dening: IMMIR
34.
Jebul
Sujud dina wingi wis duwe rancangan kanggo nyugata Ibu kuwalon lan Bulike sing
arep dolan menyang omahe. Sujud wis pesen kanggo mangan awan marang warung ayam
goreng ora adoh saka omahe. mBarengi olehe masak sayur asem Mur mateng,
pesenane Sujud wis teka, komplit kanggo porsine wong nem, segane diwadhahi
wakul . Dadi menu mangan awan kuwi Jangan Asem karo ayam goreng nganggo sambel
sak lalapane pisan. Dening Mur wis ditata kanggo mangane Bu Narti, Bu Kardiman
karo Sujud. jatahe dhewe karo jatahe Andhik didhewekne neng mburi, dadi Mur pancen niyat ora arep wani mangan bareng
ngancani wong-wong sing dianggep duwe drajat sing beda karo dheweke.
Bubar
tata dhahar, Mur kelingan nek Andhik mau isih ana mobil ora awor wong liyane,
mula banjur metu arep ngomongi sopire Bu Kardiman kuwi yen wis wayahe mangan
awan.
"Wis
rampung ta Mur olehmu tata dhahar?" lagi wae tekan panggonane jagongan Bu
Narti, Bu Kardiman karo Sujud, Mur wis ditakoni juragane "lha kok arep
metu arep menyang ngendi?".
"Sampun
Buk-e" wangsulane Mur "badhe nyriyosi Mas Andhik".
"Oh,
iya ya? Andhik mau omong nek keri neng mobil arep mbenerke kipas, layak mau tak
eling-eling kok kancane kurang siji? jebul si Andhik sing durung katon. Ya wis
ndang omongana, paling bocahe turu neng mobil" Bu Kardiman nyauti
wangsulane Mur.
"Tak
paranane wae Dhik" Sujud omong karo ngadeg "Dhik Mur ndherekne Ibu
karo Bulik dhisik wae menyang ruang makan".
Sidane
sing marani Andhik Sujud, Mur bali memburi,lali karo prentahe Sujud sing
ngongkon ngeterne Bu Narti karo Bu Kardiman nyang ruang makan. Bu Narti mesem
karo mbalang liring menyang Bu Kardiman, wong wadon setengah tuwa kuwi nggagas
yen sajake Sujud ora pati lila nek Mur nek marani Andhik. Sing dilirik melu
mesem, mung wae beda panampane, sing digagas Bu Kardiman malah mung sepele,
yaiku mbarengi weteng krasa luwe, panganane wis dicepakne. Bu Narti banjur
ngajak Bu Kardiman mara menyang panggonan mangan luwih dhisik.
Ora
suwe Sujud nusul ditutne Andhik.
"Lha
piringe kok mung telu ta Dhik?" karo mapan lungguh Sujud nakoni Mur sing
isih ana pawon "Lha piringmu karo piringe Mas Andhik kok durung ana
?".
"Inggih
Mas" Mur mara banjur wangsulan "maeme Mas Andhik sampun kula tata
dhateng pawon, kalih kula".
"Ora"
Sujud nyaut wangsulane Mur "kene kabeh lungguh kene, mangan bareng ben
luwih seger".
"Iya
Nak Mur, maem awor karo Ibuk kene pisan, ben luwuh krasa enak, Ibuk ya wis selak
kepengin ngincipi jangan asemmu kok" Bu Narti numpangi rembuge Sujud,
banjur kandhane marang Andhik sing isih ngadeg neng sisihe meja "lenggah
kene pisan Mas Andhik, piringe ben dijupukne nak Mur".
Nadyan
semune ketok nek rada rikuh, wekasane Andhik karo Mur banjur melu mangan bareng
awor lan para sing dianggep juragan kuwi.
"Kula
niki asring lho Bulik" karo nyendhok segane Sujud ngomongi Bu Kardiman
"ngajak kanca-kanca ingkang nyambut damel dhateng tegil nika maem sareng
ing griya mriki".
"Iya
ta Mas? ben mundhak raket ya?" Bu Kardiman nanggapi.
"Inggih
Bulik, waune tiyang-tiyang nika ngih sami pekewet, nanging dangu-dangu nggih
lajeng biasa mawon, lha kula niki paling boten remen lho menawi diwastani Majikan,
lajeng menawi maem boten kedah miyambak boten awor kalih pekerja. Rak nggih
botenh sekeca ta Bulik ngoten niku?" Sujud mbacutne omonge.
"Ngono
kuwi ya apik-apik wae Nang" Bu Narti melu numpangi rembug "nanging ya
ing wektu-wektu tartamtu wae, ora kok saben dina kudu ngono. Padhane dina iki
Mas Andhik karo Nak Mur sing adate nek maem ora bareng karo Bulikmu, dina iki
pancen ya kudu gelem olehe dhahar bareng Bulikmu. Lha mengko nek wis teka
Jakarta, Bulikmu olehe dhahar ya ben bareng karo Paklik, Nak Mur karo Mas
Andhik bareng-bareng karo mBok Ti lan kanca-kanca liyane kaya padatan".
"Inggih
Buk" Sujud wangsulan cekak.
Bu
Narti banjur ngendika maneh :
"Ayo
Nak Mur, karo Mas Andhik ora sah ndadak nganggo rikah-rikuh, sing biasa ngono
wae lho!, nek padha rikah-rikuh mengko rak ora sida wareg lan ora krasa seger.
Jangan asem gaweyane nak Mur iki jan cocog banget aku, krasa tenan neng
ilat".
"Pancen
tangane Mur niku adhem kok mBakyu" Bu Kardiman nrambul gunem "rumaos
kula teng griya nika, Mur masak punapa kemawon kraos mirasa, Bapakne Doni nggih
remen lan cocog".
"Masak
bisa mirasa ngene iki biyen ana sing muruki ya Dhik?" Sujud genti nakoni
Mur sing wiwit mau mung meneng.
"Inggih,
kula rumiyin sagedipun namung damel sambel Mas" Mur wangsulan "sareng
ndherek Ibuk-e lajeng dipun paringi warah, resep-resepipun masak. Andilalah kok
kula saged, ngecakaken piwucalipun Ibuk-e".
"Iya
percaya aku" Bu Narti numpangi rembug "pancen Ibuk-mu kuwi pancen
apa-apa sarwa bisa kok, mula aku ya seneng banget duwe sedulur wedok kaya
ibuk-mu iki".
"mBakyu
niku kok nggih ngegongi Mur mawon lho" Bu Kardiman mangsuli tembunge mbakyune
ipe "Mur niku, sauger ditakeni tiyang kok saged ngaten, ingkang dipun
damel pawadan mesthi anggen kula muruki".
"Lha
inggih pancen makaten lho Buk-e" Mur genti wangsulan "rumiyin kula
namung ngertos caranipun ngasag kalih berah dhateng sabin, malah basa kemawon
nggih sok kuwalik-walik, sareng ndherek Ibuk-e dhateng Jakarta lajeng saged
radi ngertos. Mila kula lajeng kraos ndherek Ibuk-e".
Bu
kardiman ora semaur, nanging neng jero atine ana rasa seneng lan mongkog, neng
ngarepe mbakyune ipe lan Sujud, Mur wis nuduhne yen Bu Kardiman kuwi dadi
Majikan ora mung ngalap tenagane Mur wae, nanging uga wis aweh kawruh sing
migunani marang rewang-rewange. Nek sing digagas Bu Narti beda maneh, Bu Narti
ngarani nek Mur kuwi bocah sing ora seneng mamerne kawruh lan kapinterane,
malah seneng nuduhne kaluwihane bendarane. Meh padha karo sing digagas Bu
Narti, Sujud duwe panemu Mur pancen duwe kapribaden becik, ora keminter lan
isih rumangsa butuh tambahan kawruh lan bocah wadon sing ngene iki sing cocog
dadi ibu rumah tangga sing ora seneng nggoleki cacade wong liya klebu bojone
dhewe. Mung Andhik sing duwe gagasan
seje dhewe, batine Andhik ngguyu omongane wong-wong kuwi kabeh, mandhak mung
kaya ngono wae didadekne bahan rembugan. Kamangka rumangsane Andhik kaluwihane
Mur kuwi ya mung merga duwe rupa sing rada nggambar lan ndelalah nek nyandhang
nganggo sarwa patut. kuwi wae.
Kira-kira
jam loro awan, Bu Narti ngajak bali, amarga jarene mengko sore ana rapat Ibu-ibu
ing RT ne. Bu Kardiman ya mung kari manut, nuruti apa sing dadi karepe
mBakyune. Mung sajake sing arep ditinggal bali krasa abot rasane. Rumangsa
durung tutug anggone bisa cecedhakan karo wanita sing wis nggugah ati lanange. Nalika
salaman pas Mur pamitan, tangane Mur digegem kenceng kaya ora arep diuculake.
Nanging Sujud durung duwe wewenang apa-apa kanggo nyandhet lungane Mur sing
kudu bali ndherekne majikane.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar