dening: IMMIR
40.
Dina
Ahad esuk, Bu Narti wis dandan rapi ngenteni tekane anake kuwalon sing arep
ngampiri banjur bareng sanja menyang omahe adhine ipe. Sedhela-sedhela priyayi
setengah tua kuwi nyawang jam sing nemplek neng tembok, sedhela-sedhela nglirik
jam sing ana lengene. Pancen wektune isih esuk, nanging saka rumangsane Bu
Narti lakune pandom jam ora pati cepet kaya padatane. Saben-saben ana suwara
mobil sing liwat neng ratan ngarep omahe Bu Narti merlokne ngungak liwat
lawang, karo ngarep-arep kuwi mobile Sujud sing teka. Nanging nganti jam pitu
sing diarep-arep panggah durung ketok irunge. Bu Narti dadi rada uring-uringan
dhewe, nganggep Sujud olehe arep sanja menyang Jakarta kuwi geleme ora-ora.
Lagi bareng wektu wis nuduhne jam setengah wolu, Sujud teka sing banjur
ngaturne bekti marang Bu Narti kaya adate, salaman klawan ngambung tangane ibune
kuwalon sing wis dianggep ibune dhewe kuwi.
"Apa
mau ndadak mampir-mampir ta Nang? kok yah mene lagi teka kene ki?" sawise
Sujud mapan lungguh neng kursi Bu Narti takon.
"Boten
niku Bu?" wangsulane Sujud karo ndelok jam sing dienggo neng tangane sing
kiwa "pancen kula bidhal saking griya wau sampun jam pitu kirang seprapat".
"Tiwas
Ibu jam nem wis lungguh neng ngarep lawang ngenteni awakmu" Bu Narti
numpangi rembug.
"Lha
kados pundi? bidhal sak niki napa mangke sekedhap malih?" Sujud banjur
nari Ibune kuwalon.
"Ya
ndang budhal wae no, mengko-mengko ki ngek arep ngenteni apa maneh?"
wangsulane Bu Narti ngajak budhal saiki "iki Bulikmu apa ora wis
ngarep-arep tekane awake dhewe?".
"Inggih,
mangga menawi makaten" Sujud wangsulan ngajak budhal, karo batine rada
ngguyu sikepe ibune sing daya-daya selak kepengin pethuk Bu Kardiman. Sak jane
Sujud dhewe ya wis kepengin enggal teka nggone Bulike, ora merga selak kepengin
ketemu Bulik utawa Paklike, nanging merga ing atine ana rasa aneh sing ora
leren-leren ngranuhi jero dhadhane. Malah mau bengi olehe bisa turu kepara wis
rada wengi, ing angen-angene wira-wiri wewayangane Mur klawan solah bawane sing
tansah gawe sengsem atine.
"Ibu
sakjane arep takon marang awakmu lho Nang" neng jero mobil sing wiwit
mlaku neng ratan gedhe Bu Narti wiwit mbukak rembugan.
"Inggih
Buk? Ibu badhe mundhut pira punapa?" karo nyetir Sujud genti takon.
"Jan-jane
olehe Ibu arep takon kuwi wis rada suwe, pase kae wektu slametane Bapakmu"
Bu Narti wangsulan nanging durung njawab sing ditakokne Sujud.
"Lha
menawi makaten rak inggih sampun radi dangu? Kok Ibu mendel mawon? boten
ndangu-ndangu Sujud?" Sujud melehne ibune kuwalon.
"Iya,
amarga Ibu isih rada tidha-tidha, ibu kuwatir gek-gek pitakone Ibu gawe ora
senenge atimu?".
"Walah,
Ibu punika lho? punapa sadangunipun Sujud dados putrane Ibu punika nate Sujud
boten remen kaliyan punapa mingkang Ibu dhawuhaken?" Sujud melehne ibune
maneh.
"Jane
ya durung tau, nanging embuh bareng arep nakokne bab iki Ibu kok dadi rada
mikir-mikir" Bu Narti sing lungguhe jejer karo Sujud kuwi mesem.
"Lha
samangke mangga, mumpung wonten kalodhangan, punapa ingkang badhe dipun
pundhutaken pirsa dhateng Sujud?"
"Ngene
lho Nang" Bu Narti omonge digawe sareh lan ketara ngati-ati "sawise
awakmu wiwit ngalih nyang Leuwiliang kae, miturut pamawase Ibu, awakmu kuwi
mbutuhake kanca urip sing bisa aweh kawigaten marang awakmu, dadi ana sing
kasarane melu ngopeni ragamu. Ngerti sing ibu kersakne?".
"Ibu
ngersakaken kula pados semah supados wonten ingkang ngopeni ngaten ta?"
Sujud wangsulan karo mesem.
"Bener"
Bu Narti nyauti rembug "lha sing arep Ibu takokne, apa awakmu durung mikir
arep omah-omah maneh? apa durung ana bocah wedok sing sakirane cocog karo
angen-angenmu?".
Sujud
suwe ora wangsulan. Wewayangane Mur ngaton maneh neng angen-angene.
"Piye
Nang? Kok meneng wae ki?" Bu Narti mbaleni pitakone.
Sujud
rada nggragap banjur wangsulan :
"Rumiyin
kula rak sampun matur Ibu, menawi kula sampun kepanggih kaliyan ingkang nocogi
manah, lan larene ugi purun kaliyan kula, nembe kula badhe ngajak lare wau
sowan Ibu supados Ibu pirsani cocog lan botenipun kalih kula miturut
pamanggihipun Ibu?"
"Iya,
kuwi aku isih eling. Sing tak takokne ki awakmu wis kepethuk sing nocogi atimu
apa durung?"
"Inggih,
sak jane kula sampun kepanggih kaliyan lare ingkang kula cocogi, namung kemawon
dereng kula tarosi purun kaliyan kula punapa boten? lan kula inggih tidha-tidha
saupami larenipun purun kalih kula, Ibu saged nampi punapa boten? Inggih
jalaran kula kuwatis menawi Ibu boten saged nampi niku ingkang murugaken kula
dereng wantun narosi larenipun, mengke kadhung larenipun purun ndelalah Ibu
boten remen? rak mesakaken?" Sujud wangsulan ngati-ati banget .
"Nek
ngono padha karo sing dirasakne Ibu" Bu Narti mesem, batine nggagas
dikarepne Sujud mesthi Mur. Bu Narti banjur kelingan yen nate omong marang
Sujud yen sakjane wis nemokne bocah wedok sing arep dijodhokne karo Sujud,
nanging wektu kuwi dening Bu Kardiman isih dipenging, kanthi pawadan strata
sosial sing njomplang antarane Sujud karo bocah kuwi. Bu Narti ya isih kelingan
nek Sujud ya wis mratelakne yen bedane ing pendidikan ora dadi prinsip tumrape
Sujud.
"Sami
kados pundi Buk?" Sujud takon.
"Wis
saiki Ibu arep terus terang" Bu Narti mangsuli teges "blaka wae, jane
Ibu kuwi kepengin njodhokne awakmu karo rewange Bulikmu sing jeneng Mur kae,
nek awakmu ora gelem ya ora apa-apa, nanging nek awakmu gelem, ndang matura
Ibu, perlune Ibu banjur omong marang Bulikmu ben nari Nak Mur. Piye?".
Sujud
mesem, dhadhane krasa longgar banget. Katon ana kembang sing mekar ngrenggani
sajroning dhadhane.
"Inggih
Buk" Sujud kandha karo suwara sing cetha "mila ingkang kula aturaken
Ibu pancen Dhik Mur niku kok. Kula remen menawi Ibu mangke ndhawuhi Bulik
supados nangkleti Dhik Mur bab purun punapa botenipun menawi kula ajak gesang
sesarengan".
Padha
karo Sujud, Bu Narti dadi luwih seneng atine. Bu Narti wis manteb olehe percaya
karo petung nalare, yen Mur kuwi cocog yen dadi bojone Sujud. Ora ana tembung
salah siji sing diuntungake, nanging loro-lorone bakal luwih apik dadine yen
loro-lorone klakon nyawiji urip salakirabi.
"Ya
yen mangkono, mengko melu rungokna Ibu tak kandha marang Bulikmu, sokur yen
awakmu bisa luwih mantebne rembug, dadi Bulikmu ora tidha-tidha maneh olehe
nakoni Nak Mur" wangsulane Bu Narti wekasane.
Yen
karo mlaku Bu Narti rembugan karo Sujud bab olehe arep ngarah Mur, sing neng
Kedunggalar Yang Yem saka eguh pratikel lan rerigene Bu Mandhor dina kuwi wis
niyat arep nelpon anake wedok sing neng Jakarta. Pancen nadyan Nita kuwi anak
kuwalon sing wis dianggep anake dhewe, nanging Bu Mandhor ora nyarujuki karepe
Nita sing duwe niyat arep ndadekne Mur dadi bojo siri-ne wong Pengusaha sugih
sing kabeneran isih adhine Bosse Nita.
"Saiki
ngene wae Yem" Bu Mandhor ngandhani Mak Yem "iki mumpung dinane
Minggu, anakmu telponen nganggo hape ku. Omongana karo sing diomongne Nita
marang awakmu. Nek bisa anakmu kandhanana pisan, aja sulap karo gebyaring
bandha, aja gampang gumun karo kumrincinging ringgit. Lakonku, lakonmu, lakone
sawargi Mak Jah bisa kok critakne marang Mur. Urip iki mung sedhela, bandha
donya kuwi durung mesthi ndadekne wong dadi mulya, malah kurang-kurang bejane
kedanan bandha bisa ndadekne manungsa dadi wong sing cilaka lan urip sengsara".
"Nggih
Bu, mengke Mur kula kandhanane" wangsulane Yang Yem. Bu Mandhor banjur
ngadeg njupuk hapene.
ana
candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar