dening: IMMIR
33.
Bu
Narti apa dene Bu Kardiman uga weruh Mur sing rupane dadi abang ireng merga
kepanasen kuwi, nanging priyayi loro kuwi rumangsa seneng, Mur pancen bocah
sing trampil lan gathekan ing samubarang gawe. Olehe tandang Mur ngono kuwi
miturut pambijine Bu Kardiman apa dene Bu Narti merga wis dadi sipat lan watak
wantune Mur sing ora seneng meneng nganggur. Kajaba meruhi kahanane Mur, Bu
Narti uga ora leren anggone ngulati anake kuwalon, sing wiwit mau ketok
kasengsem marang solah bawane Mur. Ketok nek duwe rasa seneng marang
kapribadene Mur sing tanpa pamrih apa-apa melu cag-ceg melu tumandang gawe.
Bu
Kardiman nglirik jam tangan sing ana lengene, banjur grenengan dhewe :
"Lho
jebule pancen wis awan ta? layak panase kaya mlethekne sirah".
"Jam
pira ta Dhik?" Bu Narti nyauti grenengane adhine ipe.
"Sampun
meh jam sewelas mBakyu" wangsulane Bu Kardiman sing banjur kongkon marang
Mur "kana Mur, ndang wijik dhisik banjur ayo ndang mbalik neng daleme Mas
Sujud. Mau sing kok wadhahi kerdhus gawan saka omah, wis kok udhunke apa isih
neng mobil?".
"Sampun
kula andhapaken sedaya kok Buk, kula paringne meja wingking, nanging dereng
kula dhudhahi" wangsulane Mur.
"Ayo
Dhik, nek arep wijik tak tuduhne nggone, neng kalen wetan gubug kono kuwi
lho!" Sujud ngomong marang Mur.
"Mangga
Mas, kula dherekaken" Mur wangsulan alon. Jroning atine ana rasa "mak
sir" ngono, merga bola-bali Sujud yen ngundang dheweke nganggo sebutan
"dhik". Ora mung Mur dhewe sing neng atine ana rasa aneh nalika Sujud
nyebut Mur Dhik, neng atine Bu Narti uga ana rasa kaya sing dirasakne Mur. Mung
bedane nek rasa neng atine Mur rasa nggumun marang Sujud sing ingngatase
Sarjana sing wis bisa urip mandhiri
nanging isih gelem ngajeni drajating babu sing kaprah diceluk Yu utawa
dijangkar ngono wae. Nek rasa sing ana atine Bu Narti beda maneh, Bu Narti duwe
panemu yen kanthi sebutan dhik ngono kuwi ateges Sujud sansaya wuwuh rasa
kasengseme marang Mur sing duwe rupa memper karo jenate Vera, bojone.
Sujud
banjur mlaku dhisik menyang kalen, Mur luwih ndhisik mbalekne alat sing mau
dijupuk saka gubug, lagi banjur nututi Sujud. Bu narti karo Bu Kardiman
ngenteni wong loro sing menyang kalen kuwi, lungguh lincak saka pring sing ana
gubug kono.
"Wiwit
Mur teka neng Gunung Putri mau saka rumangsaku kok saya mantep ta Dhik olehku
kepengin njodhokne karo si Sujud?" Bu Narti miwiti omong marang adhine ipe.
"Nggih
makaten punika mBakyu kawontenanipun Mur, borong anggenipun badhe mastani"
wangsulane Bu Kardiman ayem.
"Lha
Dhik Kardiman wis ngabari Mur perkara iki apa durung? saora-orane wis mlambangi
luwih dhisik?" Bu Narti takon.
"Babar
pisan dereng mBakyu" wangsulane Bu Kardiman "kula nengga kabar saking
mBakyu lan Sujud rumiyin, kula mbadhe ngabari Mur niku radi kuwatos, mengke
kadhung kula tari purun, jebul mBakyu pirsa kekiranganipun Mur utawi Sujud
boten sios ngajengaken, rak mesakaken si Mur?".
"Kuwi
bener Dhik" Bu Narti nyauri pawadane Bu Kardiman "nanging, saka
rumangsaku Mur kuwi kurange ora pati ana kok, upama ana ya gampang dibenerke.
Nek Sujud dhewe, kajaba kaya sing tak critakne sampean neng telepon kae, wiwit
awake dhewe teka mau rak ya ketok lan bisa diwaca ta sing digagas Sujud marang
Mur? Mau neh wiwit Mur nembung arep nganggo caping banjur ditambahi weruh Mur
melu tandang gawe wong loro kae mau? Sampean ya krungu ta Sujud yen ngundang
Mur wis wani nganggo sebutan Dhik barang?".
Bu
Kardiman mesem krungu omonge Bu Narti ngono kuwi, batine pancen ya mbenerake
nanging ora nemen kaya Bu Narti ngono kuwi. Mula ya banjur wangsulan :
"Nggih
kula ngrantos mawon, pripun tangkepe Sujud dhateng Mur salajengipun, menawi
sampun saestu mantep mangke Mur kula kandhanane".
Sauntara
iku olehe reresik Mur karo Sujud wis rampung. Karo mlaku dumadakan Sujud takon
:
"Dhik
Mur bisa masak sayur asem?"
"Nggih
saged Mas, wonten punapa ta?" Mur genti takon.
"Nek bisa aku arep njaluk tulung, tak kon masakne.
Saiki aku tak apek kacang panjang kae dhisik" karo mangsuli ngono kuwi
Sujud nudingi tanduran kacang panjang sing wohe ndadi.
"Oh,
inggih Mas, mangga kula rencangi ramban" wangsulane Mur sajak seneng.
Wong
loro banjur apek kacang sing wis wayahe dirambani kuwi, ora akeh mung cukup
disayur ngono wae.
"Mengko
sore, bakule kacang lagi arep teka ngepeki dhewe neng kebun" kandhane
Sujud karo ngulungne kacang olehe methik marang Mur "banjur bengine digawa
menyang pasar sayur, nek wis payu lagi aku diwenehi dhuwite, adate ya karo apek
maneh wonge menehi dhuwit sing dhek wingine".
"Dados
kados candhak kulak nggih Mas?" Mur takon karo nampani kacang sing
diulungne Sujud.
"Iya,
lumayan lho asile nandur Kacang ngene iki Dhik" Sujud nyauti guneme Mur.
"Inggih
Mas, meh saben dinten panen" wangsulane Mur.
Ora
suwe ramban wong loro banjur mbalik marani Bu Narti karo Bu Kardiman sing wis
sauntara ngenteni neng Gubug.
"Lha
awakmu kuwi nggawa apa maneh Mur?" durung nganti Mur tekan ngenggon Bu
Kardiman ndhisiki takon.
"Kacang
panjang Bulik" sing wangsulan malah Sujud "mengke badhe kula ken
ndamelne sayur asem, kalih mangke disukani ron mlinjo mengke kula pendhetne ing
latar ngajeng wau ketingale kathah ingkang nem-nem".
"Cocok
kuwi Nang" Bu Narti melu nrambul gunem "awan-awan panas ngene iki,
mangan karo sayur asem pancen ketoke seger".
"Ingih
Bu" wangtsulane Sujud.
Wong
papat kuwi banjur padha mlaku arep bali menyang omahe Sujud maneh. tekan omah
Sujud ora nganggo mandheg bablas methiki godhong mlinjo sing isih nom neng
latare. Bu Kardiman karo Bu Narti banjur mlebu omah, leren lungguh neng kursi.
Mur sing bablas menyang pawon, dumadakan diceluk juragane supaya nyedhak.
"Inggih
Buk-e?" Mur cadhong dhawuh.
"Lha
olehmu nggawa sega sak lawuhe saka omah mau banjur arep dienggo apa nek awakmu
malah dikongkon nggawe sayur asem?" Bu Kardiman takon.
"Lha
inggih kados pundi saenipun Buk-e?" Mur genti males takon.
"Ya
mengko ben turah neh" durung nganti Bu Kardiman wangsulan Bu Narti
ndhisiki semaur. Bu Kardiman meneng wae.
"Pripun
Buk upami dipun paringaken Mak-mak ingkang nyambut damel ing Kebun wau? mangke
kula terne" Mur ngusulne panemune.
"Tak
kira ngono ya luwih becik, timbang mengko dibuwang" wangsulane Bu Kardiman
.
"Nak
Mur ki pancen cepet kok nek mikir, seneng aku" Bu Narti ngomong karo mesem
seneng.
Sujud
mlebu omah karo tangane nekem godhong mlinjo satekem gedhe.Ngeeti nek Sujud
mlebu omah, Bu Narti gageyan kandha karo mrentah anake kuwalon :
"Kana
ndang diselehne dhisik sing digawa kuwi, banjur Nak Mur tulung terna bali
menyang Kebun".
"Wangsul
teng kebun? napa wonten ingkang kantun?" Sujud takon.
"Ora,
iki mau Bulikmu rak ngasta sega sak lawuhane saka Jakarta, merga dikira awakmu
durung masak. Lha tinimbang panganan kuwi mengko turah ora kepangan, jarene Nak
Mur luwih becik diwenehne Mak-mak sing nyambut gawe mau, upama ora kepangan rak
ya kena dienggo makani ingon-ingone neng omah mbuh pitike, mbuh menthoke"
Bu Narti mangsuli karo nggenahne olehe prentah.
"Oh,
inggih Buk, matur nuwun Bulik" Sujud wangsulan banjur bablas mlaku memburi
arep nyelehne godhonge mlinjo.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar