kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
23
Jebul aku karo Ki Trenggilingwesi mau wis tlingsingan beda dalan. Nalika aku metu saka Grojogan Jambe Telu, Ki Trenggilingwesi mlebu liwat dalan sing beda. Dening Rama Nagaburik Ki Trenggilingwesi dijarwani yen aku arep mampir padhepokane. Nalika aku ngetokne pangeram-eram ing ngarepe Sugali sakancane mau, mbarengi tekane Ki Trenggilingwesi teka.
"Dadi aran kabeneran" kandhane Ki Trenggilingwesi ing sela-selane crita "upama aku ora enggal bali, embuh dadine karo Sugali sakancane mau, merga Sugali kuwi nduweni sipat nekad nadyanta kudu lebur dadi glepung adate suthik nyidrani pagurone".
"Makaten inggih Bapa?" aku nanggapi karo mesem.
"Iya pancen mangkono" wangsulane Ki Trenggilingwesi "nanging sajake Dewa isih ngeman Padhepokan Grojogan Kaligedhe kene, temah tekaku ora kasep".
Sugali sing uga ana ing pendhapa kuwi katon manggut-manggut sajak eram karo sing dingendikakne gurune, banjur sumela atur :
"Estunipun kala wau kula rak boten ngertos menawi Bapa Guru jengkar saking Padhepokan ta Bapa? Awit kula kinten anggenipun Bapa Guru dhawuh bilih badhe manggihi Ki Nagaburik punika taksih benjing-benjing".
"Maune pancen ngono Sugali, nanging bareng tak gagas-gagas kurang prayoga yen sowanku menyang Grojogan Jambe Telu kuwi tak endhe-endhe, awit mbok menawa wae ora mokal yen saka Mataram banjur teka prajurit sagelar sepapan ngrabasa Padhepokan sing dianggep thukulaning satru merga ora sudi ngakoni Si Sutawijaya kuwi Wewakiling Hyang Agung sing marentah Tanah Jawa" wangsulane Ki Trenggilingwesi.
"Nuwun sewu Ki" aku nyela rembug, takon "kok nyebat-nyebat Mataram ugi Sutawijaya, punika punapa sambetipun kaliyan Padhepokan Grojogan Kaligedhe Ki?".
Ki Trenggilingwesi meneng sedhela, banjur wangsulan :
"Kira-kira sepasar kepungkur, Grojogan Kaligedhe ketekan wong sing ngaku jeneng Raden Singasari, ngakune jare utusan saka Mataram sing ngabarake lamun Padhepokan Grojogan Kaligedhe iki isih klebu reh-rehan Mataram, mula aku banjur diprentah supaya saben setahun kudu melu seba ing adicara paseban tumbuk yuswa, yaiku ing wanci rembulan purnama sasi katelu. Gandheng ing tahun iki wis kliwat, mula lagi tahun ngarep aku kudu miwiti seba".
"Lha lajeng kok Ki Trenggilingwesi lajeng manggihi Rama Nagaburik, punika sambetipun kados pundi?" aku takon maneh.
"Kuwi ngene" Wangsulane Ki Trenggilingwesi "nadyan aku wis nyaguhi prentahe, Raden Singasari durung trima, banjur njaluk supaya aku aweh tandha bukti yen temen-temen Padhepokan Grojogan Kaligedhe iki wis ngakoni yen peranganing Mataram sing ora kena dipisahake".
"Lha lajeng?"
"Satemene anggonku nyaguhi gelem melu seba kuwi mung lamis lan aku ora bakal sudi teka ngadhep Sutawijaya ing Mataram, nggonku nyaguhi iki mung ben ora dadi pasulalayan antarane aku karo si Singasari, sebab aku ngrumangsani yen Grojogan Kaligedhe iki durung kuwat ngadhepi yen nganti dirabasa dening prajurit sagelar sepapan saka Mataram. Mula bareng dijaluki tandha bukti kasetyanku marang Mataram, aku banjur mojar yen dina iki durung bisa, nanging paling suwe sajroning sesasi aku bakal marak menyang Mataram ngaturake tandha kasetyan kuwi, nanging sepisan maneh iki ya mung lamis wae. Singasari ya banjur bali, nanging aku kuwatir yen dheweke bakal teka maneh karo nggawa wadya bala, merga aku wis dianggep cidra ing janji. Mula aku banjur sowan Ki Nagaburik, nyuwun rerigen murih becike" wangsulane Ki Trenggilingwesi.
"Lha lajeng dhawuhipun Rama Nagaburik kados pundi?" aku takon maneh.
"Miturut Ki Nagaburik, ora suwe maneh Majapahit bakal bali madeg. Lha sing bakal mandhegani madege Majapahit mengko ora ana liya kajaba trah Prabu Brawijaya Pamungkas turasing Raden Kumala lan Raden Bintulu kang wus nyawiji, sing sesilih Raden Sentani. Mula dening Ki Nagaburik aku diprayogakake manunggal karo Raden Sentani. mBaka sethithik kabeh cantrik ing Grojogan Kaligedhe kene bakal nyawiji nusul menyang Kademangan Jatipethuk lan dadi prajurit Trah Majapahit sing ngawula marang Raden Sentani. Dening Ki Nagaburik aku uga kadhawuhan kajaba mikuwati para prajurit Trah Majapahit ing Kalipethuk, uga kadhawuhan ngumpulake para Bacingah, yaiku para prayangan sing isih rupa manungsa lan duwe badan wadhag (setengah manungsa setengah siluman -pen) saloring bengawan lan diajak mikuwati Prajurit Trah Majapahit ing Jatipethuk. Kanggo sing keri iki, aku diprayogakake mapan ing Kedhaton Jambe Telu kumpul lan Ki Nagaburik".
"Dados mangke Padhepokan Grojogan Kaligedhe badhe dipun suwungaken Ki?" aku takon maneh.
"Kanggo sawantara kena diarani iya, nanging satemene ora. Jalaran, satemene ing waliking Grojogan Kaligedhe, Guruku ya sesembahanku sing asmane tak waris iki lagi semedi tapa brata ing kono, klawan wujude sing asli yaiku rupa Trenggiling sing gedhene telung prangkulane manungsa lumrah. Guru lan sesembahanku sing jejuluk Kyai Trenggilingwesi bakal bali ngatonake salirane maneh ing alam wadhag lamun Majapahit wis klakon madeg maneh"
"Manawi makaten kula saestu ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng andika Ki Trenggilingwesi, ingkang sampun nyengkuyung lampah kula kangge mangsulaken kawibawaning Majapahit punika" aku matur kanthi tulusing ati.
"Ora ana sing kudu antuk panuwun Ngger, awit iki dudu kanggo sapa-sapa nanging kabeh mau mung kanggo balining kawibawan Majapahit sing ateges kamulyane kabeh para-para kang darbe kasetyan marang Gusti Prabu Brawijaya Pamungkas" wangsulane Ki Trenggilingwesi sing banjur diterusne noleh marang para cantrike karo ngendika :
"Saiki padha rungokna, kowe kabeh tak prentahne supaya manunggal karo pepundhenmu Raden Sentani iki ing Jatipethuk, mung wae anggonmu budhal aja bebarengan murih ora ngawistarani. Aku dhewe, padha rungokna lan seksenana bakal ngucapne prasetyaku marang Raden Sentani"
Rampung muni ngono kuwi, dumadakan Ki Trenggilingwesi banjur sujud karo nyembah marang aku, tumuli ngucap :
"Raden Sentani mugi sineksenan jagad saisinipun, wiwit dinten punika kula Sugiwang ingkang maris asma Ki Trenggilingwesi masrahaken jiwa lan raga kula kunjuk ing ngarsa paduka Raden Sentani, mugi kaginakna kangge srana nggayuh wangsulipun kawibawan Majapahit. Bebasan putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur, boten badhe kula kawratan".
Prasetyane Ki Trenggilingwesi sing jebul jeneng asline Sugiwang, banjur diterokne kabeh cantrike sing uga banjur sujud lan ngucapne prasetyane dhewe-dhewe. Dumadakan ana suwara kaya suwara suling saka wuwunganing pendhapa, sinusul ana angin sumilir nggawa ganda arum mangambar-ambar kaya gandane kembang kanthil putih.
"Jagad Dewa Bathara" Ki Trenggilingwesi banjur jengkeng lan sikep sembah kalbu "ngaturaken genging panuwun saha nyuwun tambahing pangestu Guru, mugi Dewa Ingkang Maha Kawasa paring kasembadan sedya mulya punika".
Sepisan maneh sikep lan ucape Ki Trenggilingwesi diterokne dening para muride. Aku dadi mrinding weruh lan krungu kang kaya mangkono iku.
"Gusti kula Raden Sentani" Ki Trenggilingwesi kandha karo nyawang aku "suwanten suling saha gandanipun sekar kanthil pethak ingkang ngambar-ambar punika kala wau, estunipun sasmita saking Guru saha sesembahan kula inggih Rama Kyai Trenggilingwesi, ingkang paring panyengkuyung dhumateng lekas saha ancas kula sadaya".
"Inggih Ki" wangsulanku,banjur tak terusake masang sikep kaya sing lagi wae ditindakne Ki Trenggilingwesi lan murid-muride mau. Yaiku atur panuwun lan nyuwun pangestu marang Ki Trenggilingwesi sing wis asung sasmita becik marang aku lan wong-wong ing Grojogan Kaligedhe.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar