Total Tayangan Halaman

Rabu, 27 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 05

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

5.

Tiok sing rumangsa diwaneni dening adhine wis ora semaur maneh. Bagus ditinggal ngalih ngono wae. Nanging jebul urusane durung rampung, kanthi sesidheman Tiok ngabari mBakyu-mbakyune sing wis padha omah-omah, yen Bagus arep gawe wirange kulawarga. mBakyu-mbakyu lan kangmase ipe, duwe panemu sing padha karo panemune Tiok. Yaiku aran ora pantes yen Bagus sing cetha saka kulawarga kinurmat, nganti duwe hubungan katrisnan karo anake wong sing duwe latar belakang panguripan ora cetha. Sing luwih ndadekne ora pantese, ya kuwi Karmini kuwi anake Karmin Bengkring wong ndesa sing bodho, panjak tledhek amen sing pengasilane kadhang ora cukup kanggo urip sedina. Mengko yen nganti Karmini dadi bojone Bagus tan wurunga ing tembe mburine bakal dadi beban lan sanggane kulawarga thok.

 

"Nanging aku ora bisa mBak" wangsulane Bagus nalika dheweke diceluk supaya mara menyang omahe Sri Hartini, mBakyune saperlu dikandhani supaya medhot anggone sesambungan karo Karmini "aku wis kadhung tresna tenan marang Karmini".

 

"Nek ngono ngene wae Gus" Hartini aweh saran "aku ya ngerti jenenge wong ki nek lagi jatuh cinta ya ngana kae, Nanging awakmu aja banjur mung nyawang Karmini thok. Neng donya iki isih akeh bocah wadon liyane sing luwih ayu, luwih becik sakabehane tinimbang Karmini. Olehmu medhot sesambunganmu karo Karmini ora kudu saiki, nanging karo nyobaa nyawang isen-isening jagad liyane. Mengko kowe bakal kepethuk bocah wedok sing bakal luwih nyocogi atimu, tur ya nyocogi kulawargane dhewe. nek uwis ngono, kowe bakal ora rumangsa kabotan medhot sesambunganmu karo Karmini. Utawa.........".

 

"Utawa piye mBak?" Bagus motong rembuge mBakyune.

 

"Utawa nggonmu seneng marang anake Karmin Bengkring, kaya senenge wong mangan neng warung ngana kae wae, sanajan panganan neng warung kuwi luwih enak, nanging ora saben dina kudu mangan neng warung, merga neng omah wis ana panganan sing luwih sehat lan hyginis. Dadi ya ora apa-apa kowe mangan neng warung, nanging aja banjur panganane kok gawa bali, merga wong saomah ora ana sing seneng karo panganan warung sing rumangsamu luwih enak kuwi. Piye yen ngono ?" kandhane Hartini sabanjure ngiras nggenahne karo sing ditakokne Bagus.

 

Suwe Bagus mung meneng ora nyauri apa sing dikandhakne dening mBakyune. Banjur Harmana, Mase Ipe melu urun rembug :

"Ngene lho Dhik Bagus, jaman saiki iki akeh bocah wedok sing materialis. Aku kuwatir, atake senenge Karmini sing jare anake wong ora duwe kuwi merga mung kepencut karo kaduwekane Bapak lan Ibuk? Mung butuh nunut urip thok? kuwi bisa nyamari lho Dhik".

 

Bagus sepisan maneh ora semaur, mung meneng karo mbesengut. Ulate peteng ndhedhet, kaya wong sing lagi lara untu.

 

"Piye Gus?" Hartini nakoni, sawuse Bagus suwe ora wangsulan.

 

"Aku wis ngreti karo sing dikarepne mBak Tien mau" wangsulane Bagus alon karo sajak ngati-ati "aku genti arep takon marang mBak Tien lan aku kepengin ngerti wangsulane".

 

"Takon apa?" Hartini takon.

 

"Takon rasane dadi wong wedok" wangsulane Bagus.

 

"Aneh, kowe kuwi Gus. Wong lanang kok takon rasane dadi wong wedok".

 

"Sing tak karepne kuwi mangkene lho mBak" Bagus wangsulan sareh "saupama lho, iki ya mung saupama,  saupama dumadakan Mas Har ki duwe simpenan wong wadon liya ngono kepriye rasane? Utawa dumadakan tanpa alasan sing cetha Mas Har ngajokne permohonan cerai nyang Pengadilan Agama ngono mBak Tien bisa nampa apa ora?".

 

"Kowe kuwi sansaya aneh wae Gus" Hartini mencereng "pitakonmu kuwi genah nek pitakonan sing ngawur, Masmu ora mungkin arep selingkuh luwih-luwih njur duwe dhemenan utawa simpenan. Sansaya ngawur maneh bareng kowe takon bab pegatan, Masmu wis janji gak mungkin arep megat aku, pegatku karo masmu kuwi mung nek salah siji ana sing mati luwih dhisik, sok ngonowa saupama masmu sing mati dhisik, aku tetep ora arep golek gantine masmu. Aku trima dadi randha. Kosok baline nek sing mati aku dhisik, janjine masmu ya ora arep rabi maneh. Kowe kuwi takon kok sing neka-neka".

 

"Aku mau wis omong, nganggo tembung saupama" Bagus wangsulan "saupama kuwi ora tenanan, bakune mBak Tien kuwi rak ya ora gelem ta saupama ditinggalne ngono wae karo Mas Han?  mBak Tuen ya emoh ta nek diwayuh karo wanita liya?" .

 

"Nek kuwi wis genah, mbuh wong lanang mbuh wong wedok, bakal lara atine yen nganti ditinggal ngono wae dening wong sing ditresnani. Lan ora ana  jaman saiki iki, wong wedok sing gelem diwayuh tanpa alasan sing genah. Lha wong sing genah-genah wong wedok gabug wae luwung dipegat kok tinimbang digolekne maru" Hartini wangsulan canthas.

 

"Saiki mBak Tien ya kudu ngerti" Bagus nyauti gunemane mBakyune "Karmini kae ya bocah wedok, padha karo mBak Tien. Kamangka Karmini kuwi ya wis kebacut tresna marang aku, kaya aku ya wis kadhung tresna marang dheweke. Saupama dumadakan aku medhot katresnan marang Karmini, apa Karmini ora lara atine?. Luwih-luwih karo sing dikandhakne mBak Tien sing ngongkon aku madhakne olehku seneng menyang Karmini kuwi kaya senenge wong jajan neng warung. Nek aku kepengin aku mara tuku sing tak pengini kuwi mau, nek wis ya terus tak tinggal mulih, ngono kuwi mungguhku mung pantes dilakoni menungsa sing wis kelangan rasa kamanungsane mBak. Menungsa sing ngremehne wong wedok sak pol-pole. Karmini kuwi dudu wadon palanyahan mBak, dudu cah wedok sing nakal sing dhemen lamis ngobral katresnan marang wong-wong lanang sing bejad lan ora bermoral".

 

"Kowe ora sah nemen-nemen mbelani Karmini Gus" Hartini guneman maneh "kabeh wong wis weruh, Karmini kuwi mung anake Karmin Bengkring, mBoke Karmini kuwi Tledhek Amen, Tandhak Tayub sing kulina genti-genti digawani wong lanang neng ngendi-ngendi, wiwit kuli bangunan, tukang blandhong, nganti tekan para priyayi akeh sing wis kelon karo mBoke Karmini kuwi. Dadi aja kok padhakne karo aku utawa wong wedok sing kinurmat........"

 

"Mengko dhisik mBak" Bagus motong rembuge mBakyune "Kabeh wong ya wis ngerti nek Mak Jiyah kuwi Tledhek Amen, Tandhak Tayub nanging mungguhku kuwi lumrah, dodol suwara karo mbarang njoged kanggo golek sandhang pangan, padha karo Titik Sandhora, Erni Johan, Teti Kadi sing dipuja-puja wong akeh, mung kaceke nek bangsane Titik Sandhora utawa Erni Johan kae keragadan, olehe dadi biduan ya nganggo wragad, nek Mak Jiyah mung bandha suwara karo awak thok. Nanging intine padha, padha olehe golek sandhang pangan kanthi gegaman kesenian. Lha nek bab sing jarene mBak Tien, Mak Jiyah kuwi seneng gonta-ganti digawani wong lanang neng ngendi-endi, kuwi mBak Tien weruh dhewe apa mung merga jarene? mBok aja seneng percaya karo warta sing ora ana bukti lan nyatane ta mBak-mBak".

 

"Pancen aku ora weruh dhewe Gus" wangsulane Hartini karo suwara sing disareh-sarehne "nanging ora ana keluk sing tanpa geni. Kabar kuwi wis sumebar neng ngendi-endi lan ora mung saiki wae, nanging wiwit biyen wis ana lan ora ana sing bisa mbantah utawa nggorohake kabar yen mBoke Karmini kuwi ..... lonthe, lonthe sing murahan. Ngerti ?".

 

ana  candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...