Total Tayangan Halaman

Senin, 27 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 49

 

 

49.

Jebul padhusunan ingkang nami Gunungwijil punika boten patos tebih saking wana papanipun Pancuran ingkang criyosipun gadhahanipun Eyang Kepuh niku wau. Watawis namung let sewu jangkah kemawon. Pramila namung sakedhap anggenipun sami mlampah, sampun dumugi griyanipun Wiguna ingkang nglurahi padhusunan mriku niku. Bangkenipun sima ingkang dipun gotong rame-rame dening kanca-kancanipun Wiguna kala wau lajeng dipun selehaken ing plataranipun kalurahan Gunungwijil, ingkang ugi griyanipun Lurah Wiguna piyambak. Sanaosa wancinipun sampun radi dalu, nanging dupi mireng bilih wonten sima ingkang saged kapejahan lan bangkenipun dipun selehaken ing plataran kalurahan, para warga nunten kathah ingkang ndugeni namung saperlu kepengin sumerep wujudipun sima kewan galak ingkang dados rajanipun para buron wana punika. Radin-radin ingkang sami sumerep lajeng sami eram awit saking agengipun sima ingkang meh sak maesa punika. Langkung-langkung nalika dipun criyosi bilih sima punika pejah awit kapupuh mawi tangan lamba dening nem-neman ingkang nami Darim, tiyang-tiyang ugi lajeng sami kepengin sumerep menggah wujuding nem-neman kala wau. Pramila plataran Kalurahan punika sansaya dalu dados sansaya rame.  Sami ningali tiyang-tiyang ingkang nguliti saha ngopeni bangkenipun sima, nanging ugi sami ningali saking katebihan wujudipun Darim ingkang nembe linggih ing jogan pendhapa jejagongan kaliyan Lurah Wiguna lan sawatawis Bayan lan pamonging desa sanesipun.

Dalu punika boten namung tiyang-tiyang jaler ingkang sami rame, nadyan tiyang estri inggih kathah ingkang dipun damel repot, awit Ki Lurah Wiguna nunten mrentahaken dhateng Nyai Lurah supados olah-olah kangge nyugata Darim ingkang kanggep minangka tamu wigatos, ugi kangge tedhanipun para-para ingkang suwau ndherek dhateng pancuran kepuh lan titiyang ingkang samangke ngupakara bangkenipun sima.

Nalika samanten Ki Lurah Wiguna lan para pamong sami rerembagan kaliyan Darim prakawis kawingitanipun Pancuran Kepuh tuwin asringipun Eyang Kepuh ndhawahaken walat dhateng warga ing Gunungwijil, jalaran wonten tiyang ingkang sampun wantun mendhet toyanipun pancuran utawi tumindak ingkang kaanggep lepat dening Eyang Kepuh. Kamangka ingkang nindakaken awisan kala wau dede tiyang Gunungwijil, nanging ingkang nampi walatipun tiyang Gunungwijil.

"Dados Eyang Kepuh punika nggadhahi kasekten ingkang sakalangkung inggil inggih Ki?" Darim nyelani takon marang Ki Lurah Wiguna.

"Mila makaten Anakmas, ugi wadya balanipun Eyang kepuh punika boten saged kawilang cacahipun sedaya sami nggadhahi kadigdayanlangkung-langkung ing babagan nyebar teluh" wangsulanipun Ki Lurah Wiguna.

"Mangke rumiyin Ki Lurah" Darim wicanten malih "ing ngajeng Ki Lurah ngendikakaken bilih Eyang Kepuh punika remen ndhawahaken walat dhumateng tiyang ing Gunungwijil mriki. Punapa estu bilih walat punika estu-estu saking Eyang Kepuh? manawi dede saking Eyang Kepuh, harak sami kemawon Ki Lurah lan para warga sami ndakwa boten sae dhateng Eyang Kepuh? Inggih punapa boten? Kados ingkang kula aturaken dhateng Ki Lurah sonten wau nalika Ki Lurah badhe ndhawahaken pidana dhateng kula, estunipun Eyang Sepuh punika boten bodho lan kagungan sipat ingkang wicaksana, boten remen ganggu damel dhateng tiyang ingkang boten tumindak dosa. Nanging menawi dipun dakwa awon, inggih limrah menawi Eyang Kepuh lajeng dados duka".

"Punika makaten anakmas" wonten salah satunggaling Bayan ingkang sampun radi sepuh nigas rembag wicanten dhateng Darim "pamanggih bilih titiyang ingkang sakit utawi sanesipun punika awit kadhawahan walatipun Eyang Kepuh punika mawi dhasar dados boten namung waton ndakwa".

"Dhasaripun punapa Ki?" Darim gentos pitaken.

"Ing wanci dalu menawi Eyang Kepuh ndhawahaken walatipun punika, ketingal saking mriki wonten kados kembang api ingkang minggah dhateng nginggil wongsal-wangsul, punika tandha ebahing walat" Kabayan Sepuh wau suka wangsulan.

"Kembang api minggah saking ngandhap manginggil? kawastanan tandha teluhipun Eyang Kepuh punika sinten ingkang criyos? punapa wonten ingkang dipun paringi sumerep dening Eyang Kepuh? awit saged ugi punika dede ebahing teluh, nanging tandha sanesipun" Darim wicanten malih nanggapi wangsulanipun Kabayan sepuh wau.

"Ingkang paring pirsa menawi punika tandhanipun teluh punika siswanipun Eyang Kepuh piyambak Anakmas, dados kula lan warga mriki inggih lajeng pitados" ingkang wangsulan gentos Ki Lurah Wiguna.

"Siswanipun Eyang Kepuh? saestu punapa namung tiyang ingkang ngaken-aken minangka siswanipun Eyang Kepuh Ki Lurah? Awit sangertos kula, Titahipun Gusti ingkang sajinis kaliyan Eyang Kepuh makaten punika gadhah wewatakan ingkang meh sami kaliyan kula lan panjenengan, boten ngawur suka midana tiyang ingkang boten dosa" Darim gentos mangsuli wangsulanipun Ki Lurah.

"Lha menawi punikia kula ingkang dereng ngertos Anakmas" wasana Ki Lurah waleh "siswanipun saestu punapa sanes sepisan malih kula boten ngertos, nanging kula pitados jalaran ajrih dhateng piyambakipun".

"Nuwun sewu Ki Lurah" Darim wicanten sareh "siswanipun Eyang Kepuh punika tiyang pundi? asmanipun sinten? kok kula taksih kirang pitados menawi piyambakipun punika estu siswanipun Eyang Kepuh?".

"Inggih Anakmas, asmanipun Ki Ratasu manggenipun ing sabranging Benawi, menawi anakmas ngersakaken kepanggih kaliyan panjenenganipun Anakmas saged tindak mrika".

"Sapa sing kepengin weruh jenengku lan ngendi omahku Lurah Wiguna?" dumadakan wonten tiyang setengah yuswa ingkang minggah ing pendhapa, tanpa taha-taha lajeng nyuwanten sora pitaken dhateng Ki Lurah Wiguna.

Sadaya ingkang sumerep sami pucet praupanipun, ketingal menawi sami ajrih, awit tiyang kala wau ngetingalaken bilih piyambakipun nembe muring. Kawontenan sakala dados tintrim, sepen, boten wonten ingkang wantun cemuwit. Sareng radi dangu boten wonten ingkang nyuwanten, tiyang kala wau taksih kalih ngadeg ngunus pusakanipun wujud wangkingan panjang mawi luk dhapur Nagageni, kalih wicanten :

"Ayo sapa sing nggoleki aku? He aja padha mbidheg wae, tuduhna aku kepengin ngerti wujude menungsa sing degsura kumawani nakokne muride Eyang Kepuh. Kowe kabeh aja ndadak ngenteni nesuku luwih dhisik".

Tiyang sapendhapa sansaya ajrih, malah tiyang-tiyang ingkang wonten ing plataran ugi sami katut ajrih. Sumurup kedadosan makaten kala wau, Darim lajeng ngadeg sarwi ningali tiyang ingkang nembe dugi niku, Darim lajeng wicanten kaliyan suwanten sajak ngece :

"Ooo, ndika ta sing wani-wani ngaku dadi siswane Eyang Kepuh kuwi?".

"He sapa jenengmu Bedhes?" tiyang ingkang naminipun Ratasu punika nggetak kaliyan taken dhateng Darim.

"Nek omong aja seneng bengak-bengok Ki Ratasu, sing kok takoni ora ana sing suda rungon" wangsulanipun Darim kepireng radi muring.

"Ditakoni ora ngaku malah omong kaya wong edan, nek gak budheg kupingmu, ngakuwa sapa jenengmu He?" Ratasu sansaya nemen anggenipun muring.

"Pancen tak sengaja, aku ora mangsuli pitakonmu, merga nek kowe temen-temen muride Eyang Kepuh kowe mesthi wis ngerti sapa sejatining aku, sebab kabeh siswane iya sing bangsa manungsa iya sing bangsa jim kabeh mesthi wis ngerti lan weruh sapa jenengku. Saiki ketok cetha nek kowe mung ngaku-aku lan wis ngapusi wong sak Gunungwijil kabeh, sing luwih gedhe dosamu kowe wis bola-bali gawe pitnah ngucemake asmane Eyang Kepuh kok dakwa seneng nyebar teluh lan nibakne walat marang wong sing tanpa dosa. Kowe kudu nampa pidana Ki Ratasu".

"Keparat setan alas kowe, ngakuwa sadurunge tak sudhet wadhukmu nganggo Kyai Nagageni sing wis ngelak kepengin selak ngombe getih iki" Ki Ratasu nggetak kaliyan ngethungaken wangkinganipun dhateng Darim.

Darim gumujeng latah-latah, babar pisan boten ngreken dhateng Ki Ratasu ingkang praupanipun sampun mbrabak abang mangar-mangar kados ulam yuyu kacemplung ing toya umub.

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...