cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
4.
Ngono kuwi nganti Bagus kelas papat SD. Satemene dening wong tuwane Bagus disekolahne neng Kutha, karepe supaya bisa awor lan duwe kanca-kanca sing drajat lan panguripane ora kaya tangga-tanggane. Nanging jebul, kancane Bagus neng sekolahan sing akeh ya anak-anake wong lumrah, ana sing anake kuli bangunan, buruh pasar, wong tani lan liya-liyane. Siji loro ya ana singt putrane priyayi, nanging cara urip saben dinane ya ora beda karo wong-wong lumrah, beda adoh karo cara urip ing kulawargane ndara Aspes sing isih kenthel karo cara uripe priyayi ing jaman feodal biyen. Suwe-suwe Bagus kanthi sesidheman wiwit wani nerjang aturan sing matesi olehe obah kuwi. Bagus wiwit wani dolan nguwori kanca-kancane, anake wong tani, anake buruh, anake kuli proyek lan sapiturute. Iya yen wayah Bagus sekolah, iya ing wayah sawise mulih saka sekolah. Wiwitane dening Ibu lan mBakyu-mbakyune Bagus kerep disrengeni, nanging Bagus nekad. Luwih-luwih bareng dening Ibune diwadulake marang Bapakne, Bapakne ya ora duka, tegese ora apa-apa Bagus seneng srawung karo anak-anake wong-wong lumrah sing ora karan priyayi . Najanta mangkono, Ibu lan mBakyu-mbakyune uga Mase tetep ora seneng karo cara srawunge Bagus sing ngono kuwi. Nanging Bagus nekad, kanggo njaga perasaanne Ibu lan sedulur-sedulure Bagus ora tau pisan-pisan wae ngajak kanca-kancane dolan menyang omahe.
Lakune wayah ora tau mandheg, terus maju ora tau mundur. Tata panguripan ing masyarakat wis adoh bedane karo jaman sing ditinggalne. Jumbuh karo sansaya akehe wong-wong sing gelem nyekolahne anake, sansaya suwe sansaya akeh wong sing pinter. Sansaya akeh wong sing dadi priyayi. Sansaya cedhak sambunge priyayi karo wong lumrah. Antarane sing dadi Priyayi lan sing dadi Kuli wis ora pati beda, sebutan ndara wis wiwit arang keprungu, owah dadi sebutan Pak lan Bu. Nadyanta mangkono, sisa-sisa rumangsa isih dharah biru, trahing kusuma rembesing madu, isih sok diduweni dening sebageyan priyayi, klebu ing kulawargane Wong tuwane Bagus.
"Saiki iki jamane pancen wis owah Gus" tau sawijining dina Bagus dituturi dening Ibune "antarane Trah kusuma karo turune wong lumrah wis ora katon ana bedane. Nanging kowe ya kudu eling nek jeneng trah kuwi barang sing ora bisa diselaki, mula kowe kudu ngati-ati keneng wae kowe srawung karo wong lumrah sing ora kaiket dening ungah-ungguh, nanging kowe kudu tansah eling, njaga kaluhuraning leluhurmu, aja nganti gawe kucem asmane leluhurmu".
"Nggih Buk" wangsulane Bagus nalika semana.
Bagus duwe pangira yen olehe Ibune paring pitutur kuwi mung pitutur lumrah, lire aja nganti Bagus nindakne gaweyan sing ora pantes lan perkara-perkara sing ora bener, kaya nindakne ma lima lan sapiturute. Mula Bagus sajroning ati tansah eling, aja nganti merga tumindake banjur sing keneng elek mrembet menyang asmane kulawargene, munggahe menyang leluhure. Jebul Ibune duwe kersa kang seje. Bu Asper oleh wadulan saka putra-putrane yen Bagus sing wektu iku wis Kuliah neng Fakultas Hukum UGM Yogya, duwe sambung katresnan karo bocah wedok sing isih sekolah neng SMA KP Kedunggalar. Wektu kuwi neng Kedunggalar durung ana sekolah lanjutan atas liyane SMA KP, sekolahan sing durung duwe Gedhung dhewe, sekolah sing murid-muride akeh-akeh anake wong ora duwe, klebu Karmini sing dadi sir-sirane Bagus.
Sedulur-sedulure Bagus pancen ora seneng yen Bagus duwe sambung katresnan karo bocah wedok sing jeneng Karmini kuwi, merga kajaba anake wong ora duwe, wonmgtuwane Karmini duwe latar belakang panguripan sing ora pati nyenengake. Mak Jiyah kuwi biyen pegaweyane dadi tledhek amen turut ratan, ngiringi siteran karo gong bumbung sing nyiteri Karmin Bengkring, bojone. Nek usum nyadran utawa Bersih Desa, Mak Jiyah ya kerep ditanggap dadi Tledhek sing ngladeni wong-wong padha mbeksa ing adicara Tayub. Kabar sing sumebar Mak Jiyah kuwi kajaba adol suwara karo jogede, iya sok gelem ngladeni wong lanang sing seneng nguja hawa nepsune. Pancen jaman kuwi, ora aneh nek Pesindhen utawa tandhak kuwi nyambi dadi wanita sing nakal.
"Karepmu sir-siran karo anake Karmin Bengkring kulon kali ki piye ta Gus?" sawijining dina Tiok nakoni adhine sing ragil kuwi, wektu kuwi ngepasi dina prei dadi putra-putrine Pak Asper mlumpuk ana omah.
"Ya kaya lumrahe wong sir-siran ngana kae ta Mas" wangsulane Bagus "kaya sampean sir-siran karo Vero kae neh".
"Beda Gus" kandhane Tiok nanggapi wangsulane adhine "aku saiki wis rampung kuliah lan wis arep nyambut gawe banjur hubunganku karo Vero kuwi Ibu karo Bapak wis pirsa kabeh, mBak Tien karo mBak Evie ya wis ngerti, kabeh wis mathuk nek mbesuk kuwi Vero dadi sisihanku. Karepku ki ngene lho, olehmu seneng karo anake Karmin Bengkring kuwi mung kanggo selingan urip apa arep kok gawe tenanan ?".
"Nek karepku ya arep tak ngge tenanan Mas" Bagus wangsulan "aku ora seneng nggawe dolanan atine bocah wadon, klebu atine Karmini putrane Pak Karmin kuwi".
"Aku minangka sedulurmu tuwa duwe kuwajiban ngelingne kowe Gus" kandhane Tiok maneh.
"Ngelingne bab apa Mas? Bab Kuliahku sing tak sambi karo sir-siran iki?" Bagus takon karo mesem "aja kuwatir Mas, aku bisa andum wektu kok".
"Ora bab kuwi!" wangsulane Tiok karo suwara sing sajak luwih serius .
"Lha bab sing endi Mas?" Bagus takon ya serius.
"Bab bocah wadon sing dadi pilihanmu kuwi lho!"
"Bab Karmini ? Ana apa karo Karmini Mas?"
"Kowe apa ora ngerti Karmini kuwi anake sapa? mBoke Karmini kuwi sapa? Bojone Karmin Bengkring kae tledhek Gus, tledhek amen turun ratan, sok-sok ya dadi tandhak tayub, kabeh wong ya wis ngerti nek meh saben wong lanang neng Kedunggalar ki tau ngrasakne kekepane Tledhek Jiyah. mBoke sir-siranmu kuwi wis tau kelonan karo wong sak jagad. Ngerti ?" suwarane Tiok keprungu rada atos olehe ngandhani adhine.
"Kuwi rak Mak Jiyah ta Mas? dudu Karmini? sing tak trisnani kuwi Karmini Mas, dudu Mak Jiyah dadi aja digathuk-gathukne lelakone Mak Jiyah karo Karmini. Merga sak ngertiku Karmini kuwi bocah sing becik, nalika tamat SD wong tuwane ora kuwat ngragati anake sekolah, ketang kepengine bisa pinter Karmini nekad, wani ngrekasa mulih sekolah direwangi buruh-buruh, gresek brambut neng selepan di dol, dhuwite diklumpukne ngge wragat sekolahe. Banjur sawise tamat saka MTs Karmini nerusne sekolah nyang Ka Pe sing mlebune awan, sekolahe disambi ngasag, buruh tandur, matun lan liya-liyane betek-e kepengin pinter. Dadi Mas Tiok ya aja banjur madhakne Karmini karo wong tuwane" Bagus mangsuli olehe ngandhani kakange.
"Iya aku ngerti anake Karmin Bengkring kae pancen bocah sekolahan, ning ya mung sekolahan kelase SMA KP. Arep dadi apa nek wis sekolah nyang KP ?" Tiok takon karo suwara ngece.
"Dadi apa? Sekolah kuwi ben dadi cah pinter Mas" wangsulane Bagus karo suwara rada dhuwur "Mas Tiok aja nyepelekne SMA KP, akeh Mas Lulusan KP sing ketampa neng Pergurun Tinggi Negeri, ora sethithik lulusan KP sing bisa nyambut gawe lumrah kaya kancane, Mas Tiok ya kudu adil dalam menilai, kancaku sing lulusan SMPP sing saiki dadi Panji Klanthung ya akeh Mas".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar