dening: IMMIR
32.
Amarga
Bu Narti karo Bu Kardiman ujube arep ndelok-ndelok tanduran lan kebune Sujud,
mula dening Sujud banjur diajak menyang Kebun sing gandheng karo omahe. Sujud
njupuk payung telu banjur diulungne marang Ibune kuwalon, Bulike lan Mur.
Pancen srengengene lagi ora ana sing ngaling-alingi, aja maneh kok mendhung
nadyan mega tipis wae ora ana. Mula nadyan isih durung pati awan, panase wis
sumelet. Bu Narti karo Bu Kardiman uga banjur ngegarne payunge, kanggo nadhahi
tumi bane sunar srengenge. Mur ora tiru-tiru juragane, payunge diselehne neng
papane sakawit, banjur nyaut caping sing nyanthel neng cagak emper.
"Kula
tak ngampil capinge niki mawon nggih Mas?" sadurunge caping dienggo Mur
iswih kober taren marang sing duwe.
"Neng
kebun kuwi panas lho Dhik?" Sujud ngelikne "nek mangsa ngene iki
arang ana mendhung sing nutupi srengengene".
"Inggih
Mas" wangsulane Mur "nanging kula sampun kulina saba ing ara-ara kok,
menawi ngangge payung damel ebah kirang sekeca".
Sujud
ora semaur maneh. Wong telu papat Sujud banjur budhal ndelok-ndelok sayur sing
ditandur Sujud. Mung Andhik sing ora melu menyang kebun, pawadane arep mbenakne
kipas mobil sing jarene mau rada seret.
Beda
karo para juragane sing lakune alon, karo sedhela-sedhela namatne tanduran
kanthi dijingglengi, Mur wis adoh olehe mlaku ing sela-selane tanduran. Bocah
sing asline saka ndesa kuwi rumangsa seneng bisa mlaku-mlaku neng kebun,
entrane ngono pancen satemene tanpa dirasakne Mur kuwi ya duwe rasa kangen
marang pasawahan sing biyen disaba saben dina.
Jebul
neng kebun kono ana sing nyambut gawe ngrewangi Sujud, wong lanang siji karo
wong wedok loro, umure kira-kira ya seketan tahun. Wong telu kuwi lagi padha
nandangi gaweyane dhewe-dhewe. Sing lanang klawan gegaman pacul lagi ndandani
dalan banyu sing diilekne saka kalen, wong wadon loro lagi padha ketungkul
ngresiki suket sing thukul ngrubung tanduran. Mur noleh ngiwa, noleh nengen,
weruh gubug cilik sing kulina dienggo leren wong sing padha nyambut gawe,
ngiras kanggo nyimpen alat-alat tetanen kaya dene Pacul, arit, wangkil lan
liya-liyane. Mur marani gubug kuwi, tekan gubug sandhale dicopot banjur clanane
dilinting mendhuwur. Njupuk wangkil karo jugil banjur marani wong wedok loro
sing lagi matun tanduran kuwi, melu matun kaya sing ditindakne wong loro kuwi.
"Loh
mBak?" salah siji saka wa]ong loro kuwi ngluruhi Mur sing teka-teka banjur
melu tandang gawe. Mur ora semaur mung mesem karo manthuk.
"mBak
jangan ikut-ikutan kami, nanti kotor lho? mBak ini orang kota pegang-pegang
wangkil begitu bisa bahaya lho?" wong sijine genti omong rada dawa,
ngandhani Mur sing lagi arep ngobahne wangkile. Wong loro kuwi sajake dudu wong
Jawa, dadi olehe omong ya ora nganggo basa jawa.
"Tidak
apa-apa Mak" Mur wangsulan karo mesem "saya sudah terbiasa bekerja
seperti ini, saya ini juga orang desa kok".
"Ah,
masak sih mBak? Orang desa kok cantik? kulitnya halus, pakaiannya bagus?"
sing ngluruhi pisanan mau genti omong karo ngulati Mur sing mesam-mesem ramah,
wong kuwi ketok nek ora percaya marang omongane Mur sing ngakune wong desa.
"Memangnya
orang desa tidak boleh cantik ya Mak?" Mur wangsulan karo ngguyu
"malah sebaliknya gadis desa itu lebih banyak yang cantik-cantik. Saya ini
aslinya orang desa, jauh di Jawa Timur sana Mak, dulu pekerjaan saya ya
buruh-buruh di sawah dan ladang orang, baru kira-kira tiga tahun yang lalu saya
datang di Jakarta".
