kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
29
Sang Kala inggih wanci tansah lumampah majeng boten nate kendel, Ki Suyudi ingkang tinenggan dening cantrik-cantrik saking Banyugurih sampun boten dipun ganggu malih dening para titiyang ingkang ngaken minangka Prajurit Trah Majapahit, sanosa inggih taksih asring titiyang kasebat memanuki saking katebihan, nanging boten nate manggihi Ki Suyudi. Ki Suyudi piyambak ugi ngatingalaken sikep boten migatosaken titiyang kala wau. Benten kaliyan cariyosipun Ki Bebau ing Ngantang, anakipun jaler meh saben dinten tilik griya lan ngemutaken dhateng tiyang sepuhipun bab anggenipun nglalu ing dinten ingkang sampun dipun tamtokaken. Ingkang makaten kala wau, awit Singgah piyambak ugi tansah dipun prentah dening Sentani kapurih tansah ngemutakentiyang sepuhipun, menawi ngantos Ki Bebau ing Ngantang boten netepi punapa ingkang sampun dipun ucapaken, mangka Singgah ingkang badhe dipun dadosaken gantosipun, inggih punika badhe kadadosaken tedhanipun Sawer Siluman ingah-ingahanipun Raden Sentani.
"Kowe aja was lan sumelang Thole" Ki Bebau ing Ngantang nyriyosi anakipun jaler "bapakmu iki wis tuwa, oraa nglalu paling suwe selawe tahun maneh ya mati, dadi yen aku kudu mati saiki ya ora apa-apa. Bab sing tau tak kandhakne mesthi bakal tak wujudi, mula kareben lega atimu lan lega atine si Sentani, mengko yen wancine aku nglalu padha seksenana, yaiku ing dina Sukra Kasih (Jumuah Kliwon) aku arep mati ngendhat dhiri ing wit Sawo sing mapan ing platarane Padhepokan Banyugurih".
"Bapak kuwi nek nyebut asmane Raden Sentani kok seneng njangkar ta?" Singgah nyendhu tiyang sepuhipun "arepa kaya apa Raden Sentani kuwi Trahing Kusuma Rembesing madu, Turasing Narendragung binathara ing Nagara Majapahit, kok mung dijangkar nganggo sebutan Si, kok mung dipadhakne nyebut wong pidak pejarakan wae".
"Bapakmu iki luwih ngerti tinimbang awakmu ya Ngger?" Ki Dasa wangsulan "nek nganggo nalar sing genep, upama dipek drajat, drajate Bebau ing Ngantang iki luwih cetha tinimbang drajate Sentani. Awit Bapakmu iki luwih cetha sapa sing nganakake, yaiku Simbahmu sing biyen dadi tetuwane wong sing babat alas sing saiki dadi Bebaon Ngantang iki. Lha nek Sentani? kae mbuh anake kere, mbuh anake wong edan, ora cetha. Kuwi biyen bayi sing ditemu wong Jatipethuk ing dalan prapatan, upama ora dirawati karo Ki Demang ing Jatipethuk terus dipupu, kira-kira mbuh apa dadine. Ngerti?"
"Bapak!" Singgah menthelengi tiyang sepuhipun "Bapak kuwi nek omong mbok sing ngati-ati, nek kepireng Raden Sentani bisa mbilaeni".
Ki Dasa lajeng gumujeng nyumerepi dhateng anakipun jaler ingkang makaten kala wau. Wangsulanipun :
"mBilaeni sing kepiye? genah nek Bapakmu wis didadekne apes merga kelakuwane Sentani sing dumeh duwe kaluwihan kuwi ngono kok? arep bilai sing kepiye maneh? isih kurang apa? dheweke ngangkon aku mati nglalu ya wis tak saguhi? banjur arep dicilakakne sing piye maneh? Karone, lha wong kanyatane ya kaya mangkono kok, Sentani kuwi ora cetha asal-usule, upama ora diopeni Ki Demang, kira-kira malah wis mati biyen-biyene".
Singgah boten saged mangsuli wicantenipun Ki Bebau Dasa malih. Lare nem niku inggih namung mecucu, pleja-pleju boten cetha. manahipun ajrih, menawi awit pangucaping tiyang sepuhipun ndadosaken piyambakipun katut cilaka.
"Tak kandhani ya Le" Ki Dasa nglajengaken anggenipun wicanten "Sentani kuwi menungsa sing ora tata wiwit biyen. Genah nek Ki Demang Sudiya isih meger-meger, lha kok ditembung arep diwaris kalenggahane? apa ngono kuwi menungsa duwe tata? Bareng dikandhani yen dheweke kuwi mung anak pupon sing miturut paugeran ora bisa nggenteni kalungguhan Demang ing Jatipethuk kene, lha kok malah minggat tanpa pamit. Saiki bareng Ki Demang wis ora ana banjur bali nggawa kanca sapirang-pirang sing tekune ora cetha, ngaku nek Trah Majapahit. Gek kuwi Majapahite wong ngendi ngono lho?. Sing aku dadi gumun kuwi, wis cetha kaya ngono, lha kok ya ana sing gelem percaya? malah anggone percaya nganti kebacut. Lha wong bocah ora cetha kok malah disembah-sembah nganggo sebutan Gusti Raden. Lha nek aku, tinimbang nggusti nyang Sentani ya angur nggusti menyang mBokmu kuwi, sing saben dina genah ngedangne sega aku".
Singgah boten wangsulan lajeng ngadeg badhe nilar griya, awit kuwatos menawi anggenipun wicanten tiyang sepuhipun sansaya ndadra, dugi pundi-pundi.
"Singgah!" Ki Dasa nyandhet anakipun jaler "kowe arep menyang ngendi maneh he?".
"Arep bali menyang Kasatriyan" wangsulanipun Singgah, mila titiyang mriku menawi mastani griyanipun Sentani punika mawi sebatan Kasatriyan "mung ngelingne wae Pak, iki wis dina Rebo Pon dadi kari sesuk lan sesuke, bapak kudu netepi omongane".
"Ya, iya" Ki Dasa semaur kaliyan gumujeng sajak sampun boten mikir punapa-punapa "aja kuwatir, sesuk sore aku budhal menyang Banyugurih, nginep sewengi neng kana, jumuah esuk aku ngendhat dhiri, kowe karo Sentani utawa wonge Sentani nunggonana, ben ngerti nek Ki Dasa iki Satriya sing bawa leksana, netepi omongane, merga Ki Dasa iki trahe Ki Rebo dhanyang ya cikal bakal sing mbakali Padhukuhan Ngantang he he he".
Singgah sampun boten wangsulan malih, lajeng medal badhe wangsul dhateng griyanipun Raden Sentani, atur palapuran dhateng bendaranipun, ngengingi anggenipun badhe nglalu ngendhat tiyang sepuhipun.
Dinten Kemis Wage sonten, ngajengaken wanci serap surya Singgah murugi griyanipun Ki Dasa inggih tiyang sepuhipun, boten piyambakan nanging dipun kancani satunggaling pawestri ingkang sakalangkung ayu semu semok wujudipun.
Nanging Singgah lan tiyang estri kala wau manggihi griya sampun kancingan korinipun saking njawi. Punika nandhakaken bilih ingkang gadhah griya boten wonten.
"Ketingalipun bapak kaliyan Simbok boten wonten griya Kusuma Dewi" Singgah wicanten dhateng tiyang estri kala wau kanthi basa ingkang alus tur angaosi sanget.
"mBok nek neng jaba tur ngepasi Raden Sentani ora ana kuwi aja ngaturi aku Kusuma Dewi ta Kakang Singgah, gek ya aja nganggo basa ngono kuwi barang, marahi aku kepenak wae lho?!?" tiyang estri wau boten nanggapi ingkang dipun ucapaken Singgah, malah wicanten anggenipun Singgah ngginakaken sebutan lan caranipun wicanten dhateng piyambakipun.
"Lha kados pundi anggen kula ngaturi?" Singgah pitaken kaliyan mesem "andika punika harak sesembahan kula?".
"Sesembahan ya sesembahan, nanging kuwi rak nek ana sandhinge Raden Sentani? Nek neng njaba utawa ngepasi sing ana mung aku karo Kakang Singgah ngene iki, mesthine Kakang Singgah ya ngerti dhewe ta?" Tiyang estri wau semaur lajeng kaliyan njiwit lengenipun Singgah piyambakipun wicanten "kakang iki kok seneng banget marahi aku gemes lho?".
"Adhuh... adhuh......" Singgah rewa-rewa sakit nanging lambenipun malah mesem "uwis-uwis wong ayu, aja njiwiti ngene iki, lara tak kandhani".
"Lara kok malah mesem, lara apa lara?" tiyang estri wau mrengut, angujiwat.
"Lara ya lara, lha mesem kuwi merga sing njiwit pepujaning atine kok" Singgah wangsulan kaliyan tanganipun dipun tumpangaken ing pundhakipun tiyang estri wau.
"Ya wis, yen ngono, ben larane suda tak tambanane" tiyang estri wau wangsulan, lan tanpa mawi rikah-rikuh, Singgah dikekep lajeng lajeng dipun arasi.
"St...st....." Singgah wicanten alon "nek disawang uwong lho?".
"Aja kuwatir Kakang, sing weruh mung aku karo Kakang thok iki" tiyang estri wau wangsulan lan Singgah lajeng dipun ruket kaliyan lambenipun dipuncecepi.
Sawatawis dangu tiyang kalih jaler estri niku reruketan ing emperan griyanipun Ki Bebau Dasa, ingkang dipun tilar ingkang kagungan griya dhateng Banyugurih.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar