dening: IMMIR
36.
Kaya
padatan esuk kuwi mBok Ti wis mangkat golek sayuran seger neng nggone Pak
Bakir, Mur ora diajak . Tekan panggonane Pak Bakir jebul neng kono wis ana Bu
Kristin sing milihi sayuran. Batine mBok Ti rada ndhengarekake, jalaran adate
Bu Kristin ki nek blanja sayur rada awan, malah kerep wae pas mBok Ti mulih
ngana kae simpangan neng dalan. mBok Ti banjur nyedhak melu milih sayuran sing
arep dituku. Bareng ngerti nek mBok Ti wis teka kono, Bu Kristin banjur
loroh-loroh kanthi praupan sing grapyak semanak.
"Kadhingaren
iki mau kok rada awan mBak? adate ki nek sampean wis bali lagi aku genti sing
budhal?".
"Jane
niki wau kula nggih ajeng ndhengarekne panjenengan lho Bu" wangsulane mBok
Ti karo ngguyu.
"Merga
aku sing kisuken ngono ya?" Bu
Kristin melu ngguyu banter "Iya mBak soale iki mau gaweyan omah wis
rampung kabeh, dadi bisa blanja esuk. Lha ponakane kok ora dijak ?".
"Mboten"
wangsulane mBok Ti karo milihi sing arep dituku "larene radi kekeselen,
amargi kala wingi kesah ngantos sonten nembe dugi nggriya, lha dalune boten
enggal saged leren amargi nandangi damelan ingkang dereng rampung".
"Lunga?
apa duwe sedulur sing ana kene?" Bu Kristin takon.
"Boten,
kesah ndherekne Ibuk-e dhateng Bogor, tuwi pulunanipunj Ibuk-e ingkang wonten
mrika".
"Oo,
lunga karo Bu Kardiman ta?"
"Inggih,
tiyang Mur niku kesahe nggih nek pas didhawuhi ndherekne Ibuk-e ngoten niku
thok kok Bu" mBok Ti wangsulan.
"Jane
aku ki kepengin lho bisa ngobrol-ngobrol karo Nak Mur ki, aku wingi pas
telepon Bu Kardiman ngabari acara arisan
kae, aku ya wis matur nek kepengin omong-omongan karo Nak Mur, Bu Kardiman ya
wis marengne. Nanging ya kuwi lho, wektune sing ora enek".
"Inggih
Bu".
"Lha
sampean wis tau njajagi atine Nak Mur apa durung mBak?" Bu Kristin dumadakan
takon bab liya.
mBok
Ti meneng sedhela banjur wangsulan kanthi ngati-ati :
"Lare
niku sajake boten sengaja saking griya rumiyin sampun katutan raos sakit
ingkang angel dipun tambani Bu".
"Piye
ta? lara apa? aku ora pati mudheng karo singsampean dhawuhne" Bu Kristin
njengkerutne bathuke tandha yen rung mudheng.
"Lare
niku wiwit alit rak gesangipun sengsara" mBok Ti aweh katrangan "lair
cenger sampun boten ketunggon bapak, lajeng simbokipun inggih gesangipun
kesrakat, kangge nyambung gesang inggih namung kanthi berah-berah
sakwontenipun, malah kangge ngiyub kemawon inggih kedah mondhok-mondhok dhateng
griyanipun tiang. Pamila lare wau nggadhahi raos sakiting manah dados tiyang
kesrakat wiwit alit, pramila nalika kula jajagi menawi piyambake punika sampun
wancine mikir calon bojo, wangsulanipun radi banter : aku ora arep mikir ngono-ngono
kuwi dhisik Mak, tak empete rasa kepenginku dhisik, mbesuk wae nek aku wis bisa
ngepenakne uripe Makku, lagi aku arep mikir kepenginan liyane. Ngoten niku Bu
wangsulanipun Mur dhateng kula".
"Walah
nek ngono ya angel ngono mBak? gek olehe bisa mujudne tekade kuwi nganti suk
kapan rak ora jelas?" Bu Kristin wangsulan sajak rada cuwa.
"Nggih
mangke menawi lodhang kula kandhanane bilih mujudne tekade niku saged dilampahi
kalih mlampah, sokur menawi wonten wekdal Bu Kristin paring rerigen dhateng
lare niku, mesakaken lho Bu" mBok Ti nimbangi wangsulane Bu Kristin.
"Ya
kapan-kapan tak telpone, mBak" Bu Kristin aweh wangsulan.
Pas
mBok Ti jagongan karo Bu Kristin kuwi, neng Pos Satpam dalem Kardimanan,
Marsana lagi teka arep nggenteni Singgih sing wis jaga wiwit dhek wingi. Tekane
Marsana bareng karo Andhik, wong budhale
saka pondhokan ya bareng. Andhik ora bablas menyang garasi, merga mobile wis
diresiki wingi nalika bali saka Leuwiliang, dadi kari manasi wae. Nanging leren
dhisik lungguhan neng Gerdhu ngancani Marsana.
"Bosse
wis budhal Bro?" Andhik nakoni Singgih sing sanadyan sing arep nggenteni
jaga wis teka nanging isih durung tata-tata arep bali menyang pondhokan.
"Wis
rada peteng mau" wangsulane Singgih karo arep nyumet rokoke "sing
mapag Pak Kus".
"Ya
wis, dadi aku bisa rada santai" kandhane Andhik maneh.
"Lha
wingi kae nang ndi ta nDhik ? Budhal isih esuk baline wis sore ki?"
Marsana genti takon.
"Nyang
Kebune Mas Sujud, Leuwiliang Mas" wangsulane Andhik karo mesem
"nanging mampir dhisik nyang Gunung Putri, ngampiri Bu Narti".
"Wah,
awakmu wingi sedina utuh karo bareng Mur terus no? padha wae karo pacaran"
Singgih takon karo mesem .
"Nek
pacaran ya ora, wong aku karo Mur ya ora ngapa-apa" Andhik mesem nuduhne
senenge "nanging pas Mur dikongkon lungguh neng kursi ngarep jejer aku,
merga kursi tengah dienggoni Bosse karo Bu Narti, bocahe ketoke seneng
banget".
"Sing
seneng ki awakmu apa Mur?" Marsana nyaut rembug.
Andhik
ngguyu, banjur semaur :
"Ketoke
Mur ya seneng Mas, nek aku genah nek senenge".
"Aku
dhek bengi ya seneng kok Mas" Singgih genti pamer "sing ngeterne kopi
mrene sing adate mBok Ti, dhek bengi kuwi sing ngeterne Mur. Terus bocahe tak
tanggap saka olehe lunga nyang Leuwiliang, banjur bocahe crita akeh-akeh jarene
atine ya seneng, ora seneng merga wis lungguh jejer sampean, nanging seneng
merga wis weruh tanduran sing ledhung-ledhung. Neng kene bocahe leren rada suwi
kok".
Andhik
mesem nyengir, Marsana ngguyu ngakak, ngguyu omongane Singgih sing ngarani
olehe seneng Mur ora merga bisa lungguh jejer karo Andhik. Singgih banjur
tata-tata arep bali menyang pondhokan nglerekne awak. Andhik ya terus ngalih,
arep manasi mobile.
Pas
Andhik karo Singgih metu saka Gerdhu, kepethuk mBok Ti sing lagi bali saka
blanja. Singgih mandheg sedhela karo ngluruhi mBok Ti :
"Kok
dhewekan mBok? Lha Mur kok ngak melu blanja?"
"Wonge
tak jak ora gelem" wangsulane mBok Ti "wedi nek enek sing ndakwa
neka-neka, tiwas wonge nesu maneh, jarene".
Singgih
meneng, ora takon maneh. Andhik sing melu krungu wangsulane mBok Ti ngono kuwi,
mrengut rumangsa nek wis disemoni karo mBok Ti. Andhik ya banjur mlaku menyang
garasi arep manasi mobil. Tekan garasi weruh Mur lagi nyekeli hape sajake lagi
teleponan. Mur sing weruh klebate Andhik neng garasi ya banjur ngalih ngadoh,
karo hapene tetep dicedhakne kupinge. Atine Andhik sing lagi rada gela merga
bubar disemoni mBok Ti, saiki malih dadi panas. Andhik wis ngira yen Mur lagi
telpon-telponan karo Bu Kristin, nek ora malah karo anake lanang sing jeneng
Tanta kae.
"Injih
Budhe, Injih" lamat-lamat Andhik isih krungu suwarane Mur sing omong karo
Hape ne, sopire Bu Kardiman kuwi dadi takon-takon menyang atine "kok
Budhe? apa sing telpon kuwi Budhe Narti?".
Tenane
sing lagi wae telponan karo Mur kuwi pancen Bu Narti, ngabari yen suk dina
Ahad, Bu Narti karo Sujud arep sanja menyang daleme Bu Kardiman. Bu Narti
meling supaya suk Ahad kuwi dimasakne sayur asem kaya sing dimasak Mur pas neng
Leuwiliang kae.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar