62.
Darim ningali praupanipun tiyang punika
lajeng tuwuh welasipun. Lajeng enget kaliyan pawelingipun Bagindha Kilir bilih
woh kawis ingkang dipun panggih, ingkang suwaunipun badhe kasukakaken dhateng
Rara Sumarni, supados dipun sukakaken dhateng tiyang ingkang mbetahaken.
Nanging tiyang kala wau oten nyariyosaken punapa ingkang dipun pengini dening
semahipun. Mila Darim inggih boten lajeng nyukakaken woh kawis cacah tiga
ingkang dipun gembol punika, ngentosi wicantenipun tiyang punika punapa ingkang
dipun pengini semahipun, menawi ingkang dipun pengini estu woh kawis, mangka
mangke badhe kasukakaken. Manawi ingkang dipun pengini lintunipun woh kawis
mangka Darim badhe mbudidaya nyukani pambiyantu.
"Estunipun ingkang dipun pengini
semah kula punika inggih namung sepele Ki" tiyang wau wicanten malih
"nanging ngepasi boten mangsanipun awoh".
"Dados semah ndika niku nyidham
woh-wohan makaten Kisanak? woh punapa niku? pelem? manggis punapa jinising
jambu?" Darim pitaken.
"Ingkang dipun pengini woh kawis
ingkang dipun rucuh Ki" wangsulanipun tiyang wau "emanipun, nalika
kula pados dhateng margi prapatan ingkang wonten witipun Kawis, nedheng boten
wonten uwohipun, sampun malih kok ingkang sepuh sedheng pentilipun kemawon nuju
boten wonten. Kamangka sangertos kula, wontenipun wit Kawis punika inggih
namung ing margi prapatan kilen mrika thok. Lintunipun kula dereng nate
tumon".
Darim mesem, manahipun kraos lega.
Pawelingipun Kanjeng Bagindha Kilir pranyata estu boten ngayawara. Darim lajeng
mendhet woh kawis cacah tiga ingkang dipun beta saking alam sipatullah kala
wau, saking pethukanipun.
"Punapa ingkang dipun pengini semah
ndika uwoh ingkang kados makaten punika Kisanak?" Darim nedahaken uwoh
kawis punika dhateng tiyang wau.
Tiyang wau ndengengek nyawang ingkang wonten
tanganipun Darim, ketingal kaget semu bingah, lajeng wicanten :
"Inggih Ki, leres owoh kawis punika
ingkang kula padosi. mBok wonten rilaning penggalih ta Ki, kaparenga Kaki kersa
nyade barang satunggal uwoh punika dhateng kula".
"Boten sah tumbas Kisanak"
wangsulanipun Darim kaliyan mesem remen "mila woh kawis cacah tiga punika
sengaja badhe kula caosaken dhateng sok sintena ingkang mbetahaken. Gandheng
samangke kula sampun kepanggih kaliyan ingkang mbetahaken uwoh punika, mangka
mangga kula aturi nampi woh punika kula caosaken dhateng ndika, mugi saged
dados leganing manahipun semah lan yoga ndika ingkang taksih wonten ing kandhutan".
"Ngaturaken panuwun Ki" tiyang
wau nampani kawis saking tanganipun Darim sarwi wicanten, mripatipun ketingal
kekembeng luh ketang trenyuhipun "boten nyana boten ngimpi, bilih ing
papan punika kula sampun kepanggih Titahipun Hyang Maha Agung ingkang kautus
maringaken nugraha dhumateng kula lan semah kula".
"Sampun kaduk manah ingkang kados
makaten Kisanak" wangsulanipun Darim "kula punika namung tiyang
limrah ingkang nuju kekesahan sapurug-purug, ngetut jangkahing suku lan
krenteging manah. Andilalah kemawon kula kepanggih kaliyan ndika niki wau.
Sampun samangke langkung prayogi menawi ndika lajeng wangsul murih Kawis punika
saged enggal dipun rucuh dening semah ndika. Kula piyambak inggih badhe
nglajengaken lampah mangetan madosi Kademangan Kedhungtuwung".
"mBok Inggih kaki kepareng mampir ing
gubug kula? paring pandonga basuki dhumateng semah kula mugi kaparingan
wilujeng, wilujeng ingkang dipun kandhut ugi wilujeng ingkang ngandhut"
tiyang punika nedhi supados Darim mampir ing griyanipun.
"Matur nuwun lan nyuwun pangapunten
Kisanak" wangsulanipun Darim "kula boten saged mampir dolan ing dalem
ndika, inggih mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Gesang paringa kawilujengan
dhumateng nDika sabrayat".
"Manawi makaten kula nyuwun brekahing
nami kangge anak kula ingkang dipun kandhut semah kula Ki" tiyang wau
wicanten nedhi nami kangge anakipun.
Darim mesem, wewayanganipun Rara Sumarni
katingal liwat ing ngajengipun. Darim lajeng wicanten dhateng tiyang jaler kala
wau :
"Inggih menawi nDika purun ngangge,
menawi Yoga ndika mangke medal jaler kapringana nami Darim Lelana dene menawi
medal estri kaparingana nami Rara Sumarni".
Tiyang jaler kala wau sakalangkung remen
kaliyan nami ingkang dipun sukakaen pun Darim. Sasampunipun wongsal-wangsul
ngaturaken panuwun, lajeng wangsul dhateng griyanipun ing Dhusun Sogen. Darim
piyambak ugi lajeng nglajengaken anggenipun mlampah, nilar papan patilasanipun
Padhepokan Sigawok ingkang samangke sampun santun nakmi dados Dhusun Gawok.
Ingkang warganipun nembe ngawontenaken upacara sadranan caos dhahar dhateng
mBah Waga saha mBah Raramarni, ingkang kinten-kinten nami sanes saking Ajar
Pawaga lan Rara Sumarni.
Kados ingkang dipun wecakaken dening
Bagindha Kilir, Darim samangke saged cecolotan antawisipun Alam Datullah, Alam
Sipatollah saha Alam Apngalollah. Pramila anggenipun mlampah Darim ugi sok-sok
mawi liwat margi limrah, nanging ugi asring liwat margi ingkang boten kasat ing
mripat. Sareng dumugi ing Kademangan
Kedhungtuwung, Darim dados sakalangkung eramipun. Samangke Kedhungtuwung sampun
sakalangkung reja. Pategilan lan Pasabinan sampun kathah lan wiyar-wiyar. Malah
ing antawisipun pategilan lan pasabinan ugi sampun wonten pinten-pinten
padhusunan ingkang warganipun ugi boten sakedhik. Sami gesang salebeting
kacekapan, katingal saking griyanipun ingkang ageng-ageng, plataran ingkang
jembar-jembar, sami ngingah raja kaya maesa punapa dene sapi. Ugi boten
sakedhik ingkang ngingah jaran ingkang ageng-ageng. meh saben griya wonten
lumbungipun, lumbung kangge nyimpen pantun. Sedinten wetah Darim mlampah
ngiteri Kademangan. Nanging estu Darim boten kepanggih tiyang ingkang nate
dipun tepangi. Nalika Darim badhe nuweni ing griyanipun para muridipun nenggih
: Sambada, Lampit, Anggara, Guritna miwah Kartika, ingkang rumiyin kapasrahan
minangka cikal bakaling Kademangan Kedhungtuwung, pranyata sedaya griyanipun
titiyang kala wau sampun boten wonten. Miturut petanganipun Darim manawi
pranatan lan paugeran ingkang dipun damel lan dipun sarujuki kaliyan Cikal
Bakal gangsal rumiyin, mesthinipun ingkang jumeneng dados Demang ing
Kedhungtuwung punika mesthinipun taksih salah satunggal saking Cikal Bakal
cacah gangsal, tilas siswa saking Paguron Gunung Bancak . Utawi sak
boten-botenipun anak utawi putunipun salah satunggal saking tiyang gangsal kala
wau. Darim gadhah grenjet kepengin
manggihi Demang Kedhungtuwung, nanging ngemuti kaliyan kawontenan Darim lajeng
tidha-tidha. Punapa Demang Kedhungtuwung pitados kaliyan piyambakipun punapa
boten? Gek-gek mangke malah Darim dipun wastani tiyang ingkang ngawu gawar?
tiyang ingkang namung apus-apus murih pikantuk tedha?.
Darim lajeng kemutan dhateng papanipun
sepisanan kepanggih kaliyan Bagindha Kilir, ingkang lajeng kababad sapisanan
kangge yasa padhusunan. Inggih ing mriku sepisanan Darim yasa langgar kangge
papan manembah dhumateng Gusti Allah. Langgar ingkang ngadeg ing sapinggiring
lepen alit, wonten sangandhaping wit
Mertega, uwit ingkang kulitipun cemeng
nanging uwohipun abrit. Darim lajeng alon-alon mlampah angulati . Sareng
sampun saantawis, Darim dumugi papan ingkang dipun padosi. Griya ingkang
rumiyin dipun angge lerem, samangke ugi sampun boten wonten, langgaripun ugi
santun dados wewangunan alit, boten wonten gedhegipun, nanging malah dipun
ubengi kaliyan pager saking banon ingkang sae. ing joganipun langgar ketingal
kathah sekar-sekar ingkang sampun sami garing, tumpuk-tiumpuk kandel. Wonten
tumang padupan kangge ngobong menyan. Ing sisihipun langgar kathah tilas sunduk
panggang ayam ingkang dipun tancepaken ing siti ketingal kados pager. Darim rumaos gumun semu boten mangertos punapa
ingkang sampun kedadosan ing Kademangan ingkang rumiyin piyambakipun ingkang
miwiti babad, labet nindakaken dhawuhipun Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak.
Dumadakan darim ndhangak, ing panging
Mertega katingal wonten budheg ireng ingkang nembe sekeca linggih sendhenan wit
mertega. Darim boten pangling, budheng ireng punika ingkang rumiyin nate dipun
sumerepi nalika sapisanan Darim dumugi mriku.
"Yen ndika kepengin ngerti apa sing
wis dumadi, tak tunggu rawuh ndika ing Alam Sipatollah" Budheng Cemeng
punika dumadakan wicanten mawi basaning batin dhateng Darim.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar