63.
Darim sampun manjing salebeting Alam
Sipatollah, nenggih alaming tilem utawi alaming pangimpen saraganipun pisan.
Ing mriku Darim nglebeti satunggaling gubug alit ingkang mapan ing sapinggiring
lepen. Jebul ing salebeting niku sampun wonten tiyang ingkang nembe linggihan
ing lincak, tiyang jaler ingkang umur-umuranipun ketingal sampun radi sepuh.
Ngagem seruwal cemeng rasukan cemeng, boten nganggte jarik lan ugi boten
udheng-udhengan. Rambutipun ingkang panjang dipun gelung manginggil, sedaya
sampun warni pethak.
"Kene Ki, linggih kene" tiyang
jaler punika mbagekaken duginipun Darim "nek arep rerembugan perkara bumi
babadan ndika iki pancen luwih kepenak nek neng kene iki, ora ana sing
ngrusuhi".
Darim inggih lajeng mapan linggih ing
saceketing tiyang wau, mripatipun boten kedhep tansah ngulati tiyang ingkang
derengt dipun tepangi niku.
"Aja kaya wong sing durung tau
klambrangan neng Alam Sipatollah ngono kuwi, Ki Darim" tiyang niku wicanten
malih "aku sing ngajak ndika mrene mau lho. Jenengku Pragosawulung, sing
biyen prajurit playon saka Blambangan, merga kleru laku banjur salin rupa dadi
wujud Budheng kaya sing ndika weruhi mau".
Darim kemutan Budheng Cemeng ingkang wau
linggihan ing pang Mertega. Mila sareng tiyang wau nepangaken dhirinipun, Darim
inggih lajeng mangertos.Lan kepengin nedhi katrangan dhateng Ki Pragosawulung
babagan kawontenan ing Kedhungtuwung ingkang sampun benten tebih kaliyan jaman
saderengipun katilar rumiyin.
"Gajege ndika rak wis diparingi weruh
karo Sang Hyang Ijo ta Ki Darim?" Ki Pragosawulung taken, sareng Darim
dangu boten wicanten punapa-punapa.
"Diparingi weruh ing babagan apa Ki
Pragosawulung?" Darim nembe nyuwanten nangkletaken ingkang dipun
kajengaken dening kancanipun rembagan.
"Murih ora kaget lan ora gumun yen
sumurup Kedhungtuwung wis beda adoh karo jaman sadurunge ndika tinggal
ngumbara?" Ki Pragosawulung nggenahaken pitakenipun.
"Mula bener Ki" wangsulanipun
Darim ngleresaken pitakenipun Pragosawulung "Bagindha Kilir pancen wis
meling mangkono marang aku".
"Yen wis oleh sasmita saka Hyang Ijo,
Yagene ndika isih katon clilang-clileng kaya wong sing lagi bingung? Teka ndika
ing papan tilas babadan ndika iki duwe kersa arep mbaleni pagaweyan lawas,
mbanjurne dhawuh timbalane Kanjeng Sultan Trenggana biyen apa arep nindakne
dhawuh pungkasan sing ndika tamapa saka Bagindha Kilir?" .
Dipun tlemak kaliyan pitaken ingkang
makaten kala wau, Darim lajeng unjal ambegan radi landhung. Emut bilih nate
kesandhung ing warata kabentus ing tawang tuwung, ingkang lajeng kasandhangan
dosa ingkang kedah katebus mawi patobatan.
"Satemene wis gilig tekadku Ki
Pragosawulung" Darim wicanten mangsuli panlemakipun Ki Pragosawulung
"aku bakal nindakne dhawuhe Kanjeng Bagindha Kilir, nanging aku mbutuhne
papan kanggo tak panggoni sajrone aku nindakne laku patobatan iki, mula aku
banjur nggoleki omahku sing biyen, uga langgar sing tau tak degne, nanging
jebul kahanane wis dadi kaya mangkene, mula jeneng ora aneh yen aku kudu
mikir-mikir piye carane kanggo miwiti laku nindakne dhawuhe Bagindha Kilir sing
tak tampa mau".
Ki Pragosawulung gumujeng nggleges mireng
wicantenipun Darim ingkang makaten kalawau. Sareng sampun sawatawis wekdal
lajeng wicanten malih :
"Lelakon sing ndika alami iki ora
adoh bedane lelakon sing tak alami jaman semana Ki Darim, biyen papan kene iki
adoh sadurunge ndika teka kene, papan kene iki tau ana padhukuhan cilik sing
tak wangun karo kanca-kancaku sing keplayu sawuse Gusti Bre Wirabumi gugur ing
madyaning perang Paregreg. Nanging nalika padhukuhan iki tak tinggal ngendhangi
Blambangan, ana kedadeyan sing ora tak weruhi sing ndadekne padhukuhan sing tak
pasrahne kanca-kancaku nalika samana dadi bubrah lan dipanggoni wong liya sing
durung tau tak tepungi. Kang mangkono iku iya awit saka luputku dhewe, jalaran
nalika aku endhang menyang Blambangan aku kesandhung oyot mimang ing dalan
temah ngambah dalan sing sasar kepilut kepengin duwe umur sing dawa, sing jebul
wekasane malah aku salah daden dadi wujud Budheng kaya sing ndika sawang mau.
Nalika aku bali tekan kene, wong neneka sing ngrebut padhukuhan babadanku saka
kanca-kancaku sarana numpes kabeh kancaku kuwi padha olehe kepengin luwih
kuwasa, mula banjur dadi perang karo kancane dhewe sing wekasan kabeh ora ana
sing ngukub asile. Awit padha olehe sampyuh rebutan barang sing tenane dudu
duweke. Banjur papan kene iki bali mbalik kaya jaman sadurunge tak babad. Maune
aku kepengin ndandani padhukuhan sing wis rusak iku, nanging gandheng aku wis
luwih krasan mapan ing Alam Antara ya alam Sipatollah kanggo nglakoni laku
patobatan, mula tak pikir ora ana gunane aku ndandani padhukuhan yasanku kuwi.
Mula nalika nDika tekan kene banjur karawuhan Bagindha Kilir jaman semana, aku
ya banjur rumangsa seneng. Luwih-luwih bareng papan kene dadi sansaya reja
merga tekane wong-wong Gunung Bancak kae sing banjur disusul wong-wong liyane.
Nanging senenging atiku kuwi dadi owah bareng ana kedadeyan sing meh padha karo
kedadeyan ing Kedhungtuwung jamanku biyen".
Anggenipun Darim mirengaken cariyosipun Ki
Pragosawulung sakalangkung ing estunipun. Temah sakecap boten kober nyelani.
Nembe sareng anggenipun cariyos Ki Pragosawulung kendel lan sawatawis boten
dipun lajengaken, Darim nunten wicanten kaimbuhan pitakenan :
"Dadi lelakon ndika kuwi meh padha
karo lelakonku Ki Pragosawulung, bumi iki biyen tau direbut dening wong-wong
neneka sing banjur numpes kabeh kanca ndika sing sabanjure wong neneka sing
sinung watak angkara kuwi ya banjur padha tumpes merga saka saking angkarane.
Saiki sing arep tak suwunake pirsa marang nDika, banjur kadang-kadangku Cikal
Bakal saka Gunung Bancak biyen saiki padha ing ngendi dununge?".
Ki Pragosawulung kendel sakedhap, lajeng
mangsuli pitakenipun Darim mawi cariyos malih :
"Sing tak ngerteni biyen sing dadi
Demang ing Kedhungtuwung kene, sawuse Anggara masrahake marang Parepatan Cikal
Bakal jalaran wis genep limang tahun olehe ngayahi jejibahan dadi Demang, yaiku
Lampit, sawuse limang tahun banjur digenteni Demang Kartika, ya ing jamane
Demang Kartika kuwi Kademangan Kedhungtuwung nampa pidana saka Kanjeng Sultan
ing Pajang, jalaran jaman geger Pajang - Jipang, Ki Kartika didakwa melu
ndombani lan nyengkuyung Adipati Pangeran Arya Penangsang. Kamangka wektu kuwi,
paprangan antarane Jipang lan Pajeng wis suwe rampung lan Kelenggahan Raja
Tanah Jawa wis diregem dening Mas Karebet sing banjur jejuluk Sultan Adiwijaya lan
Kedhaton kaboyong ing Pajang. Nalika samana sing nggawa printah nibakne Pidana
mau priyagung Pajang sing pangkate Tumenggung jenenge Tumenggung Darumurti.
Mesthi wae Ki Kartika lan wong-wong Kedhungtuwung padha ora gelem nampa pidana,
merga pancen ora ngerti apa-apa nalikane kedadeyan perang antarane Jipang lan
Pajang. Nanging Tumenggung Darumurti ora idhep, Tumenggung sing nggawa-nggawa
jenenge wong tuwane sing aran Ki Ratasu, kuwi malah aweh pangincim yen Ki
Demang Kartika ora masrahne menungsa sing jeneng Darim utawa anak turune Darim,
Kademangan Kedhungtuwung arep diratakne klawan lemah. Wasanane pasulayan ora
bisa diendhani maneh, kedadeyan perang rame antarane Prajurit Pajang sing
dipandhegani dening Tumenggung Darumurti lumawan Prajurit Kademangan
Kedhungtuwung sing dipandhegani Ki Demang Kartika".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar