Total Tayangan Halaman

Minggu, 06 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (21)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

21

Ing angen-angenku kegambar mendah kaya apa rasane adoh karo bojo lan kaya apa rekasane uripku yen nganti aku nganti slingkuh karo wanita liya. Nanging sajake Rama Nagaburik babar pisan ora migatekne owah-owahan ing praupanku sing nggambarake bab-bab mau. Malah panjenengane mbacutakie nggone paring pituduh :

"Kowe ora kudu madeg dadi Demang kanggo dadi pangareping kawula ing Jatipethuk nggone arep ngrebut panguwasa. Awit kowe wis duwe kalungguhan sing sakdhuwure Demang. Dene sranane, lumawata ing Padhukuhan Ngancar. Neng kana ana sisa-sisa trahing para Prajurit pandhereke Prabu Girindrawardana sing ora sudi teluk marang Trah Kartawijaya. Kabarana marang wong-wong kuwi yen sira isih trahe Prabu Brawijaya Pamungkas, padha ajaken supaya menunggalake laku karo kowe. Uga mampira menyang Pundhen Grojogan Kaligedhe, sowana marang Ki Trenggilingwesi, nyuwuna bebantu prajurit lan critakna sapa sejatine sira".

"Kawula nuwun sendika Rama" ora ana atur saka aku marang Rama Nagaburik liyane nyaguhi apa sing dadi dhawuhe.

"Kangmas Sentani" Sisihanku Nagadewi   melu urun rembug sawuse Rama Nagaburik rampung pangandikane "Kakangmas aja was sumelang merga kanggo sawantara kudu pisah karo aku, merga aku sajroning wektu selapan dina bisa nisihake wektu sedina kanggo nemoni Kangmas Sentani ing Jatipethuk, mesthi wae ora bakal ana sing bisa meruhi tekaku ing kana kajaba Kangmas Sentani dhewe. Kajaba saka iku, Kakang wewaler saka Rama Nagaburik kang lelandhesan kukuming Kraton Grojogan Jambe Telu, Kangmas Sentani ora kena pisan-pisan gepok senggol karo wanita, sepisan maneh karo wanita, dadi liyane karo wanita ora ana larangane".

Sanadyan aku durung ngerti apa sing dikarepne sisihanku kuwi, nanging aku ya wangsulan karo ngaturne panuwun marang Nagadewi lan Rama Nagaburik.

Dina kuwi uga aku pangkat budhal nindakne dhawuhing Rama Nagaburik, ninggalake Kadhaton Grojogan Jambe Telu, bali ngambah alam kawadhagan, ya jagading titah kasar. Nalika tak toleh kraton Grojogan Jambe Telu, wujude dudu kraton maneh, nanging wujud Banyu sing gumrojog metu saka sela-selaning watu, kinayoman wit jambe jejer telu. Ing cedhake banyu kang gumrojog, katon ula welang nggubet pang, mripate ora kedhep ngulati sakiwa tengene grojogan. Ngerti yen tak ulati, ula welang kuwi ngangkat sirahe karo nyuwara kanthi kekuwatan batin sing dumeling ing batinku :

"Sembah kula ingkang ndherekaken jengkar Andika Raden Sentani, mugi-mugi sageda lebda ing karya. Kula Welangkuning, abdi ingkang jagi regol mriki".

"Banget ing panarimaku awit pamujimu Welangkuning" wangsulanku "wis, saiki aku budhal". Aku banjur mlaku nasak keteling alas, arep lumawat menyang Padhukuhan Ngancar luwih dhisik.

Sing diarani Padhukuhan Ngancar kuwi jebul mung wujud gubug-gubug prasaja sing cacahe ora luwih limalas iji. Manggon ing sela-selaning gegrumbulan. Gubug-gubug kuwi dikupengi dhapuran pring ori sing rapet, dadi ora gampang bisa dingerteni dening wong, yen neng kono ana padhukuhan sing isine gubug-gubug cacah limalasan. Tujune aku wis digawani sipat kandel sampure Rama Nagaburik, dadi aku ora kangelan nggoleki papan sing diarani Padhukuhan Ngancar iki.

Dhisik dhewe sing tak weruhi sawise aku bisa mlebu liwat brobosaning barongan pring ori yaiku sawijining wanita sing lagi tapen beras ing mburine sawijining gubug. Wong wadon kuwi katon kaget bareng ngerti tekaku. Ora ngomong apa-apa, tampah sing kanggo napeni beras diselehne, banjur mak klepat mlebu gubuge. Ora suwe aku krungu suwara mbengung kaya suwarane tawon gung  sapirang-pirang miber bareng ngiteri gubug-gubug ing padhukuhan kuwi. Ora suwe saka waliking grumbul, mecungul wong lanang-lanang sing siaga gegaman ing tangane dhewe-dhewe, ngepung papanku ngadeg.

Kaya welinge Rama Nagaburik sadurunge aku budhal mau, panji kuning kanthi sulaman benang biru gambar cakra tak wetokake saka kampilku, banjur tak klebat-klebatake, tak ubengake ngarah keblat papat. Weruh panji cakra biru kuwi, wong-wong sing padha ngepung aku sajak kaget, banjur mbengok-bengok sajak seneng atine, mara nyedhaki papanku.

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing papan mriki Gusti" pambengoke wong-wong kuwi. Lan sawuse cedhak banjur padha ndheprok karo nyembah.

"Apa aku wis tekan Padhukuhan Ngancar?" aku pitakon karo suwara sing banter.

"Leres Gusti" wong sing tuwa dhewe saka wong-wong kuwi semaur "nyuwun pangaksami, kula pun Lodana sarta para abdi ing mriki dereng ngertos menawi Gusti kula rawuh ing papan pandhelikan punika".

"Aja kaduk ati bela panampa Kakang Lodana" wangsulanku "ditepungake wae, aku Raden Sentani wayahe Kanjeng Eyang Raden Kumala, tekaku ing papan kene ngayahi wajib arep nglumpukake sarta nyawijekake Trah Majapahit sapandhereke".

"Ngaturaken Genging Panuwun Gusti" Lodana sing sajake tetuwane wong-wong kuwi bali wangsulan "murih gamblanging dhawuh, suwawi mangga kula dherekaken Gusti kula Raden Sentani pinarak ing salebeting gubug rumiyin".

Aku banjur mlebu gubug sing ditudingi Lodana ditutne wong lanang-lanang kuwi. Tak etung kabeh cacah seket lima, karo ana wong pitu sing wis tuwa thuyuk-thuyuk. Ing kono aku banjur dijarwani yen wong pitu sing wis tuwa-tuwa kuwi kabeh anak-anake prajurit pandhereke Raden Kumbina sing gugur lumawan prajurit saka Demak lan Pengging jaman perang pungkasan sing ndadekne Sri Brawijaya Pamungkas gugur ing tangane Kebo Kanigara putrane Pangeran Handayaningrat. Wong tuwa-tuwa kuwi jaman diajak mlayu dening wong tuwane dhewe-dhewe isih bocah lan cacahe iya akeh, nanging saiki kari pitu kuwi. Anak turune para prajurit sing keplayu ing papan kono kuwi satemene wis dadi akeh, nanging wis akeh sing padha sumebar ing ngendi-ngendi golek papan kanggo urip sarta papan pandhelikan murih ora kadenangan dening anak turuning mungsuh sing saiki lagi nyekel panguwasa ing Tanah Jawa.

"Dados sepisan malih kula ambali Gusti" wuwuse Lodana sawise rampung anggone ngrungokne sesorahku gegayutan karo kuwajiban sing tak emban kanggo baline kawibawan Majapahit, uga sawuse rampung ngrungokne critane Ki Sakethi, salah sijine wong tuwa, anake Prajurit pandhereke Raden Kumbina putra dalem Prabu Girindrawardana "para trah prajurit Majapahit ingkang keplajar ing papan mriki niki, ngantos benjang punapa kemawon boten badhe sudi teluk tumusing batin dhateng Panguwaos Nagari ingkang asalipun mambet Demak lan utawi Pengging. Sawanci-wanci wonten timbalaning Gusti kula Raden Sentani kangge bidhal perang murih wangsulipun kawibawan Majapahit, kula sakanca tansah siaga ing dhiri sarta sawega ing gati".

"Aku ngaturake nedha nrima Kakang, awit kasetyaning kabeh sedulurku marang Majapahit" wangsulanku tak banjurne aweh prentah "mengko tak jaluk ana wong lima sing ngancani aku bali menyang Kademangan Jatipethuk, perlune bisa dadi utusan sawayah-wayah aku mbutuhake sedulur sing ana kene. Kajaba saka iku, Kakang Lodana tak jaluk supaya klawan sesidheman murih ora gampang kadenangan ing mungsuh, supaya ngabari para sedulur sing wis kebacut mencar ing papan liya, murih bisa enggal manunggal tumuju balining Kawibawan Majapahit".

"Kawula nuwun sendika ngestokaken dhawuh" wangsulane Lodana.

Dina iku uga aku pamitan ninggalne Padhukuhan Ngancar, lungaku dikancani bocah lima sing pinilih, yaiku Jedeng, Sogle, Yadim, Jadhug lan Anggada.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...