59.
Ajar Pawaga ketingal sakalangkung suka
penggalihipun mireng wangsulanipun Darim ingkang makaten punika. Darim piyambak
inggih remen manahipun, awit mila saestu Darim emut bilih umuripun sampun
wancinipun emah-emah, malah menawi kaukur kaliyan tiyang sanes mbok menawi
kenging kawastanan radi kasep. Ajar Pawaga nunten nimbali Rara Sumarni ingkang
pranyata anggenipun kesah boten tebih, namung ndhelik amping-amping warana
sangajenging kori senthong, pramila sadaya pirembaganipun Ajar Pawaga lan Darim
sampun kapireng.
"Ngger, Rara Sumarni" dhawuhipun
Ajar Pawaga sasampunipun Rara Sumarni mlebet malih dhateng senthong
"Anakmas Darim wis tak tari lan kersa minangkani panyuwunmu, mula murih
rancaging laku saiki timbalana Cantrik Sukmana sarta Cantrik Kadima mrene,
bakal Bapa dhawuhi murih anekseni , anggone Anakmas Darim nampa dhawuhing Bapa
yaiku anjatukrama awakmu".
Enggaling cariyos ing dinten punika ugi
kalampahan Darim kadhaupaken kaliyan Rara Sumarni. Tigang dinten candhakipun,
nembe kawontenaken pahargyan prasaja kados limrahipun tiyang jejodhowan.
Kabekta saking raos tresna ingkang makantar-kantar, inggih ing manahipun Darim
punapa dene ing manahipun Rara Sumarni, kekalihipun nunten amangun bebrayan
kanthi raos sakalangkung ing mulyanipun .
Darim sampun supe dhateng kasagahanipun dhateng Kanjeng Sunan Kudus, sampun
lali kaliyan pamitipun dhateng Nyi Ageng Tingkir. Ugi sampun boten
ngangen-angen malih murih enggala saged manggihaken Mas Karebet ingkang nembe
lelana brata. Awit sadaya sampun katutup kaliyan katresnanipun dhateng Rara
Sumarni, ingkang tuhu wanita ingkang sakalangkung bekti ing kakung.
Nalika anggenipun jejodhowan sampun
ngancik setunggal tahun langkung sakedhik, anggenipun nggarbini Rara Sumarni
sampun ketingal ageng lan sampun anyaketi wancinipun peputra. Mangertosi
kawontenan ingkang makaten kala wau, bebasan rinten dalu datan saged ginggang
sarambut antawisipun Darim kaliyan Rara Sumarni. Awit saestu Darim boten tega
nilaraken semahipun ingkang sampun nyaketi wancinipun babaran. Nanging anuju
satunggaling dinten, Rara Sumarni kepengin nedha uwohipun kawis ingkang witipun
thukul ing wana sacaketipun papan panggenanipun Darim kapanggihaken dening Ajar
Pawaga rumiyin.
"Kangmas duka kenging punapa
dumadakan salebeting manah kula wonten pepenginan ingkang beneh kaliyan
padatan, kadospundi punika Kangmas?" wicantenipun Rara Sumarni dhateng
Darim.
"Pepenginan sing tuwuh ana atine
wanita sing nembe nggarbini kuwi sok dudu saka karepe dhewe Nimas"
wangsulanipun Darim "nanging awit saka panyuwune jabang bayi sing isih ana
kandhutan. Mula rupane pepenginan uga beda karo padatan, mara gage kandhakna
putraku sing ana kandhutanmu kepengin apa?".
"Inggih Kangkmas" Rara Sumarni
wicanten "dumadakan wiwit kala dalu kula kepengin sanget nedha wohipun
Kawis ingtkang witipun thukul ing wana sacaketing papan kepanggihipun Kangmas
kaliyan Bapa duk rikala samanten. Kamangka kula inggih mangertos bilih woh
Kawis punika boten eca dipun tedha manawi boten dhawah piyambak saking witipun.
Awit saking punika Kangmas, mugi welasa dhateng kula, kula nyuwun dipun
lurokaken Kawis ingkang mateng , kados ingkang kula aturaken kala wau
Kangmas".
"He he he" Darim gumujeng mireng
panyuwunanipun Rara Sumarni makaten punika "jebul mung sepele panyuwunane
anakku. Yen mangkono, saiki aku tak budhal nggoleki woh kawis sing sira
kandhakne mau Nimas".
Darim lajeng bidhal dhateng wana badhe
luru woh kawis, saderengipun bidhal Darim taksih kober pamitan saha nitipaken
semahipun dhateng marasepuhipun nenggih Ajar Pawaga. Nanging Darim lajeng dados
gumun, sumerep mara sepuhipun ketingal
kaget sareng Darim matur bilih badhe pados woh Kawis ing wana.
"Teka aneh temen sing dijaluk Rara
Sumarni kuwi?" Ajar Pawaga wicanten kados dhateng awakipun piyambak.
"Aneh kados pundi Bapa?" Darim
nyuwun pirsa "tiyang namung nyuwun Woh Kawis ingkang witipun boten tebih
saking mriki kemawon lho Bapa?".
"Pun Bapa kandhani ya Ngger"
pangandikanipun Ajar Pawaga dhateng Darim "yen mung wujude barang sing
dijaluk, kuwi pancen katone panyuwunan sing lumrah, mung jamaking woh. Nanging apa
anakmas ngerti sapa sing kagungan wit Kawis sing thukul ana alas kana
kae?".
"Gajegipun taneman ingkang thukul ing
wana punika harak boten wonten ingkang gadhah ta Bapa?" Darim wangsulan
setengahipun mancasi dhawuhipun Ajar Pawaga "menawi wonten ingkang gadhah,
lajeng sinten ingkang kagungan Bapa?".
"Sumurupa Anakmas" Ajar Pawaga
paring dhawuh "wit Kawis kae sanajan gedhene mung sakmana, nanging kae
umure isih luwih tuwa tinimbang umure simbah-simbahku. Wit Kawis kae dumadi
saka Teken sing ditancepake, yaiku tekene sawijining Brahmana Suci sing nglakoni
tarak brata ing papan kono kuwi. Ujaring kandha nyaritakne Sang Brahmana Suci
kuwi iya awit saka gedhening subratane banjur kaparingan nugraha bisa manjing
Alam Sipatollah lan Alam Apngalollah sak ragane, gandheng anggone ngambah Alam
loro mau kanthi raga wadhag sing wutuh, dadi Sang Brahmana Suci kuwi uga bisa
banjur bali ing Alam Kang Kasatmata iki. Dadi yen Anakmas kepengin sumurup sapa
sing kagungan wit Kawis kae, wangsulane ya mung siji sing kagungan ya sing
kagungan teken sing ditancepake kuwi, yaiku Sang Brahmana Suci kuwi mau.
Samengko gandheng wis cetha sapa sing kagungan, dadi yen ana wong njupuk
gogrogane Kawis kae, yen nganti ana ora lilane sing kagungan, bisa nuwuhake
walat sing nggegirisi".
Darim lajeng kemutan dhawuhipun Kanjeng
Sunan Kudus bilih Ki Ageng Pengging rumiyin anggenipun seda inggih sarana
manjing dhateng Alam Apangalollah, namung bentenipun menawi Ki Gedhe Kebo
Kenanga sasampunipun manjing ing alam Apngalollah boten wonten cariyos malih
bilih nate wangsul dhateng Alam ingkang kasatmata punika. Gegayutan kaliyan
ingkang dados panyuwunipun Rara Sumarni, Darim lajeng gadhah tekad badhe
manggihi Brahmana Suci ingkang kagungan wit Kawis punika.
"Manawi makaten Bapa" aturipun
Darim dhateng Marasepuhipun "boten wonten margi sanes kangge minangkani
panyuwunipun semah kula pun Rara Sumarni kajawi kedah kepanggih kaliyan Sang
Brahmana Suci ingkang Tekenipun samangke dados Wit Kawis punika. Inggih awit
saking punika, mugi Bapa Ajar keparenga paring pangestu, kula badhe bidhal
manggihi Sang Brahmana Suci kala wau".
Ajar Pawaga unjal ambegan landhung,
katandha nembe ngraosaken sekeling penggalihipun. Nanging ugi lajeng ngendika
dhateng mantunipun :
"Yen pancen wis dadi antebing tekadmu
awit saka gedhening rasa tresane Anakmas marang anakku si Rara Sumarni, ora ana
pawadan liya tumraping bapa kajaba kudu mangestoni marang lekase Anakmas kang
mangkono kuwi mau" Ajar Pawaga kendel sakedhap anggenipun ngendika, lajeng
ngedalaken gebyas alit isi toya ingkang lajeng kaulungaken dhateng Darim
sinartan pangandikan "sing ana jerone Gebyas iki aran Tirta Rasa Kundha
mara Anakmas tampani".
Darim lajeng nampani gebyas ingkang dipun
ulungaken marasepuhipun punika. Gebyas dipun sawangi.
"mBok menawa kanthi sarana ngunjuk
tirta rasa kundha kuwi, Gusti bakal paring nugraha temah Anakmas bisa luwih
gampang nggone arep marak ing ngarsane Sang Brahmana Suci kuwi".
Darim nunten mangertos menggah karsanipun
Ajar Pawaga paring gebyas isi toya Tirta Rasa Kundha punika dhumateng
piyambakipun. Mila boten gantalan wekdal, tutuping gebyas lajeng dipun bikak,
toya ing salebetipun dipun langga telas tigang ceglokan. Sasampunipun rampung
anggenipun ngombe Tirta Rasa Kundha, darim lajeng pamitan dhateng marasepuhipun
badhe dhateng ngandhaping wit kawis ingkang kedadosanipun saking teken punika,
badhe madosi Sang Brahmana Suci.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar