dening: IMMIR
35.
Neng
jero mobil wiwit budhal saka Leuwiliang nganti tekan Gunung Putri ora ana sing
omong apa-apa. Sajake wis padha kesel sawuse mlaku-mlaku turut kebonane Sujud,
malah Bu Kardiman karo Bu Narti sing lungguhe jejer neng jok tengah, padha turu
karo sendhen. Mur sing manggon neng ngarep nadyan ora turu nanging uga ora
omong apa-apa, katrem ngrungokne unine lagu sing diputer neng mobil kuwi.
Andhik sing nyetiri mobil isih kober nyambi nglirak-nglirik sing lungguh ana
jejere, nanging sing dilirik babar pisan ora aweh tanggapan, suwe-suwe Andhik
ya bosen dhewe. Banjur milih fokus nyawang dalan ing ngarepe sing arep diliwati
mobile. Merga ora ana sing omong-omongan lakune mobil luwih banter tinimbang pas
budhal mau. Ora krasa ngerti-ngerti wis menggok menyang plataran omahe Bu Narti
neng Gunung Putri.
Tanpa
ana sing nggugah sing padha keturon padha tangi dhewe-dhewe.
"Jebul
aku mau turu ta?" Bu Narti grenengan dhewe "ngerti-ngerti wis tekan
omah".
"Sami
mBakyu" Bu Kardiman nanggapi grenengane Bu Narti "kula nggih keturon
kok".
Bu
Narti mbukak lawang banjur mudhun, ditutune Bu Kardiman karo Mur.
"Piye
saiki ngersakne lenggah leren dhisik, apa bablas kondur nyang Jakarta
Dhik?" bareng wis padha tekan ngisor Bu Narti nari, nakoni adhine ipe.
"Kula
tak bablas wangsul mawon nggih mBakyu?" Bu Kardiman mangsuli pitakone Bu Narti "Mengke saged kedalon menawi
ndadak kendel rumiyin".
"Ya
wis nek ngono, sing ngati-ati" Bu Narti banjur nyalami adhine ipe, kaya
adate wong loro banjur cipika-cipiki. Bubar kuwi Mur ya melu pamitan :
"Kula
wangsul rumiyin nggih Budhe? Nyuwun tambahing pangestu" Mur banjur
ngambung tangane Bu Narti. Ora kaya padatan, Bu Narti mbales Mur dirangkul
kenceng karo dielus-elus rambute.
"Iya
sing ngati-ati ya Nak Mur, dongane Ibuk wae sing geterne, muga-muga Gusti Allah
paring slamet".
"Inggih
Budhe Matur nuwun"
Bu
Kardiman banjur munggah mobil, genti ngenggoni sing mau dilungguhi Mur. Mur ya
banjur munggah ngenggoni kursi sisih tengah. Andhik banjur nglakokne mobile
maneh.
"Mau
aku thik ora kok gugah ta Mur? keturon wiwit Leuwiliang nganti tekan kene
mau". Bu Kardiman ngajak omong Mur.
"Kula
boten tega Buk-e" wangsulane Mur "Ibuk-e ketingal sayah sanget".
"Jane
ya ora nek kekeselen" Bu Kardiman nyelaki kesele "kira-kira merga
olehku mangan mau rada kakehan, dadi weteng kuwaregen, ngantuk terus
turu".
"Inggih
ta Buk-e?" Mur nanggapi ayem.
"Iya
soale olehku mangan krasa seger banjur lali ora gelem mandheg ngati wareg, lha
nek neng omah awakmu ngerti dhewe, paling mung mangan sak pucuk enthong, sing
akeh malah mangan buwahe" Bu Kardiman nerusne omonge.
"Wau
Budhe Narti ketingale inggih eca anggenipun dhahar" Mur genti ngrasani Bu
Narti.
"Iya
aku ya ngerti, mulane aku banjur katut ketularan melu mangan akeh. Budhe Narti
kae nek atine lagi seneng dhahare akeh, nek saben dinane ya padha karo
aku".
"Lha
murugaken wau Budhe narti karenan penggalihipun awit pirsa putranipun sehat lan
pakebonanipun subur" Mur nimbangi rembuge juragane.
"Mas
Sujud nika piyantune sae inggih Buk?" najan ora dijak omong Andhik melu
nyela wuwus.
"Iya,
Andhik kuwi wiwit biyen mula ya ngana kae prasaja ora gumedhe" Bu Kardiman
mangsuli tembunge Andhik.
"Inggih,
wau pas kula tilem teng Mobil, dipun gugah dijak maem" Andhik omong maneh
"malah tangkepipun kaliyan abdi nggih sae, menawi ndangu kula nggih boten
njangkar".
"Iya,
nek kuwi ketoke wong loro kae, Budhe Narti karo Sujud padha olehe ana
owah-owahan, mau Budhe Narti ngundang awakmu rak ya Mas ngono ta?" Bu
Kardiman semaur karo mbenerne omonganane sopire.
"Inggih
Buk" wangsulane Andhik "dhateng Mur nggih ewah, Mas Sujud menawi
ngundang Mur mawi tambahan Dhik, malah Budhe Narti kula mireng wau ngangge
tambahan Nak. Jan, sae saestu ingatase Mas Sujud niku priyantun sukses, Sarjana
ingkang dados Petani Sugih, kok nyeluk kula Mas ngundang Mur mawi Dhik,
kamangka kula mawon nek nyeluk Mur nggih namung Mur ngoten mawon".
Bu Kardiman mesem, sajake Andhik durung ngerti
nek Sujud lan Bu Narti padha-padha olehe lagi kasengsem marang Mur.
"Lha
arep kok owahi apa piye? wiwit saiki awakmu nek nyeluk Mur kok tambahi Dhik ya
malah apik" Bu Kardiman omong karo rada ngguyu.
"Boten
Buk" Andhik melu ngguyu "mengke kula celuk Dhik, kula kuwatos Mur
dados kemayu mengke".
"Aja
Mas, aja nyeluk aku Dhik ndhak kecokot ilatmu mengko" karo nggtuyu Mur
nrambul gunem "malah nek gelem nyeluk naku nDhuk utawa Yu, kira-kira malah
mathuk. Wong padha-padh abdine kok nyeluk Dhik?".
"Lha
bareng diceluk Dhik karo Mas Sujud thik kowe meneng wae neh?" Andhik takon
karo ngguyu.
"Arep
menging aku ya ora wani ta? mosok aku arep mbantah pulunane Ibuk-e? ngono kuwi
jenenge ya nrucak. Ya pa ra?".
Bu
Kardiman sing krungu wangsulane Mur marang Andhik ngono kuwi dadi lega. Jebul
Mur ora kegedhen rumangsan merga tangkepe Andhik sing ngono mau. Meh wae
Bu Kardiman arep duwe niyat yen mengko bengi Mur arep dibocori wewadi
yen sejatine Sujud wis kepengin mengku Mur dadi bojone lan Bu Narti uga wis
kebelet kepengin supaya Mur bisa dadi mantune. Nanging Bu Kardiman banjur eling
nek mau wis kandha marang Bu Narti yen olehe arep nari Mur ngenteni yen wis ana
keputusan saka Sujud lan Bu Narti luwih dhisik. Nanging dumadakan ing
angen-angene Bu Kardiman banjur ana pitakonan sing liwat : apa kira-kira Mur
gelem dipek Sujud ?. Bu Kardiman ya wis apal banget nek Mur kuwi beda karo
bocah wadon umume. nek ndelok kapribadene Mur kuwi genah ora gampang kengguh
dening gebyaring rupa, ora gampang kepencut karo gagah lan bagusing rupa.
Dumadakan
Bu Kardiman dikagetne karo suwara hapene sing muni merga ana sing lagi telepon.
"Halo"
Bu Kardiman ngangkat hapene dicedhakne neng kuping "Oh Nita ta? Iya ana
apa Nit? Iki aku karo Mur lagi bali saka Bogor. Ana apa?".
Bu
Kardiman ndudul Hapene suwarane digawe banter dadi ora usah ndadak nyedhakne
neng kuping.
"Oh
nembe rekreasi ta Buk? Inggih menawi Ibuk longgar benjing enjing kula badhe
sowan Ibuk ing dalem" wangsulane sing nelpon sing jebule Nita.
"Iya,
bisa , esuk apa sore?"
:Sonten
Buk"
"Iya
bisa, aku sore ya ora ana acara apa-apa kok".
"Inggih
Buk Matur njuwun".
Bu
Kardimanh nutup hape ne banjur kandha marang Mur :
"Bulikmu
sesuk arep nyang omah Mur".
"Inggih
Buk-e, Bulik Nita nika senes Bulik kula Buk-e, nanging putrane Majikanipun Mak
kula" wangsulane Mur.
"Iya
awakmu wis bola-bali kandha ngono kuwi, nanging kanggo nggampangne omong wae
tak celuk kae Bulikmu" Bu Kardiman mangsuli "arep ngapa ya?".
"Kula
boten ngertos Buk-e" wangsulane Mur cekak.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar