dening: IMMIR
39.
Karo
nyerbeti lan manasi mobil pikirane Andhik nglambrang tekan ngendi-endi. Eling
wong tuwane sing ana desa, kelingan desane sing asri lan durung pati mambu
polusi, kelingan kanca-kancane guyon lan dolanan sing saiki bisane
omong-omongan mung liwat hape kanthi wektu sing winates. Andhik banjur unjal
ambegan landhung, dumadakan rasa kangen kuwi ngrenggani sajroning dhadha. Iya,
pancen wis meh rong tahun Andhik ora bali tilik omah, dhek riyaya niyat ora
bali merga kepengin ngerteni rasane badan ana paran. Dhek riyaya kepungkur
pancen ya ana siji loro kancane sing padha-padha urip ngumbara neng Jakarta,
sambang menyang mes panginepane, nanging rasane beda adoh karo riyayan neng
desane. Mau lagi wae Andhik krungu olehe omong-omongan antarane Mur karo mBok
Ti sing ngrembug anggone Mur arep tilik omah ngepasi suk riyaya, sing kari
kurang ora ana rong sasi iki. Andhik mesem dhewe neng atine ana gagasan sing
sajake apik upama bisa dicakne.
Olehe
ngresiki lam manasi Mobil wis rampung, Andhik banjur metu saka garasi, karo
nunggu dhawuh saka juragan Andhik arep lungguhan neng Gerdhu Satpam, ngancani Singgih.
"Ora
ana acara metu ta Bro?" lagi wae Andhik mapan linggih neng dhingklik
ngarep gerdhu wis dipapag pitakonan
dening jaga.
"Embuh,
durung ana dhawuh kok" wangsulane Andhik karo ngetokne hapene saka sak
"upama metu paling ya sedhela maneh, wong saiki gaweyane Bosse akeh sing
cukup diliwatne Hape".
"Lha
iya, wong aweyan kari aba lan prentah anak buwah wae" Singgih nyauri
omongane Andhik "beda nek karo Boss lanang, kabeh gaweyan kudu liwat
kantor, dadi saben dina ya kudu ngantor".
"Iya"
Andhik nyauti rembug "eh, omong-omong liyane Mas. Suk riyaya kuwi sampean
ana rencana tilik ndesa pa gak?".
Singgih
meneng sedhela, banjur wangsulane :
"Jane
ya ana gagasan kanggo bali, nanging embuh mengko, sida bali apa ora".
"Lha
piye ta?" Andhik takon.
"Bali
nyang desa kuwi mbutuhne sangu lho Bro" Singgih wangsulan "masiya
neng kene awake dhewe ki buruh sing blas ora kajen, nanging nek pas bali teka ndesa
kana ngana kae, wong-wong ki nganggep awake dhewe kuwi Boss, dikra dhuwite
akeh, dikira nek nglumpukne dhuwit neng Jakarta kuwi gampang. Ya pa ra?. Gek
keri-keri iki dhuwitku sing tak kirim mulih kanggo mbantu sekolahe adhikku ya
lumayan akeh, dadi sing neng simpenan kari ora sepiroa akehe".
Andhi
meneng krungu wangsulane Singgih ngono kuwi, pancen Andhik ya weruh nek Singgih
kuwi duwe adhik sing isih sekolah, lan kanggo nyuda rekasane wong tuwane sing
mung dadi Tukang Batu, Singgih kudu gelem aweh bebantu kanthi ngirimi adhine
dhuwit. Andhik ya ngerti, wong neng ndesane kuwi ya meh padha karo sing
diomongne Singgih, wong sing teka saka kutha kuwi dikira dhuwite akeh, merga
wong sing saka Kutha adate ya ana rasa isin nek diarani olehe nyambut gawe neng
kutha asile padha wae karo nyambut gawe neng ndesa, dadi upama pethuk kanca lan
kenalan kudu bisa nuduhne nek olehe nyambut gawe wis kasil, kanrhi cara yen
pethuk kanca kudu duwe rokok gilig sing regane muni, serep-serep. Upama metu
kudu siap dadi Boss, nraktir jajan marang kanca-kancane.
"Lha
sampean apa duwe rencana yen arep tilik omah?" genti Singgih sing nakoni
Andhik.
"Sirku
ya ngono, wong dhek riyaya kae aku ora tilik omah, dadi kangen rasane karo
bocah-bocah kanca dolan jaman semana" wangsulane Andhik .
"Aku
jane ya ana rasa kapang ngono kuwi, nanging embuh mengko. Sapa ngerti kajaba
THR karo Bosse ditambahi hadiah liyane" Singgih ngegongi wangsulane
Andhik.
"Aku
duwe rencana ngene lho Mas" Andhik omong maneh "sirku ben ora
suk-sukan golek antri tiket bus utawa Kereta, tak pikir luwih kepenak ngrental
mobil wae saka kene".
"Lha
kuwi ya sansaya akeh wragate? Isih mbayar sewan mobil, nukokne bensin
barang" Singgih nyaut .
"Ngene
no, upama lho iki, aku sampean, Mas Marsana karo Om Sadi kuwi rak sak jurusan?
Mengko sewan mobil karo bensine ditanggung bareng-bareng, lha sopire cukup aku
dadi ora mbutuhne mbayar sopir. Piye upama ngono?".
"Waah,
kuwi ketoke ya mathuk Bro" Singgih wangsulan "kari wong-wong liyane
piye?"
"Durung
tak takoni" wangsulane Andhik "kira-kira ya padha mathuk mesthine,
malah nek kepener bisa-bisa Mur ya gelem kok nek dijak bareng pisan".
"Apa?
Lha Mur apa ya arep tilik omah?" Singgih takon karo suwara sing rada
dhuwur.
"Kira-kira
ngono, aku mau lagi wae krungu, Mur rasan-rasan karo mBok Ti jare simboke sing
neng ndesa wis kangen, merga wis telung riyaya Mur ora bali" Andhik wangsulan karo suwara sing
sareh wae.
"O
ngono?"
"Iya,
malah nek Mur gelem bareng awake dhewe,
aku saguh nanggung bageyan sean mobil karo bensine Mur" Andhik nutugne omonge.
"Waaa,
nek kuwi aku sing ora setuju, tak kira Mas Marsana ya ora mathuk" Singgih
wangsulan.
"Iki
ora nambah tanggunganne wong-wong Mas, Mur ya mbayar nanging sing nanggung aku,
ora nganggo dhuwite sapa-sapa" Andhik nggenahne karepe.
"Iya,
aku wis ngerti kuwi" Singgih nyauti rembug "nanging kuwi padha karo
sampean nggunakne kesempatan jroning kesempitan, malah keneng diarani sampean
ngajak bersaing sing ora sehat".
"Bener
kuwi Mas Singgih" dumadakan Sadirun sing lagi wae nusul lungguhan neng
dhingklik kuwi melu omong "nek pancen arep mbantu Mur, ya ayo dibantu
bareng-bareng, Mur ben melu rombongan nanging ora dikongkon urun apa-apa. Kuwi
jareku sing paling mathuk".
Andhik
karo Singgih bebarengan noleh menyang pernahe Sadirun. Banjur Andhik sing
rumangsa panemune ora disetujoni wong loro kuwi, banjur semaur karo mesem :
"Tak
kira ngono ya luwih becik, aku ya malah kebeneran, ora akeh-akeh olehku
ngetokne dhuwit".
Muni
ngono kuwi Andhik karo mikir, wong mengkone sing nyekel setire mobil kuwi
dheweke, dadi bisa wae olehe arep narik kawigatene Mur ben ngerti yen dheweke
kuwi aong lanang sing bregas, mengko pas riyaya bisa wae dheweke dolan menyang
omahe Mur banjur ngajak metu karo nggawa mobil rentalane. Mur mesthi bakal
kebukak atine gelem migatekake marang dheweke sing temen-temen tresna marang
Mur.
"Lha
Mur wis ditari apa durung? gelem apa ora?" Singgih takon.
"Durung,
wong gagasan arep ngrental mobil ki ya lagi esuk iki mau kok" Andhik
mangsuli pitakone Singgih.
"Lha
kuwi?" Sadirun nyuwara rada njengek.
"Lha
kuwi piye Om?" Singgih takon.
"Nek
ndelok watak, wantu, lagak lagon lan lageyane, kira-kira Mur kae kok ora gelem
ta upama ora dikongkon melu nyangga wragat nyewa mobil sak bensine kuwi"
Sadirun semaur nggenahne panemune.
"Malah
bisa-bisa Mur ora sida bali, tilik ndesa" Singgih genti ngimbuhi.
"Bisa
uga mangkono" Sadirun nambahi rembug "merga Mur ki wis bola-bali
omong nek bocah kae ki ora arep mikir golek seneng dhisik, sing baku dheweke ki
arep nyambut gawe luwih dhisik, nglumpukne dhuwik, perkara seneng kuwi gampang
janjine dhuwite wis akeh".
Andhik
meneng ora semaur, panemune Sadirun kuwi ya klebu nalar yen digathukne karo
sipate Mur sing wis kulina dingerteni
saben dinane.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar