59.
Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat banjur nyedhaki papane Rangga lan Marga sing ethok-ethok ora ngrewes tekane wong telu kuwi. Bocah loro lagi katrem karo Wi Alus sing wite sadriji gedhene. Bocah loro kuwi wiwit ndhudhuk lemah, ngubengi wit Wi Alus, ngati-ati banget ketoke.
"Aja cedhak-cedhak" Rangga ethok-ethok ngandhani adhine "wi ne ben utuh mengko".
"Iya, iya" wangsulane Marga "Wi Alus kuwi wohe memgisor, dadi mengko kudu disenggot ben bisa dibabut utuh".
"Ya wis, nek ngono aku tak gawe senggote karo ngangsu banyu nyang belik" Rangga ngadeg karo omong "awakmu sing nglakari dhudhukane".
Nalika Rangga arep mlaku ninggalne Marga, pas Ki Lindhuk, Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat marani panggonane. Rangga mandheg ora sida mlaku, ganti ngingeti wong telu kuwi karo mripate nuduhne tandha pitakonan.
"Kaget apa piye kowe kuwi Le?" Gambangkawat takon karo mesem "kok olehmu nyawang tanpa kedhep!".
"Ya mesthi wae aku kaget" Rangga wangsulan "wong mau ora ana sapa-sapa kok, ngerti-ngerti ana wong telu. nDika iku sapa lan bangsane lelembut apa bangsane manungsa?".
Gambangkawat ngguyu krungu wangsulane Rangga sing keprungu lugu kuwi.
"Jenengmu sapa lan omahmu ngendi he? Kok wani nungkak krama, ora nganggo basa, omongan karo Ki Gambangkawat. Apa pancen ora bisa basa he?".
"Ooo, dadi nDika Ki Gambangkawat? Jenengku Rangga, kuwi adhiku jenenge Marga, aja dadi atimu Ki anane aku ora basa, merga nDika sing muruki ora basa, dadi aku mung nerokne basa nDika".
"Keparat" Gambangkawat misuh, rumangsa diwaneni bocah nom, eseme wis ilang, tembunge dadi galak "lha omahmu ngendi? Neng kene golek apa? Apa kowe ora ngerti yen kene iki isih klebu reh-rehane Desa Tundhan he?".
Rangga mrengut oleh suwara santak ngono kuwi, wangsulane sakepenake:
"Omahku ngendi kuwi dudu perkaramu, ngerti utawa ora ngerti nek kene iki kebawah Desa Tundhan, kuwi perkaraku dudu perkaramu, butuhku neng kene mung luru pala kependhem neng alas, sing thukul dhewe ora ana sing nandur, dadi sing tak goleki kuwi rejeki peparinge sing gawe urip marang kabeh titahe, klebu aku".
Merga Rangga wangsulan ngono kuwi, ora mung Gambangkawat sing nesu, Ki Lindhuk lan Ajar Taliwangsa uga melu pegel atine.
"Sajake sing kok jak omong iki menungsa sing ora weruh tata Dhi" Ajar Taliwangsa ngomongi Gambangkawat "ben ngerti tata, sajake butuh dislenthik kupinge bocah kuwi".
Gambangkawat ngguyu banter krungu kandhane Ajar Taliwangsa ngono kuwi, nanging sadurunge semaur, kedhisikan Marga sing lagi ndhudhuk Uwi Alus, ngomong banter marang Rangga :
"Si Kakang iki senengane kok mesthi ngono lho? Jare arep nyepakne senggot karo golek banyu, kok malah ngladeni omongane wong sing ora cetha, senengane ngawur kaya wong nglindur, mamerne bodhone neng ngarepe awake dhewe. Omongane wong ngono kuwi ora pantes digatekne, disauri ya ora ana gunane.......".
"Wedhus ora urus, mingkem!" Gambangkawat mbengok karo mencolot ngarah nyang ngarepe Marga "pranyata lambemu luwih landhep timbang sedulurmu, iki rasakna!!!".
Karo muni ngono kuwi tangane Gambangkawat kumleyang ngampleng lambene Marga.
Kaya wong kaget, Marga nibakne awake memburi, kamplengane Gambangkawat luput, nanging linggis sing ana tangane Marga mencelat adoh merga kesrempet kepelane Gambangkawat. Sepisan maneh Marga ngglundhungne awake ngedoh.
Karo tangi Marga kober nggremeng :
"Wong ora cetha! Awas, nek nganti linggisku ilang!".
Gambangkawat ora ngrewes omongane Marga, genti sikile obah kumlawe nyadhuk ngarah lambung saka sisih tengen. Sepisan maneh Marga kaget, ora kober endha, tangane ditekuk kanggo ngayomi lambunge. Dadine Marga kesurung memburi telung jangkah, sedheng Gambangkawat sing sadhukane nenggor lengen, mental memburi meh tiba kejengkang.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar