang, tandha yen lagi runtik penggalihe kobong kanepsone, marang kawulane sing nedya njongkeng kawibawane.

Tak sawang Sabekti sakancane uga wiwit mbrabak abang praupane, anggone padha nggoceki gaganging pedhange sansaya dikencengi.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Lopara atur wangsulan maneh “murih langkung cethanipun, jengandika Ki Lurah kula suwun mundhut pirsa dhateng Kyai Pantek ingkang sampun wonten ing asta jengandika. Dene caranipun makaten : kaparenga jengandika Ki Lurah ngeningaken cipta dhateng Pusaka Kyai Pantek sinarengan nyuwun pitedahipun, sinten kawula ing Tambak menika ingkang nedya mbalela lan badhe njongkeng kawibawaning Kalurahan Tambak. Menawi sampun makaten, tumulia Kyai Pantek kaunus lan kathungaken dhateng prenahing tembok griya menika, mangke ing mriku badhe katingal wewayangan kados wewayangan ingkang sampun nate Jengandika pirsani ing Maron enggal wau enjing nalika taksih wonten pringgitaning dalem kalurahan. Boten namung jengandika piyambak ingkang badhe pirsa, senadyan sedaya tiyang ingkang wonten pekarangan mriki ugi badhe sumerep……..”.

“Ha ha ha ha ………” durung nganti Lopara rampung anggone guneman lan Ki Lurah uga durung aweh wangsulan marang Lopara dumadakan wong -wong padha dikagetake dening suwaraning wong ngguyu banter banjur disambung guneman sing ditujokne marang Lopara “Kyai Lopara!, ndika niku tenane ngoten, Dhukun Ngawur napa Bakul Jamu sing ajeng ngapusi tiyang-tiyang Tambak mawi sulapan? Merga tiyang-tiyang mriki niku empun sami apal lan asring ningali Bakul Jamu teng peken pas dinten pasaran ngoten nika, ingkang ngapusi tiyang-tiyang kanthi sulapan kados sing ajeng ndika cakne ngoten niku. Kula kuwatir, mengke sing ndika ketokne malah para tiyang-tiyang Tambak ingkang setya dhateng Ki Lurah lan Kalurahan Tambak ? Merga meh tiyang sakalurahan mriki niku empun ngertos, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot niku kepengin sanget nggentosi Para Bebau lan para Pamong ing Tambak mriki kalihan tiyang-tiyang ingkang dados andhahanipun. Lha murih saged kaleksanan kekajenganipun tiyang kalih niku, dinten niki ndika sing tumandang damel sulapan kangge ngapusi Ki Lurah murih Ki Lurah ndhawahaken pidana dhateng para-para ingkang boten dipun remeni Bebau Kidul kalih Jagabaya Bontot kanthi pawadan………”.

“Cukup!” Bebau Kidul mbengok banter nggetak wong sing lagi guneman marang Lopara karo ngguyu mau “kowe aja gawe kisruh Sabekti!, nek kowe ora enggal mingkem klakon tak sumpel cangkemmu nganggo pedhangku iki mengko”.

“Kula boten rembagan kalih ndika Ki Waruju” Sabekti wangsulan karo malangkerik, nantang “kula omong ngoten niku wau ndika kudune ngerti, nek kula boten ajeng damel kisruh, nanging ajeng menggak Bakul Jamu sing seneng dolanan sulapan kangge ngapusi tiyang kathah. Merga nek diumbar, sulapane Lopara niku saged mbebayani tumrap kalurahan Tambak mriki”.

Sauntara kuwi wong-wonge Bebau Kidul sing dadi Sapukawating Kalurahan iya akeh sing banjur melu nyedhak, siyaga arep ngringkus Sabekti. Para Bebau lan Para Jagabaya sarta Pamong liyane uga banjur padha melu nyedhak kabeh. Kabeh wis padha ngliga gegamane dhewe-dhewe, embuh marang sapa gegaman kuwi mengko arep ditibakne. Kahanan ing plataran omahe Puranta kuwi dadi panas lan kosek. Merga cetha akeh sing kepengin ngendharat Sabekti sing dianggep murang tata, nanging uga akeh sing kepengin ngrewangi Sabekti merga dianggep wis wani maju mengarep nedya njaga jejeging adil ing Kalurahan Tambak, sanadyan ngerti yen sing dadi totohane ya nyawane dhewe.

Ki Lurah katon nek duka campur bingung. Sajake kangelan olehe arep tumandang. Arep ora percaya marang Lopara nyatane wis kebukten nek Lopara wis bisa nemokne Keris sing ilang, nek arep nggugu rerigene Lopara, Sabekti mau muni ngono kuwi mau, lan sajake ya akeh sing luwih percaya marang Sabekti. Nek meneng wae, bisa-bisa bakal ana geger rame neng platarane Puranta kono kuwi. Ki Lurah ketok nek sansaya judheg.

“Kula rayi jengandika pun Puranta ingkang dugi Ki Lurah” dumadakan Puranta wis ngatonake wujude, lan kaya tanpa sangkan wis ngadeg neng ngarepe Ki Lurah karo tumungkul. Ki Lurah dadi kaget, wong-wong sing ana kono uga padha kaget kabeh. Luwih-luwih Lopara sing wis kandha yen Puranta ora bakal bisa bali maneh menyang Kalurahan Tambak, awit miturut lapuran andhahane Bebau Kidul, Puranta wis mati dibadhog macan nalika mlaku neng alas sakidule Kalurahan Tambak.

“Dhimas Puranta………?” Ki Lurah nyebut jenenge sedulure nom kuwi karo pasuryan kebak rasa gumun.

 

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (045)


45.

            Lopara, senadyan ngerti nek muride ana sing ngrusuhi kanthi nekakne walang kayu sing nylenthik lambene, nanging Lopara api-api ora weruh. Lopara nganggep kedadeyan kuwi kedadeyan lumrah. Nalika Ki Lurah takon sapa sing wis wani muni karo suwara sing banter nggorohake apa sing dikandhakne Bebau Kidul. Kanthi tatag Lopara aweh wangsulan :

            “Kula kinten awakipun piyambak boten prelu migatosaken pokalipun Dhedhemit ingkang wiwit wau tansah ganggu damel Ki Lurah, Dhedhemit kala wau namung Dhedhemit alit ingkang boten nggadhahi kekiyatan ingkang mutawatosi, kala wau ing Pringgitan sampun kula tantang lajeng mlajar ajrih. Lajeng dugi malih, kalihan njarag murid kula pun Waruju, nanging inggih kados wau, sareng dening Bebau Kidul dipun tantang inggih lajeng mlajar, awit rumaos miris menawi ngantos dipun tandangi estu dening Waruju”.

            “Inggih sampun menawi makaten” wangsulane Ki Lurah karo mesem “nyata ndika lan siswa-siswa ndika niku kalebet tiyang ingkang sabar, saupami kula ingkang dipun ganggu tartamtu Dhdhemit kala wau badhe kula uber ngantos kecepeng lan kula damel pangewan-ewan dados tontonanipun kawula ing Tambak”.

            “Menika saged kula tindakaken mangke Ki Lurah” Lopara genti wangsulan karo praupan mbrabak abang “Dhedhemit kala wau mesthi badhe kula cepeng lan kula dhawahi paukuman ingkang awrat, namung kemawon kula badhe milujengaken Pusaka Jengandika nuwun inggih Dhuwung Kyai Pantek, rumiyin. Mangke sasampunipun Dhuwung kula aturaken dhateng jengandika, Jengandika Ki Lurah saha Para kawula ing Tambak badhe kula segahi panglipur sawatawis, inggih menika amirsani Dhedhemit ingkang nangis golung koming awit kula dhawahi paukuman”.

            “Matur nuwun Kyai” Ki Lurah mesem lega “ketingalipun Paman Jagabaya Bontot sampun suka sasmita menawi sampun wancinipun ndika mulung Kyai Pantek saking papan kangge nyingidaken ingkang criyos ndika wau ing senthong griyanipun Dhimas Puranta”.

            “Inggih Ki Lurah” wangsulane Lopara karo ngguyu seneng “samangke sumangga Ki Lurah kula dherekaken tedhak dhateng Griyanipun Gus Puranta, badhe kula pendhet Dhuwung Kyai Pantek lan badhe kula aturaken dhateng Jengandika Ki Lurah”.

            Ki Lurah ngadeg banjur mlaku arep menyang omahe Puranta, Lopara ngetutne ing mburine, disusul Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot. Para Bebau lan Para Pamong sarta Para Sapukawating Kalurahan sing ana plataran Kalurahan kuwi uga banjur padha mlaku bareng gemrudug ndherekne lakune Ki Lurah. Aku karo Puranta sing ora diweruhi dening wong-wong kuwi kabeh, wis ndhisiki wong-wong kuwi, tumuju omahe Puranta luwih dhisik.

            Tekan omahe jebul lawange kancingan, digembok nganggo gembok lan rante sing gedhene luwih gedhe tinimbang drijine wong diwasa.

            “O iya? Ya?” Ki Lurah dumadakan ngunandika sing kawetu tembunge, banjur karo noleh menyang prenahe para Sapukawating Kalurahan, Ki Lurah paring prentah “aku njaluk tulung marang salah siji saka bocah Sapukawat, timbalana Si Senthun dhawuhana mrene karo nggawa Kunci Omahe Puranta iki, dheweke sing tak pasrahi kuncine”.

            “Sampun Ki Lurah” Lopara menggak Ki Lurah “boten sah repot-repot, menawi namung mbikak gembok samanten kemawon boten sah mawi kunci”.

            Tanpa ngenteni wangsulan Lopara maju, lawang dicedhaki banjur nyandhak gemboke, disendhal ngeget temah rantene pedhot.  Gembok sing wis lepas saka rantene kuwi banjur diselehne ing lemah. Lawang dibukak amba, banjur Lopara matur marang Ki Lurah :

            “Samangke kula badhe mlebet ing griya Ki Lurah, jengandika kula aturi nengga ing emperaning Pendhapa rumiyin, mangke menawi Kyai Pantek sampun kula pendhet tumuli kula aturaken dhateng jengandika”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah wangsulan cekak.

            Lopara banjur prentah marang Bebau Kidul :

            “Waruju prentahna marang kabeh wong sing ana kene supaya padha ngenteni ing latar, mengko menawa ana suwara-suwara sing aneh sing tanpa ana wujude, aja padha disauri utawa digatekne. Kabeh supaya ngerti nek sing nyuwara aneh kuwi dhedhemit krucuk sing mengko bakal tak cekel lan tak cencang ing plataran Kalurahan dimen dadi tontonane bocah cilik-cilik”.

            “Inggih ngestokaken dhawuh Guru” wangsulane Bebau Kidul, sing banjur guneman banter marang Para Bebau, Pamong lan kabeh Sapukawating Kalurahan, nerokne prentahe gurune.

            Lopara banjur mlebu menyang jero omah kanthi sikep sing sajak nuduhne kuwanene. Puranta noleh marang aku, karo takon :

            “Awakipun piyambak menapa badhe kendel kemawon mBah Tambak?”.

            “Kanggo sauntara iya Ki Puranta” wangsulanku karo mesem “mengko wae menawa Keris Tiron kuwi wis dicekel dening Kakang ndika, lan Lopara ngocehne tembung-tembung goroh kanggo gawe cilakane wong akeh, lagi ndika ngatonake dhiri lan nindakne apa sing dadi welinge Ki Jurudah lan Ki Prasanta sadurunge awake dhewe budhal mrene esuk mau”.

            “Inggih mBah Tambak, kula suwun sampun ngantos mangke jengandika negakaken kula” kandhane Puranta karo nyawang praupanku. Aku mung mangsuli kanthi manthukne sirah karo mesem amba. Puranta uga banjur melu mesem.

            Ing latar omahe Puranta tak sawang wong-wong sing ngenteni lelakon sing bakal kedaden, katon beda-beda praupane. Ana sebagean sing sajak seneng, ketitik saka ulate sing padha sumringah banjur padha kerep esem-eseman karo padha kancane. Nanging uga ana sing ulate katon peteng, sedhela-sedhela njengkerutne bathuk karo nggathukne alis. Lan nalika kabeneran nyawang kancane sing uga duwe sikep sing padha, sing disawang mung gedheg-gedheg nelakne bingunging atine. Sing nduweni sikep kaya mangkono iku klebu Sabekti, sapukawat andel-andele Bebau Sela sing lungguh awor karo kanca-kancane ing sacedhake pager pinggir dalan mlebu menyang regol plawangane Puranta. Sabekti sing wis ngerti letheging bebudene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot apa dene Lopara, guneman karo kanca-kancane karo suwara sing pating klesik. Ngrasani suwara sing tanpa rupa ing plataran Kalurahan mau, uga ngrasani Walang Kayu aneh sing dumadakan nylenthik lambene Bebau Kidul.

            “Aku luwih percaya marang suwara sing tanpa rupa ing plataran Kalurahan mau” kandhane Sabekti lirih sing meh wae ora bisa dirungokne karo sing diajak guneman, ya kuwi kancane sing lungguhe cedhak karo dheweke.

            “Sing jarene Bebau Kidul suwarane Dhedhemit Jirih sing wedi getih kae mau ta Kakang?” sing diajak guneman Sabekti semaur uga lirih “aku ya ngono, aku ora percaya nek sing nyuwara mau Dhedhemit, tak kira malah suwarane Bebau Tengah, wong kae sanadyan wis rada umur nanging kasektene isih nggegirisi lho Kakang”.

            “Aku ora ngerti sapa sing nyuwara mau, nanging aku percaya nek kabeh sing dikandhakne Kyai Lopara karo murid-muride kae mesthi nek goroh. Mula mengko saupama ana unine Kyai Lopara utawa Jagabaya Bontot, utawa Bebau Kidul sing ngatut-ngatutne asmane Bebau Sela minangka wong sing didakwa melu duwe kekarepan arep mbalela marang Ki Lurah, aku arep maju. Sing ndakwa bakal tak tantang warasan. Mau aku wis rembugan karo Jidhar, Sapukawat saka Padhukuhan Tengah wakile Ki Sarana, wonge duwe tekad sing padha karo aku, arep nglabrag wong sing gawe crita goroh sing tundhone mung arep gawe lupute  Ki Bebau Tengah utawa Bebau liyane sing sasuwene iki cedhak karo Gus Puranta”.

            “Aku ya mathuk Kang, ndika ora ijen, aku lan meh kabeh Sapukawat sing dudu gaweyane Bontot apa Waruju, mesthi ngadeg bareng ndika, kanthi suwara sing padha”.

            Aku karo Puranta sing uga krungu rembug cilik klesak-klesike Sapukawat loro kuwi banjur pandeng-pandengan karo mesem. Jebul isih akeh wong Tambak sing ora percaya marang Lopara sing kondhang nduweni kasekten sing bisa njara langit.

            Dumadakan saka regol pekarangane Puranta katon ana wong pirang-pirang sing lagi teka jangkep karo gegamane dhewe-dhewe. Puranta tak ingeti, dheweke malah guneman lirih sing mung bisa tak rungokne dhewe: “…….Ki Puludan?”……”.

            Jebul tekane Puludan luwih dhsisik diweruhi dening Sabekti sing banjur ngadeg mara nyedhaki. Aku karo Puranta uga banjur melu nyedhak. Mesthi wae wong sing ana kono kuwi babar pisan ora weruh aku utawa Puranta.

            “Sapa sing kongkonan ndika mrene Ki Puludan?” karo nyedhakne lambene menyang kupinge Puludan, Sabekti takon “ndika sakanca rak wis tak kandhani aja ngaton dhisik!, iku mbebayani tumrap kaslametan ndika sakanca. Lhah… kok malah nusul mrene, apa ndika ora ngerti Ki Bebau Kidul karo Ki Jagabaya Bontot uga ana kene?”.

            “Aku sakanca njaluk pangapura Ki Sabekti” wangsulane Puludan uga nganggo suwara cilik kanthi nyedhakne lambene menyang kupinge Sabekti “mau nalika ana Kenthong Pitu disusul Daramuluk, aku sakanca ya ora nggagas nek arep nekani timbalane Ki Lurah kuwi. Malah kanca-kanca banjur tak prentah supaya mlebu menyang papan pandhelikane………”.

            “Lha kok malah saiki ndika sakanca ana kene? Apa ndika nedya mbalik arep mbala marang Bebau Kidul maneh?” Sabekti nugel rembuge Puludan.

            “Aja kleru tampa Ki Sabekti” Puludan ketok nek kaget krungu pandakwane Sabekti mangkono kuwi “aku wis ngerti yen Ki Bau Kidul lan Ki Bontot kae dudu menungsa, mokal aku sakanca sing wis ndika tulungi lan ditulung Gus Puranta arep mbalik ngawula marang setan loro kae maneh”.

            “Lha banjur ndika teka kene iki mau?”

            “Kuwi merga mau, ngepasi aku sakanca arep mlebu menyang papan pandhelikan, dumadakan ana wong tuwa loro sing durung tau tak tepungi, nyegat aku sakanca. Kaki-kaki loro kuwi kandha yen dina iki Gus Puranta wis kundur menyang tambak kene, ngasta Kyai Pantek sing ilang. Aku banjur didhawuhi dening Kaki-kaki loro kuwi supaya melu mangayubagya Gus Puranta ing daleme kene. Kajaba saka kuwi, Kaki-kaki loro mau uga kandha nek wektu iki Bebau Kidul karo Jagabaya Bontot ditambah Gurune uga wis ngerti yen Gus Puranta kundur, mula setan-setan kae banjur ngrancang arep gawe cilakane Gus Puranta. Aku sakanca banjur ditakoni, lila apa ora yen nganti Gus Puranta cilaka merga kaculikane setan-setan kae?. Nek ora lila aku dikongkon mrene kanthi gegaman sing jangkep. Mula aku banjur mrene iki mau” karo panggah klesik-klesik Puludan ngandhani Sabekti.

            Tak sawang Sabekti manthuk-manthuk sajak mudheng karo sing dikandhakne Puludan. Aku genti nyawang Puranta karo takon :

            “nDika ngerti Ki Puranta? Sapa Kaki-kaki loro sing ngandhani Puludan sakancane kuwi mau?”.

            “Sinten mBah Tambak?” Puranta takon nambong “menapa Senapati kembar saking Kraton Pangayoman, Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta?”.

            “Sapa maneh nek dudu wong Gerang loro sing senengane nggawek-nggawekne uwong kae?!?” wangsulanku karo ngguyu.

Puranta ya melu ngguyu krungu wangsulanku sing kaya mangkono mau. Puranta banjur taka jak mbalik nyedhaki papane Ki Lurah sing ngenteni metune Lopara saka jero omahe Puranta.

 

Ana candhake.

 

Minggu, 05 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (044)


 

 

44.

            Wong lima sing krungu wangsulane Puranta ngono kuwi padha manthuk-manthuk. Aku banjur nyedhak, Puranta katon nek rada kaget merga tekaku sing ora dinyana-nyana. Sadurunge Puranta guneman apa-apa aku aweh sasmita supaya Puranta ora ngucap apa-apa, murih ora gawe bingunge wong lima  sing padha ora bisa weruh wujudku. Aku banjur nggunakne Aji Taliati, ya iku aji kanggo bisa sesambungan rembug antarane aku karo Puranta kanthi ora ngetokne suwara sing bisa dirungokne wong liya.

            “Aku mau wis tekan Kalurahan lan ngaweruhi apa sing ditindakne Ki Lurah, Lopara lan murid-muride, Ki Puranta” kandhaku nganggo Aji Taliati.

            “Kyai Lopara, Bebau Kidul tuwin Jagabaya Bontot dhateng Kalurahan, mBah Tambak?” Puranta takon uga nganggo Aji Taliati dadi katone Puranta mung meneng karo ndhingkluk wae “kepanggih kalihan Ki Lurah mesthinipun ngrembag kula lan icaling Dhuwung Kyai Pantek menika inggih, mBah?”.

            “Bener” wangsulanku “Lopara temen-temen wong julig sing rusuh tandange”.

            Banjur kanthi reringkesan aku nyritakne apa sing wis kedadean ing pringgitaning Kalurahan Tambak, iya sing dirembug antarane Ki Lurah karo Lopara iya sulapane Lopara sing ngginakne Maron anyar diiseni banyu lan kembang lan wekasane tak pungkasi kanthi aweh prentah marang Puranta supaya daya-daya ndelok omahe, merga miturut petungku ora let suwe maneh Lopara karo murid-muride wis tekan kana, saprelu nuduhne Keris Kyai Pantek sing disingidne ana senthong omahe Puranta, marang Ki Lurah. Lan aku durung patia percaya manawa Ki Lurah bakal nggugu omongane wewayangan gaweyanku sing ngandhakne menawa Keris sing ana senthong omahe Puranta kuwi dudu Kyai Pantek sing satuhu. Karepku supaya Puranta bisa nuduhne Keris Kyai Pantek sing sejati lan bisa mbalekne marang wujude sekawit Keris Tiron yasane Jim Ganjur sing wujud lan rupane ora beda karo Kyai Pantek sing sejati.

            Dumadakan saka arah Kalurahan keprungu suwara Kenthongan ditabuh kaping pitu disusul Kenthong Daramuluk sepisan. Suwara Kentongan ngono kuwi disambung lan diterusne  karo kenthongan saka gerdhu-gerdhu panjagan. Dadi Tengara Kenthong Pitu disambung Daramuluk kuwi ora suwe wis warata keprungu tekan saindenging Kalurahan Tambak.

            “Kenthong Pitu Paman?” Puranta guneman semune takon marang Bebau Tengah.

            “Inggih Anakmas” wangsulane Bebau Tengah “ketingalipun wonten prakawis ingkang sanget wigati, ketitik Ki Lurah ngersakaken Para Bebau lan Para Jagabaya miwah Pamong sarta para Sapukawating Kalurahan supados mlempak ing Kalurahan”.

            Puranta nyawang marang aku, sajake njaluk uruning panemuku.

            “Becike wong-wong kuwi ndika kongkon budhal menyang Kalurahan nuruti dhawuhe Ki Lurah sing nggunakne tengara Kenthong Pitu kuwi mau, Ki Puranta” kandhaku kanthi Aji Taliati “mbok menawa Ki Lurah saka pakone Lopara kepengin anggone njupuk Kyai Pantek Tiron ing senthong omah ndika disekseni dening Bebau lan Para Sapukawating Kalurahan tuwin Pamong ing Tambak kabeh”.

Puranta manthuk ngiyani. Tumuli kandha marang wong lima sing ana ngarepe kuwi :

            “Sak niki prayoginipun Paman Bebau Tengah tuwin Para Bebau sanesipun, tumuli ndugeni timbalanipun Ki Lurah. Kula piyambak mangke ugi tumunten nusul mrika, nanging inggih sakedhap malih sasampunipun ndika sami dumugi ing Kalurahan”.

            “Kinten-kinten Ki Lurah badhe paring dhawuh menapa inggih Anakmas?” Bebau Tengah nyoba takon marang Puranta.

            “Menawi kula inggih cetha menawi boten mangertos ta Paman?” wangsulane Puranta karo mesem “sampun sak niki mangga sami tindak dhateng Kalurahan mawon rumiyin, mangke rak pirsa menapa ingkang dados kersanipun Ki Lurah”.

            “Inggih Anakmas” wangsulane Bebau Tengah “menawi makaten kula kalihan kanca-kanca tumuli dhateng Kalurahan sak menika ugi. Boten langkung kula suwun mugi Anakmas ingkang ngatos-atos lan sampun ngantos nyuda kaprayitnan”.

            “Mangga Paman, sakedhap malih kula badhe nusul” kandhane Puranta karo nguntabne Bebau cacah lima kuwi lunga ninggalne papan kono.

            “Samangke kados pundi mBah Tambak?” sawise wong lima kuwi lunga Puranta banjur takon marang aku.

            “Tak kira Lopara wis matur marang Ki Lurah yen kepengin nuduhake anggone bisa nemokne Kyai Pantek marang Bebau lan Pamong tuwin Sapukawating Kalurahan, Ki Puranta” wangsulanku “becike awake dhewe aja ngaton dhisik, ndika mengko tak singidne ing alam panglemunan dhisik, mengko wae manawa Keris Tiron wis diasta Ki Lurah, ndika lagi ngatonke dhiri lan matur marang Ki Lurah menawa Keris kang diasta kuwi mung dhapur Tiron”.

            “Inggih mBah, kula ndherek kemawon menapa ingkang dados pitedah jengandika” wangsulane Puranta.

            Puranta banjur tak wenehi Keris Kyai Bancik sing biyen olehe maringi Rama Tumenggung Jatikusuma jaman aku isih nom lan manggon neng Majapahit, sarta tak warah kepiye carane nggunakne Pusaka Kyai Bancik sing bisa kanggo manjing ing alam panglemunan. Kajaba Kyai Bancik, Puranta uga tak wenehi Slendhang Pita ya Slendhang Sipat peparinge Wa Kebayan Bulak Pandhe jaman aku arep budhal menyang Kedhuwang biyen, sarta tak wuruki kepiye carane migunakake. Puranta katon nek seneng atine lan ngaturake panuwun marang aku, banjur Kyai bancik nuli dicakne, sakala Puranta katon wis manggon ing alam sing meh padha karo alam sing tak panggoni, ya iku ora bisa kadulu dening mripat wantah.

            Sawise kira-kira para Bebau lan Pamong sarta Sapukawating Kalurahan Tambak wis mlumpuk ing Pendhapa kalurahan nuhoni dhawuhe Ki Lurah sing nganggo tengara Kenthong Pitu disambung Dara Muluk, aku karo Puranta banjur bebarengan budhal nusul menyang Kalurahan.

Pandugaku mau pranyata bener. Nalika aku karo Puranta tekan Kalurahan, lan momor wong-wong sing ana kono, kabeh Bebau lan Pamong sarta Sapukawating Kalurahan ora diklumpukne ing pendhapa, nanging dikongkon padha ngadeg jejer wor sajuru-juru ing plataran. Ing Emperaning Pendhapa sisih ngarep, katon Ki Lurah lenggah ing kursi dijejeri Lopara sing uga lungguh kursi sing rada beda wujude. Sauntara Jagabaya Bontot karo Bebau Kidul ngadeg ing tlundhagane Pendhapa ngisor dhewe. Bebau Kidul lagi sesorah ing ngarepe para Bebau lan Pamong sarta Sapukawating Kalurahan, Jagabaya Bontot ngadeg ing sisihe karo nyekeli Pedhange sing wis diliga saka wrangakane.

“Sedulur-sedulur Para Bebau, Para Jagabaya, Para pamong lan Sapukawating Kalurahan kabeh” kandhane Bebau Kidul kanthi suwara sing banter temah bisa keprungu nganti tekan sajabaning pekarangan Kalurahan “aku ngadeg lan guneman ing kene iki, saprelu nyambung dhawuhe Ki Lurah supaya tekan marang ndika kabeh, mula tak jaluk ndika padha ngrungokne kanthi sabecik-becike, aja kongsi tumpang suh nggon ndika nampa, sepisan maneh tak kandhakne, ing  kene Bebau Waruju utawa Bebau Kidul guneman mung nyambung dhawuhe Ki Lurah marang ndika kabeh”.

“Nggiiiiiiih………” wong saplataran semuar bareng, nganti kaya ngoregne plataran.

“Dhawuh kang kapisan : Lumantar Kyai Lopara Ki Lurah wis nampa sasmita gaib ing ngendi dununge Keris Kyai Pantek, Pusaka Piyandel Kalurahan Tambak sing ilang saka plangkane. Ki Lurah ndhawuhake marang Kyai Lopara supaya mulung Kyai Pantek saka papan pasingidane lan ngaturake marang Ki Lurah. Aku, Paman Jagabaya Bontot lan ndika kabeh kadhawuhan ndherekne Ki Lurah sing uga ngersakne nunggoni anggone Kyai Lopara mulung Kyai Pantek saka papan kanggo ndhelikake kuwi. Apa kira-kira ana sedulur-sedulur sing kabotan nindakne dhawuhe Ki Lurah iki?”.

“Boteeeeen” sepisan maneh wangsulan sing ambata rubuh suwarane keprungu saka plataran Kalurahan kuwi.

“Sokur lan matur nuwun marang ndika kabeh” Bebau Kidul guneman maneh “sabanjure Dhawuh kaping Pindho : Ki Lurah durung kepareng paring weruh marang aku lan ndika kabeh, sapa paraga kang kumawani nyolong Piyandel Kalurahan Tambak sarta sapa wae sing wis adol upas marang paraga sing sejatine nduweni bebuden mulya lan utama nanging merga kena upase wong-wong sing srakah temah wani nerjang sarak nyingkur bebener ndhustha Kyai Pantek kanggo sarana bisa njongkeng kalenggahane Ki Lurah sing sah”.

Ora ana suwara semaur aweh wangsulan marang kandhane Bebau Kidul sing keri dhewe iki. Mung wae, wong – wong sing ana latar wis padha ngerti sapa paraga sing dikarepake Bebau Kidul kuwi mau. Sanadyanta mangkono wong-wong ya akeh sing ora sarujuk karo sing dikandhakne Bebau Kidul sing wis ndakwa yen ilange Kyai Pantek merga dicolong wong sing kepengin njongkeng kawibawan luwih-luwih merga oleh ambujuke wong sing duwe ati srakah. Wong-wong banjur padha pating greneng dhewe-dhewe, temah nuwuhake suwara temawon sing ora cetha yen dirungokne.

“Para sedulur kabeh” Bebau Kidul bali guneman maneh “sanadyanta mangkono, unine unen-unen Becik Ketitik Ala Ketara, mengko bakal katon sawuse Kyai Pantek wis ana astane Ki Lurah Tambak kapindho maneh. Miturut wangsit sing ditampa Kyai Lopara, mengko Kyai Pantek ing astane Ki Lurah bakal nuduhake sapa wae sing satemene wis tumindak culika”.

“Lan sing dikandhakne Lopara Dhukun Kurang Tindhih kuwi goroh kabeh” tanpa kena tak penging, saka papan sing ora bisa disawang wong liya, lambeku mbengok banter sing uga dirungokne wong sal plataran kabeh. Sakala kahanan dadi kosek. Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot katon nek dadi nesu ora karuwan.

“Setan keparat, sapa sing wani guneman waton njeplakne lambe kuwi he?” Bebau Kidul mbengok sora merga saking nesune krungu suwaraku sing kaya mangkono mau.

Ora ana sing wangsulan, kahanan dadi sepi nyenyet. Malah wong-wong sing padha ambegan wae kaya-kaya banjur diempet murih ora ana suwara sing keprungu.

“Aku ngerti sing muni waton mangap mau genah Dhedhemit sing mau ganggu gawe marang Guruku, ayo yen nyata kowe dhemit sing ora wedi getih, ketokne wujudmu! Ayo tandhingana iki Waruju Bebau Padhukuhan Kidul……..”

Nalika Bebau Kidul mampang-mampang ngunekne panantang ngono kuwi, andilalah ing wit luntas sing ana sandhingku ana Walang Kayu sing mencok. Ora guneman apa-apa, karo panggah ora ngatonake dhiri, walang kayu kuwi tak cekel banjur tak sawatne menyang lambene Waruju. Mesthi wae, Walang Kayu kuwi kaget, banjur ngobahne suthange kanggo nylenthik lambene Bebau Kidul. Suthang sing ana erine kuwi ngenani lambene Bebau Kidul temah ndadekne lambe kuwi gobrah-gobrah getihe.  Bebau Kidul sansaya waringutan, Walang Kayu disaut kena, banjur dibanting neng lemah diidak-idak diiles-iles nganti ajur bebathange.

“Setan alas ora genah, Walang murang tata wani-wanine nylenthik lambene Bebau Kidul, klakon ajur kuwandhamu kowe” kandhane Bebau Kidul karo misuh-misuh lan nyumbari walang sing wis mati.

Jagabaya Bontot Tanggap, banjur genti maju nyulihi olehe sesorah Bebau Kidul :

“Para Sedulur kabeh, wis cukup kabeh dhawuh saka Ki Lurah sing dikandhakne Ki Bau Kidul. Saiki ndika kabeh ayo padha tata-tata ndherekne jengkare Ki Lurah marang panggonan kanggo nyingidne Kyai Pantek dening sing nylolong kuwi, jumbuh lan pituduh saka Kyai Lopara”.

Bubar muni ngono kuwi, Jagabaya Bontot banjur mbalikne awak ngadhep marang Ki Lurah lan Ki Lopara, atur sasmita yen wis wayahe bidhal menyang omahe Puranta.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...