dening: IMMIR
38.
Kaya
sing wis dikandhankne marang Nita, dina esuke Bu Kardiman sida nyeluk Mur.
Amerga nek nganti Mur sida njupuk cuti lebaran, Bu Kardiman kudu tata-tata
golek rewang warnen sing nggenteni gaweyane Mur sasuwene Mur tilik simboke neng
ndesa kuwi. Kajaba saka iku, Bu Kardiman sing wis rumangsa seneng marang Mur
merga gaweyane sing tansah gawe legane atine, uga arep genti mbales gawe
senenging atine rewange kuwi, mengko arep digolekne apa-apa ben dingge
oleh-oleh kanggo wong tuwane, uga nggolekne tiket kendaraan mbuh sepur mbuh bus
sing bisa njamin keslametane Mur neng dalan luwih becik.
Diceluk
juragane, gaweyan diselehne ditinggal mara nyedhak juragane sing lagi lungguh
neng kursi, nyadhong dhawuh.
"Linggiha
kursi kene Mur" kandhane Bu Kardiman "aku arep omong".
Atine
Mur dadi dheg-dhegan, juragane olehe omong ora nganggo esem, kathik dheweke
dikongkon lungguh kursi pisan. Mur wis nggagas nek arep nampa srengen saka
juragane, srengen merga kaluputan sing kepetung kaluputan gedhe, merga nek mung
kaluputan lumrah ora nganti ndadak dikongkon lungguh ngono kuwi. Karo ora saulu
apa-apa Mur mapan lungguh karo ndhingkluk.
"Ora
sah wedi" Bu Kardiman dumadakan ngguyu banjur omong ngandhani supaya Mur
ora wedi "awakmu ora arep tak srengeni kok, mung arep tak takoni
sethithik".
"Inggih
Buk-e" wangsulane Mur karo ndengengek, rasa wedine wiwit suda. Ora
ilang blas, merga arep ditakoni.
Ditakoni bab apa?. Apa merga dheweke ditelepon Bu Narti wingi gek dheweke
durung omong marang juragane? "Inggih kula kala wingi badhe matur Buk-e
ndelalah supe?"
"Lali?
arep omong bab apa?" Bu Kardiman malah katut omongane Mur.
"Telepon
saking Budhe Narti, bilih benjing Ahad badhe tindak mriki" wangsulane Mur
ngati-ati.
"Banjur
awakmu dipeseni supaya nggawekne jangan asem kaya pas neng Leuwiliang kae
ta?" Bu Kardiman wangsulan karo takon.
"Inggih,
ibuk-e sampun pirsa ta?" Mur mlenggong.
"Ya
uwis, wong sadurunge Telepon awakmu, Budhe Narti telepon aku dhisik"
wangsulane Bu Kardiman karo mesem "wonge ora marem nek durung omong awakmu
dhewe, najan pamundhute supaya digaekne jangan asem ya wis tak saguhi, banjur
Budhe Narti mundhut nomer hapemu kae".
"Inggih,
nyuwun pangapunten Buk-e, pas telepon boten kula angkat, nembe sasampunipun
kintun pesen bilih nomer ingkang ngebel punika nomeripun Budhe Narti, kula
purun nampi" Mur gawe pawadan mbok menawa Budhe Narti wadul bendrane nek
olehe telpon sing sepisanan ora diangkat.
"Iya
kuwi ora sah dirembug dhisik" Bu Kardiman mbalik menyang niyate sakawit
"iki ana bab liya sing perlu tak takokne marang awakmu".
"Dheg!"
dhadhane Mur bali dhegt-dhegan maneh.
"Awakmu
ngeri ta wingi Nita mrene kae?" Bu Kardiman nerusne rembuge.
"Inggih"
wangsulane Mur, batine : genah aku wingi ya diceluk ngono kok, ndadak ditakoni
maneh.
"Wingi
Nita njalukne idin awakimu"
"Idin
punapa Buk-e?" Mur nugel rembug merga kaget.
"Idin
njupuk cuti riyaya" Bu Kardiman wangsulan.
"Lha
kok Bulik Nita ingkang matur Buk-e niku, cethanipun kados pundi? Tiyang kula
nggih boten nate rembagan kaliyan Bulik Nita perkawis punika, saupami kula
niyat badhe tilik griya punapa dikinten kula boten saged matur piyambak dhateng
Ibuk-e?" Mur genti takon kanthi suwara sing rada beda.
"Mengko
dhisik ta, awakmu kuwi aja kesusu nesu dhisik" Bu Kardiman kandha karo
mesem.
"Nyuwun
pangapunten Buk-e" Mur suwarane groyok, nrgumangsani nek mau olehe omong
wis ninggal suba sita "boten nesu kok, namung gumun kaliyan Bulik
Nita".
"Ora
perlu gumun" Bu Kardiman ngandhani klawan suwara sing alus "jarene
Nita, Makmu njaluk tulung marang Nita supaya suk riyaya kuwi awakmu bisa tilik
omah. Lha saiki aku arep takon nyang awakmu, awakmu wis dikandhani Makmu apa durung?".
"Dikandhani
murih benjing riyadin punika wangsul?" Mur takon.
"Lha
iya ta, arep dikandhani apa maneh? dikandhani nek wis digolekne calon bojo?
ngono pa piye?" Bu Kardiman nggenahne rembuge karo mesem.
"Ah,
ibuke niku kok" Mur melu mesem "dereng Buk-e, malah antawis tigang
peken kapengker pas kula telepon Make liwat hapene Bu Mandhor. Make sanjang
menawi boten napa-napa kula dereng saged tilik griya, sauger sadaya sami
kaparingan wilujeng, criyose Make kangenipun sampun mantun sauger kula purun
telepon. Pas nika kula rak inggih lajeng matur Buk-e ta?".
"Iya,
merga aku kelingan karo sing kok critakne kae, aku dadi rada gumun semu ora
ngandel karo sing dikandhakne Nita" Bu Kardiman wangsulan "ya gene
Makmu kok ndadak ngongkon Nita ngono kuwi? nek pancen kepengin awakmu tilik
omah rak ya bisa njaluk tulung nyang majikane supaya kirim pesen marang awakmu
supaya telpon, iya ta?".
"Mesthinipun
makaten Buk-e" wangsulane Mur.
"Atake
ana barang sing anyar Mur?" Bu Kardiman takon .
"Barang
enggal napa ta Buk-e?" Mur mbalekne pitakon.
"Awakmu
arep dirabekne? merga wingi Nita ya omong nek neng ndesa sak aakmu kuwi mesthi
wis dirabekne lho?".
"Menawi
ngaten kajenge Make, malah kula boten badhe wangsul tilik griya rumiyin, Buk-e"
Mur wangsulan, terus nggreneng dhewe "gampange arep ngrabekne uwong,
rumangsane ki apa gampang nocogne ati kuwi?".
Bu
Kardiman ngguyu rada suwe krungu grenengane Mur ngono kuwi.
"Ya
wis yen ngono" wusanane Bu Kardiman ngendheg olehe rembugan "mbuh
sida tilik omah, mbuh ora sesuk-sesuk bisa dirembug maneh, iki sasi jawa lagi
sasi ruwah tanggal lima, dadi isih ana wektu sesasi luwih kanggo mikirne bab
kuwi. Ya wis kana nek arep tandang gawe, aku ya arep nerusne gaweyanku
kok".
"Inggih
Ibuk-e"
Mur
banjur mundur, bali menyang panggonane tandang gawe maneh. Durung wae nganti
nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, mBok Ti mara nyela-nyela takon :
"Suk
Riyaya awakmu arep njupuk cuti lebaran Mur?"
"Ora
ngono kuwi mBok" wangsulane Mur nggenahne pitakone mBok Ti sing olehe
takon ngono kuwi merga sithik-sithik krungu sing lagi wae dirembug karo
juragane "wong Ibuk-e ki olehe
pirsa saka Bulik Nita, gek Bulik Nita ki wonge ya ngana kae, sok sak karepe
dhewe".
"Lha
yen pancen karo Makmu kon tilik omah ya dituruti ta Mur" mBok Ti nerusne
kandhane "jenenge wong tuwek ki neng ngendi-endi ya padha wae, sok
kepengin dina bada bisa kumpul karo anake barang, gek kamangka wis telung bada
awakmu ora bisa ngancani Makmu badan".
"Embuh,
apa jare mengko, mBok" wangsulane Mur karo suwara sareh "wong
riyayane isih suwe wae kok, isih akeh wektu kanggo mikir tilik omah apa ora
mbesuk".
Muni
ngono Mur karo mlaku ngalih arep nyandhak gaweyan sing mau ditinggal. mBok Ti
ya wis ora omong maneh. Wong loro kuwi ora ngerti, yen sanadyan ora nguping ana
kuping loro sing melu ngrungokne olehe padha rembugan. Lan merga krungu karo
apa sing diomong Mur karo mBo Ti ngono kuwi, ndadekne atine sing duwe kuping
banjur ngongkon uteke supaya mikir, mikir kanggo murih ati bisa seneng, kanthi
golek cara supaya yen Mur sida bali tilik omah bsa dimanpangatake kanggo
nuduhne yen dheweke pantes nresnani lan ditresnani dening Murjiyati.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar