MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG
cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
6.
Krungu suwarane mBakyune sing sansaya mendhuwur ngono kuwi Bagus krasa panas atine, nanging bawane isih eling yen sing omong kuwi sedulure tuwa, Bagus nyoba ngandhani atine dhewe supaya sabar. Nanging bareng Hartini nyandhak tembung sing dirasa saru, yaiku nyebut "lonthe" sing ditujokne marang wong tuwane Karmini, satemene Bagus olehe meneng karo nggeget untu, nahan gumronjaling dhadhane sing panas. Jebul wis dienengne ngono kuwi Hartini ora mandheg olehe "nuturi" adhine, isih nerusne olehe omong :
"Dadi nek kowe ora niyat arep gawe kucem lan jember kehormatane kulawargane dhewe, jawabe mung siji kowe kudu pedhot saka anake Karmin Bengkring".
Bagus ngerti nek wis ngono kuwi, ora ana tembung sing bisa ditampa dening mBakyune kajaba kudu manut. Nanging kanggo manut, Bagus genah nek ora bisa. Mula murih ora ndadekne sansaya kisruh antarane dheweke karo mBakyune Bagus banjur aweh wangsulan :
"Ya mBak, kabeh sing mBak Tien kandhakne kuwi mau tak pikir lan tak angen-angene dhisik".
"Mbok pikir lan mbok angen-angen piye?" Hartini ora marem krungu wangsulane Bagus ngono kuwi.
"Ya tak angen-angen dhisik, nek ati karo akalku bisa nglakoni ya mengko tak lakoni, nanging nek atiku ora bisa nampa, aku ya wegah nglakoni urip dadi wong stress merga kudu urip sing antarane lahir karo batin kudu dhewe-dhewe" wangsulane Bagus teges.
"Barang wis genah kaya ngono kok isih alasan arep dipikir dhisik" Hartini suwarane nyengkrek mendhuwur maneh "jane kowe kuwi menungsa sing keneng dikandhani wong tuwa apa ora? pokoke kowe kudu putus karo anake Tledhek Jiyah kuwi, nek kowe tetep nekad sesambungan karo dheweke, angur ora sah ndhaku aku mBakyumu maneh. Aku ora sudi duwe sedulur sing kedanan karo anake lonthe bubrah sing uripe ora genah!".
"Ya mBak, wis cukup ta leh mBak Tien ngandhani aku? Aku pamit arep mulih, Mas Har kepareng aku bali dhisik" ora ndadak ngenteni wangsulan Bagus banjur lunga ninggalne omahe mBakyune.
Atine Bagus dadi pegel ora karuwan, sajroning telung dina wis padudon karo sedulur-sedulure, dina wingenane karo Tiok dina kuwi karo Hartini. Kabeh padha, underaning rembug sing ndadekne padudon mung merga sedulur-sedulure kuwi ora seneng karo wanita sing dadi gantilaning atine. Bagus rumangsa nek sedulur-sedulure kebacut anggone nyampuri uripe. Babar pisan Bagus ora bisa nampa suwara ing pojoking atine sing ngandhani yen satemene olehe Tiok karo Hartini nganti nesu-nesu olehe ngandhani dheweke kuwi jalaran kasurung rasa tresna, rasa tresna sing nuwuhake rasa pangeman marang dheweke. Ngeman aja nganti Bagus kebacut bubrah uripe jalaran nuruti adrenging ati sing lagi kesrimpet rasa trisna marang Karmini sing tumrap Tiok lan Hartini mung wanita remeh sing ora pantes digandrungi Bagus sing putra priyayi luhur lan terpelajar kuwi. Sing luwih dirungokne dening atine Bagus mung suwara sing sijine, yaiku : sedulur-sedulure ora seneng weruh Bagus urip seneng.
Maune Bagus ngira yen Hartini apa dene Tiok sanajan duwe rasa gela lan anyel marang dheweke banjur mandheg olehe duwe karep ngendheg karepe olehe seneng marang Karmini. Nanging pangirane Bagus jebul mleset. Tanpa dingerteni dening Bagus, Hartini karo Tiok ngajak Evie ngadhep Bapak lan Ibune madulake tingkahe Bagus sing dianggep wis nalisir saka bebener lan arep ngucemake kaluhurane jeneng Kulawarga. Kamangka wektu kuwi, ndara Asper kakung kahanane wis lara-laranen, kajaba kadar gula dharahe wis kedhuwuren, jantung lan levere ya wis ora wis mrihatinake. Bola-bali mlbeu metu Rumah Sakit, kanggo mertamba. Dadi ya ora pati bisa menggalih sing rada abot utawa perkara sing serius. Aja maneh kanggo menggalih sing abot, lha wong kanggo njupuk blanja pensiunane wae wis nggawe Surat Kuasa marang Bu Asper. Mula nalika putra-putrane padha ngadhep wadul bab tingkahe Bagus sing wis dianggep nalisir saka bebener kuwi mau, nDara Asper Kakung olehe nanggapi ya ora bisa maksimal. Kabeh banjur dipasrahne marang putusane nDara Asper Putri lan putra-putrane. nDara Asper Kakung mung paring wawasan sethithik adhedhasar pengalaman sing tau dilakoni.
"Lha Bagus endi ta? kudune murih cethane bocahe rak ya kudu ana? Dadi aku bisa krungu panemune lan Bagus ya ben krungu dhewe apa sing dadi panemuku" dhawuhe nDara Asper Kakung sawuse Hartini ngaturake wosing rembug olehe bebarengan adhi-adhine ngadhep bapake.
Wektu kuwi anggone ngendikan nDara Asper karo lenggah sendhen tembok ana ndhuwur amben, nDara Asper Putri, Hartini, Evie lan Tiok padha lungguh kursi ing sisihe.
"Inggih Bapak" wangsulane Hartini "punika Bagus sengaja kula tilap, kula kalih adhik-adhik kuwatos, menawi Bagus dipun ajak lajeng nyuwanten ingkang boten sekeca, kados anggenipun nyuwanten dhateng kula kaliyan Tiok, mangke saged ndadosaken nambahi santer gerahipun Bapak. Inggih nyuwun pangapunten Bapak".
"Iya, iya..." nDara Asper Kakung paring wangsulan "lha banjur olehe Bagus wis nalisir saka paugeraning Kulawarga kuwi wis tekan ngendi? Apa sing wis ditindakne Bagus sing jaremu wis ngucemake kaluhurane jeneng Kulawarga kuwi?".
Hartini karo Tiok banjur gentenan matur, ngaturake oleh Bagus wis nyambung katresnan karo Karmini, anake Tledhek Jiyah. Ora kelalen wong loro kuwi uga matur yen Bagus wis dituturi kanthi becik, nanging wangsulane malah gawe panasing ati. Cekake Bagus wektu iki wis mbeguguk makutha waton, nggugu karepe dhewe, luput suwuk luput sembur, ora gelem nggugu pitutur.
"Dadi Bagus kuwi seneng karo anake Karmin tukang nyiter kae?" nDara Asper mundhut pirsa sawuse Hartini karo Tiok rampung olehe crita.
"Inggih Bapak, yogane Karmin Bengkring rayate Jiyah Tandhak Tayub nika" sing wangsulan Tiok, nggenahne sing dadi wong tuwane Karmini.
"Iya" wangsulane nDara Asper "aku wis ngerti. Biyen Karmin kae tau nulungi aku, pas aku durung dadi Asper biyen".
"Karmin nate nulungi Panjenengan Kang Mas?" nDara Asper Putri sumela takon "kula kok nembe mireng niki ta?".
"Tarah awakmu kuwi lalen kok Bune" nDara Asper nyendhu garwane "wis wola-wali tak critakne ngono lho? Gek awakmu ya melu weruh dhewe, ngono kok".
"Inggih, inggih mbok menawi kula ingkang kesupen Kang Mas" wangsulane nDara Asper Putri .
"Wektu kuwi, aku rak lagi ndelok alas kidul rel sepur sing dirusak dening para Blandhong liar, nganti para Waker lan para Mandhor kuwalahan, kamangka wektu kuwi Jatine isih wujud dholog-dholog sing lagi sapupu gedhene. Andilalah dina kuwi aku lagi tiba apes,aku sing kulinane ora tau cucul sepatu, ndelalah wektu kuwi sepatuku malah tak tinggal neng mobil, aku tiru-tiru para mandhor lan waker mung sandhalan thok. Ora ngerti sangkan paraning bilahi, pas dhuwur polokku sing kiwa disaut lan dicathek ula ijo sing lagi ngadhang laku, golek dalan pati merga lagi meteng tuwa. Kowe kabeh padha ngerti ta? Ula ijo utawa Ula Luwuk kuwi ora ngendhog, nanging meteng lanm bisane nglahirne nek Ula kuwi wis mati lan bosok wetenge, banjur anake sing isih cilik-cilik padha metu lan ura dhewe-dhewe?"
"Inggih Bapak" Tiok sing wangsulan.
nDara Asper ngranggeh gelas isi unjukan neng meja cedhak amben, banjur ngunjuk kanggo nelesi gorokan sing krasa garing.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar