60.
Lampahipun Darim sampun dumugi
sangandhaping wit Kawis ing wana sacaketipun anggenipun dhawah ing jurang. Ing
ngriku Darim sumerep wonten woh Kawis ingkang sampun gogrog cacahipun tiga,
dening Darim woh wau dipun klempakaken ing poking wit, lajeng Darim mapan
linggih ing satunggaling oyot ingkang ketingal, nunten sendhen wit Kawis kala
wau, miwiti mangsah samadhi. Ing salebeting ciptanipun Darim meminta
nugrahaning Gusti mugi anggenipun kepengin kepanggih kaliyan ingkang kagungan
wit kawis ingkang wohipun badhe kaalap punika sageda enggal kasembadan.
Darim ngeremakaken mripatipun lan nata
medal mlebeting napas, sarwi lambenipun amuji boten kendhat anyebut asmaning
Allah. Dumadakan wonten angin sumilir ingkang kraos seger, ndugekaken ganda
arum mangambar, kados gandanipun sekar melathi. Ing wiwitan sumiyuting angin
lan ganda arum mangambar-ambar punika boten dipun paelu babar pisan, nanging
sansaya dangu sansaya kraos andulek salebeting irung. Wasana Darim mbikak
mripatipun kepengin sumerep punapa ingkang sampun kedadosan.
Saiba cingakipun Darim dupi sumerep
ingkang wonten ing ngajeng, wingking lan kanan keringipun? Menawi kala wau
saderengipun Darim mangsah semedi ingkang katingal inggih kekajengan ingkang
ageng-ageng sarta gegrumbulan bebondhotan, samangke sedaya sampun ical. Ingkang
katingal samangke Darim linggih ing babut permadani rupi ijem, ingkang ginelar
ing patamanan ingkang endah, kathah manekawarni sesekaran ingkang katingal
tinata kanthi sae, ing salebeting jembangan ingkang warni-warni. Sedaya sami
ngedalaken sekar ingkang nuwuhaken ganda arum seger. Ing salebeting raos cingak
Darim nggaagas, nginten manawi sampun manjing Alam Sipatollah. Inggih punika
alam ingkang mapan ing antawisipun Alam Datullah lan Alam Apngalollah. Inggih
Alam antara ingkang kathah kpanggenan dening titahing Gusti saking jinis Jim,
Setan, Peri Prayangan. Ingkang inggih nggumunaken, woh kawis ingkang wau dipun
klempakaken samangke taksih wetah gumlethak ing ngajengipun.
"Assalamu'alaikum...." dumadakan
saking sisih kananipun Darim wonten tiyang dugi lan ngucapaken uluk salam.
"Alaikum salam" kaliyan raos
kaget Darim wangsulan, lajeng ngulati sinten ingkang nembe dugi, ingkang nunten
ndadosaken Darim sakalangkung remenipun.
"Pangling karo aku Darim?"
tiyang ingkang nembe dugi kala wau taken kaliyan mapan lenggah ing sacaketipun
Darim linggih.
"Sembah tuwin pangabekti kula mugi
katur Bagindha......" Darim manembah dhateng ingkang nakeni. Jebul ingkang
nembe rawuh punika Kanjeng Bagindha Kilir, ingkang rumiyin nate manggihi Darim
saha paring gegaman kangge mbabad wana ing Kedhungtuwung.
"Pangabektimu wis tak tampa
Darim" wangsulanipun Bagindha Kilir kaliyan mesem, kalajengaken pandangu
"ya gene nganti awakmu kedarang-darang tekan kene Darim? apa sing kok
upadi?".
"Nyuwun pangapunten Bagindha"
Darim wangsulan kaliyan nangkebaken tanganipun ing dhadha "inggih awit
saking kula tinangisan semah ingkang nembe ngandheg yoga kula, ingkang kepengin
nedha wohipun Kawis ingkang miturut ngendikanipun Bapa Ajar Pawaga, wit kawis
punika kedadosan saking tekenipun Brahmana Suci".
Darim lajeng nyariyosaken lelampahanipun
ingkang sampun emah-emah kaliyan Rara Sumarni putranipun Ajar Pawaga ing
Padhepokan Sigawok, ngantos dumugi anggenipun mapan semedi ing sangandhaping
wit Kawis, ingkang nunten wonten kedadosan ingkang nggumunaken manahipun
punika.
"Punapa samangke kula mapan ing
alaming Sipatullah Bagindha?" sasampunipun rampung anggenipun cariyos
Darim lajeng nyuwun pirsa dhateng Bagindha Kilir.
"Mesthine oraa tak blakani sliramu
wis ngerti Darim" Bagindha Kilir wangsulan kaliyan esem ingkang boten ucul
saking lathinipun "jalaran, awakmu wis tau lan wis nglakoni manjing ing
alam sipatullah, yaiku nalikane awakmu sepisanan ketemu karo aku biyen".
"Inggih nyuwun pangapunten
Bagindha" Darim matur "awit saking cubluking manah, kula dados
tidha-tidah kaliyan kawontenan ingkang nembe kula panggihi".
"Ya sokur nek awakmu duwe rasa
rangu-rangu, jalaran sumurupa nalikane ora ana rasa rangu-rangu ing atimu,
sliramu nate keplantrang adoh banget. Ora mung adoh mungguh papane, nanging uga
adoh ing mangsa kalane" Bagindha Kilir ngendika .
"Nuwun sewu Bagindha" Darim
ingkang boten mangertos kaliyan pangandikanipun Bagindha Kilir ingkang nembe
kaucapaken punika, nunten nyuwun pirsa "mugi Bagindha kersaa paring dhawuh magepokan kaliyan pangandikan ingkang
nembe kemawon kadhawuhaken, awit saestu Darim dereng mangertos kaliyan wosing
dhawuh Paduka Sang Bagindha".
"Darim sumurupa, kawiwitan saka rasa
kesel lan sayah ing atimu, merga kowe ora enggal bisa nemokne Jaka Tingkir
utawa Mas Karebet banjurolehmu nggoleki iya mung waton mlaku ngono wae, iya apa
ora?" Bagindha Kilir ngendika lan ndangu dhateng Darim.
Darim ingkang ngrumaosi ing lepatipun saha
ngleresaken pangandikanipun Bagindha Kilir lajeng wangsulan
"Inggih Bagindha. Darim nyuwun
pangaksami".
"Aja nyuwun pangapura marang aku,
merga luputmu kuwi luput marang awakmu dhewe" Bagindha Kilir paring
wangsulan, kalajengaken ngendika malih "iya awit saka luputmu iku sing
ndadekne sira ora weruh lamun wis keplantrang adoh nggonmu lumaku. Sapisan
lakumu wis adoh ninggalne laladan Demak, Pengging apa dene Tingkir nganti tekan
pereng kulon Gunung Sindara. Kaping pindho sliramu wis kasedhot puseraning
mangsa kala, utawa ubenging wektu. Yaiku awakmu kasedhot lan kober mandheg ing
jaman kang dumadine limang atus tahun kepungkur".
Mireng dhawuh ingkang pungkasan makaten
punika kala wau, Darim kaget lan bingung piyambak.
"Cethanipun kados pundi Bagindha?
inggih awit saking bodhonipun Darim, Darim sepisan malih boten mangertos
kaliyan dhawuhipun Bagindha" Darim matur ngrerepa ing ngarsanipun Bagindha
Kilir.
"Sumurupa Darim, Padhepokan Sigawok
saisine, klebu Ajar Pawaga, Rara Sumarni lan para cantrik sing ana kana kae
kabeh, kuwi anane ing jaman limang atus tahun kepungkur dadi ing jaman saiki,
yaiku jamane Darim urip, patilasan-patilasane Padhepokan Sigawok wae wis akeh
sing ilang kapangan dening jaman. Dadi satemene, Darim wis kasedhot puseraning
mangsa temah balik ing jaman sing wis kawuri limang atus tahun kepungkur. Saiki
kari awakmu milih sing endi? Milih urip mbalik ing jaman limang atus tahun
kepungkur kumpul bareng karo Rara Sumarni?
Apa milih urip ing jamanmu dhewe, yaiku jaman saiki iki?"
Darim lajeng dheleg-dheleg, boten
mangertos kados pundi anggenipun badhe mikir lelampahan ingkang kados makaten
punika.
"Yen awakmu milih tetep urip ing
jamane Rara Sumarni, mangka kabeh sing tau kok lakoni sadurunge awakmu tekan
ing Padhepokan Sigawok bakal ilang kabeh. Awit ing jaman semana durung ana sing
diarani Kasultanan Demak, durung ana sing aran Sultan Trenggana, Sunan Kudus,
Ki Ageng Pengging, Kademangan Kedhungtuwung lan liya-liyane, awit anane sing
tak sebutne iku kabeh sawise limang atus tahun maneh sawuse anane Padhepokan
Sigawok. Ewa samono, ing sajroning pikiranmu tetep isih kelingan karo sing tak
sebutake kabeh mau, jalaran pancen kowe kuwi titah sing urip ing jaman saiki.
Mula yen nganti sawijining dina kowe ketrucut nyebut sing tak sebutake mau mangka
wong liyane bakal ngarani kowe wong sing wis owah pikire. Kosok baline yen
Darim milih urip ing jamane dhewe, mangka lelakon sing tau kok alami karo Rara
Sumarni, Ajar Pawaga lan Padhepokan Sigawok bakal dadi kaya dene lelakon sing
dumadi ing swajroning impen sing banjur ilang sawise Kowe bali tangi saka
anggonmu turu".
Bagindha Kilir mungkasi pangandikanipun,
Darim lajeng legeg dheleg-dheleg rumaos puteg salebeting nalaripun.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar