46.
Darim ingkang manawi sampun rampung nglampahi panembah padatanipun nadyan sakedhap nindakaken dzikir, wekdal puniku boten kober . Awit kaselak ngulati tiyang-tiyang ingkang nyaketi papanipun sarta lajeng sami angupengi piyambakipun. Gageyan Darim ngukuti sorban ingkang kala wau dipun jeber kinarya lemek sembahyang, kalebetaken malih ing pethukan. Nunten ngadeg kaliyan nambahi kawaspadaning dhiri. Samangke Darim saged sumerep kaliyan cetha, pranyata ingkang ngepung lan ngupengi piyambakipun sedaya wonten sanga, sadaya sami nyepengi pedhang. Sedaya sami nedahaken sikep ingkang boten angenaki manah. Dumadakan salah satunggal saking tiyang sanga punika, ingkang nggadhahi pawakan ageng inggil, brengosipun crapang sarta jenggotipun ketel, ingkang katingalipun dados pangajenging tiyang-tiyang niku, mlangkah majeng tigang jangkah temah sansaya caket kaliyan Darim.
"He, Gus sapa jenengmu lan ngendi omahmu? dene kowe wani-wanine gawe onar ing papan kene? ngakuwa sadurunge tak tugel gulumu He" tiyang ingkang apangawak ageng inggil punika pitaken dhateng Darim kanthi anggetak-getak. Darim rumaos ngungun, awit piyambakipun rumaos boten tumindak punapa-punapa, nanging tiyang punika ketingal nesu saha sampun mastani bilih piyambakipun nsampun adamel onar.
"Nyuwun pangapunten Ki" Darim ingkang ngrumaosi bilih umuripun taksih langkung sakedhik menawi katandhing kaliyan ingkang dipun adhepi punika wangsulan mawi basa krama "menawi andika ndangu dhateng kula, nami kula Darim, griya kula ing Kademangan Kedhungtuwung. Kula nyuwun pangapunten menawi kula sampun kaanggep damel onar ing papan punika, awit kula boten mangertos tumindak kula ingkang pundi ingkang ndika kersakaken damel onar punika?".
"Ha-ha-ha" Tiyang ingkang pitaken wau gumujeng "wasis kowe micara, dosamu kok gendhong kok indhit ewa samono api-api ora ngerti, keparat. Sapa sing aweh palilah marang kowe keceh ing pancuran kono kuwi mau? Lan apa sing kok tindakne lagi wae ing kene iki mau? Umak-umik jengkang jengking sakepenakmu dhewe, kok anggep apa papan kene iki he?".
Darim lajeng nggagas bilih tiyang-tiyang niku namung badhe waton sulaya, liripun namung waton nglepataken dhateng piyambakipun ingkang nindakaken sesuci lan sembahyang tanpa ngganggu kamardikanipun sinten-sinten. Manahipun Darim kraos radi panas, awit tumindakipun ingkang makaten kala wau dipun anggep damel onar. Nanging Darim taksih boten nedahaken raos boten remenipun, malah lajeng wangsulan :
"Oh, nyuwun pangapunten Paman kula wau boten keceh saha boten mangertos menawi pancuran niku kagungan ndika, gandheng kala wau kula mbetahaken sesuci lan pancuran punika kula kinten inggih namung pancuran limrah, kula lajeng sesuci boten mawi nembung dhateng sinten-sinten jalaran pancuran punika boten wonten ingkang nenggani lan mapanipun ing wana ingkang tebih saking padhusunan. Dene anggen kula ingkang ndika wastani umak-umik jengkang jengking niku wau, estunipun kula nembe nindakaken panembah nut kapitayan ingkang kula rasuk lan rumaos kula anggen kula manembah ugi boten ngganggu tiyang sanes. Nuwun sewu menawi dhangan ing panggalih keparenga paring ngertos dhumateng kula, ndika miwah sadherek-sadherek punika sinten lan dalemipun pundi?".
"Piye? jenengmu mau sapa ? Darim ya?" Tiyang wau nggetak malih.
"Inggih kula Darim".
"Ngertiya pancuran kuwi pancen dudu duwekku, nanging Pancuran kuwi Pancuran sing wis ana sadurunge jagad iki ana lan dening sing yasa, pancuran kuwi ora oleh dienggo wijik, adus, utawa dijupuk banyune dening sapa-sapa yen nganti ana sing wani-wani wijik, adus utawa njupuk banyu pancuran kuwi tanpa oleh palilahe Eyang Kepuh, Eyang Kepuh bakal duka lan nibakne wewalat marang wong-wong Gunung Wijil, yaiku padhukuhan kidule alas iki. Samono uga papan kene iki, persise rong pambalang sakupenge pancuran kuwi iki papan suci, merga kene iki isih klebu plataran kratone Eyang Kepuh. Ngerti?" Tiyang wau wicanten nyariyosaken bab pancuran lan papan punika.
"Oh, makaten?" Darim wangsulan kaliyan plenggang-plenggong sajak gumun kaliyan wicantenipun tiyang punika.
"Makaten... makatenmu kuwi" Tiyang wau nggetak malih "saiki kudune kowe wis ngerti, dosa lan kaluputanmu sing wis ngundang bebaya lan kasangsaran marang wong-wong ing Gunung Wijil merga kowe wis kumawani sakkepenakmu reresik awak neng pancuran kuwi, kapindho kowe wis sakepenakmu dhewe jengkang-jengking sing kok arani manembah kuwi mau. Kuwi mengko mesthi sing nampa pidana lan walat saka Eyang Kepuh aku karo wong-wong iki sarta wong-wong ing Gunung Wijil kabeh, sauntara kowe sing tenane sing tumindak dosa wis adoh minggat menyang negaramu kana, ngendi mau ? Kademangan Kedhungtuwung?".
"Dados kula ndika anggep lepat? menawi makaten punapa pidananipun Paman? Paman sinten asmanipun?" Darim wangsulan kanthi tatag.
"Iya, Aku Wiguna" wangsulanipun tiyang punika, suwantenipun boten nggetak-nggetak malih "gandheng kowe wis ngrumangsani luput lan wis gelem nampa pidana, ana pangentheng-entheng kanggo kowe Darim, merga aku lan wong-wong Gunung Wijil ya ora seneng sakepenake nibakne pidana".
"inggih Paman Wiguna kula matur nuwun saderengipun" Darim nyauti kaliyan suwanten limrah "lajeng pidana punapa ingkang kedah kula lampahi, menawi cundhuk kaliyan kalepatan kula tartamtu kula badhe legawa nglampahi paukuman punika".
Wiguna gumujeng sora, lajeng semaur :
"Darim, kudune nek ndelok kaluputanmu iki mau, kowe dipidana kanthi dierut neng wit-witan, sikilmu loro pisan kudu diremuk bebalunge lan ditinggal nganti sak matimu. Nek kowe wis mati bathangmu kudu dicacah dibuwang neng alas ben dadi pakane kewan-kewan galak sing mbaureksa alas kene. Nanging gandheng kowe wis rumangsa luput lan gelem nampa pidana, mangka kowe mung bakal nampa pidana pati kanthi kebak rasa kamanungsan, lire jantungmu bakal tak suduk nganggo pedhang kareben ora kesuwen nggonmu ngrasakne lara, lan yen kowe kepengin mayitmu dirukti kanthi salumrahe sadurunge jantungmu tak suduk, kowe tak wenehi wektu gawe luwangan kanggo mendhem mayitmu. Wis saiki ndang gaweya luwangan tak enteni neng kene".
Rampung wicanten ngaten punika, Wiguna lajeng prentah dhateng andhahanipun :
"Tampa, Darim silihana piranti kanggo gawe kuburane lan kowe Data nyumeta obor sacukupe, sedhela maneh peteng iki mengko!".
"Nggih Ki Lurah" tiyang kalih ingkang nampi prentah saking Wiguna lajeng sami semaur, tiyang ingkang nami Tampa majeng nyaket mbeta pacul lajeng dipun uncalaken ing sacaketing Darim. Dene ingkang nami Data lajeng nithik watu damel latu kangge nyumet obor ingkang sampun cemawis.
Dumadakan Darim gumujeng latah-latah, kaliyan nyepengi doran pacul ingkang wonten ngajengipun. Sareng sampun rampung anggenipun gumujeng, Darim lajeng madhep dhateng wit Kepuh ingkang wonten sanginggiling pancuran ingkang jejer kaliyan wit waringin, lajeng wicanten sora :
"Hee, mBah Kepuh sing gedhe pangapuramu lan aja gampang nesu, aku sing njalukne pangapura marang ndika jalaran wong sing jeneng Wiguna lan kanca-kancane iki kabeh ora duwe niyat utawa karep kanggo ngremehne ndika luwih-luwih nganggep ndika kuwi wong Pengung sing ora bisa nggunakne nalare, jalaran Wiguna sakancane iki wong bodho sing ora kulina nggunakne nalar kanggo mikir. Mula sepisan maneh tak jaluk ndika aja nesu lan aweh paukuman marang Wiguna lan wong-wong sing wis ngremehne ndika kaya sing tak ucapne mau. Ngerti mBah ?".
Suwantenipun Darim sora temah ngumandhang kabendalaken wongsal-wangsul dening keteling wana, suwantenipun Darim kados dipun terokaken dening tiyang sanes, namung kapireng sora nanging kirang cetha. Wiguna lan nkanca-kancanipun ingkang mireng pambengokipun Darim makaten kala wau sakala muntab, langkung-langkung sareng dipun wastani dening Darim bilih tiyang-tiyang kala wau tiyang ingkang bodho, tiyang ingkang boten saged migunakaken nalaripun kangge mikir.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar