52.
Nadyan durung bisa apa-apa, nanging kahanane Klabangireng, Luwukabang lan Tamparangin wis ora mbebayani maneh. Kari mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo marekne balung-balunge sing padha remuk. Sauntara wong telu kuwi leren, Kyai Saepullah banjur njagongi Ki Labdhung sing uga lagi jejagongan karo wong liyane klebu Rangga lan Marga.
"Sakniki prayogining lampah kados pundi Ki?" Ki Landhung takon marang Kyai Saepullah "kula kinten, titiyangipun Gambangkawat taksih kathah ingkang mapan ing Tundhan".
"Leres Kyai" wangsulane Kyai Saepullah "langkung prayogi awakipun piyambak wangsul dhateng gisik ler benawi malih kemawon. Pripun menawi makaten Angger Rangga?".
"Kula ndherek pamanggihipun Kyai Saepullah kemawon" wangsulane Rangga "mangke ing gisik saged dipun rembag malih kados pundi prayogining lampah".
Kyai Saepullah tumuli printah marang santri-santrine supaya yasa tandhu kanggo ngusung wong telu digawa menyang gisik papan palerenane Ki Wangsa. Ora suwe wong-wonge Gambangkawat klawan dikawal para Santrine Kyai Saepullah diajak budhal menyang Gisik minangka telukan.
Sing kaprentah mikul tandhune wong telu sing ora bisa mlaku yaiku santri-santrine Kyai Saepullah kabeh, kanthi gentenan. Wong-wong sing dadi telukan, sing uga klebu bawahane wong sing dipikul padha gumun, dene sikepe Kyai Saepullah lan santri-santrine marang mungsuh sing wis tanpa daya, katon keliwat becik. Mangkono iku adoh banget bedane karo sikep sing kerep dicakne golongane wong-wong kuwi nalika bisa ngalahne mungsuh-mungsuhe.
"Sing mikul aku iki sapa ya?" Luwukabang sing mlumah ora bisa obah ing dhuwur tandhu takon klawan suwara sing alon.
"Kanca-kanca Santrine Kyai Saepullah Ki" wangsulane salah siji sing mikul "apa ndika ngrasakne nggonku sakanca mlaku ora rata? Utawa kekasaren?".
"Ora, ora Kisanak" wangsulane Luwukabang alon "laku ndika krasa alus lan kepenak tak rasakne, aku mung bisa ngaturne panuwun marang nDika kabeh, muga-muga Sing Kuwasa paringa kanugrahan marang ndika".
"Matur nuwun Ki" wangsulane sing mikul "saiki kasekecakna dhisik nggon ndika sarean, welinge Kyai mau ndika ora dikeparengake kakehan obah lan menggalih sing neka-neka luwih dhisik, ben badan ndika bisa enggal pulih".
"Iya Kisanak" tanpa krasa ana luh anget nelesi pipine Luwukabang, mbok menawa selawase urip ya lagi iki ana rasa aneh sing nggremeti sajroning dhadhane "kudune aku sing matur nuwun lan nyuwun pangapura marang Kyai Saepullah, Adhi Rangga lan nDika kabeh. Apa aku oleh ngerteni kepiye kahanane sedulurku si Tamparangin, Klabangireng lan wong-wong saka Tundhan kongkonane Adhi Gambangkawat ?".
"Ki Klabangireng karo Ki Tamparangin, padha karo ndika Ki, ditandhu lan digawa nyang papan palerenan murih luwih cepet warase. Para andhahan ndika uga padha melu ngeterne mrana, isih utuh ora ana sing keplayu, kabeh mlaku dhewe-dhewe kanthi mardika awit dudu telukan sing kudu dibanda tangane".
Klabangireng lan Tamparangin sing uga ngglethak neng ndhuwur tandhu, padha krungu rembugane Luwukabang karo sing mikul. Kekarone pancen dipikul neng ngarep lan mburine Luwukabang. Meneng-meneng kekarone padha gumun marang sikepe Kyai Saepullah lan para Santrine. Wong telu kuwi padha durung ngerti nek Ki Landhung lan Bebau Ngampon, Palkuning lan Saradan uga wis ana kono, mlaku neng mburi ngetutne lakune Kyai Saepullah lan santri-santrine. Wong-wong kuwi uga padha ora ngerti yen Kyai Saepullah wis utusan santrine sing sepuluh supaya ndhisiki laku, lan nyiagakne papan lan pasugatan kanggo kabeh wong sing ana rombongan kuwi.
Karo mlaku ora ana sing nyuwara apa-apa, kabeh santri padha muji dikir klawan suwara alon sing mung bisa dirungokne kupinge dhewe-dhewe. Mung wong-wong sing lagi mikul tandhu, kala-kala nyuwara, nakoni sing dipikul mbok menawa mbutuhne apa ta apa.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar