kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
25
Let sewulan saking anggenipun kadugenan Ki Sukirdi, Ki Guru Sukirna sengaja bidhal nganglang Kademangan, manggihi para Mancakaki lan para Bebau sarta para mudha, pados sisik melik ingkang magepokan kaliyan cariyosipun Ki Sukirdi nalika sanja dhateng Padhepokan. Pranyata maksih kathah para Bebau lan para Mancakaki ingkang boten nyarujuki menggah lekasipun Sentani ingkang samangke ngagem sesebatan Raden Sentani. Sanaosa para Mancakaki lan para Bebau punika sampun wongsal-wangsul sumerep anggenipun Raden Sentani ngatingalaken pangeram-eram, nedahaken kasekten saha kalangkunganipun, nanging racak-racak sami gadhah pamanggih bilih ing Mataram tiyang ingkang nggadhahi kasekten lan kalangkungan ngungkuli Raden Sentani sakalangkung kathah, dados boten saukuripun dumeh sampun nggadhahi kasekten badhe madeg kraman mengsah Mataram. Makaten ugi babagan wadya bala miwah prajurit, sanadyan Raden Sentani kasengkuyung ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit, nanging yen katandhing kaliyan prajurit Mataram tartamtu boten wonten sakpra seketipun.Menawi saestu Raden Sentani madeg kraman sami kaliyan nglalu ajak-ajak. Awit inggih badhe nemahi lelampahan kados dene sulung mlebet ing geni.
"Lha banjur tumanggape Sentani kepriye klawan panemu ndika iku?" Ki Guru Sukirna nakeni Ki Sugiyana salah setunggaling Bebau ing Jatipethuk ingkang boten nyarujuki lekasipun Sentani, mawi pawadan kados kasebat wau.
"Raden Sentani namung ngendika : kowe durung ngerti kekuwatane Trah Majapahit sawutuhe lan kesusu sulap krungu kekuwatane Mataram. Nanging ya ora apa-apa, yen klakon panggayuh iki kaleksanan ya aja meri lamun kancamu dadi Tumenggung lan kowe tetep dadi Bebau sing uripe mung njagakne wetune bumi bengkok lan palungguh sing mung cukup dipangan saben dinane. Kula inggih lajeng mendel, boten wangsulan, ajrih menawi dados paben awit salah tampi" wangsulanipun Ki Sugiyana dhateng Ki Guru Sukirna.
Benten malih kaliyan Ki Praya, Bebau ing Bunguran, inggih punika padhusunan kidul piyambak saking Kademangan Jatipethuk. Ki Praya nyariyosaken bilih nembe kemawon dipun dugeni dening tepanganipun ingkang dados Bebau ing Kademangan Kalikebo. Bebau tepanganipun Ki Praya wau ngabaraken bilih ing Kademangan Kalikebo samangke kathah kedadosan griyanipun titiyang sugih sami kedhatengan kampak ingkang ngrebut bandha donyanipun. Naminipun Kampak inggih kejem tur boten wigah-wigih natoni utawi mejahi ingkang dipun kampak menawi boten purun masrahaken bandhanipun. Ugi ing margi - margi ingkang sepen, asring para warga Kalikebo kepanggih begal ingkang nedha kanthi meksa bandha-bandha pangaji ingkang dipun agem utawi dipun bekta. Namung kemawon wonten kaelokan, nalika wonten tiyang Kalikebo ingkang saged memanuki playunipun para Begal lan Kampak kalawau sasampunipun pikantuk mangsan, jebul dhateng Kademangan Jatipethuk.
"Sareng kula dhedhepi pranyata Begal lan para durjana ingkang damel kisruh ing Kademangan Kalikebo punika jebul para Prajurit Trah Majapahit ingkang dipun lurahi Ki Sugali" makaten criyosipun Ki Praya dhateng Ki Guru Sukirna.
"Banjur apa sing ndika tindakne sawuse ngawruhi kedadeyan kang kaya mangkono iku mau?" Ki Guru Sukirna pitaken dhateng Ki Bebau ing Bunguran.
"Kula akeni Ki Guru, suwaunipun kula inggih nyengkuyung lekasipun Raden Sentani" wangsulanipun Bebau Bunguran "pramila kula inggih lajeng madulaken trekahipun para Prajurit Trah Majapahit ingkang kados makaten kala wau, ing pangangkah Raden Sentani kersa ngendheg lampah nasar ingkang dipun lampahi para Prajurit kala wau".
"Mesthine sawuse ndika wadulake marang Sentani banjur ora ana maneh kabar wong kampakan utawa wong dibegal ing Kademanngan Kalikebo?" Ki Guru Sukirna nyelani rembug mawi pitakenan.
"Niku nek Raden Sentani kersa ndhahar atur kula?" suwantenipun Ki Praya kepireng cuwa.
"Lha banjur?"
"Kula malah nampi deduka saking Raden Sentani, wadulan kula dipun anggep crita ngayawara, kula lajeng dipun giri-giri badhe kadhawahan pidana ingkang awrat menawi ngantos wadulan kula kala wau kula criyosaken dhateng tiyang sanes. Dalunipun kula dipun dhatengi Ki Lurah Sugali, kula dipun pisakit ing ngajenge anak lan semah kula, lajeng kula ugi dipun incim menawi ngantos kula ngambali ndhedhepi lampahipun Para Prajurit kala wau, kula badhe dipun damel cacad ing selawasipun, semah kula badhe dipun prawasa ing ngajeng kula lan anak kula badhe dipun pejahi. Sampun Ki Guru, borong anggen badhe andika mastani, kula Praya bebau ing Bunguran, angur kula minggat saking Jatipethuk tinimbang kula kedah nyengkuyung lekasipun Raden Sentani" Bebau Bunguran mungkasi anggenipun cariyos, kaliyan praupan ingkang katingal gela lan cuwa.
Ki Guru Sukirna boten mangsuli punapa-punapa dhateng Ki Bebau ing Bunguran, namung kaliyan kesah pundhakipun Ki Praya dipun puk-puk minangka tandha bilih Ki Bebau kadhawuhan murih langkung sabar ngadhepi kawontenan.
Nalika lampahipun Ki Guru Sukirna nglangkungi satunggaling wande, Ki Sukirna kendel sakedhap. Suwaunipun badhe mlebet dhateng wande punika, ambok bilih saged pikantuk warta kathah, nanging lajeng kawurungaken. Awit kathah tiyang ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit sami jejagongan ing wande mriku, campur kaliyan tiyang-tiyang Jatipethuk. Ingkang murugaken Ki Guru murungaken anggenipun badhe lumebet wande jalaran Ki Guru boten wentala mireng wicantenipun para tiyang ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit ingkang rerembagan kaliyan tiyang-tiyang jatipethuk, kanthi suwanten kasar mawi basa ingkang lekoh lan saru, ingkang boten pantes kaucapaken dening tiyang ingkang nggadhahi budaya. Awit asring kapireng titiyang wau nyebat peranganing badan ingkang wados, sinambi gumujeng lakak-lakak. Lan saking katebihan ketingal sedaya ingkang wonten mriku sami ngongasaken kekiyatan anggenipun saged nelasaken kathah unjukan-unjukan ingkang saged damel wuru, kamangka kawontenanipun inggih nembe sami mendem. Kadosipun wekdal samangke, ingkang makaten-makaten punika sampun dipun anggep limrah ing wande punika. Awit saking boten kiyatipun ngentep raosing manah nyumerepi sesawangan makaten kala wau, Ki Guru nunten nilaraken papan punika, nedya wangsul dhateng Banyugurih.
Dumugi ing Padhepokan, jebul Ki Guru Sukirna sampun dipun entosi dening tamu, ingkang ngrantos ing regol jejagongan kaliyan cantrik ingkang jagi. Ki Guru Sukirna radi gumun awit tamu ingkang nengga ing regol wau, nuwun inggih Ki Suyudi tetuwaning Mancakaki sekaliyan semahipun, ugi wonten Ki Bebau ing Ngantang, nenggih Ki Dasa ugi sekaliyan sisihanipun. Nalika sami sumerep Ki Guru Sukirna sampun wangsul, titiyang kasebat sami ngadeg asung kurmat.
"Nyuwun pangapunten kula ingkang sowan Ki Guru" Ki Suyudi wicanten kaliyan nangkubaken tanganipun ing dhadha asikep sembah kalbu.
"Samanten ugi kula Ki Guru, bekti kula mugi katur" Ki Dasa kanthi sikep ingkang sami ugi wicanten dhateng Ki Guru ingkang nembe dugi.
"Kula ingkang nyuwun pangapunten" Ki Guru Sukirna wangsulan kaliyan mesem semanak "awit boten ngertos menawi badhe karawuhan tamu, malah kula katrem leledhang dhateng jawi radi dangu, punika kala wau. Mangga lenggah dhateng Pendhapa mrika supados radi sekeca anggenipun jejagongan".
Ki Guru Sukirna nunten minggah dhateng pendhapa, salah satunggal saking cantrik ingkang jagi regol ngrumiyini, lajeng nggelar klasa nam-namaning mendhong kangge lenggahipun Ki Guru Sukirna miwah tamunipun ingkang cacah sekawan, ing jogan satengahing pendhapa.
"Tulung digawekne unjukan kagem tamu" Ki Guru Sukirna aweh prentah dhateng cantrik ingkang nembe kemawon nggelar klasa "karo aku jupukna wedang sere sing ana kendhi"
"Inggih Bapa" wangsulanipun Cantrik kalawau nunten mlampah dhateng wingking.
"Harak inggih sami kasugengan ta Ki Suyudi miwah Ki Bau?" Ki Guru Sukirna mbagekaken tamunipun, sasmpunipun sami lenggah ing gelaran.
"Inggih awit saking pangestunipun Ki Guru, lampah kula tiyang sekawan punika sami kepanggih kawilujengan" Ki Suyudi makili rencang-rencangipun mangsuli pambagenipun Ki Guru Sukirna.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar