![]() |
GAMBAR DIAMBIL DARI INTERNET |
SENDHANG
MUSTIKANING WARIH III
kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih
49
Krungu kandhane Ki Guru Sukirna sing ngabarake yen wadya bala Trah Majapahit kabeh wis dadi bandan, Ki Sukirdi sansaya pucet. Luwih-luwih bareng Ki Guru Sukirna banjur nerusake anggone guneman :
"Si Adhi lan sedulurku kabeh mesthine bisa nggambarake, ing paprangan kang mung mlaku sedina ora wutuh iki wae, pira akehe wong sing kudu koncatan nyawane? banjur pira wong wadon sing dadi warandha dadakan? pira bocah-bocah sing kapedhotan sih tresnane Bapa? Kang mangkono mau mung sabab nurut lan nggugu wong sing jarene arep nggayuh kamukten. Pancen manungsa tinitah urip ing ngalam padhang iki dening Sing Nitahake dikeparengake nggayuh kamuktening urip, nanging kudu nganggo cara lan srana sing bener, ora kok banjur ngawur mung nuruti hardaning hawa, temah nuwuhake papa cintrakane wong liya. Saupama, sapisan maneh iki mung saupama, saupama ing sajroning perang tandhing mengko Sentani bisa ngungguli Gusti Pangeran Singasari, Sentani durung bisa diarani menang. Amerga, perang sing kelakon dina iki sineksen dening Jagad : perange Mataram mungsuh Trah Majapahit, utawa luwih benere perange wong sing ngaku Trah Majapahit mungsuh Mataram sing uga Trah Majapahit. Pangeran Singasari kuwi mung salah siji saka puluhan senapati agul-aguling Mataram, saliyane Pangeran Singasari isih ana maneh Pangeran Purbaya, Pangeran Demang Tanpa Nangkil, Pangeran Setya Manggala, Pangeran Surya Negara lan liya-liyane sing darbe kasekten sing dhuwur. Uga ana Gusti Patih Mandaraka lan Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga. dadi yen isih ana sisa-sisaning pangarep-arep ing atine Si Adhi mengko Aku lan para Bebau sarta para Mancakaki ing Jatipethuk sing ora manunggal karo Sentani, bakal kapidana dening Sentani, kuwi enggal suwaken saka angen-angen. Nanging, arepa kaya apa aku lan para Bebau sarta para Mancakaki Jatipethuk sing mlumpuk ing kene iki, tak ambali ora bakal nglilakne yen si Adhi lan sedulur-sedulur Jatipethuk nganti kapidana. Kajaba yen si adhi pancen niyat ngadhang pati nerusne nggone mbalela ing ratu Mataram".
"Adhuh Kangmas" Ki Sukirdi wiwit prembik-prembik nangis "namung Kangmas Guru ingkang saged ngayomi kula sasampunipun Bapa Demang Sudiya seda. Kula nyuwun pangayoman Kangmas".
"Yen pancen mangkono, si Adhi arep tak uculi saka bandan, aku arep nindakne laku dora sembada, tegese goroh nanging nguripi, sanadyan yen nggonku dora mengko kadenangan mbok menawa totohane ya nyawaku dhewe. Mengko bakal tak aturake marang Senapati Agung Mataram, yen tenane si Adhi lan para sedulur Jatipethuk sing ana kene iki, jejere padha karo kulawarga Padhepokan Banyugurih sing ora mbala marang Sentani, sanadyan ya ora bisa aweh bebantu marang Barisan saka Mataram" Wangsulane Ki Guru Sukirna sing banur diterusne aweh prentah marang para cantrik supaya padha nguculi bandane wong-wong Jatipethuk, uga bandane Ki Sukirdi.
Sauntara iku, Raden Sentani sing wis ngecakne sakehing aji jaya kawijayane tetep durung bisa ngrubuhake Pangeran Singasari sing uga wis numplak sakehing ngilmu kanuragane. Pangeran Singasari ora kalah anggone sansaya kemropok, durung tau selawase uripe nemoni wong sing duwe kasekten kaya mungsuhe dina iki. Mungsuh sing nyata-nyata ora mandheg ing pocapan, nanging temen-temen sekti mandraguna tan tedhas tapak paluning pandhe lan sisane gerenda. Luwih-luwih bareng Raden Sentani njaluk tulung sarana nekakne prajurite ingkang rama marasepuh Ki Nagaburik lan prajurite ingkang Eyang Raden Bintulu, Ki Nagaburik lan Raden Bintulu dhewe ora bisa teka ngrewangi Raden Sentani awit anane paugeran alam gaib sing ora ngeparengake melu cawe-cawe, mula banjur ngirimake prajurit saka ngalam liya sing teka ing jagat padhang mlebu alaming para manungsa. Cat katon cat ora, ana sing wujud ula, ana sing wujud kewan gegremetan sing mawa wisa mandi, kabeh padha nempuh melu ngrubut Pangeran Singasari.
Rangga lan Marga sing melu awor prajurit Mataram ngupengi lan nonton sing lagi perang tandhing, dadi kaget. Yen mangkono carane, Pangeran Singasari temen-temen sajroning bebaya awit ora mung mungsuh wong siji, nanging wis meh padha karo critane Raden Abimanyu sing dikrubut dening para Kurawa, kaya sing dicritakne Ki Dhalang ing pagelaran wayang kulit kae.
"Adhuh, Paman Singasari sajroning bebaya iki" grenenge Rangga karo ora kedhep anggone nyawang lakune perang.
"Bener Kakang, apa mawake dhewe melu nrambul wae? ngadhepi prajurit siluman kuwi? Ben Gusti Pangeran Singasari ora keganggu nggone dolanan karo si Sentani?" wangsulane Marga takon.
"Aja" Rangga wangsulan "Paman Singasari bisa nesu, rumangsa dirusuhi, kuwi watak wantune Pamanku siji iki".
"Banjur piye? Apa kakang arep negakne Gusti Pangeran Singasari dienggo krubutan siluman-siluman ula lan siluman-siluman liyane kuwi?"
"Mengko wae anggone aweh pitulungan" wangsulane Rangga sing banjur nyedhaki Tumenggung Sudirenglaga sing uga ketok njengkerutne bathuke.
"Kakang Sudirenglaga....." Rangga njawil pundhake Tumenggung sing anggone ngabdi marang Panembahan Senapati wiwit jaman babad alas Mentaok kuwi noleh.
"Lho Raden Rangga......?" aloke Tumenggung Sudirenglaga kaget campur gumun.
"St....st....." Rangga nyelehne driji panudinge ing ngarep lambe, banjur kandhane alon-alon "Kakang Tumenggung sing kulina nemoni dhedhemit alas Mentaok mesthine ngerti marang kedadean iki? sapa sing ngrubut Paman Singasari kuwi?"
"Inggih Raden, kula ngertos" wangsulane Tumenggung Sudirenglaga "nanging kula boten wantun nrambul ing perang punika, ajrih kaliyan Gusti Pangeran Singasari menawi ngantos duka".
"Bener" Rangga semaur "mengko wae, yen Paman Singasari temen-temen mbutuhne pitulungan lagi Kakang Tumenggung tumandang, saiki ayo padha disawang luwih dhisik, apa sing bakal kedadean sabanjure".
Rangga banjur bali menyang papane sekawit, njejeri Marga.
Pangeran Singasari nalika weruh akeh ula lan gegremetan mawa wisa mandi sing melu ngrubut dheweke, banjur duwe pangira yen Raden Sentani lagi ngecakne Aji Panggiri, yaiku aji sing bisa wewujudan rekan kanggo gawe mirising mungsuhe, Aji Panggiri kuwi mung wewujudan maya sing ora ana, cat katon cat ora kanggo ngrusak angen-angening mungsuh. Mula sing maune Pangeran Singasari kajaba nyolahne pedhange kanggo ngadhepi Raden Sentani uga kanggo mbabat wewujudan sing cat katon cat ora neng kiwa tengene. Nanging bareng Senapati Mataram kuwi duwe dudutan yen sing ngrubuti kuwi mung dayane Aji Panggiri sing ora mbebayani ragane, banjur sengaja emoh migatekne tekane ula mandi gala-galak sing sepirang-pirang cacahe lan gegremetan liyane sing ngrubut lan arep ngereg dheweke. Pangeran Singasari banjur munjerake kawigaten kanggo ngadhepi mungsuhe kang nyata yaiku Raden Sentani .
Ya awit saka dudutane Pangeran Singasari sing pranyata dudutan sing sembrana kuwi, wis aweh kalodhangan Senapati Ketonggengireng agul-agule Raden Bintulu lan Senapati Dumungkiuning andel-andele Kadhaton Grojogan Jambe Telu. Kekarone maju bareng Ketonggengireng ngempakne entupe ing bau kanan, Dumungkuning namakne siyunge ing bau kering. Sakala Pangeran Singasari kontal memburi ana limang jangkah, panyawange dadi peteng, ana rasa panas sing tanpa upama nggremeti sakujuring raga, tumuju marang jejantunge. Awake dadi kaku ora kena diobahake. Mung lamat-lamat Pangeran Singasari keprungu guyune Raden Sentani sing sesumbar :
"Ha...ha....ha..... klakon dadi bathang kowe Singasari, ilining getihmu wis klebon upas sing bakal ngendheg keteging jantungmu, ha .... ha ..... ha".
Tumenggung Sudirenglaga, trengginas mlumpat sawuse sarana cipta Rangga aweh prentah supaya nggawa ragane Pangeran Singasari menyang padhepokan Banyugurih lan njaluk tamba marang Ki Guru Sukirna. Rangga dhewe banjur mencolot maju nyaketi Raden Sentani sing rumangsa wis bisa ngalahne mungsuhe. Sauntara Marga wis nglolos cemethine banjur disabet-sabetne marang siluman-siluman ula lan gegremetan liyane.
ana candhake.
Wadhuhhhhhh
BalasHapusmulai menggunakan jasa siluman dan makhluk halus nih?????