Karo
wangsulan ngono kuwi Mur banjur tumandang nyolahne wangkile ngresiki suket sing
arep ngrebut pangane tanduran. Wong loro
kuwi banjur padha ngulati tandang gawene Mur. Wong loro kuwi gumun setengah ora
percaya karo apa sing disawang. Bocah kutha kuwi tangane trampil nyolahne alate
wong tani, malah sajake ora kalah karo trampile wong loro kuwi. Nanging wong
loro kuwi ya ora wani guneman apa-apa, mula ya banjur nerusne gaweyane
ndhangiri guludan sing diadhepi dhewe-dhewe. Tenane ngono anggone Mur melu tumandang ngono
kuwi amarga Mur kepencut weruh lemah sing begur lan tanduran kang subur, banjur
kepengin tumandang kaya jaman isih ana desa biyen, sapisan maneh alam
"bawah sadare" Mur lagi kangen-kangenan karo uripe jaman sing kawuri.
Bu
Narti karo Bu Kardiman sing olehe menyang Kebune Sujud kuwi sakjane ora mung
sak dolan lan kepengin weruh tandurane Sujud, nanging duwe karep aweh
kalodhangan Sujud supaya luwih cetha anggone ngulati Mur. Ngulati rupane,
ngulati kelakuwane, ngulati solah bawane ya ngulati sipat-sipate. Wong loro
kuwi maune rada anyel merga Mur ora mbarengi juragane, kamangka Sujud tansah
ngetutne lan mandhu Ibu Kuwalon karo Bulike. Nek ngene iki dadine, Sujud rak
ora sida bisa nyemak kahanane Mur kaya apa asline.
"Lha
Mur mau terus neng ndi? thik ujug-ujug ilang iki mau?" Bu Kardiman
grenengan dhewe.
"Lho
lha iya ta?" Bu Narti nyaut grenengane adhine ipe "aku thik ya ora
ngerti nek Nak Mur mau wis ngalih enggon ora awor awake dhewe?".
Wong
loro kuwi banjur tolah-toleh, panyawange ngubengi saindenging kebun. Sujud melu
ngulat-ulati, nggoleki sing digoleki Ibu kuwalone karo Bulike.
"O
alah lha nika napa?" sawise sauntara noleh ngiwa noleh nengen Sujud banjur
kandha.
"Endi
ta Nang?" Bu Narti takon.
"Nika
lho Bu, ing kidul gubug, awor kaliyan tiyang matun" Sujud nudingi arah
pernahe Mur.
"Gek
neng kana kae lagi ngapa bocah kae?" Bu Kardiman grenengan maneh.
"Mangga
ta dipun celaki Bulik, mangga Bu" Sujud ajak-ajak nyedhak "napa kula
celuke mawon supoados mriki malih?".
"Awake
dhewe sing mrana wae, Ibu ya kepengin
ngerti nggon kana kok" Bu Narti wangsulan.
Wong
telu kuwi banjur mlaku marani papane Mur sing lagi katungkul nyolahne wangkil
jalaran kasengsem marang lemah sing kepyur mawur mratandhani yen lemah sing
subur. Bareng wis tekan sacedhake sing diparani, wong telu kuwi kabeh padha
digawe ndomblong. Tandang gawene Mur sing ora kalah trampil karo wong loro sing
nyambut gawe ngrewangi Sujud. Ora ana sing ngira yen pranyata Mur bisa nandangi
gaweyan ngono kuwi, malah yen nonton tilase, asil gaweyane Mur sethithik luwih
rapi lan luwih cepet timbang wong loro kuwi, sing iki miturut panyawange Sujud.
"Mur
awakmu kuwi lagi ngapa?" Bu Kardiman muni karo suwara rada banter nakoni Mur. Sing ditakoni kaget,
banjur ndengengek, karo rada wedi banjur semaur :
"Ibuke
wau madosi kula? nyuwun pangapunten Buk-e, kula wau nyobi wangkil, ndelalah
lajeng kebacut kasengsem. mBoten ngertos menawi didangu Buk-e".
Bu
Kardiman mesem, banjur wangsulan :
"Ora
apa-apa. Aku ora nggoleki kok, mung Budhe Narti mau kejot kok dumadakan awakmu
lunga tanpa pamit. Jebul neng kene, gek olehmu tandang gawe kuwi ngrusakne
taningan apa ora?".
Sepisan
maneh Mur dadi klicutan semu wedi, banjur kandhane marang Sujud :
"Nyuwun
pangapunten Mas Sujud, niki wau kula suket-sukete bakda diwangkil lajeng kula
tanem, kula urugi siti kados nek kula matun teng nDhusun rumiyin".
"Sing
bener pancen ya ngono kuwi kok Dhik" wangsulane Sujud "awakmu pinter,
gaweyane ketok luwih rapi lan nyenengake. Matur nuwun lho, nanging awakmu rak
dadi reged kabeh keneng lemah".
"Boten
napa-napa kok Mas, niki wau ketang kepengin tiru-tiru Mak-mak niku"
wangsulane Mur karo mesem.
Eseme
Mur rumangsane Sujud katon luwih manis maneh. Mur sing merga keneng panase
srengenge kringete dleweran rupane dadi abang ireng, miturut panyawange Sujud
dadi sansaya ayu.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar