kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
31
Bebau ing Ngantang ingkang ugi mireng aturipun saha sumerep anggenipun ndheprok Singgah, ugi sakalangkun kaget, ngantos kamitenggengen boten saged kumecap, ugi boten obah. Tanpa kraos wonten toya bening ingkang mili saking mripatipun. Salebeting manah, Bebau Dasa ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Karya Gesang, dene yoganipun jebul taksih kaparingan emut temah ndheprok lan wicanten ingkang makaten kala wau. Sareng santawis dangu kawontenan sidhem, awit para cantrik ingkang sami wonten ing mriku ugi smi tumungkul, ngraosaken trenyuhing manah, dumadakan ketingal Ki Guru Sukirna mandhap lan lumampah nyaketi ingkang nembe karoban raos trenyuh.
"Ki Bau ing Ngantang" sareng sampun dumugi ngandhaping sawo Ki Guru Sukirna lajeng wicanten "ndika sampun mireng panyuwunanipun Angger Singgah ta? Kenging punapa taksih nekad penekan dhateng mriku? Mangga dhadhung ingkang wonten jangga punika dipun copot, lan enggal mandhap".
Wicanten makaten Ki Guru Sukirna kaliyan nglirik tiyang estri ingkang wau duginipun sareng kaliyan Singgah. Ki Guru Sukirna sumerep bilih tiyang estri punika dede bangsanipun manungsa. Ki Guru Sukirna ugi sumerep menawi mendelipun wanita wau yegti nembe nta kekiyatan badhe ngesokaken kuciwaning manahipun dhateng Singgah ingkang kaanggep sampun tumindak nyidrani kasetyan dhateng sesembahanipun nenggih Raden Sentani. Ki Guru Sukirna boten purun kasep tumindak, Singgah dipun jawil pundhakipun sarwi kaparentah :
"Ayo Angger Singgah, kae keng Bapa dipapag ben enggal mudhun saka anggone penekan" panjawilipun Ki Sukirna estunipun dede panjawil limrah, nanging panjawil ingkang ngemu kekiyatan panyurung ingkang mijil saking hawa murni ing dhasaring manah. Sakala Singgah njingkat semu mencolot nyaketi andha ingkang semendhe wit sawo.
Nagadewi ingkang sesinglon kaliyan wewujudan wanita ingkang sulistyeng warni punika kaget, lan ngertos bilih anggenipun mencolot Singgah wau boten mencolot sabaenipun, nanging awit saking jawilanipun Ki Guru Sukirna. Nanging kagetipun Nagadewi sampun kasep, Singgah sampun tebih saking papanipun lan menawi kadhawahan upas ingkang sampun dipun siagaaken samangke letipun radi katebihan, dados menawi katibakaken upas boten badhe kenging. Nanging Nagadewi nyata menawi siluman ingkang julig, piyambakipun murungaken anggenipun badhe damel cilakanipun Singgah, wekdal punika, nanging badhe pados wekdal ingkang sae lan boten wonten ingkang dados pepalang. Pramila Nagadewi nunten wangsul ketingal tumungkul lan nedahaken sipating wanita ingkang ruruh kapribadenipun.
Bebau Dasa ingkang sumerep bilih anakipun sampun nyaketi andha ingkang wau dipun ginakaken menek, lajeng nguculi kala ingkang ngalungi gulunipun, nunten alon-alon mandhap. Singgah dipun rangkul lan dipun kekep-kekep kaliyan luh ingkang dleweran saking pojoking mripatipun. Singgah ugi boten saged mambengi raos gumronjal ing salebeting dhadhanipun, pangruketipun Ki Bau dipun timbangi kaliyan nangis tanpa suwanten.
"Sampun Ki Bau" Ki Guru Sukirna nyaket kaliyan wicanten alon, nanging ugi boten nilar kawaspadan "dinten niki Gusti Ingkang Murbeng Gesang sampun nurunaken kanugrahan dhateng Kulawarganipun Ki Bau. Saenipun Ki Bau kula aturi ngunjukaken panuwun dhumateng Gusti nut tata cara kapitayan ingkang Ki Bau gilut. Nanging saenipun inggih langkung prayogi menawi Ki Bau sesuci langkung rumiyin"
Ki Guru Sukirna lajeng wicanten dhateng Singgah :
"Angger Singgah, gajege wiwit wingenane Bapakmu kuwi durung kambon banyu, kana sadurunge bali, dherekna sesuci luwih dhisik ana pungkuran"
"Ngestokaken dhawuh Ki Guru" wangsulanipun Singgah ingkang lajeng wicanten dhateng Bapakipun "ayo Pak, dening Ki Guru kadhawuhan adus dhisik iki lho, ayo tak terne".
"Nyuwun pangapunten Ki Guru" Bebau Dasa wicanten dhateng Ki Guru Sukirna "saderengipun kula adus, langkung rumiyin kula badhe matur".
"Lho badhe paring dhawuh punapa Ki Bau?" Ki Guru Sukirna pitaken.
"Kula dereng kepengin wangsul dhateng Ngantang, kepareng boten kepareng kangge sawatawis wekdal duka sepeken duka sewulan, kula badhe ndherek mapan ing Padhepokan Banyugurih mriki sanak lan semah kula" wangsulanipun Bebau Dasa .
"Inggih, inggih Ki Bau, boten dados punapa, sauger trimah kaliyan prasajaning panggenan punika" Ki Guru Sukirna wangsulan kaliyan mesem remen.
"Nuwun sewu Ki Guru" dumadakan saking katebihan wanita sulistya punika wicanten kaliyan tanganipun asikep sembah kalbu katumpangaken ing dhadha "kaparengna kula ndherek bingah awit kanugrahan ingkang sampun tumurun dhateng kulawarganipun Ki Bebau ing Ngantang punika lan minangka wujud bingahing manah, sadanguning Kulawarganipun Ki Bebau cumondhok ing Padhepokan Banyugurih mriki, mugi kaparengna kula ndherek ugi mapan ing mriki, Ki Guru".
"Manmgke rumiyin, inggih nyuwun pangapunten saderengipun Andika punika sinten lan kapernah punapa kaliyan Ki Bebau, Kusuma?" Nadyan sampun mangertos nanging Ki Guru Sampurna api-api dereng tepang lajeng pitaken.
"Nuwun Inggih Ki Guru" wanita punika wicanten kaliyan mesem ingkang ngujiwat "waleh-waleh punapa kula punika estunipun semahipun Raden Sentani, nami kula pun Nagadewi. Lan mugi kauningan Ki Guru, estunipun Kang Mas Sentani sampun nyobi dhateng kasetyanipun Kakang Singgah dhateng Kangmas Sentani, kula ingkang kadhawuhan memanuki lampahipun Kakang Singgah, sareng kula biji bilih kasetyanipun Kakang Singgah boten nguciwani, kula lajeng mbisiki dhateng piyambakipun murih matur dhateng Ki Bebau kados kala wau. Ugi bares kemawon Ki Guru, wekdal punika Kangmas Sentani sampun paring palilah dhumateng kula lan Kakang Singgah tumindak punapa kemawon, dados inggih antawisipun manah kula lan manhipun Kakang Singgah ugi sampun manunggal kaliyan manahipun Kangmas Sentani. Pramila saking punika, Ki Guru, sadangunipun Kakang Singgah mapan ing mriki, kula badhe ndherek".
Para cantrik ingkang tumut mirengaken wicantenipun Nagadewi makaten punika lajeng sami bisik-bisik sesamining rowang, temah kawontenan lajeng kepireng suwanten mbrengengeng kados suwantening tawon ingkang luru papan enggal kangge yasa tala. Benten malih kaliyan Singgah, piyambakipun rumaos anggenipun ndheprok lan menging bapakipun nglalu kala wau, boten awit saking pambisikipun sinten-sinten, nanging mijil saking osiking manah awit mireng ucapipun Ki Bebau ingkang pungkasan bilih piyambakipun botenh dangu malih badhe dipun singkiraken dening Raden Sentani, menawi sampun wonten nem-neman enggal ingkang langkung ndudut penggalihipun Raden Sentani. Nanging, badhe wicanten mangsuli ucapipun Nagabewi makaten punika, Singgah boten saged ngedalaken suwanten.
"Oooo dadi keng slira iki sisihane Sentani?" Ki Guru Sukirna nunten wangsulan kaliyan mesem sajak boten wonten punapa-punapa, sanaosa ing salebeting batos rumaos eram dhateng kajuliganipun Siluman Sawer punika "yen ngono tak jabel nggonku basa. Jalaran Sentani kuwi adhiku dhewe, sedulurku nom, nadyan mung sedulur pupon, nanging dening sawargi Bapa Demang Sentani kuwi wis didadekne adhiku. Aku melu ngaturake panuwun marang ndika Adhi Nagadewi dene wis mbantu Angger Singgah temah bisa lulus ing pandadaran utawa coba sing dianakake dening Adhi Sentani. Nanging sumurupa ya Dhi, Padhepokan Banyu Gurih kuwi mung bisa nampa wanita kang nedya nginep ing padhepokan lamun wanita mau wis antuk palilah saka kakunge lan saka wong tuwane. Kira-kira yen Adhi Sentani mesthine wis aweh palilah marang si Adhi yen mung ngersakne cumondhok ana kene sasuwene Kulawargane Ki Bebau ing Ngantang, lerem ana kene, sedheng si Adhi uga wis kaparingan palilah neng ngendi-endi karo Angger Singgah. Nanging, kepiye karo Keng Ramane Si Adhi? aku wedi yen Keng Rama banjur duka marang aku".
"Oh, makaten inggih Kakang?" Nagadewi nimbangi nyebut Kakang dhateng Ki Guru Sukirna ingkang ngakeni bilih Sentani punika adhinipun piyambak "kados pundi inggih? kamangka papanipun Rama punika tebih sanget saking mriki? mbok makaten kemawon, mangke menawi wonten dukanipun Kanjeng Rama kula ingkang badhe tanggel. Kadospundi manawi makaten Kakang?".
"Prayogane Si Adhi nyuwun palilah dhisik wae marang Keng Rama, liwat dalan sidhatan wae rak ora cedhak, ayo tak tuduhne dalane" Ki Guru Sukirna suka wangsulan kaliyan nudingi pagering padhepokan ingkang kadamel saking sela ingkang dipun tata, sakala pager sela ebah-ebah nunten ketingal wonten trowongan ageng, Nagadewi boten kraos kasurung mawi pusaka cipta dening Guru Sukirna, sakala wangsul ing wujud aslinipun inggih punika sawer ingkang agengipun meh sabongkoting glugu, sawer ndlosor lajeng mlebet dhateng Trowongan ingkang badhe anjog dhateng Kadhaton Grojogan Jambe Telu. Sasampunipun Nagadewi mlebet trowongan, pager lajeng wangsul pulih kados wau-waunipun malih.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar