Total Tayangan Halaman

Sabtu, 30 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 10

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

10.

Kanthi sangu jawaban saka Pak Ustadz Syaifulloh Huda kuwi Bagus mutusake ora arep nggugu omongane sapa wae sing ngongkon supaya medhot katresnane marang Karmini. Amarga wong-wong sing ngandhani dheweke supaya mutus olehe sesambungan karo Karmini kuwi sing dienggo landhesan merga mung gebyaring kadonyan, klebu merga Karmini anake wong ora duwe, Karmini anake wong sing tau dadi wong nakal, anake Tandhak lan sapiturute. Ora ana sing gelem padha noleh githoke dhewe, rumangsane wong kuwi nek wis dadi wong elek banjur selawase dadi elek terus, kamangka Gusti Allah wae wis janji bakal paring pangapura marang kawulane sing nandhang dosa lan gelem mertobat ora mbaleni tumindak sing elek. Wong-wong kuwi padha ora gelem nyawang kaluwihane Karmini sing duwe tekad bisa dadi wong becik sanadyan anake wong sing wis oleh cap elek, ketitik milih sekolah ya sekolah sing akeh mulangake agama, kuwi merga Karmini ngrumangsani yen wong tuwane ora bisa aweh piwulang agama marang dheweke.

 

Bagus uga tansah keprungu wangsulane Karmini nalika Bagus takon ya gene Karmini gelem karo dheweke.

 

"Kula boten ngertos Mas" wangsulane Karmini nalika samana "rumaos kula Mas Bagus niku tiyang jaler sing sae, ngoten mawon".

 

"Kok bisa ngarani aku iki wong becik? dhasare apa?" pitakone Bagus maneh.

 

"Nggih, Mas Bagus tiyange sopan boten remen ngremehaken sinten kemawon, remen tetulung dhateng ingkang mbetahaken pitulungan lan boten nate nyenggol kula kados limrahipun tiyang pacaran, amargi Mas Bagus ngajeni kula, dereng kenging dipun senggol saderengipun sah dados garwanipun" wangsulane Karmini .

 

"Iki saupama lho" Bagus banjur kandha.

 

"Saupama pripun Mas?" Karmini takon.

 

"Saupama aku ora dikeparengake dening wong tuwaku ngrabi awakmu, banjur aku nekad metu saka omah mung konthal kanthil kathok thok, tegese malih dadi wong sing ora gableg apa-apa, apa awakmu isih tresna karo aku?" Bagus nggenahne olehe gawe saupama.

 

"Menawi Mas Bagus wantun makaten, raosing tresna kula badhe sansaya ageng Mas, manggena wonten ngandhap kreteg waton Mas Bagus tresna kaliyan kula kula inggih badhe ndherek kanthi senenging manah" wangsulane Karmini tegas.

 

Saiki Bagus kudu ngadhepi kanyatan sing bener-bener ana, kanyatan yen sedulur-sedulur lan wong tuwane wis luwih seneng Bagus ilang tinimbang dianggep gawe wirang. Ibune sing selawase uripe tansah dibekteni, digugu kabeh pituture, bareng sepisan wae dheweke ora gelem nurut sing dadi kersane wis tega ngucapne : ilang-ilangan endhog siji. Bagus banjur thukul watak kasatriyane, arep netepi watak bawa leksana, ya iku anetepi apa sing diucapne. Tanpa pamit marang sapa-sapa, sawuse nDara Asper Putri jengkar saka palenggahane, Bagus tumuli mlebu kamare. Sandhangane diringkesi dilebokne ransel, banjur budhal lunga ninggalne omah. Ora numpak apa-apa, mlaku ndharat wae.

 

Sing dijujug dening Bagus nggone Pak Paruntungan, wong keturunan Batak sing bukak kos-kosan kanggo bocah sekolah. Bagus nembung arep melu indekost ana kono.

 

"Lho sampean ki rak putrane Pak Asper sing isih Kuliah neng Yogya apa neng Sala kae ta?" Pak Paruntungan takon merga gumun "Kok arep kost nang kene iki apa aku gak salah dengar iki?".

 

"Ora Pak Paruntungan" wangsulane Bagus karo ngguyu "aku kepengin sukses kaya Sampean, arep sinau urip mandiri wiwit saiki, nek aku neng omah terus uripku dadi manja, pikiranku dadi ora bisa encer, makane aku kepengin ndherek kost neng kene, rak isih ana kamar ta?"

 

"Waa, sampean kuwi cocok karo jenenge Bagus, bagus pikirane ya bagus wonge" Pak Paruntungan ngalem marang Bagus "Oke, kamar kanggo sampean isih ana, mangane pilih kaya Pak Guru sing kost nang kene kae? Apa padha ambek Cah sekolah ? Apa makan di luar ?"

 

"Aku tak pilih mangan neng jaba wae Pak Paruntungan".

 

Wiwit kuwi Bagus urip mandiri tenan. Wiwit mikir carane golek dhuwit kanggo nguripi awake dhewe. Pak Paruntungan kuwi duwe usaha neng Biro Teknisi Listrik, gaweyane mborong instalasi listrik ing omah-omah nggone wong sing arep pasang listrik anyar. Bagus banjur nembung melu ngerneti dadi pegawene Pak Paruntungan. Kanggo njaga asmane wong tuwa lan kulawarga, Bagus ora gelem nandangi gaweyan sing cedhak karo omahe wong tuwane, samar nek konangan dening sedulur-sedulure banjur diwadulne wong tuwane maneh. Bagus ora wedi nek nganti disrengeni, nanging Bagus wedi nek ndadekne nelangsane Bapak-e sing wis lara-laranen.

 

Melu nyambut gawe melu Pak Paruntungan kuwi sing ndadekne Bagus malih gelem nglakoni sembahyang limang wektu kaya lumrahe wong sing ngrasuk agama Islam. Merga Pak Paruntungan kuwi duwe keyakinan, usahane bakal sansaya maju nek kabeh pegawene gelem taat nindakne kuwajiban agamane. Pak Paruntungan dhewe sing nggilut Agama Protestan, ora tau lowok olehe ngibadah neng gerejane. Bagus uga ditawani nek kabotan nindakne kuwajiban agamane oleh ngalih pindhah agama melu dheweke lan ngibadah bareng-bareng kaya Pak Paruntungan. Nanging Bagus milih ora sah ngalih agama, banjur wiwit gelem nglakoni sembahyang limang wektu. Pak Paruntungan uga seneng, nek nganti wayahe sembahyang Bagus ora enggal sembahyang Pak Paruntungan uga ora sungkan-sungkan ngelingake.

 

Oleh telung tahun Bagus mondhok neng nggone pak Paruntungan lan nyambut gawe neng BTL-e, anuju sawijining dina Bagus krungu kabar yen nDara Asper seda neng Rumah Sakit. Bagus rumangsa susah lan sedhih sing ora karuwan rasane. Dheweke banjur pamit marang Pak Paruntungan arep bali endhang omah sedhela. Bagus ya ora kandha nek dina kuwi Bapak-e seda.

 

"Nek endhang omah aja suwe - suwe Mas Bagus" kandhane Pak Paruntungan aweh tutur "nek sampean nginep di sana sampai lebih tiga malam, sampean bisa kembali jadi anak manja, usaha lan perjuangan sampean selama iki bisa berantakan".

 

"Iya Pak, aku gak suwe kok neng omah" wangsulane Bagus sing banjur budhal menyang daleme wong tuwane.

 

Tekan daleme wong tuwane, Bagus ora ditampa becik minangka anak sing arep ngabekti kanggo sing keri dhewe marang wong tuwane. Malah dening ibune diunek-unekne ora karuwan.

 

"Ora sah mindhak-mindhik mrene kowe Gus" ngendikane nDara Asper Putri nalika Bagus arep nyedhaki layone Bapak-e "merga klakowanmu sing ora keneng ditata, mung beteke ngeboti anake tandhak, kowe wis tega karo wong tuwamu dhewe. Kowe ngerti merga klakowanmu kuwi sing ndadekne Bapakmu dadi cendhak yuswane. Saiki kowe imbas-imbis mrene, durung lega ya atimu ngerti Bapak-mu gerahe sansaya santer sing banjur dadi lan sedane iki?".

 

Isih akeh maneh sing dingendikakne dening nDara Asper Putri kanggo nguman-uman Bagus. Ora mung nDara Putri dhewe sing nyelathu lan ngundamana Bagus, nanging klebu Tiok lan Hartini uga melu guneman akeh-akeh sing intine nyuntak rasa anyel merga Bagus sing didakwa dadi lantaran sedane Bapak-e.

 

Emoh ndedawa wirang merga disawang lan dilrungokne wong nglayat sapirang-pirang, ora suwe neng omah kono Bagus banjur lunga ninggalne layone Bapak-e.  Atine ora nrimakne dibruki kaluputan sing ora ditindakne, merga lungane saka omah dudu karepe dhewe, nanging merga ditundhung dening Ibune. Bagus banjur bablas menyang kuburan, melu ndhudhuk lemah gawe luwangan, kanggo nyarekne Bapake, minangka tandha yen dheweke tetep ora ninggal bekti marang wong tuwane.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...