Total Tayangan Halaman

Sabtu, 17 Juli 2021

TEMBANG CEMPLANG (3)

 

dening: IMMIR

3.

Sidane olehe adang Murjiyem ora dipangan, merga sega olehe nggawa saka nggone Bu Mandhor wae wis turah dipangan wong loro. Bubar mangan padha omong-omongan crita apa-apa sing ditemoni dhek mau awan sing wis narik kawigatene dhewe-dhewe. Mak Yem nyritani anake wedok yen Bulik Nita kuwi olehe teka saka Jakarta lagi mau esuk, numpak mobil, sing nyopiri bojone dhewe, mobil siji ditumpaki wong loro.

"Lha anake apa ora eneng sing melu ?" Murjiyem nyelani critane mBokne.

"Durung duwe anak kok, malah kira-kira ya ora duwe anak" wangsulane Yang Yem "biyen karo bojo sing dhisik jarene Terekan, gogrok wetengan patang sasi. Terus karo bojo sing saiki wis setahun punjul ya durung ana tandha-tandha arep duwe anak".

"Bulik Nita kuwi olehe rabi wis ping pindho?" pitakone Murjiyem.

"Iya dhisik rak entuk Wong Walikukun sing nyambut gawe neng Jakarta, omah-omah rong tahun pisah. Banjur oleh bojo sing saiki iki, jarene asline wong Maospati ngono pa piye" wangsulane Mak Yem nggenahne lakone Bulik Nita.

"Lha anake Bu Mandhor ki liyane Bulik Nita sapa wae ta Mak?" Murjiyem genti takon liyane.

"Bu Mandhor ki ora duwe anak" wangsulane Yang Yem.

"Lha Bulik Nita kuwi?" Murjiyem ora mudheng karo wangsulane simboke.

"Kuwi critane ngene" Yang yem wiwit nggenahne critane maneh "Bu Mandhor kuwi biyen rak anak-anakane Mak Jah".

"Mak Jah sing duwe omah iki biyen?" Murjiyem nigas rembug.

"Iya" wangsulane Yang Yem "nanging sadurunge Mak Jah Bakul Tepo. Makmu iki rung teka kene, pas mungkar-mungkare Mak Jah dadi mbok-mbokane bocah nakal. Lha salah siji saka anak-anakane Mak Jah sing jenenge Tami kuwi dadi langganane Pak Mandhor. Suwe-suwe didadekne bojone dadi mBok Nom. Merga Pak mandhor wis duwe bojo lan duwe anak telu, sing mbarep wedok jenenge Karsi, saiki neng ngetutne bojone neng Irian, saiki wis ora tau tilik omah merga saking adohe. Nomer loro lanang Pak Lik Jimin sing saiki mbengkoni omahe Pak Mandhor kae, twerus sing ragil Bulik Nita sing nyambut gawe dadi Suster bocah neng Jakarta kuwi".

"Lha Bu Mandhor sing saiki kuwi biyen sawise dadi mBok Nom apa ya urip tunggal sakomah karo Bu Mandhor sing tuwa Yang?" Murjiyem takon.

"Ya Ora, wong karepe ngono Bu Mandhor sepuh ki ya emoh diwayuh. Nanging bareng ngerti nek Tami kuwi wis dadi lantaran slamete Pak Mandhor saka mati katut dibeleh jaman Ge kae, banjur Bu Mandhor diparani, dijak urip tunggal saomah, bareng-bareng ngladeni Pak Mandhor".

"Nylametne Pak Mandor piye ta mBok karepe? kok aku gak pati mudheng?"

"Biyen kuwi" Yang yem ndawakne critane "meh kabeh punggawa Kautanan, PNKA, lan sapiturute kuwi mesthi melu Pe Ka I, lha sing pinter-pinter kaya Pak Mandhor ngono kuwi mesthi dhapuk dadi penggedhene. Lha aturane dadi penggedhe Pe Ka I kuwi jaman semana ya akeh, salah sijine ora oleh duwe bojo kliwat saka siji. Sing nekad lan konangan dhuwurane, mesthi dipecat saka Pe Ka I ne. Oleh mbalik mlebu dadi Pe Ka I maneh nek wis bisa setor anggota anyar paling ora ya ana lima las nganti seket wong. Nek kelase Pak mandhor ya kudu oleh anggota selawe, lagi oleh mbalik dadi Pe Ka I maneh. Merga dilapurne karo Pak Taman, sing kepengin ngendhih palungguhane, nek wis wayuh, Pak Mandhor Takat banjur dieres saka Partai, carane saiki ya dipecat ngono wae".

"Wis dipecat kok saiki ijik entuk pensiun neh ?" Murjiyem nyelani takon maneh.

"Sik ta" Mak yem semaur karo nerusne critane "bayar pensiune Bu Mandhor nganti saiki kuwi rak pensiune leh dadi bojo Mandhor? Lha sing dipecat kuwi rak saka olehe dadi Pe Ka I ?. Mudheng?"

"He eh, he eh" Murjiyem manthuk- manthuk karo mesem "lha terus?".

"Maune Pak mandhor ya susah banget merga dipecat saka Pe Ka I kuwi, merga banjur didohi kanca-kancane malah keri-keri jarene dikabari jare nek mbesuk Pe Ka I wis menang, pak Mandhor arep dibeleh dhisik dhewe. Merga wedi, Pak Mandhor terus golek kanca anyar, ora melu Pe Ka I nanging terus njaluk pengayoman neng nggone Eyang Cip Kaliwowo karo neng nggone Pak Adi Gurit sing omahe wetan Pasar . Eyang Cip kuwi penggedhenePartai Bantheng, lha Pak Adi Gurit kuwi penggedhene Partaine wong agama jenenge En O. Sok-sok Pak Mandhor ya dolan neng nggone Pak Naib Dollah, wong Lintang mBulan sing wektu kuwi partaine wis dadi partai larangan"

Yang yem leren sedhela anggone crita merga kepengin nyang mburi arep nguyuh. Murjiyem ngenteni karo ora ngalih saka panggonane lungguh. Bareng wis rampung anggone nyang mburi, Yang Yem mbalik lungguh maneh, banjur nerusne crita :

"Kira-kira let karo tengah tahun saka anggone Pak Mandhor Takat saka Pe Ka I, mbledhos geger Ge sewidak lima kae. Pe Ka I kalah, wong-wong Pe Ka I sing dhek emben jare arep mbelehi wong-wong liyane kae, genti padha dicekeli. Jempolane ditaleni lawe, digawa nyang Gudhang Seng sing saiki dadi Gedhung Pancasila Kidul Pasar kae, banjur padha dikirim nyang pinggir alas Ngapit, teka kana padha ditugel gulune, klebu Pak Taman sing ngendhih palungguhane Pak Takat".

"Lha pak Mandhor slamet ora katut dibeleh ?" Murjiyem takon.

"Ya ora, wong Pak Mandhor Takat wis salin klambi" wangsulane Yang Yem "malah wonge kedhapuk melu nyatheti sapa-sapa sing dadi balane Pe Ka I. Nanging Pak Mandhor ki ya wong apik, wong wetanan kono kuwi akeh sing jane kesangkut, nanging karo Pak Takat diampingi ditutupi, dadi slamet ora katut digawa Siliwangi karo Banser, dadi slamet ora katut dibeleh".

Yang Yem meneng sedhela, nyandhak Kendhi sing semeleh neng dhuwur meja, banjur ngombe. Murjiyem ya ora takon, mula Yang yem ya banjur nerusne critane maneh :

"Ya merga kuwi Pak Mandhor banjur ngandhani sing wedok nek olehe rabi maneh entuk Tami kuwi jebul nggawa berkah keslametane, upama ora wayuh Pak Mandhor Takat mesthi ora dipecat saka Pe Ka I, lha nek ora dipecat mesthine wis katut dibeleh Siliwangi utawa Banser jaman geger sewidak lima kuwi. Mula Bu Mandhor banjur ngajak pak Mandhor marani Tami dijak kumpul dadi sak-omah, bareng-bareng ngladeni Pak Mandhor Takat. Tami ya seneng wae, kumpul marune, wong loro dadi rukun kaya sedulur wedok dhewe. Oleh setahun kumpul karo marune, Bu Mandhor banjur mbobot maneh lan metu wedok Bulik Nita kae. Lha Nita umur telung tahun Bu Mandhor tinggal donya, merga kenek masuk angin duduk, Tami banjur nglungsur sebutan dadi Bu Mandhor nganti saiki".

"Ooo ngono ta critane Mak?" kandhane Murjiyem sawuse mbokne rampung crita "layak, nganti saiki Pak Lik Jimin kae ya nganggep kaya marang mBokne dhewe nyang Bu Mandhor, sing ora ngerti mesthi ora ngira nek Pak Lik Jimin kae mung anak kwalon lho karo Bu Mandhor ki".

"Iya, ning jane ya ana wewadi sing wis dingereni wong akeh, antarane Pak Lik Jimin karo Bu Mandhor kuwi' Yang yem semaur rada alon.

"Wewadi apa Mak?" Murjiyem nguber pitakonan.

"Wis ora perlu tak critakne, ora becik" wangsulane Yang Yem cekak, banjur ngalih ngajak omongan liyane "saiki wis wengi, sesuk peteng awake dhewe kon nyang omahe Bu Mandhor. Ayo ndang turu sesuk ben ora krinan".

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG (2)

 

dening: IMMIR

2

Tekan omah lawange isih tutupan rapet, mretandhani yen simboke durung bali saka omahe juragane, sajake neng kana ana gaweyan sing akeh dadi Yang Yem (undang-undangane mBokne Murjiyem) durung  bisa bali. Murjiyem ya terus reresik awak, bar kuwi banjur menyang pawon olah panganan kanggo mengko bengi. Ngono kuwi isih disambi mbukak lawang kandhang pitik, nglebok-nglebokne pitike sing sa-awan diumbar saba sakarepe dhewe. Murjiyem kuwi bocah sing mung sekolah tekan kelas lima, munggah kelas nem banjur metu merga kasengsem ngrewangi golek butuh simboke. Wong tuwane lanang Murjiyem kuwi sapa, ya ora cetha, merga Yang Yem kuwi tekane neng Kedhungmileng  wis nggawa anak cilik umur rong tahun. Maune mondhok neng warunge Mak Jah, bareng Mak Jah mati Yang Yem banjur ngenggoni warunge Mak Jah sing manggon neng lemah duweke Desa. Mung ana kabar angin jarene Yang Yem kuwi asline saka Sragen, nyambut gawene neng warung wedang. Gandheng rupane rada nggambar, akeh wong sing padha seneng, ngajak guyon, ngajak dolananm ngajak lan liya-liyane. Wekasane Yang Yem banjur meteng, lan ora bisa ngerti sapa sing dadi bapakne anake. Kanggo nutup wirang, sabanjure Yang Yem banjur lunga ninggalne desane, golek gaweyan karo nggawa anake, ing wasana ditulungi Mak Jah, dikon ngrewangi olehe bakulan Tepo neng warunge. Mak Jah dhewe, kuwi ya ora cetha asal-usule, jaman nom-nomane tau dadi mbok-mbokane bocah nakal, ya kuwi jaman isih rame-ramene Te Pe Ka Kedunggalar dadi papan terminal kayu jati bulungan lan balokan duweke  Perhutani. Yakuwi kira-kira sa-aju undure-geger sewidak lima. Bareng Te Pe Ka  ngalih neng Banjarejo, kono sing maune akeh disaba wong sing cekel dhuwit dadi sepi. Usahane Mak Jah nyewakne kamar karo ngopeni bocah ayu sing nakal ya melu dadi mandheg. Mak Jah banjur nerusne nggone mregawe bukak warung Tepo neng kulon Stasiyun Kedunggalar. Bareng Mak Yem mati, olehe bukak warung diterusne Yang Yem, nanging warunge sansaya suwe dadi sansaya sepi, merga Stasiyun Kedunggalar ya malih sepi, sakjege  sepur jurusan Madiun-Sala diendheg. Lan sepur-sepur liyane arang sing mandheg neng stasiyun kono. Yang Yem banjur golek gaweyan liya, melu buruh tandur, matun, derep lan liya-liyane. Andilalah ana sanakane Mak Jah sing biyen dadi bojone Mandhor Tanam ing Perhutani, mbutuhake PRT. Yang Yem banjur ndherek dadi PRT neng omahe. Murjiyem sing wiwit cilik digawani turut ngendi-endi dening sim boke, klebu digawa neng sawah derep utawa ngasag, banjur nerusne gaweyane mbone kuwi nganti saiki.

Ngancik wektu surup, olehe adang wis mateng kari olah lawuh, nyambel karo ndadar endhog, nanging mengko wae ngenteni tekane mBokne pisan. Murjiyem banjur mapan ngglethak neng amben, ngilangi rasa kesele. Dumadakan keprungu suwarane pit montor mandheg neng ngarepan, Murjiyem gageyan tangi, menyat saka ambene, mlaku menyang ngarep ngulati sapa sing lagi teka. Lawange omah dibukak, metu menjaba.

"Yem...." Simboke sapa aruh karo mudhun saka goncengan montor. Murjiyem nyedhak, ngiling-ilingi sapa sing nggonceng Simboke.

"Iki ta Yu anakmu ki?" Sing numpak motor mudhun karo njagangne motore, takon menyang Yang Yem.

"He eh, ya iki anakku sing jenenge Murjiyem kuwi, ayo bablas nyang omah wae" wangsulane Yangyem karo ngacarani dhayohe supaya bablas mlebu omah.

Yang Yem nyelehne gawane neng babragan pawon. Teris bali lungguh dhingklik dawa sing dientra dadi nggon ruang tamune. Murjiyem dhewe banjur ngurusi gawane simboke, buntelan sega karo lawuhan sing banjur ditata neng nggon ngge mangan. Bar kuwi agi arep nusul mboke nemoniu dhayohe.

"Iki Lho Yem, kowe diceluk Bulik Nita, iki lho ndang mrene dhisik" saka ruang tamu Yang Yem celuk-celuk.

"He eh, nggih Bulik" karo nyingkap slambu sing matesi ruang tamu karo nggon mangan, Murjiyem semaur banjur mapan lungguh neng sandhinge mBokne.

"Umurmu saiki iki wis pira Yem?" dhayoh sing jenenge Bulik Nita kuwi takon.

"Kirangan, nek Anik kanca kula sekolah nika sakniki mpun kelas kalih SMP" wangsulane Murjiyem karo ngeling-eling kira-kira umure wis pira.

"Em....... ya kurang luwih pat belas lima lasan nek ngono" Bulik Nita kaya omong marang awake dhewe.

"Lha enten napa ta Bulik?" Murjiyem manek-manekne takon.

"Anu, nek gelem arep tak jak golek gaweyan nyang Jakarta" wangsulane Bulik Nita "aku mau wis omong mBokmu, lha nyang mbokmu kon nari dhewe".

"Kula ngoten kantun Mak-e kok, nek kalih Mak-e angsal kula nggih purun mawon, malah kleresan" kandhane Murjiyem karo nglirik mBokne.

"Nek aku ngono wong tuwek ya kari sing nglakoni kok, ya sokur nek kowe gelem. Ning ya kuwi jenenge mbabu neng nggone wong kuwi aja dipadhakne melu mBokne dhewe" Yung Yem semaur.

"Ngene lho Yem" Bulik Nita nggenahne omonge "dhuwurane Paklikmu kuwi rak butuh Pembantu anyar, merga pembantune sing lawas mulih dadi manten terus karo bojone ora oleh dadi pembantu maneh wong kudu nginep neng kana. Mesthi wae dhuwurane Paklikmu banjur arep golek ganti. Lha nek kowe gelem, kowe arep tak lebokne dadi pembantune nggenteni Pembantu sing mulih kuwi. Bayare sasen, kira-kira ya pitung atus seketan. Piye?".

Krungu tembung sing keri dhewe sing nyebut angka pitung atus seket, pikirane Murjiyem dadi kiepencut banget, merga (wektu kuwi pen) nyambut gawe neng ndesa sedina mung bayaran limalas, ngono wae ora ajeg eneke. Mula nek bisa saben sasi bayaran pitung atus seket mendah senenge.

"Sandhangan kejaba nek pas riyaya, ya dijatah setahun ping pindho, mangan saben dinane bebas njupuk dhewe, turune neng kamar eneng kasure. Saben dina nek wayah longgar dicepaki Tivi sing neng disetel neng ruang mburi" Bulik Nita nambahi katrangane.

"Lha nyambut gawene kuwi apa Dhik? tulung digenahne pisan ben Yem ngerti" Yang Yem nyelani takon.

"He eh Yu" Bulik Nita wangsulan "iya Yem, nyambut gawene umbah-umbah, nganggo mesin cuci, nyetlika, resik-resik omah, nyapu, ngepel lan sapiturute. Karo paling sepuluh dina pisan ndherekne  blanja Majikan. Jatah prei rong tahun sepuluh dina nek dhong ngepasi riyaya, ning nek ora dijupuk, tegese milih ora mulih badan, sing sepuluh dina kuwi dietung dhewe, oleh bayar sing luwih akeh kira-kira pengaji sesasi".

"Piye Yem? Kowe gelem apa moh?" Yang yem nakoni anake maneh "dipikir dhisik, tetep neng ndesa ngasag sedina oleh gabah limang kilo apa milih melu Bulik Nita kerja nyang Jakarta?".

"Nggih Bulik kula purun" Murjiyem wangsulan terus omong nyang simbokne "sesuk celenganku tak dhudhae ya Mak? arep tak ngge tuku klambi anyar, mosok arep nyang Kutha kok ora salin?".

"Iya.. iya..." Yang Yem wangsulan karo ngguyu "mengko nek kurang tak tambahane".

"Ora sah tuku klambi Yem, sesuk nek karo neng pasar melu Bulik tak tukokne, miliha dhewe nggone Bu Sapawi apa nggone Bu Pram" Bulik Nita nyauti rembug "celenganmmu dienggo cekelan wae".

"Nggih Bulik, Matur nuwun" Murjiyem manthuk karo mesem, atine seneng.

"Ya wis ngono wae dhisik Yu" Bulik Nita ngomongi Yang Yem "aku tak balik dhisik, sesuk kowe karo Yem budhal sing esuk wae, dadi nek neng pasar ora kawanen. Wong olehe arep nyembeleh sapine jarene mengko Bar Ngisak".

"Iya, iya tak budhal peteng" wangsulane Yang Yem.

Bulik Nita pamitan Murjiyemkaro Simboke nguntapne tekan latar.

 

ana candhake.

 

 

 

 

Minggu, 11 Juli 2021

TEMBANG CEMPLANG (1)

 

dening: IMMIR

1.

Jamane wis owah, yen kepengin nerusne urip ya kudu bisa ngetutne lakune jaman. Biyen nek wayah panen ngene iki Murjiyem mung pawitan arit karo keba tilas wadhah rabuk, isih bisa melu buruh derep neng sawahe wong-wong sing panenan. Jaman semana wong derep usume dhewe-dhewe, mbabat pari dhewe, diusungi dhewe banjur digebug dadi gabah, kabeh dilakoni dhewe. Gabahae ditimbang, sing derep diopahi sapra-sepuluh saka gabah oleh-olehane derep. Cara ngono kuwi saiki wis ora usum, wong derep sing biyen ngusungi pari menyang panggonane sing duwe sawah wis ora njamani jarene, saiki wong derep rombongan wong sepuluh utawa luwih awor dadi siji, tumandang bareng. Parine wis ora digebug utawa digepyokne , nanging digiling ngangge alat sing jeneng Hereg, utawa Dors, nanggo bulungan rodha sing mubenge sarana dipancal kaya wong mancal pedhal becak. Wiwit kuwi Murjiyem wis ora bisa melu buruh derep, golek bawon. Merga sing bisa melu rombongan kudu rosa lan trampil, lumrahe ya wong lanang-lanang sing isih rosa tenagane. Murjiyem sing ya butuh urip banjuur ngalih urip mandhiri, buruh marang awake dhewe, ora golek bawon, nanging trima ngasag, utawa nggreseki gogrokan pari sing keri ora katut dierit, merga lembut, turut kedhokan tilas rit-ritane wong derep. Paroi gresekan kuwi banjur diiles, didsadekne gabah.Entuk-entukane ya lumayan kena kanggo ngrewangi nutupi kabutuhane karo simboke. Bareng Hereg utawa Dhores pancal wis ditinggal, ganti dhores laku mesin, Murjiyem panggah dadi tukang ngasag, bedane saiki ora akeh turut kedhokan, nanging  nggreseki gabah sing kabur katut damen lan gabugan. Oleh-olehane ya lumayan. Sok-sok sing derep ana sing duwe rasa welas, banjur anggone mbuwang damene lan gabugane disengaja supaya gabah sing katut kebuwang luwih akeh, dadi oleh-olehane sing ngasag iya bisa luwih akeh. Nanging jebul cara sing ora bener ngene iki ya malah ndadekne kapitunane Murjiyem dhewe, merga wong-wong sing derep kuwi nyekel panguwasa : sapa sing oleh ngasagi, utawa nggreseki gogrogan gabah olehe derep. Banjur tuwuh kong kali kong antarane sing ngasag karo sing derep. Wong ngasag sing urik banjur nggawakne jajan utawa rokok kanggo sing derep, lha wong derep sing rakus banjur ngrenahne piye murih sing ngasag bisa oleh gresekan luwih akeh. Lan wis dadi kalumrahan, sing oleh ngasagi ya mung sing jarene bala dhewe. Lha Murjiyem, sing ora duwe bala neng ngendi-endi dening rombongan derep ditampik upama nembung arep melu ngasag. Jan-jane Murjiyem ya ngerti, ya gene dheweke ditampik lan ora oleh melu ngasag, nanging arep tiru-tiru kancane yaiku nggawakne jajan utawa nukokne rokok wong derep, dening simboke ora diolehi. Murjiyem banjur mbaleni nggreseki gogrogan pari sing ana tengah kedhokan sawah. Ora Murjiyem dhewe sing ngono kuwi, nanging kacane uga ana. Padha-padha gresek gogrogan pari sing oleh-olehane ora sepirowa, nanging ya kudu dilakoni ketang kepengin bisa nyambung anggone urip.

"Lho Yem, kowe mau ora melu rewang ta?" nalika Murjiyem lagi ketungkul njupuki gogrogan pari, dumadakan Lik Semi nyedhak karo takon.

"Ora Lik, lha rewang nggone sapa ta? mosok sasi Sela ana sing duwe gawe?" Murjiyem ndengengek, wangsulan karo takon.

"Lha nggone juragane mBokmu nyembeleh sapi, arep ngenekne dikir pidak ngono lho? mBokmu pa gak crita?" wangsulane Lik Semi karo pitakonan maneh.

"O, alaah, nggone Bu Mandhor ta?" Murjiyem wangsulan karo nglebokne asagane nyang njero senik "jik sesuk Lik, aku kon ngreangi isah-isah. Ora rewang kok, jare mBokku tenaga kasar kaya aku mengko ya diopahi padha karo umume wong nyambut gawe kok Lik".

"Lha iya, wong anake Bu Mandhor ki wis dadi wong gedhe kabeh" Lik Semi nyauti rembug karo nerusne nggone ngasag "pas aku budhal mau, Si Nita ya lagi teka saka Jakarta, numpak mobil sanak bojone. Nita ki nadyan wis dadi wong Kutha sing Sugih mblegedhu, ora sombong lho?!?".

"Iya ta Lik?" Murjiyem senggak.

"He eh, wong pas wonge mudhun saka mobil mau, ngerti nek aku liwat ya marani aku kok, terus aku disalami ditakoki arep derep nyang ngendi, aku ya semaur nek arep ngasag".

Murjiyem ngguyu Lik Semi ya melu ngguyu. Wong loro kuwi pancen saben dina awor olehe gresek gogrogan pari. Nek ngerti eneng sing lagi nderepne, sing ora ngerti diomongi.  Nanging ya kerep wae, olehe ngasag ora awor tunggal sawah, merga olehe weruh sawah sing dipanen sawuse padha-padha tekan sawah, lan padha-padha ora weruh neng ngendi papane kancane. Kaya dina kuwi mau, esuk tekan setengah ari Lik Semi ngasag neng sawahe mBah Soma Surip kulon kali, bar saka kono ngalih golek nggon ngasag liyane banjur kepethuk Murjiyem sing wiwit esuk ngasag neng sawahe mBah Dulmungin cedhak plasa dhoyong, wetan Tanggulasi. Bareng srengengene wis sansaya cendhek neng langit iring kulon, ora nganggo semayan, wong loro kuwi tata-tata arep mulih.

"Mulih saiki ta Lik?" Murjiyem nyedhaki Lik Semi karo takon.

"Iya, wong aku mengko arep mampir tokone Bu Siti, golek obat nyamuk" wangsulane Lik Semi.

"Padha nek ngono, aku ya arep mampir toko kok, karo mBokku kon nukokne sabun ngge umbah-umbah" kandhane Murjiyem "ayo nek ngono selak kewengen mengko".

Gabah oleh-olehane nggone ngasag digendhong, wong loro mlaku tut wuri, Lik Semi neng ngarep Murjiyem neng mburi. Karo mlaku wong loro kuwi ora mandheg-mandheg anggone omong-omongan, wiwit olehe padha nyritakne asile  nggone nyambut gawe, kenengt dienggo nyopak butuh ora tetukon beras, malah keneng ngge tuku lawuhane pisan, nganti tekan ngomong tangga-tanggane sing ketoke uripe adoh luwih kepenak tinimbang wong loro kuwi nanging nyatane ya isih akeh sing padha sambat bab kurange.

"Wong-wong sing sambat ngana kae jane ya ora tenanan Lik" kandhane Murjiyem mangsuli omongane Lik Semi.

"Ora tenanan piye lho Yem? wong nyatane jare utange ya akeh, sing neng Bank, sing neng Koperasi sing neng Tokone Wong Sugih, ngono lho? Angur awake dhewe iki ora duwe utang, merga ora ana sing ngandel nek bisa nyaur" Lik Semi semaur karo ngguyu. Murjiyem ya melu ngguyu, kandhane :

"Tegese sing disambatne beda karo sing disambatne awake dhewe,merga butuhe awake dhewe ngene iki ya beda karo butuhe wong-wong kae, iya pa ra?".

"Nek kuwi ya genah ta Yem" wangsulane Lik Semi rada banter "lha wong sing dibutuhne wong-wong kae, piye olehe bisa nggedhekne kalung sing dienggo, piye bisane pit montore bisa ganti sing modhel anyar, piye carane ngapiki omah. Lha nek awake dhewe? butuhe sesuk bisa mangan wae kuwi wis cukup, neng neh kok arep nggedhekne kalung emas, lha wong arep nggagas bisa tuku kalung wae ya ora wani, kuwatir nek diguyu jingklong liwat kok".

Wong loro bali ngguyu bareng, guyu sing tulus, guyune wong sing nggeguyu awake dhewe . Guyune wong cilik sing saben-saben ana pilihan didhaku jare sedulure, ning nek wis rampung pilihan ya bali kaya adate, dilalakene.

ana candhake.

 

GEGURITAN (2)

 TAHAJUD


Arakku kutah, kesampe nalikane aku njogedi kendhangane Kaki-kaki bisu sing ngiringi gendhingane wadon palanyahan ngidungake tembang kasetyan.


Tujune isih nisa ing sajadah sing teles kesiram, tak sesep-sesep

ketang kangenku bisa wuru klawan eling asmaMu.


Sepet!!


Bingung nggonku metung

Iki rasa apa?

arak apa lebu ?


aku ora bisa turu

aku ora bisa wuru.


Gusti aku mung bisa nyadhong sih wilasaMu.


Kedunggalar, 30 Juni 2021.

GEGURITAN (1)

  LAYANG KANGEN 

 (kanggo ni made siti asih sing banget tak tresnani sing saiki embuh ana ngendi). 


tanpa adangiyah,

swara batinku tak suntak wantah

bareng lan liwate kedasih sing ngasih-asih ing wuwungan omah,

critamu lan critaku jaman semana 

bali katon cetha

Ah,

ora ana balung

ora ana eri

otot lan daging wae

isih digoleki


Ya gene esemmu pecah

kamangka kedasih wis adoh abure

ninggal ati sing sansaya garing

kepanggang rasa kapang

marang ayang-ayang sing gampang ilang?.


Kedunggalar, 30 Juni 2021.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...