Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (54)

 54.

Lungit meneng sedhela. Diran karo Tugur ketok ora sabar ngenteni bacute crita. Ora suwe Lungit mesem amba banjur mbacutne crirane :

"Ngerti nek aku sakancaku ora bisa tangi merga remuk bebalunge ketiban sabetan sorbane, dening Kyai Saepullah aku sakanca digawa menyang papan paleremane. Patang puluh dina diopeni nganti bisa pulih kaya sadurunge. Sajroning patang puluh dina kuwi, jroning atiku ana rasa aneh kaya sing ndika sakloron rasakne wektu iki".


Tugur karo Diran manggut-manggut ngrasa eram merga critane Lungit sing ngono kuwi.


"Bareng aku lan kanca-kancaku wis waras" Lungit nerusne kojahe "dening Kyai Saepullah ditundhung supaya ninggalne papan kono. Nanging gandheng aku wong lima wis kadhung krasan ndherek Kyai Saepullah, aku sakanca gemang pisah karo Kyai, mula aku banjur matur kepengin ndherek sinau ngilmu kautamaning laku. Panyuwunku ditampa, nganti seprene aku dadi santrine Kyaiku ya guruku Kyai Saepullah".


Tugur lan Diran sansaya kasengsem marang critane Lungit. Tuwuh jroning atine wong loro kuwi rasa kepengin niru lekase Lungit, yaiku kepengin matur marang Kyai Saepullah yen kepengin ndherek suwita dadi santrine murih tinuntun ngambah laku tobat. Saupama pepenginane kuwi mengko kudu tinebus pedhoting sesambungan karo kanca-kancane sing milih bali urip ngliwati dalan lawas, jroning atine wong loro kuwi bakal nekad.


"Nuwun sewu Ki Lungit" sawuse meneng sauntara Diran ngomong alon "upama aku kepengin nulad lekas ndika, ndherek suwita lan melu ing laku tobat, kira-kira Kyai Saepullah kersa nampa apa ora ya?".


Lungit mesem, wangsulane :

"Ya njajal dicoba matur marang Kyai. Nek ndika temen-temen duwe niyat mangkono mrsthi bakal ditampa".


"Apa Kyai Saepullah bisa maca niyat sing ana atine wong liya?" Tugur takon.


"Aja salah tampa" wangsulane Lungit "yen ndika niyate suci, mangka Gusti Allah sing bakal ngobahne penggalihe Kyai".


Sauntara iku, kahanane Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng mbaka sethithik sansaya luwih apik. Kanthi sabar Kyai Saepullah tansah ngopeni wong telu kuwi saapik-apike. Bebalung sing padha remuk ditata ing papane sakawit, banjur diboboki karo maneka warna gegodhongan sing ngemu tamba. Satata sing dhasare seneng nggilut kawruh kawarasan, kadhawuhan dening Gurune supaya melu ngopeni wong telu kuwi. Satata dhewe rumangsa seneng nglakoni dhawuhe gurune, awit kajaba bisa muwuhi kawruhe, nadyan mung sethithik wis bisa melu ngecakne kawruh kamanungsan, yaiku aweh pitulungan marang sok sapaa sing mbutuhake.


Luwukabang, Tamparangin lan Klabangireng, sing manggone jejer-jejer, tansah bisa omong-omongan siji lan sijine. Dadi ora rumangsa kasepen merga ora ana sing ngajak cecaturan.


"Ndika wong telu tak aturi nglonggarne pikir dhisik" kandhane Kyai Saepullah sawuse rampung mboboki wong telu kuwi "kanggo sawantara, ora susah mikir sing abot-abot dhisik, merga kuwi dadi kuncine ndika enggal bisa waras lan pulih kaya wingi uni. Perkara ndika isih kepengin gawe petung karo Angger Rangga, mengko bisa dirampungne yen ndika wis padha waras. Harak inggih makaten ta Angger Rangga?".


Rangga sing wektu kuwi ana kono, kaget krungu jenenge disebut Kyai Saepullah, gage wae aweh wangsulan :


"Inggih, inggih Rama Kyai. Inggih mugi-mugi kemawon priyantun tetiga punika enggala saras, pulih kados wingi uni".


"Rama Kyai......" dumadakan Luwukabang omong alon "punapa kula kepareng badhe nyuwun pirsa?".


"Ana apa Ki Luwukabang? Aja menggalih sing abot-abot dhisik" Kyai Saepullah wangsulan karo nyedhak.


"Inggih Rama" Luwukabang bali omong "namung badhe matur, kadospundi caranipun atur pangabekti tumrap tiyang ingkang nembe kados kula ngaten punika?".


Sing padha krungu pitakone Luwukabang ngono kuwi padha rada gumun. Jebul Gegedhug sing dadi andel-andele Ki Gambangkawat kuwi bisa migunakake basa krama sing alus. Lha sing ditakokne kok ya aneh, carane ngaturake pangabekti, lha Gegedhug sing duwe kadigdayan linuwih iki apa arep ngaturake pangabekti? Marang sapa?.



Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...