47.
Wicanten makaten punika kala wau dening Darim dipun wongsal-wangsuli ngantos kaping kathah sanget. Darim babar pisan boten maelu dhateng Wiguna sakancanipun ingkang muringt-muring, malah wiwit kathah ingkang sami misuh-misuh boten kantenan, labet saking nesunipun. Wiguna ingkang minangka pangajenge tiyang wolu sanesipun, ingkang manggenipun caket piyambak kaliyan Darim sampun boten kiyat ngampet panasing manahipun. Darim dipun purugi lajeng saking wingking Wiguna ngebahaken tanganipun badhe ngampleng sirahipun Darim. Nanging Darim babar pisan boten maelu, ewa samanten nalika tanganipun Wiguna kirang sakecu saking sirahe Darim, dumadakan Darim majeng sajangkah kaliyan mbungkukaken badanipun. Pangamplengipun Wiguna lepat, namung ngengingi angin. Gandheng pangampleng kala wau boten sawantahing pangampleng, nanging pangampleng ingkang sinurung daya kekiyatan kebak,ndadosaken Wiguna kaseret dening tenaganipun piyambak, temah meh kemawon dhawah miring mangering, nut lampahing tangan kanan ingkang ngampleng angin. Wiguna glayaran sakedhap nanging ingghih lajenhg saged nata adegipun malih. Nyarengi makaten punika Darim kendel anggenipun wicanten, lajeng nginger adegipun gentos madhep dhateng Wiguna.
"Lho kenging punapa Paman Wiguna?" Darim api-api boten mangertos kedadosan ingkang nembe kemawon niku, lajeng semu nambong nakeni Wiguna ingkang nembe kemawon saged jejeg sasampunipun adegipun sempoyongan.
"Keparat kowe Darim" Wiguna wangsulan kaliyan langkung rumiyin misuhi Darim "jebul kowe pancen wis niyat gawe onar ing papan kene. Mula kowe kudu mati sarana dicencang neng wit lan bebalungmu diremuk luwih dhisik".
"Lho ndika niku pripun ta Paman? wau ngengken kula damel luwangan, dereng ngantos kula tandangi malah ngincim badhe ngerut badan kula lan ngremuk balung kula. Boten, Paman kula boten purun dipejahi ngangge cara napa mawon" wangsulanipun Darim kanthi tembung ingkang babar pisan boten nedahaken raos ajrih.
Mripatipun Wiguna ingkang kepadhangan dening latuning obor, ketingal murup praupanipun ketingal mbrabak abang. Lajeng criyos :
"Kanca-kanca kabeh, kepungen papan kene iki aja nganti menungsa keparat iki bisa tinggal glanggang colong playu, dosane menungsa iki wis ora karuwan akehe ora mung wani nyolong banyu pancurane Eyang Kepuh lan jengkang jengking neng plataran kratone wae, kowe kabeh wis padha krungu dhewe si Keparat iki wis wani njangkar Eyang Kepuh sakepenake udele dhewe, nek ora enggal dicekel lan diremuk bebalunge aku kuwatir awake dhewe lan wong-wong Gunungwijil bakal ditumpes dening Eyang Kepuh merga saka klakowane menungsa keparat iki".
Tiyang wolu andhanipun Wiguna nunten siyaga kaliyan dedamelipun ngepung Darim, ingkang ngadeg dipun adhepi dening Wiguna ingkang sampun siyaga kaliyan pedhangipun. Darim nggagas bilih boten prayogi menawi kedangon anggenipun dolanan kaliyan Wiguna sakancanipun punika, mila lajeng mendhet Kampak ingkang kulina kangge mbabad wana ingkang dipun slempetaken ing lempengipun.
"He Paman Wiguna lan paman-paman kabeh" Darim wicanten kaliyan tanganipun kenceng nggegem dangan kampakipun "padha sumurupa, yen sing ndika arani Eyang Kepuh kuwi ana lan ora ngolehi sapa wae njupuk utawa nggunakne banyu pancurane sarta wong jajagan neng platarane, mesthine ndika kabeh ora perlu wedi nampa walate. Sebab Eyang Kepuh kuwi ora goblog, duwe nalar, bisa mikir. Ora seneng ngganggu gawe marang wong kang tanpa dosa, yen tumindakku kuwi mau dianggep luput mesthine sing nampa pidana kuwi aku, aku mesti wis mati mau-mau diklethak sirahku utawa ditekak guluku. Eyang Kepuh mokal gelem tumindak ngawur, ngatut-ngatutne ndika kabeh lan wong-wong Gunungwijil sing ora ngerti apa-apa. Dadi sasuwene iki nek ana walat sing tumiba marang ndika utawa wong Gunungwijil saka Eyang Kepuh, kuwi kabeh ora merga Eyang Kepuh ora karenan ana wong ngambah plataran kratone sarta nggunakne banyu pancurane. Nanging merga Eyang Kepuh duka, duka merga wis ndika dakwa bodho ora bisa mikir, seneng ngawur, midana wong tanpa dosa. Kamangka tenane Eyang Kepuh kuwi sabar, ora seneng gawe cilakane sapa wae, dhemen tetulung marang sapa wae, gandheng ndika dakwa duwe teku sing ala mulane Eyang Kepuh duka marang ndika kabeh. Nyatane, aku ya ora dikapak-kapakne, merga aku ngajeni Eyang Kepuh, malah mau aku ya wis kandha kaya sing ndika melu rungokne, supaya Eyang Kepuh ora duka maneh marang ndika.............".
"Keparat kakehan cocot!" dereng ngantos Darim ngrampungaken wicantenipun Wiguna sampun langkung rumiyin majeng sarwi mbabataken pedhangipun ngarah dhateng gulunipun Darim. Darim kaget, awit ebahing sabetanipun pedhangipun Wiguna sakalangkut cukat lan cepet, boten wonten wekdal kangge ngendhani. Wiguna piyambak ugi nginten Darim badhe pedhot gulunipun awit kasabet mawi pedhang ingkang kondhang landhepipun punika. Pedhang warisan saking Gurunipun nalika Wiguna sinau ulah kanuragan dhuk jaman nem-nemanipun.
"Trang.........!!!" kepireng suwanten banter, sinartan wonten pletikan latu ingkang padhangipun ngungkuli petikaning latu thithikan. Kasusul Wiguna kontal dhateng wingking watawis tigang jangkah lajeng dhawah ing siti, meh kemawon pedhang ing tanganipun ucul saking gegeman.
Nalika pedhangipun Wiguna kirang sakilan saking gulunipun, Darim ngebahaken kampak ingkang wiwit wau sampun dipun gegem kenceng dangananipun. Awit Darim rumaos sampun boten wonten wekdal kangge endha, gigiring kampang namplek wilahing pedhangipun Wiguna sinartan nyedhot kekiyataning Wiguna piyambak kangge ngenggokaken tumibanipun pedhang. Sakala nuwuhaken suwara banter lan pletikan latu ingkang sakalangkung mbalerengi mripat. Punika nedahaken bilih pedhangipun Wiguna punika kadamel saking waja pinilih. Temah boten ngantos putung sanadyan dipun thuthuk kaliya Kampakipun Darim, Kampak peparingipun Bagindha Kilir ingkang tuhu nggadhahi kalangkungan. Dene Wiguna ingkang kaseret dening menggokipun pedhang manginggil boten saged ngendheg awit, tenaganipun sampun dipun sok dhateng ebahing pedhang. Wiguna kontal dhateng wingking antawis tigang jangkah lajeng dhawah kalenggak.
Nadyan boten dangu lajeng saged tangi malih, nanging Wiguna kedah nata ambegan langkung rumiyin. Wiguna boten nginten babar pisan menawi pambabatipun boten angsal damel. Wiguna ugi boten sumerep kenging punapa dene pedhangipun dumadakan menggok manginggil lan nyurung piyambakipun dhateng wingking.
"Piye Paman Wiguna?" dumadakan Darim wicanhten kaliyan mesem "ngerti dhewe ta? Awit saka pambiyantune Eyang Kepuh aku ora sida mati kebabad dening pedhangmu?. Ndika nek bisa mikir mesthine ngerti, nek plataran kratone wae ora dililakne kapidak-pidak dening wong ora genah tujuwane, iki malah arep ndika angge bedhigasan pamer kaluwihan ing babagan kanuragan. Mesthi wae Eyang Kepuh ora lila lan banjur duka marang ndika".
"Ngoceha sasenengmu sedhela maneh bakal klakon tak cacah-cacah kuwandhamu" wangsulanipun Wiguna kaliyan nggereng. Tanganipun ingkang kering dipun ebahaken nyukani sasmita dhateng rencang-rencangipun murih sareng ngebyuk dhateng Darim ingkang namung ijen.
Estunipun kanca-kancanipun Wiguna sampun wiwit nggagas kaliyan ingkang dipun ucapaken dening Darim, ingkang menawi kanalar kanthi saestu langkung saged mlebet ing nalar. Mila lajeng tuwuh raos ajrih dhateng Eyang Kepuh, ajrih menawi nampi walat kados ingkang dipun ucapaken Darim lan Wiguna kala wau. Nanging tiyang wolu punika ugi ajrih dhateng lurahipun, ajrih menawi ngantos lurahipun nesu, boyen wurung badhe ndhawahi paukuman ingkang awrat dhumateng piyambakipun. Salebeting rangu-rangu makaten kala wau, dumadakan wonten Data ingkang wau nyumet obor, sumerep wonten sima ageng, inggih macan gembong ingkang mlampah sarwi ngrindhik badhe nubruk kancanipun saking wingking. Data njerit kamigilan semu ajrih boten kantenan, tanganipun nudingi dhateng sima ingkang ketingalipun nembe dugi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar