MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG
cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
07.
Hartini karo Tiok satemene rada ora tertarik karo critane Bapake, nanging arep nigas rembug ora ana sing wani. Sidane ya banjur meneng karo nyemak sing dicritakne nDara Asper, karo sajroning atine padha nata ukara kanggo mangsuli yen mengko olehe wadul pranyata ora oleh tanggapan sing cocog karo atine. Pancen nDara Asper Putri karo Evie ora diomongi luwih dhisik kanthi komplit mungguh tumindake Bagus sing dianggep ora bener kuwi. Mula nDara Asper Putri karo Evie padha luwih ketungkul olehe ngrungokne critane nDara Asper.
"Salajengipun kados pundi Bapak? Sawer ijem niku criyose upase sakalangkung mandi? malah boten sekedhik tiyang ingkang dipun cakot saged pejah napa?" Evie malah takon, nalika rada suwe nDara Asper ora ngendika-ngendika.
"Bener" wangsulane nDara Asper nutugne critane "ora gantalan wektu sawuse dicokot ula ijo sing meteng kuwi, Bapak ya terus ngrasakne lara sing ora karuwan rasane. Pepunthoning rembug wong-wong arep nggawa Bapak menyang Puskesmas, nanging wektu kuwi Puskesmas ki isine mung Mantri Kesehatan siji, tugase ngayahi wong sakecamatan lan sing luwih gawe mirising atine Bapak, kedadeyane neng alas Kidul Sontiko kana, mobil operasionale Bapak parkire neng Kaliwowo dadi ya rada adoh. Kamangka wektu kuwi Bapak wis ora bisa ngadeg saking larane, sikil kiwa abuh gedhe, rasane lara campur panas. Ya ndelalah wektu kuwi ana wong lagi gresek enthung jati, dening wong-wong sing dadi anak buwahe Bapak, wong ndesa sing lagi gresek enthung kuwi diceluk dikongkon ngrewangi gawe tandhu kanggo mikul Bapak menyang mobil. Bareng wong kuwi ngerti nek Bapak lagi wae bubar dicokot ula, wong kuwi nembung apa diidini nyedhot upas sing wis mlebu liwat sikile Bapak kuwi. Bapak ya banjur mangsuli yen oleh. Wong kuwi banjur ndelok tatune, jebul isih ana untune ula sing keri, sawise untu ula kuwi disingkirne, tatune Bapak disedhot nganggo cangkem, diencut kanthi ora nganggo rasa jijik utawa rasa gila sethithika. Aneh, bareng bola-bali disedhot diencut ngono kuwi, kira-kira oleh setengah jam ora leren, sikile Bapak wis ora lara maneh. Wong kuwi banjur ngetokne keris sing dibuntel nganggo mori saka sengkelitane. Tatune Bapak ditumpangi keris sing jarene Keris Wesi Tawa kuwi, keris nemplek kaya wesi sembrani nemplek neng wesi ngana kae. Rasane kaya mau tatune Bapak kaya disedhot dening keris kuwi. Bareng kira-kira oleh sak jam, keris sing maune kelet karo sikile Bapak banjur ucul dhewe. Lan senajan isih abuh, nanging wis ora krasa lara maneh. Bapak bali bisa ngadeg lan bisa mlaku.
"Sampun ndara, wisane mpun telas niku" kandhane wong mau karo nglebokne kerise neng buntelan maneh "lha nek tatune niku kersane boten dados bunyik langkung prayogi dibeta teng nggene Tukang Suntik".
Bapak rumangsa seneng atine, banjur ngrogoh sak njupuk dhompet, karepe bapak wong kuwi arep tak opahi. Nanging bareng tak lungi dhuwit, wong mau malah banjur kandha :
"Matur Nuwun nDara, boten ateges nampik rejeki lan peparinge nDara Sinder, kula boten wantun nampi punapa-punapa saking nDara. Jalaran welingipun tiyang sepuh kula, kula boten angsal ngalap opah . nDara Sinder nggih boten sah pekewuh, kula mengke mesthi diwales kalih Gusti Allah".
"Dados tiyange boten purun disukani arta Bapak?" Evi takon maneh.
"Ora gelem, tak peksa-peksa panggah emoh" wangsulane nDara Asper banjur nutugne crita maneh "ora mung kuwi olehe aweh pitulungan marang aku, wong kuwi ya si Karmin kuwi, nalika ngerti nek dholog-dholog neng alas kono padha akeh sing ilang, Karmin menehi saran supaya aku ngangkat Ripta Blandhong dadi pembantu waker. Maune tak kira nek Ripta kuwi sedulure Karmin, jebul dudu malah karo Karmin wonge ya ora pati akrap. Bareng Ripta tak dadekne Pembantu Waker, alas kono dadi aman, merga wong-wong sing kulina maling kayu kabeh padha wedi lan pekewuh karo Ripta sing kondhang nganggo jeneng Ripta Blandhong kae".
"Nggih Bapak" Hartini sing wiwit mau rada anyel krungu critane Bapak-e sing dianggep ngalor ngidul ora ana sambunge karo perkara sing diwadulake semaur "sak niki wangsul dhateng perkawisipun Bagus ingkang boten kenging dipun kandhani anggenipun remen dhateng yogane Tledhek Tayub niku, pripun?".
"Kuwi ta?" nDara Asper wangsulan karo takon.
"Inggih Bapak, kados pundi?" Tiok sing genti takon.
"Nek kuwi pancen rada repot" wangsulane nDara Asper "merga jenenge wong kuwi nek lagi gandrung mesthi ora kena dibendung. Wong kuwi nek lagi seneng, wingka katon kencana ngana kae, dipalangna mesthi mlumpat, didhadhunga mesthi pedhot".
"Nganging menawi ingkang yasa palang niku sentosa inggih boten badhe kiyat dipun lumpati Bapak, menawi ingkang ndhadhung niku dipun eringi kalih ingkang dipun dhadhung, kula kinten inggih boten badhe wantun medhot. Dados inkang saged nyadharaken Bagus punika kantun Bapak kaliyan Ibu. Kula kinten Bapak kaliyan Ibu ugi boten badhe iklas menawi kedah bebesanan kaliyan Karmin Bengkring, sanaosa Karmin Bengkring niku miturut Bapak tiyang ingkang sae. Meskakaken Bagus Bapak, nek ngantos dados mantunipun Tledhek Jiyah" Tiok nigas pangandikane nDara Asper.
"Bener kuwi Yok" nDara Asper Putri melu urun rembug "aku ora bakal lila lan ora bakal ngidini Bagus ngiket katresnan karo sapa kuwi mau ? Karmini ? Gek wong tuwane Karmini kuwi wong apa? apa ya pantes disawang wong nek dadi besanku, besane nDara Asper?".
"Mila saking punika Ibu" Hartini banjur mbumboni rembug "kula lajeng ngajak adhik-adhik matur dhateng Ibu kaliyan Bapak bab punika, supados Bagus purun nggega dhateng pitutur ingkang sae, boten namung nurut kajengipun piyambak makaten punika, kula kaliyan Tiok sampun mbudidaya nuturi, nanging Bagus ngeyel. Pramila samangke kantun Ibu kaliyan Bapak kados pundi?".
"Kados pundi Kang Mas?" nDara Asper Putri genti matur marang kakunge.
nDara Asper njengkerutne Bathuke, katon lagi menggalih marang apa sing diwadulake putra-putrane kuwi mau. Sawuse unjal ambegan landhung, nDara Asper banjur wiwit ngendika :
"Sak jane dening dokter aku iki ora oleh mikir sing abot-abot, jalaran jarene lelara sing tak sandhang iki salah siji minangka tambane ya iku aku kudu sumeleh pikirku. Lha nek aku dikongkon mikir bab iki, bares wae aku ya rada kabotan dadi ya mbutuhne wektu sing rada suwe kanggo aweh kaputusan. Mosok ta Ibune iki ora bisa ngrampungne perkara iki kanthi sabecik-becike?".
"Nyuwun pangapunten Bapak" Tiok sing genti matur "Bagus niku larene nggih makaten nika, wasis micara lan ngengkelan.Lan kula ngertos menawi Bapak punika kedahipun boten kenging manggalih ingkang awrat-awrat, menawi Bagus punika kenging kula kandhani utawi purun nggega pituturipun mBak Tien kaliyan Mas Har, estunipun prakawis punika boten badhe ngantos dumugi ing ngarsanipun Bapak. Nanging, gandheng Bagus niku "keras kepala" boten wonten ingkang dipun ajrihi kajawi Bapak lan Ibu, inggih kula kaliyan mBak Tien, kapeksa lajeng sarujuk badhe ngaturaken bab punika dhateng Bapak saha Ibu".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar