Total Tayangan Halaman

Minggu, 29 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 37

 

dening: IMMIR

 

37.

Sore kuwi Nita sida mara neng omahe Bu Kardiman, diemoni neng emperan mburi sing neng kono hawane isis, merga siliring angin sore. Tekane Nita mrono mung dhewekan, numpak taksi, ora ana kancane. Jarene sing lanang isih kerja, mau wis kencan nek Nita arep dipapag neng Mall kira-kira bar maghriban, merga rancangane bubar saka nggone Bu Kardiman arep blanja pisan. Gandheng tekane Nita mrono kuwi butuh karo Bu Kardiman, Mur ya mung nemoni sedhela banjur bali nandangi gaweyan-gaweyane sing durung rampung. Kajaba saka kuwi sak jane Mur kuwi ya rada aras-arasen nek jagongan karo Nita merga jarene Mur, Nita kuwi nek kadhung omong kaya radio ora ana menenge gek sing diomongne sok ora pati dingerteni dening Mur.

"Lha awakmu ki piye ta Mur? diparani Bulik-e kok malah ditinggal nyandhak setlika lho?" mBok Ti weruh Mur nerusne olehe nyetlika banjur takon.

"Sapa mBok? Bulik Nita ta? kae ngono dudu Bulikku ya? kae anake majikane Mak-ku sing neng ndesa, mung wae aku nek nyeluk ya Bulik, wong wiwit cilik olehe mbasakne ya Bulik" wangsulane Mur karo nutugne olehe nyambut gawe.

"Sok ngonowa, rak ya isih mambu-mambu nek karo awakmu? kok malah kok tinggal?" mBok Ti takon maneh.

"Mau aku wis nemoni kok" wangsulane Mur "banjur aku pamitan mrene, merga Bulik Nita ki olehe rene rak ora merga aku? nanging merga butuh kepengin ketemu Ibuk-e".

mBok Ti ora semaur maneh, banjur lunga ninggalne Mur nyandhak gaweyane dhewe neng pawon.

Sauntara kuwi,  Bu Kardiman sing jagongan karo Nita keprungu gayeng, sedhela-sedhela saka kadohan sok keprungu suwara guyune.

"Dos pundi Buk? Mur rak nggih boten nguciwani ta nyambut damele? Nanging nggih niku kados atur kula ingkang rumiyin nika kedah nuntuni lan asring ngelikne" kandhane Nita nakokne nyambut gawene Mur.

"Apik kok Nit" wangsulane Bu Kardiman "ora rugi aku mbayari awakmu merga wis nggolekne rewang aku, Mur bocahe sregep temen tur ya ora seneng neka-neka".

"Pancen kula niki nek madosne PRT kagem Ibu-ibu mesthi kula saring rumiyin kok Bu" Nita mongkog atine "boten kok angger lare, nanging kula pilihi sing saged nyambut damel saestu. Pripun punapa Ibu ngersakaken tambahan rewang malih? Mangke kula padosaken teng dhusun, bayaran blanjanipun boten larang, tandang gawene saged dijagakine saestu. Napa mbok menawi wonten ibu-ibu sanes, mitranipun Ibu ingkang ngersakaken ? mangke saged nimbali kula".

"Nek aku ya durung ta Nit? genah wis eneng mBok Ti karo Mur ngono? ya mbesuk wae nek Mur wis oleh jodho terus dadi manten, aku golekna gantine" Bu Kardiman semaur karo mesem.

"Lha ketingale Mur napa mpun wonten ingkang ngirik-iriki ta Bu?" Nita takon karo rada ngguyu.

"Ngirik-iriki, kok padhakne wong arep mikat manuk kutut wae. kowe kuwi" Bu Kardiman melu ngguyu .

Karo ngguyu Nita banjur wangsulan :

"Nggih niku lho, lare jaler ingkang ngesir piyambake?".

"Nek kuwi aku ya ora ngerti, wong Mur dhewe ya ora tau crita bab kuwi karo aku" Bu Kardiman wangsulan alon "kira-kira sing kepencut ya akeh, wong Mur ki saiki rupane dadi ayu merak ati. Nanging Mur dhewe pas tak coba tak jajagi atine, jarene wegah mikir bocah lanang dhisik, isih kepengin nerusne ngrewangi aku kok".

"O makaten? dados Ibu sak jane nggih sampun mancing-mancing Mur nggih Buk?"

"Iya" Bu kardiman wangsulan cetha "merga bares wae, neng kene iki ana salah sawijining Ibu sing uripe kalebu cukup, wong kakunge Pegawai Negeri terus Ibuk mau ya dadi Penjahit sing laris, putrane mung siji wis nyambut gawe mapan dadi mekanik neng dealer gedhe, ibu mau kandha nyang aku nek kepengin ngepek Mur dadi mantune, anake jare ya wis seneng".

"Nanging Mur boten remen kalih larene niku?" Nita genti takon.

"Ora ngono" Bu Kardiman wangsulan "Mur ki ora omong nek ora seneng, merga ora seneng kuwi rak ana sing ora disenengi sing ana ing awake sing ora disenengi, mbuh rupane, mbuh tingkah lakune, mbuh ap-ane ngono. Mur kandha nek bocah sing tak omong kuwi jarene ya apik, baguse ya  bagus, sregepe ya sregep, unggah-ungguhe ya apik, grapyak semanak lan ora gumedhe. nanging ya kuwi mau, mBuh merga apa Mur wangsulan durung arep mikir sing ngono-ngono kuwi luwih dhisik. Sing baku saiki bocahe isih kepengin nglumpukne dhuwit kanggo pawitan mbesuk. Kowe ngerti nganti saiki iki dhuwit balanjane Mur durung tau dijupuk, kabeh dititipne aku, banjur tak simpen  neng Bank, hebat ora bocah kuwi?".

"Inggih Bu" Nita manggut-manggut "lha tepangipun Mur kalih Ibu lan putrane niku teng pundi?"

"Ya ora neng ngendi-endi, wong omahe ora adoh saka kene. Pethuke Mur ya ngepasi Mur blanja sayur nek esuk neng nggone sayur seger prapatan kulon kono kuwi".

"Nanging anu Bu" dumadakan Nita kaya arep ngomong bab liya.

"Anu piye?" Bu Kardiman takon.

"Make Mur sing teng dhusun niku telpon kula, meling supados Mur dipadosne bojo, mula kula nggih lajeng miling-miling madosaken lare jaler sing sajake pantes kaliyan Mur punika" Nita wiwit omong goroh marang Bu Kardiman.

"Arepa Mak-e Mur kepengin anake enggal oleh jodho nek Mur dhewe durung karep rak ya tiwas tuwas ta Nit?" Bu Kardiman wangsulan ngiras takon.

"Mula niku Bu" Nita semaur kanthi suwara nglendheh "Mak-e Mur lajeng ngomongi kula, supados benjing riyadin niku, Mur purun endhang griya.Ketingale kalih Mak-e ajeng dikandhani perkawis niki. Dados niki kula nggih matur pisan dhateng Ibu, bilih benjing riyadin supados Mur dipun keparengaken tilik griya dhateng dhusun".

Bu Kardiman meneng sedhela, ketoke lagi mikir apa sing lagi diomongne dhayohe kuwi mau. Bareng wis sauntara lagi kandha marang tamune :

"Perkara nek arep tilik omah suk riyaya kuwi ya ora apa-apa, wong Mur ki wis telung tahun ngrewangi aku durung tau endhang omah".

"Makaten nggih Bu? Matur nuwun" Nita nyauti rembug.

"Nanging kok Mur durung tau omong aku nek Mak-e kepengin ditiliki ya?" Bu Kardiman kaya nakoni awake dhewe.

"mBok menawi Make Mur pancen dereng nyriyosi yogane niku Bu" Nita mangsuli pitakone  Bu Kardiman.

"Embuh nek ngono" wusana Bu Kardiman nyuwara sareh "ya mengko apa sesuk Mur ben telepon Mak-e, apa kangene Mak-e nyang Mur wis nemen tenan".

"Nanging anu lho Bu" Nita sajak rada ora kepenak.

"Anu piye?" Bu Kardiman mesem.

"Mur sampun dicriyosi nek kula padosaken calon bojo lho".

"Ora" Bu Kardiman wangsulan karo ngguyu "Lha apa olehmu nggolekne wis oleh?".

"Jane nggih dereng" wangsulane Nita karo mesem.

Wayah ngarepaken surup srengenge, mbarengi suwara Toa Masjid ngumandhangne suwarane wong maca Kitab, Nita pamitan bali. Dening Bu Kardiman Mur diceluk, dikandhani nek dhayoh sing isih ana sambung tangga karo Mur neng ndesa kuwi arep bali. Mur banjur nguntabne bali Nita nganti tekan regol ngarep.

ana candhake

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...