kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
24
Nyumurupi gedhening tekad saka Ki Trenggilingwesi samurid-muride kabeh, jujur wae atiku banget mongkog. Panyengkuyung mungguhing gegayuhanku kang luhur iki sansaya gedhe, maune saka para trahe Raden Kumbina sing mencar tekan ngendi-endi sing dening Lodana arep diklumpukne, saiki ketambahan saka Padhepokan Grojogan Kaligedhe, malah isih arep ketambahan wadya bala Bacingah sing arep diimpun dening Ki Trenggilingwesi awit saka pamrayogane Rama Nagaburik ing Grojogan Jambe Telu. Nanging bareng ngelingi kahananku sing mung pas-pasan, aku dadi mikir kepiye carane aweh pangan marang wong-wong kuwi mengko. Mula aku banjur njegreg rada sauntara.
Jebul apa sing ngebot-eboti pikiranku kuwi uga dipikir dening Ki Trenggilingwesi, ketitik Ki Trenggilingwesi tumuli kandha marang aku :
"Gusti Raden Sentani sampun menggalih ingkang remeh-remeh, kados upaminipun menggalihaken tedhanipun para pandherek, punika sampun ngantos dados penggalihanipun Gusti Raden Sentani".
"Inggih Ki" wangsulanku "nanging punika kabetahan ingkang kedah wonten, lajeng menawi dede kula ingkang mikiraken lajeng sinten ingkang badhe mikir? Kamangka sadaya para pandherek punika sampun masrahaken pejah gesangipun, sampun boten mikir kabetahanipun piyambak malih, sadaya sami masrahaken jiwa lan raganipun kangge wangsulipun Kamulyaning Majapahit".
Ki Trenggilingwesi gumuyu ngakak, banjur kandhane :
"Mugi kauningan Gusti, estunipun ing ngandhaping pendhapa punika sampun kathah brana picis ingkang dipun singgahaken dening Sugali sakanca-kancanipun, inggih celengan wohipun nyambut damel ingkang sampunh langkung saking sedasa tahun. Sadaya barang celengan punika mangke badhe kaboyong dhateng Jatipethuk lan kaaturaken dhumateng Gusti kula Raden Sentani kangge sanguning lelabuhan. Kajawi saking punika, sadangunipun dereng wonten perang brubuh antawisipun Trah Majapahit mengsah Mataram, sedaya lare saking Grojogan Kaligedhe badhe mencar nyambut damel pados wewahing bandha kangge wragat lelabuhan punika, kula pitados ingkang dipun lampahi dening kadang-kadang Trah Raden Kumbina boten benhten kaliyan ingkang dipun lampahi dening Sugaloi sakancanipun, Gusti".
"Punapa punika Ki?" aku takon merga durung mudheng karo sing dikandhakne Ki Trenggilingwesi.
"Makaten Gusti" Ki Trenggilingwesi aweh wangsulan "estunipun sedaya kemawon nyiriki lampah nistha, ngrebat gadhahaning ngasanes, nanging gandheng kaliyan kawontenan para Trah Majapahit punika sami sesingidan menawi ngantos kadenangan ingkang nembe nyepeng panguwaos tartamtu badhe dipun tumpes, pramila para Trah Majapahit sami nindakaken perang sesingidan, liripun badhe mengsahi sok sintena ingkang purun manunggal kaliyan mengsahipun Sinuwun Brawijaya Pamungkas, inggih Gusti Girindrawadana. Inggih naminipun mengsah, menawi sampun kawon bandhanipun limrah menawi dados gadhahanipun ingkang mimpang, Gusti".
Tak rasa-rasakake apa sing dingendikakne Ki Trenggilingwesi kuwi ana benere. Mula aku ya banjur meneng lan nampa apa sing dadi ature.
"Makaten cariyosipun Kang Mas Sentani dhateng kula Kangmas" Ki Sukirdi mungkasi anggenipun nerokaken criyosipun Sentani.
Mireng cariyosipun Ki Sukirdi ingkang makaten kala wau, Ki Guru Sukirna lajeng pitaken dhateng rayinipun ingkang kajibah ngayahi jejibahan minangka Demang Wakil ing Jatipethuk :
"Yen mangkono, Sentani wis niyat arep madeg kraman mungsuh Mataram Dhimas?".
"Ancasipun kangmas Sentani mila makaten Kangmas, nanging wekdal punika taksih nata kekiyatan lan ugi ngempalaken para panyengkuyung kalebet badhe nyuwun panyengkuyungipun sadaya mancakaki lan kawula ing Jatipethuk sedaya kalebet kula lan Kangmas Guru" wangsulanipun Ki Sukirdi.
"Lha mungguh panemune si Adhi, apa lekase Sentani iki pantes sinengkuyung apa ora? lan apa si Adhi uga wis sumurup kepiye mungguh sikep lan panemune para Mancakaki sarta para kawula ing Jatipethuk?" Ki Guru Sukirna pitaken malih.
Ki Sukirdi wongsal wangsul ambegan landhung, sareng sampun radi dangu nunten wicanten :
"Kadospundi inggih Kangmas? kenging kawastanan ewuh oya ing pambudi tumraping kula, badhea kados punapa kula punika sampun kaserat ing Kutha Gedhe Mataram minangka kawula lan abdi Mataram, ingkang sampun kadhawuhan ngayahi jejibahan minangka Demang Wakil ing Jatipethuk mriki. Kamangka prasetyaning awakipun piyambak rak inggih badhe setya dhateng Nagari Mataram ta Kang Mas?. Malah kalih dinten kapengker kanthi sesidheman, wonten utusan saking Mataram mundhut pirsa dhateng kula punapa ing Jatipethuk wonten warga enggal ingkang nggadhahi sikep ingkang aneh?. punapa kula kadhatengan tamu ingkang ngajak mbangkang parentahing ratu? punapa wonten tiyang neneka ingkang ngaken badhe mangsulaken kawibawan Majapahit, lan taksih kathah malih pamundhut pirsanipun. Kula inggih kapeksa dora sembada awit kula kuwatos bilih ingkang dipun kersakaken punggawa Mataram punika Kangmas Sentani. Nanging, menawi ngemuti bilih awakipun piyambak punika Trah Majapahit, mesthinipun kedah anyengkuyung lekasipun Kangmas Sentani punika. Awit kanyatanipun dhuking kina, nalika Majapahit taksih wonten Tanah Jawi punika nate dados punjering paprentahan ingkang mbawahi nagari-nagari manca, sareng paprentahan kaasta titiyang ingkang ngrasuk agaminipun tiyang manca, wontenipun ing paprentahan namung rebat panguwaos, paten pinaten sesamining sedherek, Bagus Mukmin mejahi Surawiyata, Penangsang mejahi Bagus Mukmin, Karebet numpes Penangsang, Sutawijaya mengsah Karebet makaten bebasan boten wonten kendelipun. Menawi Kangmas Guru kados pundi?".
Kyai Guru Sukirna mesem midhanget wicantenipun Ki Sukirdi ingkang makaten kalawau. Lan Ki Guru Sukirna sampun saged mendhet dudutan bilih estunipun ingkang rayi punika langkung condhong dhateng lekasipun Raden Sentani. Sanaosa makaten Ki Guru Sukirna ugi boten kaget utawi ngleresaken punapa dene nglepataken pamanggihipun Ki Sukirdi.Pramila nalika katakenan menggah pamanggihipun , Ki Guru Sukirna inggih lajeng paring wangsulan :
"Ngene ya Dhi, mula bener apa sing kok kandhakake ing ngarep, awake dhewe iki manggon ewuh oya ing pambudi, milu edan ora tahan, yen tan milu anglakoni, baya keduman melik, kaliren wekasanipun. Nanging andilalah kersa Allah sak begja-begjane wong sing lali isih begja sing eling lawan waspada. Jaman biyen,wong tuwane dhewe yaiku Bapa Demang wis nelakake yen Jatipethuk iki peranganing nagara Demak Bintara, banjur dadi Kademangan awit saka pambiyantune Gusti Arya Penangsang ing Jipang. Bareng Jipang ilang, Demak ngalih nyang Pajang Bapa Demang uga ngakoni yen yen Kademangan Jatipethuk iki perangane Kasultanan Pajang, samono uga nalika punjering paprentahan ngalih menyang Mataram lan nganti tekan saiki Jatipethuk kuwi kademangan kang kaereh dening Mataram. Mula yen si adhi wis bisa nglakoni dora sembada wani muni ora ngerti karo apa sing ditakokke Punggawa Mataram marang si Adhi, tak kira aku ya bisa sembada marang Sentani, lire aku ora arep ngalang-alangi nggone arep nggayuh kamukten, nanging aku ya ora wani nyidrani janji mbalik wani karo Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Sabanjure Dhi, yen si adhi ngrembug Trah Majapahit satemene sing nyekel panguwasa kuwi wiwit biyen ya Trah Majapahit kabeh. Awit Sultan Demak kuwi genah nek putra dalem Kanjeng Sinuwun Sri Brawijaya Kalima sing kendhang saka praja awit Majapahit kabedhah dening Sinuwun Brawijaya Pamungkas, sing maune Adipati Kedhiri. Pawadan anggone wani ngraman, Sinuwun Girindrawarna jarene males ukum awit leluhure Ya Arya Ardaraja disingkirake dening Raja Majapahit kapisan. Lan wiwit madege Majapahit kuwi satemene paten pinaten antarane sedulur kuwi kaya-kaya wis jeneng lumrah, sababe kabeh-kabeh kepengin mangwasani siji lan sijine. Luwih nemen sing ndadekne Majapahit surem kuwi sawuse kedadeyan Perang Pareg-reg, antarane padha-padha putra Kanjeng Sinuwun Prabu Hayamwuruk. Dadi sing ndadekne Majapahit sansaya surem pamore kuwi ya mung merga kabeh-kabeh padha rumangsa bener dhewe, liyane dianggep salah nek perlu kudu disirnakne. Yaiku sing diarani panguja hawa nafsu. Aku ora bisa ngarani endi sing bener endi sing luput. Nanging sing baku anane dahuru kang gawe sengsarane kawula alit kuwi ora sabab Trah sing beda luwih-luwih agama sing ora padha, nanging sing dadi sabab ora liya ya anane nafsu sing diumbar ngandar-andar temah nuwuhake kasangsaran lan kasangsayane liyan".
Kathah-kathah anggenipun kojah Ki Guru Sukirna dhateng ingkang rayi. Nanging inggih boten wonten dudutan bilih tiyang kalih punika badhe ambala dhateng sinten menawi ngantos Sentani saestu mbalela nglawan paprentahaning Nagari Mataram.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar