cathetan cekak kanggo
ni made siti asih
dening : Bapakne Lintang
09.
Jalaran pangandikane nDara Asper sing mangkono kuwi banjur dening nDara Asper Putri karo Hartini lan Tiok dienggo pancadan kanggo ngandhani Bagus murih gelem medhot sesambungane karo Karmini. Evie sing luwih sreg karo panemune Bapak-e milih meneng, ora melu-melu. Satemene olehe nDara Asper ora wani tegas mbelani Bagus ya jalaran kajaba kahanane sing ora sehat, uga sebab sawuse ninggalne Rumah Dinas sawise pensiun, banjur manggon neng omah kono kuwi, pekarangan saomahe pisan kuwi kabeh gawane nDara Asper Putri olehe maringi wong tuwane. nDara Asper dhewe ora kagungan apa-apa kajaba ya mung sebagian isen-isene omah, kuwi wae dituku bebarengan karo nDara Putri. Dadi kasarane ngono, ing samubarang perkara nDara Asper akeh ngalahe marang garwane.
Padha nalika Bagus dipepet Ibune supaya gelem ninggal Karmini lan golek wanita liya kanggo ndidadekne pacare, Bagus ya tetep kukuh ora gelem mundur. Nanging Ibune Bagus ora kaya Tiok utawa Hartini sing mung bisa pegel lan gela merga kalah bantah karo Bagus, nDara Asper Putri merga oleh panyurung saka putra-putrane banjur kawetu ucap sing banget nglarakne ati.
"Cekake ngene Gus" ngendikane nDara Asper Putri sawuse Bagus panggah wangkal ora gelem nurut karo dhawuhe Ibune "anakku ora mung kowe, kabeh padha manut lan miturut apa sing dadi karepku, kabeh pituturku padha digugu, mung kowe dhewe sing ora kena ditata. Yen kowe panggah ngugemi sing nglakoni ki kowe, ana apa-apa sing ngrasakne lan sing nanggung kowe dhewe, ya wis ilang-ilangan endhog siji, aku ora apa-apa. Nek pancen kowe nggugu karepmu dhewe, aku ora lila kowe ngidak lemah sing dadi duwekku, aku ya ora lila wong sing ora nurut karo pituturku nggunakne apa wae sing dadi kuwasaku. Kowe kena ninggalne omah kene, sasenengmu arep manggon neng ngendi. Aku ya wis ora bisa maneh maringi sangu lan mbayari kos-kosan karo biaya kuliyahmu, kabeh terserah marang kowe, aku ora bisa meksa wong sing nggugu karepe dhewe".
Bubar ngendika ngono kuwi, nDara Asper Putri terus jumeneng, klepat ninggalne Bagus sing lungguh ijen dheleg-dheleg neng kursi ruang tengah. Apa sing dingendikakne Ibune keri dhewe kuwi mau, dudu tembunge bocah cilik, dudu tembung guyonan, nanging tembung sing tenanan. Ing atine Bagus tuwuh rasa getun, dene dheweke ora bisa nggugu apa sing dadi kersane Ibune. Minangka anak pancen wajibe mbangun miturut karo pituture wong tuwane lan nyatane Bagus ora bisa ngono kuwi. Anggone bagus ora gelem nuruti kersane Ibune kuwi uga ora merga mung nggugu karepe dhewe utawa tanpa pawadan sing kanggo mikuwati penemune. Wiwit Bagus mambu yen arep ditaker wareg karo wonmg tuwane, Bagus wis nimbang-nimbang kanthi adil, nuruti karepe sedulur-sedulure sing bakal nuwuhake rasa sedhih lan laraning atine Karmini, munggahe tekan Pak Karmin Bengkring karo Mak Jiyah. Apa nuruti suwaraning atine sing ora gelem pisah karo Karmini, sing bisa nuwuhake wong tuwa lan sedulur-sedulure dadi gething marang dheweke sarta bisa ndadekne dheweke kelangan daya lan kekuwatane, merga wewayangane Karmini saben dina ora bisa ilang saka plupuking mripate. Saking angele nggone arep njupuk kaputusan bab iki, Bagus banjur nemoni Ustadz Syaifulloh, ahli agama tilas Santri Pondhok Gontor, sing banjur nerusne Sekolah neng Madinah, Arab Saudi.
"Wajibe dadi anak niku kudu manut lan boten wani kalih tiyang sepuh Mas Bagus" kandhane Ustadz Syaifulloh Huda nalika ditemoni neng masjid bubar shalat jum'at "pintera nganti bisa njara langit paribasane, sregepa sembahyang nganti kapalen bathuke, kerepa sedhekah nganti entek kabeh bandhane, niku sedaya saged muspra tanpa guna menawi boten purun bekti kalih tiyang sepuhe, sanadyanta tiyang sepuhe niku tiyang kapir upaminipun, anak tetep wajib bekti dhateng tiyang sepuh".
"Dados sedaya dhawuhipun tiyang sepuh kedah dipun lampahi nggih Pak Ustadz?" Bagus takon maneh "sanaosa dhawuh kala wau menawi dipun lampahi saged nuwuhaken kamadlaratan dhateng awakipun piyambak lan tiyang sanesipun?".
"Mangke rumiyin" Ustadz Saifulloh Huda wangsulan karo mesem "kula ambali malih, wajibe anak niku bekti dhateng tiyang sepuh. Bab nglampahi dhawuhipun tiyang sepuh punika benten malih, kedah dipun tliti lan dipun timbang rumiyin, dhawuhipun punika klebet dhawuh ingkang sae punapa dhawuh ingkang boten leres, napa dhawuh ingkang limrah kemawon. Dhawuh ingkang sae, inggih punika dhawuh ingkang jumbuh kaliyan piwucaling Gusti. Dhawuh ingkang boten leres, inggih punika dhawuh ingkang nalisir saking prentahing syarak, upaminipun kadhawuhan nindakaken maksiyat, demel kapitunaning tiyang sanes, damel kapitunaning raga lan sapiturutipun punika kedah boten kenging dipun lampahi, sanaosa ugi boten lajeng ngicalaken bektinipun anak dhateng tiyang sepuh. Dene dhawuh limrah, upaminipun tiyang sepuh dhawuh nek jum'atan didhawuhi ngagem sarung murih langkung pantes, lajeng awakipun piyambak ngagem clana panjang ingkang sopan, punika inggih boten napa-napa, sanadyan langkung sae menawi ngagem sarung murih damel renanipun tiyang sepuh".
"Inggih Pak Ustadz" Bagus wiwit ngerti karo apa sing didhawuhne Ustadz Sayifulloh Huda "sakniki upami wonten tiyang sepuh ingkang dhawuh dhateng yoganipun murih medhot talining katresnan, punika kedah dipun lampahi punapa boten?".
Ustadz Syaifulloh meneng sedhela, sajake nggagas apa sing dikarepake dening Bagus. Pancen kabar nek Bagus kuwi sir-siran karo Karmini wis akeh sing padha krungu. Lan akeh sing padha ngrasani yen Karmini kuwi bocah pinter ning bodho. Pinter ketitik akeh sing ngerti nek neng sekolahan Karmini kuwi klebu bocah sing pinter. Bodho merga gelem nampa katresnane Bagus, putrane nDara Asper. Tan wurunga mesthi ditampik dening Kulawargane Bagus lan Karmini tiwas lara ati. Mula Ustadz Syaifulloh ngati-ati banget olehe mangsuli pitakone Bagus sing kaya mangkono kuwi.
"Niku wonten warni kalih Mas Bagus, nanging bakenipun ingkang dados paugeran niku lelandhesaning dhawuhipun" Ustadz Syaifulloh wiwit nerangne jawaban pitakone Bagus "landhesan dhawuh punika awit saking dhawuhipun agami napa boten. Menawi ingkang dados landhesan punika dhawuh agami, upaminipun ingkang dipun tresnani punika ahli maksiyat, remen tumindak awon lan boten kenging dipun emutaken, inggih sampun sak trepipun menawi dhawuh punika dipun lampahi. Nanging, menawi lelandhesanipun awit saking, nuwun sewu, pangkat, drajat, semat lan sanesipun punika miturut kula inggih boten wajib dipun gugu. Langkung-langkung, menawi ngantos awit pedhoting katresnan punika saged damel sakiting manahipun tiyang sanes, menawi kula pilih boten nglampahi dhawuh ingkang boten jumbuh kaliyan piwusaling agami".
"Makaten nggih Pak Ustadz?"
"Punika kala wau pamanggih kula lho Mas Bagus" wangsulane Ustadz Syaifulloh "saged leres, ugi saged lepat. Cobi Mas Bagus mundhut pirsa dhateng tiyang sanes ingkang langkung pana ing babagan punika. Dene dhasar kula : wonten piwucal ingkang wosipun makaten bilih wanita punika nggadhahi daya tarik sekawan prakawis inggih punika, rupa ingkang ayu, bandha ingkang kathah, drajat ingkang luhur lan taat dhateng agami, sinten ingkang kapencut awit taatipun dhateng agami, mangka badhe manggih kabegjan dene menawi tiga sanesipun, estu badhe kedhuwung ing tembenipun. Punika meh sami kaliyan dhawuhipun KGPAA Mangkunagara IV bilih jalaranipun tiyang jaler kedhuwung ing wingkingipun punika jalaran sekawan prakawis, kapisan myat warna ayu, ping kalih melik wong sugih, kaping tiga kawibawan dene ingkang angka sekawan kasrimpet ing sambang sarawungan kados dene rokok lan kinang ingkang kawungkus ing tembung manis rinuket mrih asmara".
"Inggih, Matur nuwun Pak Ustadz"
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar