Total Tayangan Halaman

Jumat, 29 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 08

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

08.

Kahanan dadi sepi, kandhane Tiok marang Bapakne sing keri dhewe kuwi ora enggal ditanggapi. Malah nDara Asper ketok bola-bali ngincangake alise diselani pasuryan sing murung ketok nek lagi sungkawa penggalihe. Hartini karo Tiok ora wani nyawang Bapakne sing ngono kuwi, Evie sing ora pati nggatekne perkarane Bagus, bareng weruh  Bapake ngono kuwi dadi kuwatir, nguwatirake lelarane Bapake banjur kumat maneh.  Meneng-meneng Evi thukul rasa mesakne marang wong tuwane, sanadyan wis sepuh nanging isih dipeksa kudu melu mikir urusane bocah nom sing tenane ya wis padha diwasane.

 

"Bapak, menawi sayah kagem sareyan mawon, Bapak" Evie guneman ngaturi Bapake supaya sareyan "sampun dipenggalih sanget-sanget prakawisipun Bagus punika, mangke rak inggih wonten solusi piyambak".

 

"Iya" nDara Asper wangsulan alon "aku mau wis kandha, nek saiki iki aku ora bisa mikir abot, nanging arepa kaya ngapa Bagus kuwi anakku, dadi ya tetep dadi tanggung jawabku".

 

"Inggih Bapak" Evie semaur "punika leres, nanging nggih kedah diunggahne nggih diandhapne, sampun ngantos gara-gara menggalihaken perkawisipun Bagus lajeng Bapak gerah malih".

 

"Ngeten mawon Kang Mas" nDara Asper Putri udhu panemu "perkawis nuturi pun Bagus, kapasrahna mawon dhateng kula lan lare-lare, bakenipun Kang Mas sampun mutusaken bilih boten karenan ing penggalih menawi Bagus nekad boten purun medhot katresnanipun dhateng yogane Karmin Bengkring. Ngaten kemawon, kados pundi Kang Mas?".

 

"Ngene ya Ibune lan kowe anak-anakku kabeh" nDara Asper ngendika alon nanging cetha "nek perkara Ibune emoh besanan karo Karmin, Tien, Tiok karo Evie ya ora gelem duwe sedulur ipe Karmini, kuwi hakmu kabeh. Nanging Bagus kuwi ya duwe hak dhewe, merga Bagus kuwi ya wis gedhe tuwa, padha karo aku lan kowe. Aku ya bisa lan kena-kena wae duwe karep emoh duwe besan Jiyah sing jaremu Tandhak Tayub kuwi, nanging aku ora bisa meksa supaya Bagus murungne tresnane marang wong wedok sing dadi pilihane".

 

"Kok makaten Bapak?" Tiok ndengengek takon karo nyawang Bapak-e.

 

"Rungokna, biyen nate ana crita sing nyata!" nDara Asper wangsulan.

 

"Kok crita malih ta Bapak? Wau mpun crita Sawer Ijem, sak niki crita napa malih?" Hartini genti sing takon "lajeng prakawisipun Bagus niki pripun?".

 

"Rungokna dhisik!" nDara Asper semaur kanthi suwara rada sereng "nek pancen kowe bosen karo critaku, ngaliha kana!, Ben kowe ora krungu!".

 

"Sampun makaten ta Kang Mas" nDara Asper Putri meper dukane Kakunge "kajengipun putrane Panjenengan boten makaten punika, namung kedaya kepengin enggal prakawisipun Bagus punika padhang".

 

"Inggih Bapak, Tien nyuwun pangapunten" Hartini melu matur "mangga Bapak kula aturi paring dhawuh".

 

"Biyen, ana bocah lanang sing ditinggal mati ibune nalika ibune nglahirake bocah kuwi" nDara Asper wiwit ngendika maneh suwarane alon nanging isih cetha dirungokne "Banjur nalika bocah kuwi umur limang tahun, genti Bapake sing mati katut dadi kurban nalika ana geger tahun patang puluh wolu, dadi bocah lanang kuwi wis lola nalika umur patang tahun. Gandheng ditinggal mati dening wong tuwane kathik ya ora ditinggali barang sing pengaji, bocah lanang kuwi banjur ora ana sing tertarik gelem ngopeni. Nanging Gusti Allah kuwi Maha Adil lan Maha Murah. Neng Desane bocah kuwi ana wong sing jenenge Tum Koplak, wong wedok tilas wong nakal sing bareng wis ora payu, banjur madeg yasa Koplakan kanggo papane para wong wedok palanyahan ngladeni nepsune wong lanang bejad. Bocah lanang sing wis lola kuwi banjur diopeni dening Tum Bejad, didadekne anak pupone. Ndelalah kersane Gusti Allah, bocah lanang kuwi diparingi pikiran sing rada lantip, nalika wiwit mlebu sekolah ketok nek neng kelas bocah sing pinter dhewe, mula banjur diasihi lan ditresnani dening guru-gurune. Bareng wis lulus Sekolah Dasar, dening Tum Koplak bocah lanang kuwi ora disekolahne maneh, nanging wiwit dikongkon nyambut gawe ngrewangi dheweke sing wis berjasa ngopeni wiwit ditinggal mati Bapakne biyen. Kamangka Bocah lanang kuwi kepengin banget bisa nerusne sekolahe. Ndelalah maneh, Kepala Sekolah SD panggonane bocah lanang kuwi sekolah ngerti sing dadi pepenginane muride kuwi. Banjur kandha menyang Tum Koplak supaya bocah lanang sing dadi anak pupone kuwi diidini nerusne sekolah menyang ST.

 

"Kula mpun boten kuwat ngragati sekolahe lare niku Pak Mantri Guru" wangsulane Tum Koplak marang Kepala Sekolah SD mau.

"Ya wis, ngene wae"  wangsulane Pak kepala Sekolah  "mengko sing ngragadi aku, bubar sekolah ben ngrewangi sampean nyambut gawe, nek bengi ben turu nggonku karo ngancani sinau anak-anakku. Piye?".

 

Wekasane Bocah lanang kuwi bisa sekolah tenan, mlebu nyang ST. Awit adile sing Kuwasa, lulus saka ST banjur bisa mbacutake sekolah maneh, jalaran dening gurune didherekne sedulure sing neng Kutha sing gelem ngragadi sekolahe nganti lulus, nanging sasuwene sekolah ya kudu gelem dadi pembantune sing didhereki klawan ora dibayar babar pisan. Bareng wis lulus sekolahe banjur oleh gaweyan neng Perhutani.  Sing kira-kira wektu kuwi akeh sing ngguyu, yaiku nadyan bocah lola, dadi anak pupone germa sing bejad, bocah kuwi ya njawa jatuh cinta barang. Gek sing disir kuwi ora baen-baen, putrane punggawa onderan, trah Kraton Mangkunegaran, darah biru sing sugih mblegedhu, tur duwe rupa ayu. Sing kira-kira dianggep nggumunake, lha kok bocah wedok sing disir kuwi ya duwe katresnan sing gedhe, tulus lan suci, marang bocah lola anake pupon mbok-mbokan lonthe kuwi. Wong tuwane bocah wedok kuwi genah ora lila nek putrane dirabi bocah lanang sing mung dadi pegawe rendhahan neng Perhutani, kathik ora genah asal-usule pisan. Nanging putrane nekad, wekasan wong tuwane ngentuki, nanging bubar dirabi kudu lunga saka omah kono. Lan wekasane, klakon bocah loro sing wis padha senenge kuwi nikahan lan wiwit urip bebrayan tanpa ana sing mbantu panguripane. Awit saka pitulungane Gusti Allah, rejekine pasangan sing ora pati oleh restu saka wong tuwa kuwi lancar lan sempulur. Wong tuwane bocah wadon banjur rawuh menyang panggonane putrane, bocah lanang sing ora jelas asal-usule kuwi ditampa sawutuhe dadi bageyan kulawarga kinurmat kuwi, malah banjur disuwunake titel pakurmatan menyang Pura Mangkunegaran, jalaran jarene wis kinawruhan yen Bapake bocah lanang sing ilang katut geger tahun patang puluh wolu kuwi jebul isih trah Mangkunegaran. Anggone jejodhowan lestari nganti tuwek, saiki wis duwe anak papat, wedok loro lanang loro, mantu loro putune siji.  Ibune eling apa ora sapa bocah lanang sing neng crita kuwi?".

 

"Injih Kang Mas kula kemutan" wangsulane nDara Asper Putri karo ndhingkluk.

 

"Kowe Tien, Tiok lan Evie padha ngertia, bocah lanang kuwi ora liya ya Bapakmu iki, mula nek dikongkon mrentah Bagus supaya medhot sesambungane karo anake Karmin, aku ora bisa" nDara Asper ngendika maneh.

 

"Nanging kula tetep boten purun menawi dados besane Jiyah Tandhak Tayub punika Kang Mas"  nDara Asper Putri ngukuhi panemune.

 

"Kula nggih  boten purun gadhah adhik ipe Karmini Bapak" Hartini numpangi rembug.

 

"Aku ya ora bisa meksa Bagus supaya manut kowe kabeh lan aku ya emoh meksa kowe kabeh supaya manut Bagus. Mungguhku Bagus kuwi wis bisa mikir dawa, aku ora arep melu nyampuri perkara iki. Nek Bagus nekad kaya critane Ibumu jaman biyen, aku ya ora apa-apa. Nanging nek Ibune bisa ngendheg lakune Bagus sing lagi kesandhung wuyung kuwi, aku ya ora ngluputake. Sabanjure, mongsa bodhowa Ibune karo Tien, Tiok lan Evie. Aku aja dijak mikire sing abot-abot dhisik".

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...