kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
28
Ki Suyudi nyruput unjukaipun, kangge nelesi gorokan. Lajeng ngalihaken panyawangipun dhateng Ki Bebau Dasa, ingkang lajeng nganthukaken sirahipun, tandha menawi Ki Dasa nyarujuki kaliyan ingkang badhe kaucapaken dening Ki Suyudi. Ki Suyudi lajeng wicanten malih nglajengaken anggenipun cariyos :
"Sasampunipun kula pisah lan kula ajak lenggah malih, Ki Bebau lan Ki Demang Wakil ketingalipun ugi sampun sami sarujuk kaliyan pamanggih kula, bilih kerengan makaten punika namung pantes dipun lampahi dening tiyang ingkang cekak nalaripun. Gandheng dereng wonten rembag ingkang anjog ing dudutan manunggaling pamanggih, kula mrayogekaken murih rembagan punika dipun kendeli rumiyin benjing menawi sampun asrep saged kasambet malih. Ki Demang Wakil lan Ki Bebau ing Ngantang, angrujuki. Boten dangu salajengipun, kula lan Ki Dasa lajeng pamitan wangsul. Ki Demang Wakil nguntabaken ngantos dumugi Regol. Kula gadhah dudutan bilih prakawis anggenipun benten pamanggih antawisipun Ki Bebau lan Ki Demang Wakil sanaosa dereng rampung, nanging boten badhe ndadosaken kerengan malih, ketitik Ki Demang Wakil sampun nguntabaken wangsul kula lan Ki Bebau kaliyan tembung ingkang grapyak sumanak.Pramila kaliyan mlampah wangsul kula tansah caos pitutur dhumateng Ki Bau murih benjing-benjing sampun gampil nuruti kebrananging manah. Nanging pranyata dudutan kula kala wau lepat, Ki Guru".
"Lepat kados pundi Ki Suyudi?" Ki Guru Sukirna pitaken awit gumun.
"Wekdal dalunipun, griya kula dipun krutugi mawi sela krikil dening tiyang saking petengan. Mesthi kemawon anak lan semah kula sami ajrih, sedalu boten saged tilem" Ki Suyudi mangsuli pitakenipun Ki Guru Sukirna mawi cariyos "enjingipun Ki Bebau ing Ngantang , taksih enjing sampun dumugi ing griya kula criyos menawi kala dalu griyanipun ugi dipun krutugi krikil tiyang. Bentenipun Ki Bebau saged nitik sinten ingkang tumindak makaten kala wau, miturut paningalipun Ki Bebau inggih punika titiyang ingkang sami ngaken Prajurit Trah Majapahit. Ki Bebau nggandhengaken prakawis punika kaliyan anggenipun sampun rebat leres kaliyan Ki Demang Wakil" Ki Suyudi kendel sakedhap anggenipun wicanten.
"Lha punapa anggenipun kagungan panginten makaten punika kala wau wonten leresipun punapa boten Ki, kuwatosipun gek mangke wonten ingkang badhe njedu antawisipun Ki Suyudi lan Ki Bebau kaliyan Si Sukirdi?" Ki Guru Kirna pitaken lan nelakaken pamanggihipun.
"Kula dereng mangertos bab leres utawi klentunipun dudutan ingkang dipun pundhut Ki Bebau punika Ki Guru" Ki Suyudi wangsulan malih "nanging dalunipun griya kula ugi griyanipun Ki Bebau dipun krutugi malih. Mila anak kula estri lajeng kula ungsekaken dhateng Kademangan Dalon, kula titipaken Simbahipun. Sasampunipun anak kula estri kula ungsekaken, dalu candhakipun kula kedhatengan Tamu, inggih punika Ki Sugali ingkang kaprah sinebat Ki Lurah Prajurit Trah Majapahit. Ki Sugali ngaken menawi ngemban dhawuhipun Raden Sentani, supados nuturi kula murih medhot anggen kula kekadangan kaliyan Ki Bebau ing Ngantang. Menawi kula boten nuruti prentahipun punika Raden Sentani boten tanggel kaliyan kaslametaning kulawarga kula".
Ki Guru Sukirna ngraos aneh kaliyan lelampahan ingkang dipun alami dening Ki Suyudi.
"Benten malih kaliyan ingkang kula tampi Ki Guru" Ki Bebau Dasa gantos ingkang wicanten.
"Bentenipun pripun Ki Bau?" Ki Guru Sukirna pitaken.
"Menawi ingkang ndugeni Ki Suyudi punika Sugali, ingkang manggihi kula malah anak kula piyambak pun Singgah, Singgah ngaken dikengken Si Setan Sentani supados ngengken kula nglalu, menawi ngantos kula boten purun nglalu, Singgah badhe dipun pakakaken Sawer Siluman ingah-ingahanipun si Setan Sentani ingkang dumugi ing mriku saben selapan sepisan. Panyuwunipun Singgah kula sagahi menawi punika kangge kasaenan gesangipun Si Singgah, nanging kula criyos bilih anggen kula nglalu boten ing griya utawi pekarangan kula mindhak damel ajrihipun titiyang ing Ngantang. Kula criyos bilih ing dinten Sukra Kasih nyarengi weton kula , kulka badhe pejah ngendhat ing kukuban Padhepokan Banyugurih. Kamangka anggen kula criyos niku dinten Soma Palguna, dados inggih taksih wonten wekdal kangge gesang setunggal wulan"
Ki Guru Sukirna sakala njegreg, tri pandurat boten saged ngucap, mireng wicantenipun Ki Suyudi miwah Ki Dasa ingkang makaten punika.
"Makaten punika sedaya lelampahan ingkang kula panggihi Ki Guru" Ki Bebau ing Ngantang nutugaken wicantenipun "samangke kula nyuwun pitedah saha Kalidamar dhateng andika Ki Guru, punapa ingkang prayogi kula lampahi saderengipun dinten Jumuah Kliwon dumugi. Dene menawi kaparengaken, kula ndherek titip semah kula supados mapan ing Padhepokan mriki murih boten sansaya peteng manahipun".
"Samanten ugi kula Ki Guru" Ki Suyudi ugi lajeng waleh kaliyan kersanipun "kula boten badhe tega lan wentala menawi ngantos nyumerepi Ki Bebau ing Ngantang punika ngantos pejah nglalu nuruti pakenipun Raden Sentani, mbok menawi kula benten kaliyan Ki Bebau. Ki Bebau ngrilakaken pejah sauger yoganipun wilujeng. Nanging kula boten, kula boten lila menawi Ki Bebau ngantos pejah awit bodhonipun calon mantu kula punika. Kula nyuwun dhumateng Ki Guru pareng utawi boten kula badhe nekad, ndherek ngaup ing Padhepokan mriki ngantos Jatipethuk pikantuk pitulunganipun Ingkang Nitahaken Jagad".
Kawontenan Pendhapa dados sepen, boten wonten ingkang wicanten. Namung suwantenipun napas ingkang mlebet saha medal sok kapireng radi cetha. Sareng sampun dangu mendel, wasana Ki Guru Sukirna manggih gagasan ingkang ketingalipun saged dipun cakaken kangge ngudhari reruwet ing Jatipethuk, mliginipun ingkang magepokankaliyan ingkang dipun alami dening Ki Suyudi miwah Ki Bebau Dasa.
"Sak niki ngeten mawon Ki Bau saha Ki Suyudi" Ki Guru Sukirna wiwit nggelar pamanggihipun "sipat degsuranipun si Sentani boten kengin dipun umbar, boten kenging dipun turuti, awit menawi dipun umbar badhe sansaya nasar, menawi dipun turuti sansaya ngadi-adi. nanging kedah dipun adhepi. Kula nggadhahi pamanggih Ki Suyudi sampun ngantos pedhot sambet kekadangan kaliyan Ki Bebau ing Ngantang. Menawi Sentani criyos badhe nanggel kawilujenganipun Ki Suyudi sabatih, punika leres awit wiwit Sentani dereng lahir ingkang saged naggel kawilujenganipun Ki Suyudi sabrayat punika namung Gusti Ingkang Nitahaken Jagad saisinipun punika. Namung kemawon, mangke kinarya srana mbudidaya karahayoning Ki Suyudi sabatih, kula badhe kanthi sesidheman kengkenan Cantrik - cantrik ing mriki supados tumut njagi Ki Suyudi sa batih menawi-menawi wonten ingkang badhe angganggu damel. Dene prekawis pangengkenipun Sentani dhateng Singgah murih Ki Bebau nglalu, punika ugi boten kenging dipun lampahi. Anggenipun Ki Bebau semados punika sampun leres, nanging kedah boten dipun tetepi. Mangke badhe wonten cara kangge nylametaken Singgah saking pangincimipun Sentani".
"Lajeng punapa ingkang kedah kula lampahi Ki Guru?" Ki Suyudi pitaken.
"Mangke prayogi Ki Suyudi mangke kundur dhateng dalem, mangke badhe wonten Cantrik Banyugurih ingkang ndherek ngreksa dalemipun Ki Suyudi. Dene Ki Bebau ugi langkung sae kundur malih dhateng dalem, ugi supados melingaken dhateng Singgah supados ngemutaken menawi dinten Sukra Kasih badhe dumugi, sedinten saderengipun dinten Jumuah Kliwon prayogi Singgah kaajak tindak mriki, menawi perlu sa Sentaninipun, kanthi pawadan murih saged nenggani anggeni[un Ki Bebau badhe nglalu. Mangke menawi sampun dumugi titi wancinipun, kula ingkang badhe ngadhepi Sentani. Sanadyan kula boten gadhah kasekten, nanging kula gadhah Gusti Allah Ingkang Boten wonten ingkang saged ngasoraken Kasektenipun".
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar