48.
Estunipun sima ingkang nembe dugi puniku sampun mendhet ancang-ancang, watawis let kalih dhepa saking papanipun tiyang ingkang dipun arah badhe katubruk, sima punika nggereng sarwi ngrindhik. Awit mireng pambengokipun Data, sima dados radi kaget lan nyumenekaken anggenipun badhe nglumba mangajeng. Tiyang-tiyang andhahanipun Wiguna boten kawon kagetipun mireng pambengokipun Data tuwin solahipun, sansaya wewah kaget kacampuran ajrih sareng noleh dhateng papan ingkang dipun tudingi Data. Sedaya ndheprok tanpa daya, kawon perbawa kaliyan panggerengipun Sima Gembong ingkang agengipun meh sak maesa benthung.
Boten kirang kagetipun inggih pun Darim, sanaosa nalika samanten nembe aben ajeng kaliyan Wiguna ingkang sampun siyaga kaliyan dedamelipun, nanging raos kamanungsanipun Darim pranyata saged ngawonaken sadayanipun. Namung sapandurat Darim kaget, nanging tumunten saged mangwasani raos lan pangraosipun malih. Namung salebeting wekdal sagebyaran Darim angatag aji Bledheg Saleksa wewarah saking Kitab tilaranipun Pangeran Handayaningrat, lajeng cukat kadya kilat Darim mlumpat nyaketi papanipun Sima Gembong ingkang sampun badhe nubruk mangsanipun.
"Kanthi asma Dalem Dzat Ingkang Maha Mirah lan Asih, tan ana daya kekuwatan kajaba awit peparinge Dzat Kang Maha Luhur lan Agung" saking dhasaring manahipun Darim angucap donga panuwunan dhateng Gustinipun.
Sima mlumba mangajeng nubruk salah satunggal saking andhahanipun Wiguna ingkang wiwit wau sampun dipun rindhik, nanging saderengipun sukunipun sima ingkang kukunipun siyaga anyengkerem mangsanipun punika, tanganipun Darim langkung rumiyin saged amupuh sirahing sima. Sima nggero sakayangipun, badanipun kontal mencelat watawis setunggal dhepa, kejet-kejet ing siti lajeng kendel. Pejah.
Tiyang-tiyang ingkang suwaunipun sampun telas manahipun ketang raos ajrih lan miris sumerep sima ingkang luwe betah mangsa, sakala sami unjal ambegan landhung. Raosing badanipun kados nembe kemawon anguwali barang awrat ingkang nembe kemawon angentepi badanipun. Tanpa kraos lan kados nyupekaken anggenipun badhe paring paukuman dhateng Darim tiyang-tiyang wau sami nyaketi bangkenipun Sima ingkang pecah sirahipun awit kapupuh mawi tanganipun Darim. Wiguna piyambak ingkang suwaunipun aben ajeng kaliyan Darim kanthi nggegem kenceng danganan pedhangipun ugi tumut nyelak kempal kaliyan para andhahanipun ingkang taksih dereng ical raos eramipun dhateng sima gembong ingkang meh samaesa agengipun puniku.
Sauntawis titiyang sami ngrembag bangkening sima, alon-alon Darim mundur lajeng mapan linggih ing sela ageng sacaketipun. Darim rumaos getun dene kesesa ngginakaken Bledheg Saleksa ingkang wekasanipun damel pejahipun Sima ingkang dipun pupuh. Mesthinipun kala wau boten lajeng katamakaken dhateng sirahipun sima anggenipun mupuh, nanging cekap dipun damel ajrih kemawon murih sima mlajar lan boten dumugining pejah. Awit badhea kados punapa, sima punika kawulanipun Gusti ingkang tinitahaken dening Gusti murih sansaya mewahi kasaenaning bawana. Nanging sadaya sampun kasep, lan sima sampun kebacut pejah. Pramila Darim lajeng ngunjukaken donga panyuwunan dhateng Gusti, panyuwunan tumuruning sih pangaksami awit saking anggenipun sampun kesesa temah sembrana wasana sampun damel pepejah.
Pranyata nalika Darim nembe ndedonga nyuwun pangaksami dhumateng Gusti anyarengi Wiguna anyaketi papanipun temah sumerep punapa ingkang dipun tindakaken dening Darim.
"Nuwun sewu Anakmas" Wiguna wicanten alon dhateng Darim, wicantenipun alus benten tebih kaliyan kala wau saderengipun wonten sima dugi ing papan mriku.
"Inggih Paman ?" Darim mbikak mripatipun ingkang suwaunipun merem.
"Estu sampun bawur mripat kula, sampun kuwur manah kula, temah sampun wantun badhe damel cilakanipun Anakmas Darim" Wiguna wicanten alon-alon sajak ajrih semu kuwatos menawi ngantos Darim nandukaken piwales dhumateng piyambakipun.
"Sampun Paman" wangsulanipun Darim kaliyan mesem "samangke punapa ingkang ndika kersakaken? Badhe nglajengaken amidana kula? Kula boten purun Paman menawi kula kapidana pejah".
"Nyuwun pangapunten Ngger" Wiguna glagepan anggenipun suka wangsulan "kula ingkang lepat, kula estu nyuwun dhumateng Anakmas Darim mugi kersa paring pangaksami dhumateng Wiguna".
"Estu boten siyos badhe ngerut kula ing wit ageng lan ngremuk bebalungan kula?" kaliyan semu ngguyu Darim pitaken malih dhateng Wiguna.
"Nyuwun pangapunten Anakmas, saestu kula ngakeni lepat, kula nyuwun pangapunten" Wiguna wangsulan kaliyan suwanten ingkang memelas.
"Inggih sampun" Darim lajeng wicanten "Samangke Paman wiguna kula aturi rembagan kaliyan paman-paman ingkang taksih nenggani bangkenipun sima nika. Prayoginipun bangke sima punika dipun punapakaken?".
Boten wangsulan, Wiguna lajeng noleh dhateng kancan-kancanipun lajeng mungel kanthi suwanten ingkang radi sora :
"Kana-kanca kabeh, coba nyedhaka mrene iki ana dhawuh saka Anakmas Darim kanggo awake dhewe".
"Inggih Lurahe" tiyangt-tiyang sami wangsulan sarta lajeng sami nyaket.
Kados patrapipun Wiguna tiyang wolu andhahanipun Wiguna punika ugi lajeng linggih nglesot ing siti ing sawingkingipun Wiguna madhep dhateng Darim. Sasampunipun sedaya rencangipun mlempak, Wiguna lajeng wicanten malih :
"Kanca-kanca kabeh, iki mau aku lagi wae asok kaluputan marang Anakmas Darim merga saka degsuraku marang panjenengane mau. Sabanjure awake dhewe kudu ngaturaken panuwun marang Anakmas Darim, awit saupama ora ana panjenengane, aku ora ngerti mbuh sapa saka awake dhewe iki mau, mesthi wis tumekeng pati dadi mangsane macan gembong sing bangkene saiki gumlethak kuwi" .
"Inggih" tiyang wolu andhahanipun Wiguna mangsuli sesarengan kalajengaken wicanten dhateng Darim "kula ngaturaken panuwun dhateng ndika Den Mas. Den Mas Darim sampun nyambung nyawa kula sedaya".
"Iya Paman, tiba sapadha-padha" wangsulanipun Darim "wis dadi kalumrahan wong urip pancen kudu tulung-tinulung. Lan aja kenemenen anggon ndika ngucap, aku ora nyambung nyawane sapa-sapa, merga pati uripe manungsa kuwi dumunung ana astane Gusti, nek Gusti isih ngersakne ndika kabeh urip, upama aku ora tumindak apa-apa mesthi ana pitulungan liyane mbuh apa wujude sing murungake Macan mau nubruk ndika. Kosok baline yen Gusti ngersakne ndika kapundhut bali, sanadyan aku wis mbudidaya mesthi pambudidayaku cabar wigar tanpa guna".
"Kasinggihan Anakmas" Wiguna wicanten makili kanca-kancanipun, lajeng pitaken "samangke, gegayutan kaliyan dhawuhipun Anakmas prakawis bangkenipun sima punika wau kados pundi? Anakmas kula aturi paring dhawuh dhateng kula lan kanca-kanca".
"Paman-paman kabeh" Darim nunten wangsulan "nadyan aku sing dadi lantaran matine si macan kuwi, nanging sadurunge bangkene macan kuwi tak pendhem utawa tak buwang kareben ora nuwuhake ganda sing ora enak, paman-paman iki ana sing mbutuhake karo bangke kuwi mau apa ora? awit aku sok weruh, ana wong sing seneng ngopeni lan nyimpeni kulit, balung lan uga untune macan sing rada gedhe ngono kuwi. Yen pancen ora ana sing mbutuhake, ya bangke macan kuwi arep tak buwang sing adoh utawa tak larung neng bengawan dimen keli tekan segara dadi pangane buron banyu".
Wiguna kaliyan kanca-kancanipun lajeng sami gumrenggeng, ngrembag panarinipun Darim ingkang makaten kala wau. Sareng sampun sawatawis anggenipun sami rembagan kaliyan gumrenggeng makaten wau, lajeng Wiguna madhep dhateng Darim kaliyan wicanten :
"Sepisan malih kula sakanca ngaturaken gunging panuwun dhateng andika Anakmas Darim, bangkenipun sima punika badhe dipun beta wangsul dhateng Gunungwijil kemawon, kulit, balung, kuku, brengos, untunipun badhe sami dipun rawati. Salajengipun, gandheng wancinipun sampun radi dalu, kula sakanca nyuwun wonten dhanganing panggalihipun Anakmas, kersaa Anakmas dalu punika lerem ing Gunungwijil, awit wonten prakawis ingkang badhe kula aturaken dhateng Anakmas prakawis walatipun Eyang Kepuh ingkang wau sonten kula aturaken".
"Manawi makaten inggih Paman, mangga kula dherekaken" wangsulanipun Darim ingkang lajeng murugi kapalipun badhe diunculi panancangipun lan badhe katuntun kaajak dhateng Gunungwijil muruti pamintanipun Ki Wiguna.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar